Setu, 6 Juni 2026 Minggu Trinitas Pangentasan 34:1-9; Jabur 50:7-15; Mateus 9:27-34 GUSTI INGKANG WELAS, GUSTI INGKANG MARASAKE “… Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih,luwih dening sabar, gedhe kamirahane lan kasetyane” (Pangentasan 34:6) Nalika nabi Musa minggah ing gunung Sinai ingkang kaping kalihipun (Keluaran 34:1–9), panjenenganipun ndedonga lan sumungkem dhateng Sang Yehuwah Allah, nyuwun kawelasan. Gusti Allah paring pangandika mekaten: “…Yehuwah, iku Allah kang asipat welas lan asih,luwih dening sabar, gedhe kamirahane lan kasetyane, kang netepake sih susetyane marang wong ewon, kang ngapura kaluputan, panerak lan dosa; nanging babar pisan ora ngalisake wong kang salah saka ing paukuman…” (ayat 6-7). Punika sanes namung dados pepeling sejarah, nanging wigati tumrap kita — Gusti ingkang ngapura, gething marang dosa, nanging kepareng nelakaken katresnan tumrap umatipun. Pramila memper bilih wonten ing Jabur 50:7–15 nyariyosaken bilih Gusti boten ngersakaken kurban lahiriyah, nanging kurban puji sokur lan tulusing manah. Gusti ngendika: “Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsung, nuli Ingsun bakal mitulungi sira…” (ayat 15) Katresnan ingkang nyata ugi pinanggih kababar wonten ing paseksinipun Injil Mateus 9:27–34, kita manggihaken cariyos bilih Gusti Yesus marasake tiyang wuta lan nyarasaken tiyang bisu. Tiyang wuta nyuwun: “Dhuh tedhakipun Sang Prabu Dawud, kawula mugi Paduka welasi”.Gusti Yesus kepareng mitulungi lan ngandika, ““Padha katekana kaya kang dadi pangandelmu.” (ayat 29). Punapa kita purun lan wantun pitados dhumateng Sang Yehuwah Allah ingkang maha welas, ingkang tansah paring tetulung dhumateng para pitados? Punapa kita purun mateb pitados dhumateng Sang Yesuwah ingkang makarya ugi wonten ing Gusti Yesus Kristus? Samangke sangsaya cetha bilih (1) Gusti Allah punika Maha Welas lan Maha Asih, (2) Gusti Allah ngersakaken supados kita tansah kadununungan manah ingkang kebak raos sokur (3) Gusti Allah wonten ing Sang Kristus Yesus kepareng paring pitulung dhumateng manungsa, supados sami mratobat lan mitadosaken gesang dhunateng Juru Wilujenging jagad. Amin. |*LES
GUSTI MIDHANGETAKE PASAMBATKU
Jemuwah, 5 Juni 2026 Minggu Trinitas Kidung Pangadhuh 3:40-58; Jabur 50:7-15; Lelakone Para Rasul 28:1-10 GUSTI MIDHANGETAKE PASAMBATKU “Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita, sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah” (Kidung Pangadhuh 3:40) Saben tiyang ingkang gesang, mesthi nate ngalami wekdal ing swasana peteng — wekdal angel, sangsara, sakit, utawi cilaka. Nanging ing satengahing pepeteng ingkang mekaten punika punika, Gusti Allah tansah asung pitulung, midhangetake pasambat kita, lan ngluwari kita saking karubedan. Kidung Pangadhuh 3:40–58 ngatag kita mekaten: “Mara, payo padha naliti lan mriksa urip kita, sarta padha bali sowan marang Sang Yehuwah.” Punika dados pratandha bilih pangajeng-ajeng ing Gusti boten badhe muspra. Gusti rawuh, mitulungi, lan ngendika: “Aja wedi!” Mitrurut paseksi ing Jabur 50:7–15 nedahaken bilih Gusti boten namung ngersakaken kurban ritual, nanging kurban pamuji sokur ingkang miyos saking manah ingkang tulus. Mekaten timbalanipun tumrap kita sami: “Sowanana Aku, nalika kowe kasangsaran, Aku bakal nylametake kowe, lan kowe bakal ngluhurake Aku.”. Punapa kita purun mbikak manah nyuwun sih pitulungipun Gusti. Punapa kita purun sumarah lan mboten ngendelaken kekiyatan kita piyambak? Nalika Rasul Paulus dipun cakot dening sawer ingkang mbebayani, tiyang ing Malta sami nganggep bilih Paulus punika tiyang awon lan mesthi badhe pejah. Ananging Paulus tetep tenang, piyambakipun nguncalaken ula punika dhateng geni, lan pranyata boten ngantos cilaka. Tiyang ing pulo Malta lajeng kaget lan nganggep Paulus punika dewa. Nanging Paulus boten gumunggung, malah ngawula kanthi tulus. Paulus nresnani, ndedonga, lan nyarasaken tiyang sakit. Awit saking punika, sumangga sesarengan kita: (1) Mriksa gesang kita piyambak-piyambak lan mratobata kanthi tulus, (2) Sowana dhateng Gusti punapa malih nalika kita ngadhepi marupi rupi masalah – kasisahan, Gusti mesthi mitulungi, (3) Tetep sumarah lan yakin dhateng pangrehipun Gusti, gumregah tetep leladi dhateng sesami. Engeta bilih: Nalika kita sesambat dhumateng Gusti, Panjenenganipun saestu midhanget lan ngandika: “Aja wedi!” . Amin.|*LES
Kemis, 4 Juni 2026 Minggu Trinitas Kidung Pangadhuh 1:7-11; Jabur 50:7-15; 2 Petrus 2:17-22 ELINGA LAN BALIA MARANG GUSTI “… luwih becik padha ora tau nyumurupi dalaning kayekten, katimbang karo sawise sumurup banjur mungkur ninggal ing pepakon suci kang wis kadhawuhake …” (2 Petrus 2:21) Ing satengahing gesang, asring kita supe temah nilar margining kautamen. Supe dhateng sabdanipun Gusti. Supe sanes namung kelalen pikiran, nanging kelalen ing ati – Supe dhateng margining kautamen, temahan nyingkur Gusti. Kidung Pangadhuh 1:7–11 ing sakawit ngandharaken edhahing Yerusalem, nanging lajeng tampi paukuman: suwung, dina-dina kebak piala, awit supe lan nyingkur Sang Yehuwah Yerusalem ingkang suwau dipunaosi , dipun urmati tumuli dados panggonan ingkang sepi mamring, amargi dosanipun. Tiyang sami nglampahi dosa lan nglirwakaken pangandikanipun Allah. Sedaya kemewahanipun sirna, kaluhuranipun ical, namung dados reruntuhan. Dosa saestu ndhatengaken paukuman. Jabur 50:7–15 nedahaken piwulang saha pangandikanipun Gusti:“Ingsun ora melehake sira marga saka kurbanira, amarga kurbanira obaran rak tansah ana ing ngarsaningSun?” (ayat 8). Gusti Allah boten ngersakaken ritual palsu, ritus ingkang kothong, ananging manah ingkang murni, tansah eling lan nyuwun sih pitulunganipun Gusti, “Ngaturna panuwun minangka kurban marang Gusti Allah, lan luwarana nadarmu marang Kang Mahaluhur! Ing dina karubedan sira padha nyebuta marang Ingsun” (ayat 14-15) . Awit saking punika, Rasul Petrus paring pepenget ing 2 Petrus 2:17–22. Petrusparing pepenget dhateng tiyang-tiyang ingkang sampun nampi pangertosan bab kayekten, supados tetep setya. Sampun ngantos lajeng kecalan iman, lajeng mbalik dhateng dosa, punika gambaranipun kados asu ingkang balik dhateng muntahanipun piyambak, ingkang najis lan njijiki. Inggih mekaten punika gambaraning gesang tanpa pamratobat lan tanpa raos ajrih asih dhumateng Gusti. Mangga sami sumarah: Dhuh Gusti nyuwun kakiyatan supados kawula tetep setya ing margining kautamen ingkang sejati. Tansah engeta sanajan kita kadhang kala ngraosaken sedih, bingung, sakit, isin, utawi asor amarga dosa lan kalepatan. Estokna: “Sowanana Aku nalika kowe susah, Aku bakal nylametake.” (Jabur 50:15). Amin. |*LES
SWANTENING GUSTI ALLAH PARING KATENTREMAN
Rebo, 3 Juni 2026 Minggu Trinitas Ayub 39:26-40:5; Jabur 29; Yokanan 14:25-26 SWANTENING GUSTI ALLAH PARING KATENTREMAN “Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan, swantene Sang Yehuwah kebak kamulyan” (Jabur 29:4) Gusti Allah punika Maha Kawasa lan Maha Wicaksana. Ing Ayub 39:26–40:5, Gusti ngersakaken supados Ayub sinau bab kawruh lan kawicaksananing Sang Yehuwah. Kanthi nggatosaken sato kewan ingkang cinipta: manuk gagak, elang, jaran, lan maneka warna makluk sanesipun ingkang cinipta adhedhasar kawicaksananing Allah. Ayub ing pungkasanipun manggihaken, tumuli ngakeni kawicaksananipun Gusti Allah ingkang maha agung. Bab ing sami kapratelakaken wonten ing Jabur 29 ingkang ngandharaken bilih “swantenipun Gusti” ingkang mawi pangwasa: prasasat swanten ingkang mbedhah redi, wit aras sami gonjing, nggeteraken siti, nanging panguwaosing Gusti ugi paring katentreman. Swanten punika dados pralambang bilih Gusti Allah mengku samukawis ing gesang, saha pangandikanipun Gusti punika boten namung nggeteraken, nanging ugi maringi tentrem dhateng ingkang sami nyumurupi. Gusti Allah ingkang Maha Suci lan kebak panguwasa punika, kapratelakaken dening Gusti Yesus bilih nedya kababar wonten ing pakaryaning Sang Roh Suci. Ing Yokanan 14:25-26 Gusti Yesus paring janji dhateng para sakabat bilih Roh Suci — Sang Juru Panglipur — bakal maringi pepenget, piwulang, lan pangertosan. Inggih Roh Suci punika mawujud dados swanten sejati ing saklebeting manah kita, ingkang tansah paring panuntun dhateng kayekten lan ngengetaken kita dhumateng sabda Dalem Gusti Yesus. Ing kalodhangan samangke, kita sami kaengataken bilih: (1) Kawicaksananing Gusti Allah punika ngungkuli pikiran kita, (2) Swantenipun Gusti saged nggeteraken jagad, nanging ing swanten punika ugi wonten sih lan katentreman, (3) Roh Suci punika lir swanten ingkang alus dedalem ing manah, tansah maringi pitedah ing sauruting gesang kita para pitados ing saben dintenipun. Pramila sumangga tansah elinga maring Gusti.Menawi manah raos sumelang, nyuwun panglipur saking Roh Suci lan menawi kita boten mangertos pundi margining pangluwaran, pasrah sumaraha dhateng Gusti. |*LES
Slasa, 2 Juni 2025 Minggu Trinitas Ayub 39:13–25; Jabur 29; 1 Korinta 12:4–13 PANGANDIKA, PANGWASA, PANYANGGANING ROH SUCI “He para kang manggon ing swarga, pratelakna manawa Sang Yehuwah, ya mung Sang Yehuwah iku kang kagungan kamulyan lan kakiyatan!” (Jabur 29:1) Gusti Allah punika kagungan daya, pangwasa, saha katresnan ingkang kapratela wonten ing samukawis; ingkang cinipta wonten ing sedaya pakaryanipun. Kitab Ayub 39 nelakaken bab kewan-kewan ingkang pinilih dening Gusti: manuk unta, jaran perang, saha kekiyatanipun. Sanajan sedaya makluk punika ketingal boten sampurna, nanging Gusti tansah maringi sih lan rinimat supados saben makluk nglakoni peranipun piyambak-piyambak ing jagad punika. Jabur 29 ngandharaken bilih swantenipun Gusti punika mirunggan, pinanggih ing gludhug, banyu, lan mega, nanging ugi mratelakaken katentreman. “Swantene Sang Yehuwah kebak kakuwatan, swantene Sang Yehuwah kebak kamulyan” (ayat 4), nanging ing wekdal ingkang sami, Gusti paring tentrem rahayu dhateng umatipun. Piwulang punika ngengetaken kita sami, bilih panguwaosipun Gusti boten asipat nggetak utawi ngajrih-ajrihi, nanging malah nuwuhaken katresnan, pangayoman, saha panglipur. Woten ing 1 Korinta 12:4–13, kita manggihaken bilih Sang Roh Suci pranyata paring daya, ugi paring pepadhang, kalebet piwulang, kawicaksanan, iman, karohanen, lan basa-basa ingkang anyar. Ateges, saben tiyang ing pasamuwan punika kadunungan kalenggahan mirunggan, nanging sedaya punika asali-muasalipun saking Roh ingkang sami. Rohing Gusti Allah ingkang suci. Kita katunggilaken dados satunggal wonten ing Sang Kristus. Alandhesan Sabdaning Gusti, kita manggihaken bab-bab ing wigati: (1) Gusti Allah punika Mahakuwaos, nanging ugi maringi katentreman (Jabur 29), (2) Sang Roh Suci maringi maneka warni karunia ingkang migunani tumrap gesang patunggilan (1 Korinta 12), (3) saben tiyang pitados kaparingan peran ingkang unik, kadosta manuk unta utawi jaran perang (Ayub 39), murih sedaya titah nindakaken timbalanipun piyambak-piyambak. Mekaten ugi kita, kaatag tansah makarya ing gesang kita saben dinten katur kagem kaluhuraning Gusti Allah. |*LES
KAJABA KANTHI ROH SUCI
Senen, 1 Juni 2026 Minggu Trinitas Ayub 38:39-39:12; Jabur 29; 1 Korinta 12:1-3 KAJABA KANTHI ROH SUCI “… ora ana wong kang bisa ngakoni: “Yesus iku Gusti,” yen ora marga dening Sang Roh Suci” (1 Korinta 12:3) Rasul Paulus saestu prihatos awit para pitados ing Pasamuwan Korinta punika kathah ingkang kenging penyakit sombong Rohani. Bab punika ketingal kanthi ciri ngunggul-unggulaken peparingipun Gusti ingkang dipun tampi — wonten ingkang pamer kabisanipun bab wawan rembag mawi basa roh, wonten ugi ingkang kepengin kaanggep langkung rohani awit saged nindakaken daya mukjijat, lan sanesipun malih sami mameraken bab kawaskithanipun. Pramila, Rasul Paulus ngengetaken pasamuwan kanthi saestu bilih: karunia-karunia punika peparingipun Gusti. Tiyang ingkang nampi peparingipun Gusti punika sanes ateges langkung sae tinimbang tiyang sanesipun. Peparingipun Gusti punika namung sarana, piranti kangge ngluharaken asmanipun Gustilan nuntun kita dhateng pangaken iman ingkang sejati bab Gusti Yesus minangka Sang Mesih, Juruwilujeng. Mila punika boten pastes manawi tiyang pitados sami gumunggung. Ing 1 Korinta 12:3, rasul Paulus ngandika mekaten: “ora ana wong kang bisa ngakoni: “Yesus iku Gusti,” yen ora marga dening Sang Roh Suci”. Pangandika punika pancen ketingal prasaja, nanging estunipun lebet sanget maknanipun. Rasul Paulus nandhesaken bilih pangaken kasebat asal-muasalipun saking panuntuning Sang Roh Suci. Kathah tiyang saged matur: Gusti Yesus. Ananging boten sadaya tiyang saestu ngakeni Gusti Yesus minangka tuking gesang lan kawijulengan saha nglampahi gesang ingkang mbangun turut dhumateng Gusti. Manungsa kanthi kodratipun asring kepengin mardika, nglampahi gesang miturut pikajengipun piyambak. Nanging Gusti Yesus nimbali kita sumarah dhateng pangrehipun Sang Roh Suci. Namung Roh Suci ingkang saged mranata manah kita ingkang atos punika, lan nuntun kita ngucap kanthi jujur ngakeni: “Yesus punika Gustiku.” Sang Roh Suci ingkang nuntun manungsa dosa, mbikak mripating karohanen lan maringi kapitadosan. Inggih namung Sang Roh Suci ingkang madhangi gesang kita satemah saged nampi paseksinipun Kitab Suci lan nglampahi gesang ingkang sembada. Amin. |*LES
HIDUP SEBAGAI ANAK-ANAK TERANG
Minggu, 31 Mei Efesus 5:1-21 Hidup sebagai anak-anak terang5:1 Sebab itu jadilah penurut-penurut Allah, seperti anak-anak yang kekasih 5:2 dan hiduplah di dalam kasih, sebagaimana Kristus Yesus juga telah mengasihi kamu dan telah menyerahkan diri-Nya untuk kita sebagai persembahan dan korban yang harum bagi Allah. 5:3 Tetapi percabulan dan rupa-rupa kecemaran atau keserakahan disebut sajapun jangan di antara kamu, sebagaimana sepatutnya bagi orang-orang kudus. 5:4 Demikian juga perkataan yang kotor, yang kosong atau yang sembrono–karena hal-hal ini tidak pantas–tetapi sebaliknya ucapkanlah syukur. 5:5 Karena ingatlah ini baik-baik: tidak ada orang sundal, orang cemar atau orang serakah, artinya penyembah berhala, yang mendapat bagian di dalam Kerajaan Kristus dan Allah. 5:6 Janganlah kamu disesatkan orang dengan kata-kata yang hampa, karena hal-hal yang demikian mendatangkan murka Allah atas orang-orang durhaka. 5:7 Sebab itu janganlah kamu berkawan dengan mereka. 5:8 Memang dahulu kamu adalah kegelapan, tetapi sekarang kamu adalah terang di dalam Tuhan. Sebab itu hiduplah sebagai anak-anak terang, 5:9 karena terang hanya berbuahkan kebaikan dan keadilan dan kebenaran, 5:10 dan ujilah apa yang berkenan kepada Tuhan. 5:11 Janganlah turut mengambil bagian dalam perbuatan-perbuatan kegelapan yang tidak berbuahkan apa-apa, tetapi sebaliknya telanjangilah perbuatan-perbuatan itu. 5:12 Sebab menyebutkan sajapun apa yang dibuat oleh mereka di tempat-tempat yang tersembunyi telah memalukan. 5:13 Tetapi segala sesuatu yang sudah ditelanjangi oleh terang itu menjadi nampak, sebab semua yang nampak adalah terang. 5:14 Itulah sebabnya dikatakan: “Bangunlah, hai kamu yang tidur dan bangkitlah dari antara orang mati dan Kristus akan bercahaya atas kamu.” 5:15 Karena itu, perhatikanlah dengan saksama, bagaimana kamu hidup, janganlah seperti orang bebal, tetapi seperti orang arif, 5:16 dan pergunakanlah waktu yang ada, karena hari-hari ini adalah jahat. 5:17 Sebab itu janganlah kamu bodoh, tetapi usahakanlah supaya kamu mengerti kehendak Tuhan. 5:18 Dan janganlah kamu mabuk oleh anggur, karena anggur menimbulkan hawa nafsu, tetapi hendaklah kamu penuh dengan Roh, 5:19 dan berkata-katalah seorang kepada yang lain dalam mazmur, kidung puji-pujian dan nyanyian rohani. Bernyanyi dan bersoraklah bagi Tuhan dengan segenap hati. 5:20 Ucaplah syukur senantiasa atas segala sesuatu dalam nama Tuhan kita Yesus Kristus kepada Allah dan Bapa kita 5:21 dan rendahkanlah dirimu seorang kepada yang lain di dalam takut akan Kristus. – Saudara-saudara yang dikasihi Tuhan, kalau kita melihat dunia saat ini banyak sekali pengaruhnya dari yang baik dan yang buruk. Setiap hari kita melihat, mendengar, dan mengalami banyak hal yang bisa membuat cara berpikir dan cara hidup kita. Tetapi tanpa kita sadari, manusia sering mengikuti kebiasaan dunia: hidup hanya untuk diri sendiri, mencari kesenangan sesaat, dan kadang-kadang juga mengabaikan kehendak Tuhan. Melalui Efesus 5:1-21, Rasul Paulus mengingatkan setiap kita bagaimana supaya hidup kita bukan mengikuti kebiasaan dunia tetapi mencerminkan anak-anak terang. Di ayat 1 disitu berkata “Jadilah penurut-penurut Allah seperti anak-anak yang kekasih.” Artinya kehidupan orang percaya bukan sekedar menjalani aturan agama, tetapi meneladani karakter Allah di dalam kehidupan. Ketika seseorang menyadari dirinya itu dikasihi Tuhan, maka akan terdorong untuk hidup menyenangkan hati Tuhan. Paulus menekankan bahwa hidup orang percaya harus ditandai dengan kasih. Mengapa? Karena Kristus sudah mengasihi kita dan menyerahkan diri-Nya untuk kita. Untuk itu, kasih itu bukan kata-kata, tetapi sikap hidup kita. Mengasihi berarti rela mengampuni, sabar terhadap sesama, tidak benci terhadap orang lain, dan memilih melakukan yang benar. Paulus juga mengingatkan bahwa sebagai anak Tuhan berarti harus meninggalkan cara hidup lama. Paulus menasehati jemaat supaya tidak hidup dalam percabulan, keserakahan, perkataan kotor, atau sikap yang tidak mencerminkan kehidupan baru. Mengapa? Karena itu adalah bagian dari kehidupan lama yang tidak sesuai dengan identitas kita sebagai anak-anak terang. Di ayat 8, Paulus menggambarkan bahwa dahulu kita adalah kegelapan, tetapi sekarang kita adalah terang di dalam Tuhan. Terang itu sangat berbeda dengan gelap. Terang itu membawa kejelasan, kehidupan, dan kebenaran. Begitu juga dengan orang percaya dipanggil untuk hidup sebagai anak-anak terang melalui perkataan, sikap, dan keputusan hidup sehari-hari. Hidup dalam terang berarti berani memilih yang benar sekalipun tidak populer. Dunia mungkin menganggap kejujuran sebagai kelemahan, kerendahan hati sebagai kekalahan, dan kesucian hidup sebagai sesuatu yang kuno. Tetapi Firman Tuhan mengingatkan bahwa kehidupan yang berkenan kepada Allah selalu menghasilkan buah kebaikan, keadilan, dan kebenaran. Efesus 5:1-21 mengingatkan kita bahwa menjadi orang percaya bukan hanya soal status iman, tetapi cara hidup yang nyata. Kita dipanggil untuk hidup dalam kasih, berjalan dalam terang, dan menjalani hidup dengan hikmat Tuhan. Untuk itu, hari ini Tuhan mengajak kita bertanya kepada diri sendiri: apakah hidup kita sudah memancarkan terang Kristus? Apakah orang lain dapat melihat kasih Tuhan melalui sikap dan perkataan kita.
DULU MATI, SEKARANG HIDUP
Sabtu, 30 Mei Efesus 2:1-10 2:1 Kamu dahulu sudah mati karena pelanggaran-pelanggaran dan dosa-dosamu. 2:2 Kamu hidup di dalamnya, karena kamu mengikuti jalan dunia ini, karena kamu mentaati penguasa kerajaan angkasa, yaitu roh yang sekarang sedang bekerja di antara orang-orang durhaka. 2:3 Sebenarnya dahulu kami semua juga terhitung di antara mereka, ketika kami hidup di dalam hawa nafsu daging dan menuruti kehendak daging dan pikiran kami yang jahat. Pada dasarnya kami adalah orang-orang yang harus dimurkai, sama seperti mereka yang lain. 2:4 Tetapi Allah yang kaya dengan rahmat, oleh karena kasih-Nya yang besar, yang dilimpahkan-Nya kepada kita, 2:5 telah menghidupkan kita bersama-sama dengan Kristus, sekalipun kita telah mati oleh kesalahan-kesalahan kita–oleh kasih karunia kamu diselamatkan– 2:6 dan di dalam Kristus Yesus Ia telah membangkitkan kita juga dan memberikan tempat bersama-sama dengan Dia di sorga, 2:7 supaya pada masa yang akan datang Ia menunjukkan kepada kita kekayaan kasih karunia-Nya yang melimpah-limpah sesuai dengan kebaikan-Nya terhadap kita dalam Kristus Yesus. 2:8 Sebab karena kasih karunia kamu diselamatkan oleh iman; itu bukan hasil usahamu, tetapi pemberian Allah, 2:9 itu bukan hasil pekerjaanmu: jangan ada orang yang memegahkan diri. 2:10 Karena kita ini buatan Allah, diciptakan dalam Kristus Yesus untuk melakukan pekerjaan baik, yang dipersiapkan Allah sebelumnya. Ia mau, supaya kita hidup di dalamnya. – Saudara-saudara yang dikasihi Tuhan, di dalam kehidupan kita pastinya ingin mengubah hidup kita menjadi lebih baik. Sehingga kita akan mengusahakan segala cara, ada yang memperbaiki kebiasaan, memperdalam kehidupan rohani, atau banyak melakukan banyak kebaikan supaya merasa lebih dekat dengan Tuhan. Tetapi di dalam Efesus 2 menunjukkan bahwa perubahan sejati bukan berasal dari usaha manusia, tetapi dari karya Allah. Kalau kita melihat disitu Rasul Paulus menggambarkan keadaan manusia tanpa Kristus yaitu sebagai mati karena pelanggaran dan dosa. Artinya secara fisik manusia hidup, tetapi secara rohani terpisah dari Allah. Kenapa terpisah? Karena dosa: manusia lebih suka mengikuti arus dunia, mengikuti keinginan diri sendiri, dan hidup tanpa arah. Saudara-saudara yang dikasihi Tuhan, ini merupakan gambaran bagaimana kondisi manusia sebelum mengenal Tuhan. Kita tidak mampu menghidupkan diri sendiri. Seperti orang mati tidak akan bangkit dengan kekuatannya sendiri, demikian juga manusia tidak mampu menyelamatkan dirinya dari dosa. Di ayat 4 disitu dikatakan “Tetapi Allah yang kaya dengan rahmat, oleh karena kasih-Nya yang besar, yang dilimpahkan-Nya kepada kita” Ini menunjukkan bahwa ketika manusia tidak berdaya, Allah bertindak. Karena kasih Allah yang besar, Tuhan tidak membiarkan manusia tetap mengalami kematian rohani. Melalui Yesus Kristus, Allah menghidupkan kembali manusia yang mati dalam dosa. Hidup baru yang kita terima itu bukan karena usaha, prestasi, atau kebaikan manusia. Paulus menegaskan bahwa kita diselamatkan oleh kasih karunia melalui iman. Saudara-saudara yang dikasihi Tuhan, tidak ada seorang pun yang menyombongkan diri, karena semuanya itu berasa dari kasih Allah. Dan Paulus juga mengatakan bahwa kita adalah ciptaan Allah, diciptakan kembali di dalam Kristus untuk melakukan pekerjaan baik yang telah Tuhan siapkan. Artinya, Tuhan memberi hidup baru supaya kita menjalani hidup baru. Ketika kita sudah hidup barumakan seharusnya kita mulai berubah dalam cara berpikir, berkata, dan bertindak. Tuhan rindu kita hidup benar, mengasihi sesama, mengampuni, dan menjadi berkat. Perbuatan baik bukan syarat keselamatan, tetapi buah dari hidup yang telah diperbarui Tuhan. Saudara-saudara yang dikasihi Tuhan, melalui Efesus 2, kita diingatkan bahwa dahulu kita mati secara rohani, tetapi sekarang kita hidup oleh kasih karunia Allah. Seharusnya kita tidak lagi terikat oleh masa lalu, kerena Tuhan telah memberi kehidupan yang baru. Untuk itu, kita yang sudah menjadi manusia baru, mari kita hidup dengar rasa syukur kepada Tuhan, berjalan dalam iman, dan memuliakan Tuhan melalui kehidupan kita. Sebab di dalam Kristus, dulu kita mati, tetapi sekarang kita hidup.
DIPILIH DAN DIKASIHI TUHAN
Jumat, 29 Mei Efesus 1:3-14 1:3 Terpujilah Allah dan Bapa Tuhan kita Yesus Kristus yang dalam Kristus telah mengaruniakan kepada kita segala berkat rohani di dalam sorga. 1:4 Sebab di dalam Dia Allah telah memilih kita sebelum dunia dijadikan, supaya kita kudus dan tak bercacat di hadapan-Nya. 1:5 Dalam kasih Ia telah menentukan kita dari semula oleh Yesus Kristus untuk menjadi anak-anak-Nya, sesuai dengan kerelaan kehendak-Nya, 1:6 supaya terpujilah kasih karunia-Nya yang mulia, yang dikaruniakan-Nya kepada kita di dalam Dia, yang dikasihi-Nya. 1:7 Sebab di dalam Dia dan oleh darah-Nya kita beroleh penebusan, yaitu pengampunan dosa, menurut kekayaan kasih karunia-Nya, 1:8 yang dilimpahkan-Nya kepada kita dalam segala hikmat dan pengertian. 1:9 Sebab Ia telah menyatakan rahasia kehendak-Nya kepada kita, sesuai dengan rencana kerelaan-Nya, yaitu rencana kerelaan yang dari semula telah ditetapkan-Nya di dalam Kristus 1:10 sebagai persiapan kegenapan waktu untuk mempersatukan di dalam Kristus sebagai Kepala segala sesuatu, baik yang di sorga maupun yang di bumi. 1:11 Aku katakan “di dalam Kristus”, karena di dalam Dialah kami mendapat bagian yang dijanjikan–kami yang dari semula ditentukan untuk menerima bagian itu sesuai dengan maksud Allah, yang di dalam segala sesuatu bekerja menurut keputusan kehendak-Nya– 1:12 supaya kami, yang sebelumnya telah menaruh harapan pada Kristus, boleh menjadi puji-pujian bagi kemuliaan-Nya. 1:13 Di dalam Dia kamu juga–karena kamu telah mendengar firman kebenaran, yaitu Injil keselamatanmu–di dalam Dia kamu juga, ketika kamu percaya, dimeteraikan dengan Roh Kudus, yang dijanjikan-Nya itu. 1:14 Dan Roh Kudus itu adalah jaminan bagian kita sampai kita memperoleh seluruhnya, yaitu penebusan yang menjadikan kita milik Allah, untuk memuji kemuliaan-Nya. Setiap manusia pasti ingin dirinya itu diterima dan berharga. Sehingga banyak orang berusaha untuk membuktikan dirinya dengan keberhasilan, pekerjaan, pelayanan, bahkan pengakuan orang lain. Tetapi ketika seseorang harus gagal atau tidak dihargai didalam kehidupannya, dia akan mulai merasa bahwa dirinya itu tidak berarti bahkan tidak berharga. Namun melalui Efesus pasal 1, Rasul Paulus mengingatkan jemaat bahwa nilai hidup orang percaya tidak ditentukan oleh dunia, tetapi oleh Allah sendiri. Di ayat 1 Paulus memulai dengan pujian kepada Tuhan karena Allah telah memberkati kita dengan segala berkat di dalam Kristus. Berkat disini bukan kekayaan atau keberhasilan di dalam dunia, tetapi hubungan kita dengan Allah itu dipulihkan. Paulus berkata bahwa sebelum dunia dijadikan, Allah sudah memilih kita di dalam Kristus. Artinya kasih Tuhan kepada kita bukan reaksi terhadap kebaikan kita. Bukan juga ketika kita berubah menjadi lebih baik, Tuhan mulai mengasihi kita. Tetapi disitu dikatakan bahwa sebelum kita lahir, Tuhan sudah mengenal dan merancang hidup kita. Begitu besar kasih Tuhan di dalam kehidupan kita. Oleh karena itu, yang perlu kita ingat adalah kita dipilih bukan karena kita layak, tetapi karena kasih Allah yang besar. Untuk itu, di dalam kehidupan kita seharusnya kita tidak perlu hidup dengan rasa takut ditolak oleh Tuhan. Kita tidak perlu membuktikan diri supaya kita diterima oleh Tuhan. Tetapi kita yang berdosa ini, yang tidak layak, di dalam Kristus, kita sudah diterima.Bukan hanya itu, Paulus juga menegaskan bahwa Allah mengangkat anak-anakNya. Ini menunjukkan bahwa hubungan kita dengan Allah itu sangat dekat, kita itu anakNya dan Allah itu Bapa kita. Di ayat 7 Paulus juga menegaskan bahwa di dalam Kristus kita juga menerima penebusan melalui darah-Nya, yaitu pengampunan dosa. Kalau kita melihat di dalam kehidupan, masih banyak orang susah untuk melangkah maju karena masih memikirkan atau dibebani masa lalu. Ketika di dalam kehidupan kita banyak kesalahan, kegagalan, atau dosa lama itu sering membuat kita merasa tidak layak datang kepada Tuhan. Tetapi Firman Tuhan berkata bahwa di dalam Kristus kita telah diampuni. Dan Tuhan juga memberikan Roh Kudus sebagai jaminan keselamatan. Kehadiran Roh Kudus di dalam kehidupan kita menolong setiap kita ketika lemah, menguatkan ketika takut, dan memimpin kita menjalani hidup sesuai kehendak Tuhan. Melalui Efesus pasal 1 kita belajar bahwa identitas orang percaya bukan berasal dari dunia, tetapi dari Allah. Kita dipilih, dikasih, diampuni, dan dipelihara oleh Tuhan. Ketika kita memahami identitas kita, maka seharusnya hidup kita tidak lagi dikuasai rasa rendah diri, tidak berharga atau ketakutan. Untuk itu, Tuhan mengingatkan kita bahwa kita itu berharga Dimata Tuhan. Mari kita menjalani hidup dengan penuh syukur, hidup sebagai anak-anak Allah yang tahu bahwa dirinya dikasihi dan tidak pernah ditinggalkan Tuhan.
JANGAN LELAH UNTUK MENABUR, AKAN ADA WAKTU MENUAI
Kamis, 28 Mei Galatia 6:9-10 6:9 Janganlah kita jemu-jemu berbuat baik, karena apabila sudah datang waktunya, kita akan menuai, jika kita tidak menjadi lemah. 6:10 Karena itu, selama masih ada kesempatan bagi kita, marilah kita berbuat baik kepada semua orang, tetapi terutama kepada kawan-kawan kita seiman. Saudara-saudara yang dikasihi Tuhan, Dalam kehidupan ini, sering kali kita merasa lelah berbuat baik. Kita sudah berusaha menolong orang lain, hidup benar, melayani Tuhan, tetapi seolah-olah tidak ada hasil. Bahkan terkadang, kebaikan kita dibalas dengan ketidakpedulian atau bahkan kejahatan. Firman Tuhan dalam Galatia 6:9-10 mengingatkan kita: “Janganlah kita jemu-jemu berbuat baik, karena apabila sudah datang waktunya, kita akan menuai, jika kita tidak menjadi lemah. Ayat ini adalah dorongan yang sangat kuat bagi orang percaya untuk tetap setia, sekalipun hasilnya belum terlihat. Kelelahan dalam berbuat baik adalah nyata “Janganlah kita jemu-jemu…” Rasul Paulus tidak menutup mata bahwa kelelahan itu nyata. Kita bisa lelah secara: emosi seperti tidak dihargai, rohani yang terkadang merasa kering dan membuat fisik kita menjadi lemah bahkan tidak adanya rasa untuk berbuat baik. Contoh nyata: Seorang yang terus membantu keluarganya, tetapi tidak pernah mendapat ucapan terima kasih. Tuhan mengerti kelelahan kita. Tetapi Ia memanggil kita untuk tidak menyerah. Tuhan menjanjikan waktu menuai “karena apabila sudah datang waktunya, kita akan menuai.”. Ini adalah janji Tuhan, bukan kemungkinan. Prinsip rohani, setiap yang ditabur pasti akan dituai tetapi pasti tidak instan, tidak selalu terlihat langsung, tidak selalu dalam bentuk yang kita harapkan. Seperti seorang petani menanam benih. Setelah menanam, ia tidak menggali tanah setiap hari untuk melihat apakah benihnya tumbuh. Ia menyiram, menunggu dan percaya misalya kalau ia berhenti merawat karena tidak melihat hasil, maka ia tidak akan pernah panen. Marilah kita berbuat baik kepada semua orang, ini bukan pilihan, ini perintah untuk melakukan firman yaitu berbuat baik kepada semua orang teruama kepada kawan-kawan seiman. Artinya, kasih kita harus luas (kepada semua) tapi juga dalam (kepada sesama jemaat) menolong orang tanpa pilih kasih, menguatkan sesama jemaat dan peduli kepada yang lemah. Saudara-saudara, Firman Tuhan hari ini sederhana tapi dalam jangan lelah berbuat baik akan ada waktu menuai asal kita tidak menyerah ingat ini baik-baik, tidak ada kebaikan yang sia-sia di hadapan Tuhan. Mari kita ambil komitmen hari ini “Tuhan, saya mau tetap berbuat baik, walau lelah, walau tidak dihargai, karena saya percaya Engkau melihat dan menyediakan waktu menuai.” Amin.
