Kamis, 16 Juli 2026Bacaan : Ibrani 2 : 1 – 9 | Pujian : KJ. 453 ————————————————————————————————————————– “Karena itu kita harus lebih teliti memperhatikan apa yang telah kita dengar, supaya kita jangan hanyut dibawa arus.” (Ayat 1) SETIA BERPEGANG SAMPAI AKHIR Pada usia yang semakin bertambah, seseorang memiliki banyak cerita hidup. Ada kisah keberhasilan, kegagalan, sukacita, namun juga ada pergumulan panjang yang dilewati. Dalam perjalanan hidup yang panjang itu, tidak jarang iman pun mengalami pasang surut. Ada kalanya semangat mengikut Tuhan begitu kuat, namun ada juga saat-saat di mana iman terasa lemah dan hampir hanyut oleh keadaan. Pekan Adi Yuswa mengingatkan kita bahwa kesetiaan kepada Tuhan bukan hanya soal awal yang baik, tetapi tentang bertahan sampai akhir dengan penuh iman. Penulis surat Ibrani mengingatkan jemaat agar lebih teliti memperhatikan apa yang telah mereka dengar, supaya mereka tidak hanyut terbawa arus dunia. Firman ini menegaskan bahwa iman perlu terus dipelihara. Keselamatan yang dikerjakan Allah melalui Yesus Kristus adalah anugerah yang besar. Yesus, yang untuk sementara dibuat lebih rendah dari malaikat, rela menderita dan mati bagi manusia, supaya kita memperoleh hidup. Kasih dan karya-Nya begitu nyata dan tidak tergantikan oleh apa pun. Bagi para adi yuswa dan kita semua, firman Tuhan hari ini menjadi panggilan kita untuk tetap setia berpegang pada Tuhan. Kesetiaan bukan berarti hidup tanpa masalah, tetapi memilih tetap percaya dan bersandar kepada Tuhan dalam segala keadaan. Satya bhakti t’rusing Gusti mengajak kita untuk tidak melepaskan iman kita pada Kristus. Meskipun tubuh melemah dan usia bertambah, justru dalam keterbatasan itulah, kasih karunia Allah dinyatakan semakin sempurna. Dalam kehidupan kita sehari-hari, kesetiaan itu dapat kita wujudkan melalui sikap sederhana, seperti: tetap setia berdoa, membaca Firman Tuhan, hadir dalam persekutuan, serta menjadi teladan iman bagi anak, cucu, dan lingkungan sekitar kita. Pengalaman hidup yang panjang dapat menjadi kesaksian yang nyata akan kesetiaan Tuhan yang tidak pernah berubah dalam hidup kita. Kiranya para adi yuswa dan kita semua semakin diteguhkan untuk setia sampai akhir, tidak hanyut oleh arus dunia, dan terus melekat erat kepada Kristus, Sang Sumber Keselamatan kita. Amin. [YNW]. “Kesetiaan kepada Tuhan di masa tua adalah kesaksian iman yang paling indah bagi generasi berikutnya.”
NGLAMPAHI KAYEKTEN NGASILAKEN WIT KAURIPAN
Rabu, 15 Juli 2026 Waosan : Wulang Bebasan 11 : 23 – 30 │ Pamuji : KPJ. 427 ————————————————————————————————————————– “Pituwase wong bener iku wit panguripan, sarta sapa kang wicaksana iku bisa narik atine wong.” (Ayat 30) NGLAMPAHI KAYEKTEN NGASILAKEN WIT KAURIPAN Kita mesthi nate mireng paribasan “becik ketitik ala ketara”. Artosipun tembung punika: tiyang ingkang nglampahi tumindhak becik bakal kabukti nanging tiyang ingkang nglampahi tumindhak ala bakal konangan. Bilih kita mireng paribasan punika, kita dipun ajak nglampahi tumindhak becik karana asilipun bakal becik, mboten namung kangge dhiri kita piyambak nanging kangge sesami kita. Nanging kasunyatanipun, tiyang ingkang ngupadi kasaenan ing gesangipun punika dereng tamtu nampi kasaenan ugi. Kadang kala tiyang punika malah paring piwales ingkang awon. Contonipun: dipun anggep mboten penting, dipun pandeng pados validasi utawi pangaken dhiri, lsp. Karana bab punika, kathah tiyang ingkang mboten nglampahi malih kasaenan ing gesangipun, malah-malah langkung miji gesang ingkang cuek, apatis, lan laku gesang ingkang tebih saking karsanipun Gusti. Waosan kita saking Wulang Bebasan 11:23-30 punika paring piwucal kangge kita bilih sinten ingkang andhum berkah, ngupaya kabecikan, gesangipun bener wonten ing ngarsanipun Gusti badhe pikantuk kabegjan lan kaluberan. Nanging sinten ingkang nglampahi tumindak ala, ngandelaken kasugihan, ngisruh marang brayatipun (Ay. 28-29), piyambakipun badhe ambruk lan gesangipun nekakaken bebendu (Ay. 23). Saben tiyang saged nglampahi kabecikan karana gesang lan imanipun ngoyot dhumateng Gusti. Gusti Allah ngandika, “Apa kang koktindakake iku tindakna kalawan terus ing batin kayadene kagem Gusti, ora kanggo manungsa.” (Kol. 3:23). Gesang ingkang ngupadi kabecikan punika nedhahaken kasetyan lan andhap asoring manah kangge dipun tuntun dening Gusti. Sumangga kita mboten bosen kangge nglampahi gesang ingkang kebak kasetyan lan kabecikan. Kita pitados, Gusti Allah tansah paring kakiyatan lan kasantosan ing pigesangan kita. Satemah gesang kita saged dados wit panguripan, dados berkah kangge sesami. Mangga kita saged migunani lan dados tuladha kangge sesami kita. Kita nglampahi gesang kita ing pepadhanging Gusti, satemah gesang kita tansah dipun tuntun lan dipun kanthi dening Gusti. Gusti tansah mberkahi kita. Amin. [GEA]. “Pituwase wong bener iku wit panguripan, sarta sapa kang wicaksana iku bisa narik atine wong.”
SEGELAS SUSU
Selasa, 14 Juli 2026 Bacaan : Efesus 4 : 17 – 5 : 2 | Pujian : KJ. 370 ————————————————————————————————————————– “… supaya kamu dibarui di dalam roh dan pikiranmu, dan mengenakan manusia baru, yang telah diciptakan menurut kehendak Allah di dalam kebenaran dan kekudusan yang sesungguhnya.” (Ayat 23-24) SEGELAS SUSU Pagi itu, seorang ibu memarahi anaknya hanya karena segelas susu jatuh dan tumpah di lantai. Suara si ibu meninggi bukan semata-mata karena susu itu, melainkan karena tubuhnya sudah kehabisan tenaga, pikirannya penuh, dan hatinya lama menahan lelah! Sejak pagi buta si ibu belum berhenti bergerak: menyiapkan sarapan, membereskan rumah, dan menahan kesal pada suaminya yang tidak peka. Ketika susu itu tumpah, yang pecah bukan hanya gelas namun sisa kesabarannya! Ia membentak, pintu dibanting, lalu duduk di dapur dengan dada sesak dan mata basah. Dalam hati ia berbisik, “Tuhan, aku lelah begini terus.” Di momen itu ia sadar bahwa ini bukan soal anak ceroboh, ini soal dirinya yang lelah sampai kehilangan kendali. Cerita segelas susu yang tumpah menjadi menarik ketika diperjumpakan dengan Efesus 4:17–5:2. Paulus tidak menyalahkan keadaan, tetapi membongkar akar masalah: cara hidup lama yang dikuasai ego dan emosi. Manusia lama itu reaktif, defensif, dan gampang meledak. Karena itu pesannya jelas: tanggalkan manusia lama! Jangan simpan amarah. Jangan biarkan kata-kata melukai. Jangan memelihara kepahitan! Ia menohok tanpa basa-basi: Iman yang tidak mengubah cara kita bereaksi dalam keseharian adalah iman yang mati. Lalu Paulus menaikkan standar, ukurannya bukan “wajar aku marah”, tetapi “aku meniru Kristus atau tidak?” Kristus mengasihi dengan menyerahkan diri-Nya, bukan dengan melampiaskan emosi lalu menyesal. Artinya jelas pertumbuhan iman bukan sekadar soal makin rajin ibadah, tetapi cepat berhenti saat mau meledak, berani meminta maaf, dan serius memutus pola lama. Jika respons selalu sama setiap kali lelah, itu tanda bahwa pertumbuhan iman kita belum terjadi. Di sinilah dapur berubah menjadi “altar kecil”. Peristiwa susu tumpah menjadi cermin: “Apakah aku terus membiarkan manusia lama memimpin keseharianku, ataukah aku mau mengenakan manusia baru?” Pertumbuhan bukan tentang menjadi yang “ideal”. Pertumbuhan adalah tentang keberanian menanggalkan pola hidup lama dan memilih hidup baru, yang lebih terkendali, lebih rendah hati, dan lebih rela berkorban. Di situlah keindahan sejati lahir, bukan dari kesempurnaan, melainkan dari perbaikan hidup yang diulang setiap hari. Amin. [vena]. “Di sela kejadian dan reaksi, Tuhan memberi kita jeda – di situlah iman diuji dan kasih dipilih.”
KASETYAN
Senin, 13 Juli 2026 Waosan : Kaimaman 26 : 3 – 20 | Pamuji : KPJ. 118 ————————————————————————————————————————- “Nanging ingsung bakal ana ing tengahira lan bakal dadi Allahira lan sira padha dadi umatingSun.” (Ayat 12) KASETYAN Bilih kita nggadhahi taneman wonten ing griya kita, tamtu saben dinten badhe kita rimati, kita sirami, kita resiki suketipun, lan kita rabuk supados taneman punika saged tuwuh lan ngedalaken woh ingkang sae. Kangge ngraosaken asil utawi woh saking taneman punika, kita kedah sabar lan setya anggenipun ngrimati. Kosok wangsulipun bilih kita mboten nate ngrimati taneman punika, mboten nate kita sirami, lan mboten nate kita rabuk, tamtu taneman punika mboten tuwuh punapa malih ngedalaken woh, malah saya dangu taneman punika badhe mati. Waosan kita saking Kaimaman 26:3-20 punika nyariosaken bab berkah lan kutuk. Kanggenipun umat ingkang setya tuhu dhumateng Gusti Allah, manut karsanipun Gusti, piyambakipun badhe kaparingan berkah saking Gusti. Berkah arupi woh asil olah tetanen, tentrem rahayu, menang saking mengsah, kaparingan anak lan wayah (Ay. 4-9). Umat ingkang gesangipun setya tuhu, nindakaken punapa ingkang dados tanggel jawabipun, Gusti Allah badhe paring pangrimatan ingkang sae dhateng gesangipun. Kosokwangsulipun, kanggenipun umat ingkang mboten setya lan nglirwakaken dawuh pangandikanipun Gusti Allah, piyambakipun badhe nampi paukuman lan kutuk. Paukuman punika kados: sakit, gagal panen, kawon saking mengsah, lan gesangipun mboten tentrem (Ay. 16-18). Ing pekan kebangunan wanita wekdal punika, cariyos tiyang ingkang setya ngrimati tetanemanipun lan cariyos bab berkah lan kutuk punika paring pepenget kangge kita mliginipun para wanita supados gesang ing kasetyan. Kasetyan punika saged kita wujudaken lumantar peran kita, sae wonten brayat minangka semah lan ibu, ing pasamuwan minangka majelising pasamuwan utawi pamong, lan ugi ing masyarakat minangka tiyang Kristen. Lumantar peran punika, kita mliginipun para wanita dados paseksinipun Gusti, martosaken Kratoning Allah dhateng sok sintena kemawon ing antawis kita. Sumangga ing pekan kebangunan wanita wekdal punika, kanthi kebak semangat, kita sadaya mliginipun para wanita makarya nindakaken ingkang dados peran kita kanthi setya. Kanthi punika gesang kita saged dipun raosaken lan migunani kangge sesami. Amin. [iv]. “Tansah setya ngrimati gesang, kangge nuwuhaken woh ingkang sae.”
MENYIANGI
Minggu, 12 Juli 2026 Bacaan : Matius 13 : 1 – 9, 18 – 23 │ Pujian : KJ. 447 ————————————————————————————————————————– “Siapa bertelinga, hendaklah ia mendengar!” (Ayat 9) MENYIANGI Kata menyiangi tentu tidak asing dalam dunia pertanian. Proses menyiangi ini dilakukan dengan tujuan supaya tumbuhan utama bisa tumbuh secara optimal. Penyiangan gulma pada tanaman padi sangat penting karena dapat meningkatkan hasil panen, mengurangi persaingan nutrisi, dan mencegah hama serta penyakit. Yesus memakai perumpamaan tentang penabur dan benih kepada para pendengar-Nya. Perumpamaan ini menarik, sederhana, dan mudah dipahami. Meskipun melalui perumpamaan membuat para pendengar-Nya harus mencari makna dari perumpamaan tersebut, justru hal itu lebih menancapkan pesan yang ingin Yesus sampaikan dan membuatnya selalu diingat. Perumpaan ini berkisah tentang seorang penabur yang hendak menaburkan benih di ladangnya (Ay. 3). Benih itu menjadi sia-sia karena jatuh ke tanah yang buruk: di pinggir jalan (Ay. 4), tanah yang keras (Ay. 5), dan di tengah semak duri (Ay.7). Benih-benih yang jatuh di tanah yang buruk tidak membuahkan hasil tetapi benih yang ditanam di tanah yang baik menghasilkan buah yang banyak. Mengapa hal itu terjadi? Apakah penaburnya berbeda? Tidak, penabur di empat tempat yang berbeda itu adalah orang yang sama (Ay. 1). Lalu, apakah benihnya berbeda? Tidak, benih yang ditabur itu sama, yaitu firman Tuhan. Bila penaburnya sama dan benihnya sama, lalu apa yang membuat perbedaan? Kesuburan tanah! Faktor kesuburan tanah merupakan faktor penentu yang sangat penting. Tuhan Yesus menyebutnya sebagai ”tanah yang baik” (Ay. 8), yaitu hati yang terbuka untuk menerima firman Tuhan. Tanah yang baik tidak akan menghasilkan apa-apa, jika tanah itu tidak ditaburi benih. Begitu pula hati yang baik tidak akan menghasilkan apa-apa jika padanya tidak ditaburi Firman Tuhan. Sebaliknya semak duri atau tumbuhan liar mudah sekali tumbuh sekalipun di tanah yang tidak subur, apalagi di tanah yang subur. Begitu juga dengan kenikmatan duniawi mudah sekali untuk tumbuh di hati kita. Karena itu, kita perlu menyiangi tanah hati kita, menghilangkan bebatuan dan semak ilalang yang ada di hati kita, sehingga tanah hati kita menjadi subur dan benih Firman Tuhan dapat tumbuh dengan baik di hati kita. Terlebih hidup kita menghasilkan buah kasih dan kebaikan yang dapat dinikmati dan dirasakan oleh orang lain di sekitar kita. Amin. [JJ]. “Sediakan tanah yang baik sehingga setiap benih Firman Tuhan dapat tertanam dan bertumbuh di hati kita!”
NGREMBAKA
Sabtu, 11 Juli 2026 Waosan : Jabur 65 : 9 – 13 │ Pamuji : KPJ. 21 ————————————————————————————————————————– “Paduka nuweni bumi saha Paduka paringi kaluberan, kalenipun Gusti Allah peres toyanipun, gandumipun Paduka cawisaken, inggih makaten punika anggen Paduka nyawisaken sadaya-sadayanipun.” (Ayat 10) NGREMBAKA Wonten tembung ingkang makaten: “Tiyang estri nalika taksih nem ngrembaka pikiranipun, nanging nalika sampun sesemahan ngrembaka raganipun.” Punika pemanggihipun masyarakat ingkang asring kita mirengaken ing pigesangan. Lumantar tembung punika ngetingalaken bilih lampah gesangipun tiyang estri punika benten, antawisipun nalika taksih enem kaliyan sampun kagungan garwa. Nalika taksih enem fokus ingkang utami inggih punika ngupadi kapinteran, pendidikan, cita-cita, ugi gesang srawung kaliyan rencang-rencangipun. Nanging nalika sampun sesemahan ingkang dados fokusipun mboten namung kangge dhirinipun piyambak nanging kangge gesang sesarengan, ngrimat semah lan putra. Lampahipun gesang ingkang benten punika, sadaya berkah saking Gusti. Kados dene sabda pangandikanipun Gusti Allah ing kitab Jabur, ingkang ngetingalaken bilih Gusti Allah paring pangrimatan dhateng jagad raya. Gusti Allah paring berkah, ngrimati jagad ingkang dados papan kita ngupadi berkah saben dinten. Berkah ingkang dipun gambaraken lumantar toya ingkang luber lan gandum ingkang dipun cawisaken, punika wujud berkahipun Gusti ingkang luber wonten gesang kita. Nalika Gusti Allah nitahaken manungsa ing donya, Gusti Allah nyawisaken sadaya kabetahan manungsa lumantar bumi saha titahipun Gusti sanesipun. Sadaya punika dados wujud pangrimatanipun Gusti Allah dhateng para manungsa, salah satunggalipun tiyang estri. Saderengipun RA. Kartini mujudaken emanisipasi wanita, tiyang estri namung dados kanca wingking. Nanging jaman berkembang, satemah tiyang estri sapunika mboten namung dados kanca wingking. Kathah sarana kagem mujudaken cita-cita lan pangajeng-ajeng para tiyang estri. Mekaten ugi GKJW, saben taun kita mengeti “Pekan Kebangunan Wanita”. Sadaya punika dados wujud nyata bilih tiyang estri nggadah kesempatan kangge ngrembaka, mboten namung “badan” kemawon nanging ugi kawruh. Pramila, nalika taksih wonten kesempatan sumangga kita ginakaken kanthi suka bingah, satemah lampah gesang kita saestu ngrembaka ing manah lan laku. Amin. [CDS]. “Gesang punika kesempatan kangge kita makarya nuwuhaken kasaenan.”
DITEMPA BUKAN DITINGGALKAN
Jumat, 10 Juli 2026 Bacaan : Yesaya 48 : 6 – 11 | Pujian : PKJ. 289 ————————————————————————————————————————– “Sesungguhnya, Aku telah memurnikan engkau, tetapi tidak seperti perak, Aku telah menguji engkau dalam perapian kesengsaraan.” (Ayat 10) DITEMPA BUKAN DITINGGALKAN Api bisa menghancurkan, tetapi api juga bisa memurnikan. Seorang pandai besi menaruh logam ke dalam perapian bukan untuk merusaknya, melainkan supaya logam itu cukup lentur untuk dibentuk menjadi sesuatu yang berguna. Proses itu tentu tidak nyaman, panas, berisik, dan melelahkan. Namun tanpa api yang panas, logam akan tetap keras. Demikian pula kehidupan keluarga. Kita sering membayangkan keluarga sebagai tempat paling aman dan tenang, tetapi kenyataannya keluarga juga bisa menjadi ruang paling menantang: ada perbedaan pendapat, ada kekecewaan, ada pergumulan, dan ada luka yang tidak selalu mudah dan cepat disembuhkan. Namun justru di situlah proses pembentukan terjadi. Dalam Yesaya 48:10, Tuhan berkata kepada umat-Nya, “Aku telah menguji engkau dalam perapian kesengsaraan.” Umat Israel sedang berada dalam penderitaan akibat ketidaktaatan mereka, namun Tuhan tidak membiarkan mereka binasa. Ia menahan murka-Nya dan memilih proses pemurnian (Ay. 9-10). Pengujian ini menunjukkan bahwa Tuhan tidak menyerah terhadap umat-Nya, sekalipun mereka berkali-kali gagal setia. Perapian menjadi cara Tuhan untuk menyingkapkan siapa mereka sesungguhnya. Perapian kesengsaraan bukan tanda penolakan, melainkan tanda bahwa Tuhan masih menganggap umat-Nya itu berharga. Tuhan tidak memurnikan seperti perak yang dilebur habis, tetapi menguji agar iman mereka diteguhkan dan relasi dengan-Nya kembali dipulihkan. Di balik panasnya penderitaan, ada tujuan yang indah, yaitu membentuk umat yang setia dan mengenal kehendak Tuhan. Firman Tuhan hari ini menolong kita memandang keluarga dengan kacamata iman. Tidak ada keluarga yang sempurna karena semuanya terdiri dari manusia yang tidak sempurna. Yang ada adalah keluarga yang sedang diuji dalam perapian. Konflik, pergumulan, kata-kata yang menyakitkan bukanlah tanda kegagalan dalam keluarga, melainkan kesempatan untuk bertumbuh dalam kasih, kesabaran, dan pengampunan. Bulan Keluarga mengajak kita bertahan di dalam proses itu. Percayalah bahwa Tuhan hadir dan bekerja di tengah panasnya kehidupan keluarga. Ketika keluarga mau membuka diri dibentuk oleh Tuhan, meski lewat jalan yang tidak mudah, di situlah Tuhan hadir. Mari kita setia berjalan bersama Tuhan, hingga perapian itu menghasilkan keluarga yang semakin matang, rendah hati, dan memuliakan nama-Nya. Amin. [kila]. “Keluarga dibentuk oleh kesetiaan dalam proses, bukan hasil instan.”
NYUMEREPI LAJENG NGLAMPAHI
Kamis, 09 Juli 2026 Waosan : Rum 2 : 12 – 16 | Pamuji : KPJ. 441 ————————————————————————————————————————– “Manawa bangsa-bangsa liya kang ora nduweni angger-anggering Toret marga saka prentuling atine dhewe nglakoni apa kang kamot ing angger-anggering Toret, wong-wong iku mau kang dadi angger-anggering Toret tumrap awake dhewe…..” (Ayat 14) NYUMEREPI LAJENG NGLAMPAHI Bab nyumerepi lan nglampahi punika prekawis ingkang benten. Sacara biologis, bab pangertosan lan keputusan manungsa punika dipun proses ing sajroning perangan otak. Satemah, kita saged nyumerepi bab punapa ingkang leres lan sae, nanging dereng tamtu kita purun lan saged nglampahi bab punika ing sajroning pigesangan kita. Sadaya punika saged kadadosan amargi kathah prekawis sanes ingkang paring pengaruh tumraping kita manungsa nalika nemtokaken punapa ingkang dados laku pigesangan. Waosan kita ing dinten punika paring pepenget ing bab punika. Para pandherekipun Gusti ing kutha Rum nggadhahi pergumulan bab sinten ingkang langkung sae lan leres ing ngarsanipun Gusti? Punapa tiyang ingkang nggadhahi angger-angger Toret punika langkung sae tinimbang bangsa sanes? Ningali kahanan ingkang mekaten, Rasul Paulus paring pepenget kanthi wicaksana. Piyambakipun nedahaken bilih ingkang utami punika sanes bab sinten ingkang nggadhahi angger-angger Toret utawi mboten, nanging bab sinten ingkang purun nglampahi angger-angger punika ing sajroning gesangipun. Sadaya bangsa, Yahudi utawi non-Yahudi ajinipun sami ing ngarsanipun Gusti Allah, ingkang dados pambeda inggih punika sinten ingkang setya tuhu purun lan saged nglampahi punapa ingkang dados karsanipun Gusti ing laku gesang padintenanipun. Asring ing satengahing pigesangan kita, kita sampun nyumerepi punapa ingkang dados karsanipun Gusti. Kita ugi sampun mangertosi maneka werna angger-angger ingkang dados katetepaning Gusti. Kita tansah nyinaoni bab punapa kemawon ingkang leres lan sae. Nanging asring sacara kamanungsan, kita nggadhahi maneka werna panimbang, kawinatesan kakiyatan, karingkihan ing maneka werna kahanan, satemah kita dereng saged nglampahi laku gesang ingkang cunduk kaliyan karsanipun Gusti punika. Waosan kita ing dinten punika, paring pangatag dhateng kita sami supados kita netepi karsanipun Gusti. Mangga ing kahanan ingkang mbingahaken utawi kahanan ingkang awrat, kita tansah setya tuhu paring kautaman bab nglampahi angger-anggeripun Gusti ing maneka werna laku pigesangan kita. Amin. [xie]. “Wong jujur tulus ing lampah, tansah rinoban berkah.”
IKAT PINGGANG KESAYANGAN TUHAN
Rabu, 08 Juli 2026 Bacaan : Yeremia 13 : 1 – 11 | Pujian : KJ. 309 ————————————————————-————————————————————- “Sebab, sama seperti ikat pinggang melekat pada pinggang seseorang, demikianlah tadinya segenap kaum Israel dan kaum Yehuda Kulekatkan kepada-Ku, demikianlah firman TUHAN, …” (Ayat 11) IKAT PINGGANG KESAYANGAN TUHAN Namanya ikat pinggang pasti tempatnya melekat pada pinggang, bukan di kepala atau di kaki. Dalam kekristenan, ikat pinggang adalah simbol kesetiaan dan pengabdian. Fungsi utama ikat pinggang bukan sekadar sebagai aksesoris penghias pinggang, melainkan harus melekat erat agar benar-benar berguna. Sama halnya dengan diri kita, kegunaan dan nilai diri kita sangat ditentukan kepada siapa kita melekat. Tanpa “Sang Pemakai”, seindah dan semahal apa pun ikat pinggang itu, ia hanyalah selembar kain yang tidak memiliki fungsi apa-apa. Yeremia 13:1-11 menyoroti bagaimana Tuhan memerintahkan Yeremia membeli ikat pinggang dari kain lenan. Dalam tradisi Israel, lenan adalah bahan kelas satu yang sangat berharga dan biasanya hanya dipakai oleh keluarga kerajaan. Ikat pinggang ini adalah simbol umat Israel sebagai umat pilihan yang sangat bernilai di mata Allah. Namun, ketika umat Israel mulai congkak, keras kepala, menjauh, terlebih mendua hati, seperti ikat pinggang yang dilepas dan disembunyikan di celah bukit batu maka hidup mereka berubah menjadi lapuk, rusak, dan sama sekali tidak berguna. Hal ini menggambarkan kondisi Israel yang sedang “sakit” secara rohani. Mereka merasa sehat padahal mereka sedang menuju kehancuran karena lebih memilih melekat pada berhala dan keinginan diri sendiri daripada melekat erat pada Tuhan. Kehidupan kita pada masa kini seringkali tidak jauh berbeda dari kehidupan umat Israel. Kita menyandang status Kristen, namun cara hidup kita seringkali tidak mencerminkan Sang Kristus. Kita rajin beribadah, namun hati kita tetap “wangkot” (keras kepala) dan mendua terhadap Firman Tuhan. Di sini kita harus sadar bahwa kita adalah “Ikat Pinggang Kesayangan Tuhan” yang telah ditebus dengan harga yang mahal. Jangan pernah mencoba melepaskan diri dari Tuhan, sebab jauh dari Tuhan hanya akan membuat hidup kita lapuk, hancur, dan sia-sia, seperti kain yang terkubur di celah bukit batu. Mari kita tanggalkan keangkuhan dan bebaskan hati kita dari segala kedegilan. Kembalilah melekat erat pada pinggang Tuhan agar hidup kita tetap berharga dan berguna bagi kemuliaan-Nya! Amin. [tma]. “Tuhan tidak mencari yang hebat, Ia mencari yang mau tetap melekat.”
PRASETYANIPUN ALLAH
Selasa, 07 Juli 2026 Waosan : Rum 3 : 1 – 8 | Pamuji : KPJ. 23 ————————————————————————————————————————– “Nanging manawa duraka kita iku nelakake kabeneraning Allah, banjur apa kang bakal padha kita kandhakake? Apa Gusti Allah padha kita anggep ora adil yen ta ngetingalake anggone bendu? — Calathuku iki cara manungsa. –Mesthi bae ora! Yen mangkono kapriye Gusti Allah anggone arep ngadili jagad?” (Ayat 5-6) PRASETYANIPUN ALLAH Kacarita wonten bocah SD kaparingan nami Aldi, kanthi sengaja, piyambakipun mboten garap PR saking gurunipun. Ningali kancanipun sami sengkut garap PR, Aldi namung mesem kemawon. Kenging punapa? Awit gurunipun punika biyungipun piyambak. Mila Aldi yakin bilih gurunipun mboten badhe duka dhateng piyambakipun. Ananging penggalihipun punika klentu, gurunipun tetep ngukum piyambakipun sinaosa Aldi punika putranipun piyambak. Sanadyan tiyang Yahudi punika tumindak dosa, nanging tetep nggadhah kaluwihan. Wondene kaluwihan punika sanes saking dhirinipun piyambak, nanging asalipun saking timbalanipun Gusti Allah. Tiyang Yahudi dipun timbali dados berkah tumrap bangsa-bangsa sanes (Ay. 2). Kados pundi manawi umat ingkang kapiji dening Gusti punika luput nalika nindakaken karsanipun Gusti? Punapa inggih ngirangi sih katresnan lan sih prasetyanipun Gusti? Mboten! (Ay. 3-4). Kaluputanipun manungsa punika saestu nyumurupaken prasetyanipun Gusti Allah. Sanadyan manungsa asring luput nanging Panjenenganipun estu paring sih pangapuntenan tumrap umat kagungan-Ipun. Panjenenganipun estu setya, malah prasetyanipun langkung ageng ngatasi dosa umat kagungan-Ipun. Sanadyan Gusti Allah kebak sih piwelas tumrap umat kagungan-Ipun, punika mboten ateges manungsa kepareng tumindak sembrono utawi sak pikajengipun piyambak (Ay. 8). Gusti Allah asipat adil, pramila Panjenenganipun ugi badhe ngukuman umat-Ipun ingkang nindakaken kaluputan sarta dosa. Kita kedah saos sokur bilih Gusti Allah karsa ngutus putran-Ipun kekasih, Gusti Yesus Kristus, rawuh ing alam donya sarta nanggel sadaya ukuman kangge kita manungsa. Gusti Yesus estu kurban sejati, mbirat sadaya dosa-dosa kita. Panjenenganipun estu simbol kaadilanipun Gusti Allah ingkang sayekti. Rawuhipun Gusti Yesus ing donya punika mulihaken hubungan manungsa kaliyan Gusti Allah karana dosa. Gusti Yesus karsa nebus manungsa saking dosa lan nyumurupaken sih katresnanan-Ipun. Mila kawilujengan sarta gesang langgeng namung wonten ing Gusti Yesus Kristus. Sumangga kita tansah setya ndherek Gusti Yesus lan nuladha sih tresnan-Ipun ingkang sejati. Amin. [mojoo]. “Gusti Allah iku yekti lan adil.”
