Selasa, 21 Juli 2026 Waosan : Galati 4 : 21 – 5 : 1 | Pamuji : KPJ. 351 ————————————————————————————————————————– “Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan.” (Ayat 1) KAMARDIKAN SAKING GUSTI Nalika taksih alit, kula asring ningali tiyang ngluku sawah ngangge kebo. Nalika ngluku, kebo punika dipun pasangi alat ingkang dipun wastani pasangan. Pasangan punika dipun pasang ing gulu kebo kalih supados kebo kalih punika saged mlampah sareng. Punika ugi dados sarana supados kebo punika saged mlampah manut pikajengipun bapak tani. Bilih dipun tingali, gesang kados kebo kalih punika kadosipun mboten sekeca karana mboten nggadah kebebasan. Sanadyan lampahipun leres ananging nyanggi momotan lan mboten nggadhah kebebasan. Mekaten gesangipun tiyang ingkang dereng mardika miturut seratipun Rasul Paulus ing Galati. Tiyang pitados ing kutha Galati punika maneka warni kawontenanipun, wonten tiyang Yahudi, tiyang Yunani, tiyang mardika lan ugi batur. Ananging ingkang dados masalah: tiyang Yahudi ndadosaken Torah minangka identitas ingkang utami. Dados bilih wonten tiyang ingkang mboten nindakaken Torah, punika lepat, mboten tetak punika ugi lepat. Lajeng tiyang Yunani lan sanesipun ingkang mboten nindakaken Torah kados tiyang ingkang lepat. Ing ngriki, Rasul Paulus ngengetaken bilih iman dhumateng Gusti Yesus Kristus punika mboten mbenten-bentenaken antawis tiyang ingkang ngugemi Torah utawi mboten, awit sadaya tiyang pitados katunggilaken ing Gusti Yesus. Punika dados prekawis ingkang wigati supados para tiyang pitados punika mardika, mboten gesang miturut Torah nanging srana iman pitados dhumateng Gusti Yesus lan nindakaken Sabdanipun. Wonten gesang kita ing wanci sapunika, kita asring taksih manggihi prekawis kados ing pasamuwan Galati. Kita gesang ing pasamuwan taksih wonten kelompok-kelompok ingkang mandeng pranatan dados ingkang paling penting, lajeng gesangipun namung hitam-putih, mboten dipun sarengi kaliyan katresnan. Taksih wonten tiyang Kristen ingkang nggadah pemanggih, “pokoke pitados Gusti Yesus, uripku bakal slamate,” nanging gesangipun taksih tebih saking karsanipun Gusti. Kita punika sampun dipun tebus, sampun mardika, mangga kita ginakaken kamardikan kita srana mbabaraken katresnan awit nindakaken katresnan punika wujud saos sokur kita dhumateng Gusti Yesus. Amin. [BWP]. “Samangkya kita mardika, rinuwat saking dosa, ngegungken bekti mring Gusti wah asih mring sesami.” (KPJ. 351)
KEKUATAN DI MASA SENJA
Senin, 20 Juli 2026 Bacaan : Nahum 1 : 1 – 13 | Pujian : KJ. 413 ————————————————————————————————————————- “TUHAN itu baik; tempat perlindungan pada waktu kesusahan; Ia memperhatikan orang-orang yang berlindung pada-Nya.” (Ayat 7) KEKUATAN DI MASA SENJA Masa senja sering dipandang sebagai masa yang menurun: tubuh tidak lagi sekuat dalu, ingatan tidak setajam dulu, dan langkah tidak secepat masa muda. Namun bagi orang percaya, masa senja bukanlah masa kehilangan makna, melainkan masa memperdalam iman dan pengharapan. Pekan Adi Yuswa mengajak kita untuk melihat kembali perjalanan hidup bersama Tuhan dan menemukan bahwa kekuatan sejati kita tidak pernah berasal dari diri sendiri, melainkan dari Allah yang setia. Oleh karena itu, di tengah segala keterbatasan kita, Tuhan tetap menjadi sumber kekuatan dan perlindungan kita. Kitab Nahum ditulis dalam konteks ancaman dan ketidakpastian. Bangsa Yehuda hidup dalam bayang-bayang kekuasaan Asyur yang menindas. Di tengah situasi itu, Nahum menyampaikan pesan tentang siapa Allah itu. Allah digambarkan sebagai Allah yang cemburu dan pembalas terhadap kejahatan, namun sekaligus Ia adalah Allah yang panjang sabar dan besar kuasa-Nya. Gambaran ini menegaskan bahwa dunia tidak dibiarkan berjalan tanpa arah; Ia tetap memegang kendali atas sejarah dan kehidupan umat-Nya. Ayat 7 menyebutkan, “TUHAN itu baik, Ia adalah tempat pengungsian pada waktu kesusahan, Ia mengenal orang-orang yang berlindung kepada-Nya.” Tentu ayat ini sangat bermakna dan memberi kekuatan. Setelah melewati begitu banyak musim kehidupan, sukacita dan duka, keberhasilan dan kegagalan, Tuhan menyatakan bahwa Ia mengenal setiap orang yang setia berlindung kepada-Nya. Tidak ada satu pun air mata, doa, atau perjuangan hidup yang luput dari perhatian-Nya. Nahum juga mengingatkan bahwa sejatinya kuasa manusia dan kekuatan duniawi ada batasnya. Musuh yang tampak besar dan menakutkan pada akhirnya akan berlalu. Sebaliknya, Tuhan yang kekal tetap teguh. Ini menjadi pengharapan bagi para adi yuswa. Ketika kekuatan fisik berkurang, iman justru semakin dikuatkan. Ketika peran-peran lama mungkin tidak lagi dijalani, kesaksian hidup yang setia menjadi berkat bagi generasi berikutnya. Di masa senja, Tuhan tidak meninggalkan umat-Nya. Ia tetap menjadi benteng, penghibur, dan sumber damai. Pekan Adi Yuswa saat ini mengajak kita untuk terus bersandar kepada Tuhan, sebab di dalam Dia ada kekuatan yang tidak pernah pudar sampai akhir kehidupan. Amin. [asen]. “Di masa senja, Tuhan tetap menjadi sumber kekuatan.”
SABOTASE
Minggu, 19 Juli 2026 Waosan : Mateus 13 : 24 – 30, 36 – 43 | Pamuji : KPJ. 115 ————————————————————————————————————————– ‘’Nanging nalika wong-wong padha turu kabeh, satrune teka nyebar wiji alang-alang ing tengahe gandum banjur lunga.’’ (Ayat 25) SABOTASE Menawi kita remen dhateng cariyos bab politik lan operasi intelejen, tamtu kita mangertos ukara “sabotase.” Ukara sabotase punika tegesipun tumindak ngrisak ingkang dipun lampahi sacara sengaja, karancang sacara sesidheman kangge ngawonaken mengsah. Sabotase punika saged kita panggihi kados ing babagan militer, politik, teknologi, ugi psikologi. Tujuanipun supados pihak mengsah nggadahi posisi ingkang lemah satemah gampil dipun kawonaken. Menawi mboten dipun sabotase tamtu pihak mengsah langkung kiyat satemah mboten saged dipun serang. Ningali tumindak ingkang makaten, kita tamtu sarujuk menawi sabotase punika lampah julig lan licik krana dipun lampahi sacara sesidheman. Waosan kita ing dinten punika nyariyosaken bab pasemonipun Gusti Yesus magepokan kaliyan tuwuhipun alang-alang ing satengahipun gandum. Swaunipun taneman karancang sae namung gandum kemawon, ananging krana wonten sabotase ing satengahing lampah, ndadosaken pategilan punika kaancam badhe risak lan gagal panen. Nemahi kahanan kados mekaten, kita saged ningali bentenipun sikep antawis bendara lan baturipun. Batur ingkang nggarap pategilan punika sami nggadahi pamanggih supados alang-alang punika enggal-enggal dipun bedholi, dene bendaranipun milih nengga ngantos wancinipun panen, nembe saged dipun pisah antawisipun alang-alang kaliyan gandum. (Ay. 30). Pranyata pilihan Sang Bendara punika langkung wicaksana krana mboten ndadosaken gandumipun risak sanadyan sampun kenging sabotase. Makaten ugi wonten ing salabeting gesang padintenan kita tamtu nate ngraosaken sabotase saking pihak-pihak tartamtu ingkang mboten remen kaliyan kita. Sadaya punika angkahipun supados kita risak. Menawi pilihan lampah gesang kita lepat, tamtu babdhe ndadosaken karisakan punika sansaya nemen. Ing ngriki kita kedah sabar lan ningali kahanan sacara lerem, masalah punika sekedhik mbaka sekedhik kita udari. Kita nyuwun kawicaksanan saking Gusti Allah supados saged namtokaken pilihan ingkang pas, miturut karsanipun Gusti, satemah kita saged ngrampungaken masalah kita punika. Sumangga kita tansah pitados lan sumendhe dhumateng Gusti awit namung Panjenenganipun ingkang tansah nganthi lan nulungi kita. Amin. [ADS].“Sumendhe dhumateng Gusti dados sumbering kakiyatan lan kawicaksanan.”
FIGUR BAPAK
Sabtu, 18 Juli 2026 Bacaan : Mazmur 86 : 11 – 17 | Pujian : KJ. 389 ————————————————————————————————————————– “Tetapi Engkau, ya Tuhan, Allah penyayang dan pengasih, panjang sabar dan berlimpah kasih dan setia.” (Ayat 15) FIGUR BAPAK Kidung Jemaat 389 bait satu dibuka dengan lirik sederhana namun sangat dalam: “Besarlah kasih Bapaku, selalu melingkupiku; di mana-mana diriku diasuh-Nya.” Bayangkan seorang anak kecil yang berjalan di tengah keramaian. Ia mungkin belum sepenuhnya paham arah tujuan. Namun ia berjalan dengan tenang karena tangannya digenggam erat oleh bapaknya. Anak itu tidak selalu melihat wajah bapaknya, tetapi ia merasakan kehadiran dan perlindungannya. Kasih Bapa yang digambarkan dalam lagu ini bukan kasih yang sesekali muncul, melainkan kasih yang selalu melingkupi. Allah tidak hanya hadir di saat umat-Nya beribadah, tetapi di setiap saat. Pada baris selanjutnya disebutkan, “Di mana-mana diriku diasuh-Nya”. Lirik menegaskan bahwa relasi Allah sebagai Bapak bersifat personal dan berkelanjutan. Lirik ini mengajak kita masuk ke dalam pengalaman iman yang sama bahwa kita hidup di dunia yang luas dan kadang membingungkan, tetapi kita dilingkupi oleh kasih Bapa Surgawi yang setia, yang tidak pernah melepaskan genggaman tangan-Nya. Mazmur 86:11–17 memperdalam pemahaman ini. Pemazmur memohon, “Tunjukkanlah jalan-Mu, ya TUHAN, supaya aku hidup menurut kebenaran-Mu.” Doa ini adalah doa seorang anak kepada Bapa yang rindu dibimbing, bukan sekadar ditolong. Di tengah tekanan ancaman dan kerapuhan, Pemazmur menyebut Tuhan Allah “pengasih dan penyayang, panjang sabar, dan berlimpah kasih dan setia.” Inilah figur bapa yang sejati: bukan bapa yang meniadakan penderitaan, tetapi bapa yang hadir untuk menguatkan anak-Nya melewati penderitaan. Ilustrasi lagu dan ungkapan Mazmur hari ini menjadi sangat relevan pada Pekan Adi Yuswa saat ini. Melalui KJ. 389 ini, kita diingatkan sebagai Adi Yuswa, setua apapun kita, tetap ada Allah yang menjadi Bapa kita. Di tengah dunia yang sering kehilangan figur bapak, baik karena luka keluarga, kekerasan, atau ketidakpedulian, Tuhan Allah adalah Bapa yang mengasihi kita. Ia kekal, tidak tergantikan oleh usia dan tidak dibatasi waktu. Karena itu, kita sebagai orang percaya, baik muda maupun lanjut usia, marilah kita hidup dalam pengharapan yang sama bahwa kita memiliki Bapa Sorgawi yang setia dan mengasihi kita untuk selama-lamanya. Amin. [YOPI]. “Bapak adalah cinta pertama bagi putrinya dan sahabat pertama bagi putranya.”
GONDHELANING GESANG
Jumat, 17 Juli 2026 Waosan : Yesaya 44 : 9 – 17 | Pamuji : KPJ. 123 ————————————————-———–————————————————————– “Wong kang gawe reca iku kabeh tanpa guna, sarta barang-barang kang disenengi iku ora ana paedahe. Kang nyembah reca iku padha ora ndeleng lan ora sumurup apa-apa, mulane bakal padha kawirangan.” (Ayat 9) GONDHELANING GESANG Ing lampah gesang kita sadinten-dinten, kita mbetahaken gondhelan ingkang kukuh supados gesang kita karaos ayem tentrem. Ananging, kadangkala gondhelan gesang kalawau mawujud dados brahala ing gesang kita. Contonipun kados: kalenggahan, bondo ndonya, kapinteran, lsp. Sanadyan sadaya punika saged paring wangsulan tumrap sadaya kahanan lan kabetahan gesang kita ananging menawi kita mboten waspada, sadaya gondhelan punika malah ndadosaken sesambetan kita kaliyan Gusti Allah malah sansaya tebih. Nabi Yesaya paring pameca tumrap bangsa Israel ingkang pitados dhateng kakuwataning reca. Sejatosipun reca punika kacipta dening tanganing manungsa, mboten nggadhahi daya kakiyatan, mboten saged ningali, mirengaken, ngraosaken, punapa malih badhe paring kawilujengan dhateng manungsa. Pitakenanipun, lajeng kenging punapa dipun sembah? Kangge nabi Yesaya, tiyang ingkang nyembah reca punika tiyang ingkang mboten wicaksana awit nyembah titahipun piyambak. Pramila sok sintena tiyang ingkang nyembah reca punika sejatosipun mboten wonten ginanipun awit piyambakipun mboten pitados dhumateng Gusti Allah. Miturut nabi Yesaya, ingkang kedah dipun sembah manungsa punika namung Gusti Allah ingkang nitahaken jagad raya lan saisinipun. Namung Gusti Allah ingkang ngrimati lan paring kawilujengan dhateng sadaya titah-Ipun. Dhawuhipun Gusti lumantar nabi Yesaya dinten punika dados pangatag lan pepenget kangge kita sadaya, sampun ngantos kita minangka umatipun Gusti kecalan kawicaksanan lan nyembah brahala. Sumangga kita niti priksa gesang kita, punapa kita taksih ngandelaken Gusti, punapa kita malah ngandelaken brahala ingkang mawujud kasugihan, kapintenan, kalenggahan kita? Saking ngriki, kita kedah mbikak manah lan pikiran kita, nyenyuwun kakiyatan lan kawicaksanan dhumateng Gusti supados kita dipun tebihaken saking mawarni-warni goda rencana ingkang saged ngrisak lan nebihaken sesambetan kita kaliyan Gusti. Mangga kita tansah pitados namung dhumateng Gusti Allah, awit namung Gusti Allah ingkang dados gondhelaning gesang kita ingkang sejati. Amin. [RAL]. “Ananging Kratoning Allah lan kasampurnane iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabeh bakal diparingake marang kowe.”
NGLAMPAHI KAYEKTEN NGASILAKEN WIT KAURIPAN
Rabu, 15 Juli 2026 Waosan : Wulang Bebasan 11 : 23 – 30 │ Pamuji : KPJ. 427 ————————————————————————————————————————– “Pituwase wong bener iku wit panguripan, sarta sapa kang wicaksana iku bisa narik atine wong.” (Ayat 30) NGLAMPAHI KAYEKTEN NGASILAKEN WIT KAURIPAN Kita mesthi nate mireng paribasan “becik ketitik ala ketara”. Artosipun tembung punika: tiyang ingkang nglampahi tumindhak becik bakal kabukti nanging tiyang ingkang nglampahi tumindhak ala bakal konangan. Bilih kita mireng paribasan punika, kita dipun ajak nglampahi tumindhak becik karana asilipun bakal becik, mboten namung kangge dhiri kita piyambak nanging kangge sesami kita. Nanging kasunyatanipun, tiyang ingkang ngupadi kasaenan ing gesangipun punika dereng tamtu nampi kasaenan ugi. Kadang kala tiyang punika malah paring piwales ingkang awon. Contonipun: dipun anggep mboten penting, dipun pandeng pados validasi utawi pangaken dhiri, lsp. Karana bab punika, kathah tiyang ingkang mboten nglampahi malih kasaenan ing gesangipun, malah-malah langkung miji gesang ingkang cuek, apatis, lan laku gesang ingkang tebih saking karsanipun Gusti. Waosan kita saking Wulang Bebasan 11:23-30 punika paring piwucal kangge kita bilih sinten ingkang andhum berkah, ngupaya kabecikan, gesangipun bener wonten ing ngarsanipun Gusti badhe pikantuk kabegjan lan kaluberan. Nanging sinten ingkang nglampahi tumindak ala, ngandelaken kasugihan, ngisruh marang brayatipun (Ay. 28-29), piyambakipun badhe ambruk lan gesangipun nekakaken bebendu (Ay. 23). Saben tiyang saged nglampahi kabecikan karana gesang lan imanipun ngoyot dhumateng Gusti. Gusti Allah ngandika, “Apa kang koktindakake iku tindakna kalawan terus ing batin kayadene kagem Gusti, ora kanggo manungsa.” (Kol. 3:23). Gesang ingkang ngupadi kabecikan punika nedhahaken kasetyan lan andhap asoring manah kangge dipun tuntun dening Gusti. Sumangga kita mboten bosen kangge nglampahi gesang ingkang kebak kasetyan lan kabecikan. Kita pitados, Gusti Allah tansah paring kakiyatan lan kasantosan ing pigesangan kita. Satemah gesang kita saged dados wit panguripan, dados berkah kangge sesami. Mangga kita saged migunani lan dados tuladha kangge sesami kita. Kita nglampahi gesang kita ing pepadhanging Gusti, satemah gesang kita tansah dipun tuntun lan dipun kanthi dening Gusti. Gusti tansah mberkahi kita. Amin. [GEA]. “Pituwase wong bener iku wit panguripan, sarta sapa kang wicaksana iku bisa narik atine wong.”
KASETYAN
Senin, 13 Juli 2026 Waosan : Kaimaman 26 : 3 – 20 | Pamuji : KPJ. 118 ————————————————————————————————————————- “Nanging ingsung bakal ana ing tengahira lan bakal dadi Allahira lan sira padha dadi umatingSun.” (Ayat 12) KASETYAN Bilih kita nggadhahi taneman wonten ing griya kita, tamtu saben dinten badhe kita rimati, kita sirami, kita resiki suketipun, lan kita rabuk supados taneman punika saged tuwuh lan ngedalaken woh ingkang sae. Kangge ngraosaken asil utawi woh saking taneman punika, kita kedah sabar lan setya anggenipun ngrimati. Kosok wangsulipun bilih kita mboten nate ngrimati taneman punika, mboten nate kita sirami, lan mboten nate kita rabuk, tamtu taneman punika mboten tuwuh punapa malih ngedalaken woh, malah saya dangu taneman punika badhe mati. Waosan kita saking Kaimaman 26:3-20 punika nyariosaken bab berkah lan kutuk. Kanggenipun umat ingkang setya tuhu dhumateng Gusti Allah, manut karsanipun Gusti, piyambakipun badhe kaparingan berkah saking Gusti. Berkah arupi woh asil olah tetanen, tentrem rahayu, menang saking mengsah, kaparingan anak lan wayah (Ay. 4-9). Umat ingkang gesangipun setya tuhu, nindakaken punapa ingkang dados tanggel jawabipun, Gusti Allah badhe paring pangrimatan ingkang sae dhateng gesangipun. Kosokwangsulipun, kanggenipun umat ingkang mboten setya lan nglirwakaken dawuh pangandikanipun Gusti Allah, piyambakipun badhe nampi paukuman lan kutuk. Paukuman punika kados: sakit, gagal panen, kawon saking mengsah, lan gesangipun mboten tentrem (Ay. 16-18). Ing pekan kebangunan wanita wekdal punika, cariyos tiyang ingkang setya ngrimati tetanemanipun lan cariyos bab berkah lan kutuk punika paring pepenget kangge kita mliginipun para wanita supados gesang ing kasetyan. Kasetyan punika saged kita wujudaken lumantar peran kita, sae wonten brayat minangka semah lan ibu, ing pasamuwan minangka majelising pasamuwan utawi pamong, lan ugi ing masyarakat minangka tiyang Kristen. Lumantar peran punika, kita mliginipun para wanita dados paseksinipun Gusti, martosaken Kratoning Allah dhateng sok sintena kemawon ing antawis kita. Sumangga ing pekan kebangunan wanita wekdal punika, kanthi kebak semangat, kita sadaya mliginipun para wanita makarya nindakaken ingkang dados peran kita kanthi setya. Kanthi punika gesang kita saged dipun raosaken lan migunani kangge sesami. Amin. [iv]. “Tansah setya ngrimati gesang, kangge nuwuhaken woh ingkang sae.”
MENYIANGI
Minggu, 12 Juli 2026 Bacaan : Matius 13 : 1 – 9, 18 – 23 │ Pujian : KJ. 447 ————————————————————————————————————————– “Siapa bertelinga, hendaklah ia mendengar!” (Ayat 9) MENYIANGI Kata menyiangi tentu tidak asing dalam dunia pertanian. Proses menyiangi ini dilakukan dengan tujuan supaya tumbuhan utama bisa tumbuh secara optimal. Penyiangan gulma pada tanaman padi sangat penting karena dapat meningkatkan hasil panen, mengurangi persaingan nutrisi, dan mencegah hama serta penyakit. Yesus memakai perumpamaan tentang penabur dan benih kepada para pendengar-Nya. Perumpamaan ini menarik, sederhana, dan mudah dipahami. Meskipun melalui perumpamaan membuat para pendengar-Nya harus mencari makna dari perumpamaan tersebut, justru hal itu lebih menancapkan pesan yang ingin Yesus sampaikan dan membuatnya selalu diingat. Perumpaan ini berkisah tentang seorang penabur yang hendak menaburkan benih di ladangnya (Ay. 3). Benih itu menjadi sia-sia karena jatuh ke tanah yang buruk: di pinggir jalan (Ay. 4), tanah yang keras (Ay. 5), dan di tengah semak duri (Ay.7). Benih-benih yang jatuh di tanah yang buruk tidak membuahkan hasil tetapi benih yang ditanam di tanah yang baik menghasilkan buah yang banyak. Mengapa hal itu terjadi? Apakah penaburnya berbeda? Tidak, penabur di empat tempat yang berbeda itu adalah orang yang sama (Ay. 1). Lalu, apakah benihnya berbeda? Tidak, benih yang ditabur itu sama, yaitu firman Tuhan. Bila penaburnya sama dan benihnya sama, lalu apa yang membuat perbedaan? Kesuburan tanah! Faktor kesuburan tanah merupakan faktor penentu yang sangat penting. Tuhan Yesus menyebutnya sebagai ”tanah yang baik” (Ay. 8), yaitu hati yang terbuka untuk menerima firman Tuhan. Tanah yang baik tidak akan menghasilkan apa-apa, jika tanah itu tidak ditaburi benih. Begitu pula hati yang baik tidak akan menghasilkan apa-apa jika padanya tidak ditaburi Firman Tuhan. Sebaliknya semak duri atau tumbuhan liar mudah sekali tumbuh sekalipun di tanah yang tidak subur, apalagi di tanah yang subur. Begitu juga dengan kenikmatan duniawi mudah sekali untuk tumbuh di hati kita. Karena itu, kita perlu menyiangi tanah hati kita, menghilangkan bebatuan dan semak ilalang yang ada di hati kita, sehingga tanah hati kita menjadi subur dan benih Firman Tuhan dapat tumbuh dengan baik di hati kita. Terlebih hidup kita menghasilkan buah kasih dan kebaikan yang dapat dinikmati dan dirasakan oleh orang lain di sekitar kita. Amin. [JJ]. “Sediakan tanah yang baik sehingga setiap benih Firman Tuhan dapat tertanam dan bertumbuh di hati kita!”
NGREMBAKA
Sabtu, 11 Juli 2026 Waosan : Jabur 65 : 9 – 13 │ Pamuji : KPJ. 21 ————————————————————————————————————————– “Paduka nuweni bumi saha Paduka paringi kaluberan, kalenipun Gusti Allah peres toyanipun, gandumipun Paduka cawisaken, inggih makaten punika anggen Paduka nyawisaken sadaya-sadayanipun.” (Ayat 10) NGREMBAKA Wonten tembung ingkang makaten: “Tiyang estri nalika taksih nem ngrembaka pikiranipun, nanging nalika sampun sesemahan ngrembaka raganipun.” Punika pemanggihipun masyarakat ingkang asring kita mirengaken ing pigesangan. Lumantar tembung punika ngetingalaken bilih lampah gesangipun tiyang estri punika benten, antawisipun nalika taksih enem kaliyan sampun kagungan garwa. Nalika taksih enem fokus ingkang utami inggih punika ngupadi kapinteran, pendidikan, cita-cita, ugi gesang srawung kaliyan rencang-rencangipun. Nanging nalika sampun sesemahan ingkang dados fokusipun mboten namung kangge dhirinipun piyambak nanging kangge gesang sesarengan, ngrimat semah lan putra. Lampahipun gesang ingkang benten punika, sadaya berkah saking Gusti. Kados dene sabda pangandikanipun Gusti Allah ing kitab Jabur, ingkang ngetingalaken bilih Gusti Allah paring pangrimatan dhateng jagad raya. Gusti Allah paring berkah, ngrimati jagad ingkang dados papan kita ngupadi berkah saben dinten. Berkah ingkang dipun gambaraken lumantar toya ingkang luber lan gandum ingkang dipun cawisaken, punika wujud berkahipun Gusti ingkang luber wonten gesang kita. Nalika Gusti Allah nitahaken manungsa ing donya, Gusti Allah nyawisaken sadaya kabetahan manungsa lumantar bumi saha titahipun Gusti sanesipun. Sadaya punika dados wujud pangrimatanipun Gusti Allah dhateng para manungsa, salah satunggalipun tiyang estri. Saderengipun RA. Kartini mujudaken emanisipasi wanita, tiyang estri namung dados kanca wingking. Nanging jaman berkembang, satemah tiyang estri sapunika mboten namung dados kanca wingking. Kathah sarana kagem mujudaken cita-cita lan pangajeng-ajeng para tiyang estri. Mekaten ugi GKJW, saben taun kita mengeti “Pekan Kebangunan Wanita”. Sadaya punika dados wujud nyata bilih tiyang estri nggadah kesempatan kangge ngrembaka, mboten namung “badan” kemawon nanging ugi kawruh. Pramila, nalika taksih wonten kesempatan sumangga kita ginakaken kanthi suka bingah, satemah lampah gesang kita saestu ngrembaka ing manah lan laku. Amin. [CDS]. “Gesang punika kesempatan kangge kita makarya nuwuhaken kasaenan.”
DITEMPA BUKAN DITINGGALKAN
Jumat, 10 Juli 2026 Bacaan : Yesaya 48 : 6 – 11 | Pujian : PKJ. 289 ————————————————————————————————————————– “Sesungguhnya, Aku telah memurnikan engkau, tetapi tidak seperti perak, Aku telah menguji engkau dalam perapian kesengsaraan.” (Ayat 10) DITEMPA BUKAN DITINGGALKAN Api bisa menghancurkan, tetapi api juga bisa memurnikan. Seorang pandai besi menaruh logam ke dalam perapian bukan untuk merusaknya, melainkan supaya logam itu cukup lentur untuk dibentuk menjadi sesuatu yang berguna. Proses itu tentu tidak nyaman, panas, berisik, dan melelahkan. Namun tanpa api yang panas, logam akan tetap keras. Demikian pula kehidupan keluarga. Kita sering membayangkan keluarga sebagai tempat paling aman dan tenang, tetapi kenyataannya keluarga juga bisa menjadi ruang paling menantang: ada perbedaan pendapat, ada kekecewaan, ada pergumulan, dan ada luka yang tidak selalu mudah dan cepat disembuhkan. Namun justru di situlah proses pembentukan terjadi. Dalam Yesaya 48:10, Tuhan berkata kepada umat-Nya, “Aku telah menguji engkau dalam perapian kesengsaraan.” Umat Israel sedang berada dalam penderitaan akibat ketidaktaatan mereka, namun Tuhan tidak membiarkan mereka binasa. Ia menahan murka-Nya dan memilih proses pemurnian (Ay. 9-10). Pengujian ini menunjukkan bahwa Tuhan tidak menyerah terhadap umat-Nya, sekalipun mereka berkali-kali gagal setia. Perapian menjadi cara Tuhan untuk menyingkapkan siapa mereka sesungguhnya. Perapian kesengsaraan bukan tanda penolakan, melainkan tanda bahwa Tuhan masih menganggap umat-Nya itu berharga. Tuhan tidak memurnikan seperti perak yang dilebur habis, tetapi menguji agar iman mereka diteguhkan dan relasi dengan-Nya kembali dipulihkan. Di balik panasnya penderitaan, ada tujuan yang indah, yaitu membentuk umat yang setia dan mengenal kehendak Tuhan. Firman Tuhan hari ini menolong kita memandang keluarga dengan kacamata iman. Tidak ada keluarga yang sempurna karena semuanya terdiri dari manusia yang tidak sempurna. Yang ada adalah keluarga yang sedang diuji dalam perapian. Konflik, pergumulan, kata-kata yang menyakitkan bukanlah tanda kegagalan dalam keluarga, melainkan kesempatan untuk bertumbuh dalam kasih, kesabaran, dan pengampunan. Bulan Keluarga mengajak kita bertahan di dalam proses itu. Percayalah bahwa Tuhan hadir dan bekerja di tengah panasnya kehidupan keluarga. Ketika keluarga mau membuka diri dibentuk oleh Tuhan, meski lewat jalan yang tidak mudah, di situlah Tuhan hadir. Mari kita setia berjalan bersama Tuhan, hingga perapian itu menghasilkan keluarga yang semakin matang, rendah hati, dan memuliakan nama-Nya. Amin. [kila]. “Keluarga dibentuk oleh kesetiaan dalam proses, bukan hasil instan.”
