Kamis, 09 Juli 2026 Waosan : Rum 2 : 12 – 16 | Pamuji : KPJ. 441 ————————————————————————————————————————– “Manawa bangsa-bangsa liya kang ora nduweni angger-anggering Toret marga saka prentuling atine dhewe nglakoni apa kang kamot ing angger-anggering Toret, wong-wong iku mau kang dadi angger-anggering Toret tumrap awake dhewe…..” (Ayat 14) NYUMEREPI LAJENG NGLAMPAHI Bab nyumerepi lan nglampahi punika prekawis ingkang benten. Sacara biologis, bab pangertosan lan keputusan manungsa punika dipun proses ing sajroning perangan otak. Satemah, kita saged nyumerepi bab punapa ingkang leres lan sae, nanging dereng tamtu kita purun lan saged nglampahi bab punika ing sajroning pigesangan kita. Sadaya punika saged kadadosan amargi kathah prekawis sanes ingkang paring pengaruh tumraping kita manungsa nalika nemtokaken punapa ingkang dados laku pigesangan. Waosan kita ing dinten punika paring pepenget ing bab punika. Para pandherekipun Gusti ing kutha Rum nggadhahi pergumulan bab sinten ingkang langkung sae lan leres ing ngarsanipun Gusti? Punapa tiyang ingkang nggadhahi angger-angger Toret punika langkung sae tinimbang bangsa sanes? Ningali kahanan ingkang mekaten, Rasul Paulus paring pepenget kanthi wicaksana. Piyambakipun nedahaken bilih ingkang utami punika sanes bab sinten ingkang nggadhahi angger-angger Toret utawi mboten, nanging bab sinten ingkang purun nglampahi angger-angger punika ing sajroning gesangipun. Sadaya bangsa, Yahudi utawi non-Yahudi ajinipun sami ing ngarsanipun Gusti Allah, ingkang dados pambeda inggih punika sinten ingkang setya tuhu purun lan saged nglampahi punapa ingkang dados karsanipun Gusti ing laku gesang padintenanipun. Asring ing satengahing pigesangan kita, kita sampun nyumerepi punapa ingkang dados karsanipun Gusti. Kita ugi sampun mangertosi maneka werna angger-angger ingkang dados katetepaning Gusti. Kita tansah nyinaoni bab punapa kemawon ingkang leres lan sae. Nanging asring sacara kamanungsan, kita nggadhahi maneka werna panimbang, kawinatesan kakiyatan, karingkihan ing maneka werna kahanan, satemah kita dereng saged nglampahi laku gesang ingkang cunduk kaliyan karsanipun Gusti punika. Waosan kita ing dinten punika, paring pangatag dhateng kita sami supados kita netepi karsanipun Gusti. Mangga ing kahanan ingkang mbingahaken utawi kahanan ingkang awrat, kita tansah setya tuhu paring kautaman bab nglampahi angger-anggeripun Gusti ing maneka werna laku pigesangan kita. Amin. [xie]. “Wong jujur tulus ing lampah, tansah rinoban berkah.”
IKAT PINGGANG KESAYANGAN TUHAN
Rabu, 08 Juli 2026 Bacaan : Yeremia 13 : 1 – 11 | Pujian : KJ. 309 ————————————————————-————————————————————- “Sebab, sama seperti ikat pinggang melekat pada pinggang seseorang, demikianlah tadinya segenap kaum Israel dan kaum Yehuda Kulekatkan kepada-Ku, demikianlah firman TUHAN, …” (Ayat 11) IKAT PINGGANG KESAYANGAN TUHAN Namanya ikat pinggang pasti tempatnya melekat pada pinggang, bukan di kepala atau di kaki. Dalam kekristenan, ikat pinggang adalah simbol kesetiaan dan pengabdian. Fungsi utama ikat pinggang bukan sekadar sebagai aksesoris penghias pinggang, melainkan harus melekat erat agar benar-benar berguna. Sama halnya dengan diri kita, kegunaan dan nilai diri kita sangat ditentukan kepada siapa kita melekat. Tanpa “Sang Pemakai”, seindah dan semahal apa pun ikat pinggang itu, ia hanyalah selembar kain yang tidak memiliki fungsi apa-apa. Yeremia 13:1-11 menyoroti bagaimana Tuhan memerintahkan Yeremia membeli ikat pinggang dari kain lenan. Dalam tradisi Israel, lenan adalah bahan kelas satu yang sangat berharga dan biasanya hanya dipakai oleh keluarga kerajaan. Ikat pinggang ini adalah simbol umat Israel sebagai umat pilihan yang sangat bernilai di mata Allah. Namun, ketika umat Israel mulai congkak, keras kepala, menjauh, terlebih mendua hati, seperti ikat pinggang yang dilepas dan disembunyikan di celah bukit batu maka hidup mereka berubah menjadi lapuk, rusak, dan sama sekali tidak berguna. Hal ini menggambarkan kondisi Israel yang sedang “sakit” secara rohani. Mereka merasa sehat padahal mereka sedang menuju kehancuran karena lebih memilih melekat pada berhala dan keinginan diri sendiri daripada melekat erat pada Tuhan. Kehidupan kita pada masa kini seringkali tidak jauh berbeda dari kehidupan umat Israel. Kita menyandang status Kristen, namun cara hidup kita seringkali tidak mencerminkan Sang Kristus. Kita rajin beribadah, namun hati kita tetap “wangkot” (keras kepala) dan mendua terhadap Firman Tuhan. Di sini kita harus sadar bahwa kita adalah “Ikat Pinggang Kesayangan Tuhan” yang telah ditebus dengan harga yang mahal. Jangan pernah mencoba melepaskan diri dari Tuhan, sebab jauh dari Tuhan hanya akan membuat hidup kita lapuk, hancur, dan sia-sia, seperti kain yang terkubur di celah bukit batu. Mari kita tanggalkan keangkuhan dan bebaskan hati kita dari segala kedegilan. Kembalilah melekat erat pada pinggang Tuhan agar hidup kita tetap berharga dan berguna bagi kemuliaan-Nya! Amin. [tma]. “Tuhan tidak mencari yang hebat, Ia mencari yang mau tetap melekat.”
PRASETYANIPUN ALLAH
Selasa, 07 Juli 2026 Waosan : Rum 3 : 1 – 8 | Pamuji : KPJ. 23 ————————————————————————————————————————– “Nanging manawa duraka kita iku nelakake kabeneraning Allah, banjur apa kang bakal padha kita kandhakake? Apa Gusti Allah padha kita anggep ora adil yen ta ngetingalake anggone bendu? — Calathuku iki cara manungsa. –Mesthi bae ora! Yen mangkono kapriye Gusti Allah anggone arep ngadili jagad?” (Ayat 5-6) PRASETYANIPUN ALLAH Kacarita wonten bocah SD kaparingan nami Aldi, kanthi sengaja, piyambakipun mboten garap PR saking gurunipun. Ningali kancanipun sami sengkut garap PR, Aldi namung mesem kemawon. Kenging punapa? Awit gurunipun punika biyungipun piyambak. Mila Aldi yakin bilih gurunipun mboten badhe duka dhateng piyambakipun. Ananging penggalihipun punika klentu, gurunipun tetep ngukum piyambakipun sinaosa Aldi punika putranipun piyambak. Sanadyan tiyang Yahudi punika tumindak dosa, nanging tetep nggadhah kaluwihan. Wondene kaluwihan punika sanes saking dhirinipun piyambak, nanging asalipun saking timbalanipun Gusti Allah. Tiyang Yahudi dipun timbali dados berkah tumrap bangsa-bangsa sanes (Ay. 2). Kados pundi manawi umat ingkang kapiji dening Gusti punika luput nalika nindakaken karsanipun Gusti? Punapa inggih ngirangi sih katresnan lan sih prasetyanipun Gusti? Mboten! (Ay. 3-4). Kaluputanipun manungsa punika saestu nyumurupaken prasetyanipun Gusti Allah. Sanadyan manungsa asring luput nanging Panjenenganipun estu paring sih pangapuntenan tumrap umat kagungan-Ipun. Panjenenganipun estu setya, malah prasetyanipun langkung ageng ngatasi dosa umat kagungan-Ipun. Sanadyan Gusti Allah kebak sih piwelas tumrap umat kagungan-Ipun, punika mboten ateges manungsa kepareng tumindak sembrono utawi sak pikajengipun piyambak (Ay. 8). Gusti Allah asipat adil, pramila Panjenenganipun ugi badhe ngukuman umat-Ipun ingkang nindakaken kaluputan sarta dosa. Kita kedah saos sokur bilih Gusti Allah karsa ngutus putran-Ipun kekasih, Gusti Yesus Kristus, rawuh ing alam donya sarta nanggel sadaya ukuman kangge kita manungsa. Gusti Yesus estu kurban sejati, mbirat sadaya dosa-dosa kita. Panjenenganipun estu simbol kaadilanipun Gusti Allah ingkang sayekti. Rawuhipun Gusti Yesus ing donya punika mulihaken hubungan manungsa kaliyan Gusti Allah karana dosa. Gusti Yesus karsa nebus manungsa saking dosa lan nyumurupaken sih katresnanan-Ipun. Mila kawilujengan sarta gesang langgeng namung wonten ing Gusti Yesus Kristus. Sumangga kita tansah setya ndherek Gusti Yesus lan nuladha sih tresnan-Ipun ingkang sejati. Amin. [mojoo]. “Gusti Allah iku yekti lan adil.”
MENDENGARKAN SUARA ANAK-ANAK
Senin, 06 Juli 2026 Bacaan : Yeremia 27 : 1 – 11, 16 – 22 | Pujian : KJ. 357 ————————————————————————————————————————– “Tetapi, bangsa dan kerajaan yang tidak mau takluk kepada Nebukadnezar, raja Babel dan yang tidak mau menaruh tengkuknya ke bawah kuk raja Babel, bangsa itu akan Kuhukum dengan pedang, kelaparan, dan penyakit sampar, …” (Ayat 8) MENDENGARKAN SUARA ANAK-ANAK Kata mendengarkan memiliki makna yang lebih dalam daripada kata mendengar. Mendengarkan berarti menangkap suara dengan telinga dan sungguh-sungguh memperhatikan. Seorang anak yang mendengarkan nasihat orang tua atau gurunya, maka ia akan berusaha mendengarkan dengan penuh perhatian, memahami isi nasihat itu, lalu melakukan apa yang menjadi nasihat mereka. Sedangkan kata mendengar berarti dapat menangkap suara/bunyi, mendapat kabar tanpa harus memperhatikan isi pesan secara mendalam. Karena itu, dalam relasi keluarga hal mendengarkan menjadi bagian penting untuk dapat saling mengerti, menghargai, dan menghormati. Bagian bacaan kita saat ini berkisah tentang hal mendengarkan suara Tuhan. Bangsa Yehuda melalui nabi Yeremia diperintahkan Tuhan Allah untuk tunduk kepada bangsa Babel yang dipimpin oleh Nebukadnezer. Jika mereka menolak maka mereka akan mendapatkan hukuman yang lebih berat lagi, sebagaimana disebutkan dalam nats kita, mereka akan mengalami kematian akibat kalah perang, mengalami kelaparan dan penyakit sampar. (Ay. 5). Takluk dan tinggal di Babel menjadi cara Allah untuk menghukum bangsa Yehuda yang tidak setia kepada-Nya, sekaligus menjadi cara Allah memelihara umat-Nya. Perintah ini ditujukan kepada Raja Zedekia (Ay. 12-15), para imam, dan rakyat Yehuda (Ay. 16-22). Namun mereka lebih senang mendengarkan nubuat nabi-nabi palsu, yang mengajak mereka untuk melawan Babel daripada menyerah dan tunduk kepada Babel. Dari isi cerita di atas kita dapat belajar bahwa mendengarkan suara Tuhan bukanlah hal yang mudah, terlebih jika perintah atau sabda Tuhan itu sulit untuk kita lakukan, seperti bangsa Yehuda yang diperintahkan untuk takluk pada Babel. Di sinilah, kita diingatkan bahwa mendengarkan suara Tuhan membutuhkan hati yang peka dan terbuka kepada karya dan rancangan-Nya atas hidup kita. Pada pekan anak saat ini, kita juga diajak untuk mau mendengarkan suara dari anak-anak kita. Kita mau memperhatikan apa yang menjadi harapan dan pendapat mereka. Mari kita membuka diri, memberi waktu bagi anak-anak kita untuk berbicara, dan kita mau mendengarkan suara mereka dengan kerendahan hati. Amin. [AR]. “Mendengarkan dengan telinga, membuka hati, dan meresapi setiap kata penuh makna.”
TIYANG SEPUH INGKANG PASRAH DHUMATENG SANG YEHUWAH
Minggu, 05 Juli 2026 Waosan : Mateus 11 : 16 – 19, 25 – 30 | Pamuji : KPJ. 178a ————————————————————————————————————————– “He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.” (Ayat 28) TIYANG SEPUH INGKANG PASRAH DHUMATENG SANG YEHUWAH Punapa panjenengan nate ningali ibu-ibu nyunggi wakul ngantos munjung ngangge sirahipun? Tamtu raosipun awrat sanget. Mekaten ugi gesang kita ing satengahing brayat. Kadangkala, kita minangka tiyang sepuh rumaos kawratan awit nggadah panggalih bilih nggulawenthah anak punika kados momotan ingkang kedah dipun pikul piyambak. Kita ugi asring ‘meksa’ anak-anak kita kedah manut pikajengan kita. Bilih anak-anak punika mboten manut, asring kita nesu ngantos kesupen bilih anak-anak punika butuh tuladha, butuh kabingahan, lan butuh katresnan ingkang tulus saking tiyang sepuhipun. Gusti Yesus paring piwucal bilih karsanipun Gusti Allah punika dipun paringaken dhateng tiyang-tiyang ingkang alus lan lembah manahipun, kados lare alit. Punika paring pangertosan kangge kita, bilih nggulawenthah anak punika mboten cekap mawi kapinteran donya kemawon, nanging mawi dhasar iman pitados dhumateng Gusti Yesus. Gusti Yesus piyambak ngendika, “He, para wong kang kesayahan lan kamomotan, padha mrenea, Aku bakal gawe ayemmu.” (Ay. 28). Tegesipun, Gusti Yesus karsa nulungi kita ingkang kawratan kangge njagi lan nggulawentah anak-anak kita. Anak punika peparing lan titipanipun Gusti, sanes kagungan kita piyambak, mila kedah kita didik kanthi sabar lan welas asih, kados dene Gusti Yesus anggenipun nresnani kita. Wonten ing Pekan Anak GKJW punika, sumangga kita sami mbangun brayat kita dados brayat ingkang ramah kangge anak-anak kita. Kita sami nggulawentah anak-anak kita mboten mawi cara ingkang atos nanging mawi tuladha ingkang sae lan pandonga ingkang tulus. Upaya punika, kita wiwiti saking kesagahan kita minangka tiyang sepuh umarek dhumateng Gusti Allah. Kita pitados bilih Gusti Allah badhe paring kawicaksanan dhateng kita kangge nggulawentah anak-anak kita kanthi manah ingkang tulus. Panjenengan-Ipun karsa paring kakiyatan lan katentreman dhateng brayat kita. Mugi anak-anak kita saged tuwuh dados anak ingkang setya bekti dhumateng Gusti lan nresnani dhateng sesami. Awit ngrimati anak kanthi sae punika wujud panuwun kita dhumateng Gusti ingkang Maha Mirah. Amin. [Prist]. “Sagah nggulawentah kanthi pasrah dhumateng Gusti ingkang Maha Mirah.”
TELADAN KEBAIKAN TUHAN
Sabtu, 04 Juli 2026 Bacaan : Mazmur 145 : 8 – 14 | Pujian : KJ. 184 ————————————————————————————————————————– “TUHAN itu baik kepada semua orang, dan penuh rahmat terhadap segala yang dijadikan-Nya.” (Ayat 9) TELADAN KEBAIKAN TUHAN Setiap orang tua selalu berharap anaknya dapat menjadi pribadi yang baik, patuh kepada mereka, pintar, berprestasi dan nantinya bisa menjadi “orang”. Bagi sebagian anak yang mampu memenuhi harapan orang tua mereka tersebut, ia akan mendapat pujian, dibangga-banggakan, dan dikasihi sedemikian rupa. Sementara bagi sebagian anak yang dianggap tidak dapat memenuhi harapan orang tua mereka, ia akan dianggap sebagai anak yang tidak baik, anak yang gagal, anak yang tidak bisa dibanggakan, bahkan yang paling buruk sampai dianggap sebagai anak durhaka. Pada akhirnya hal ini berdampak pada perlakuan sebagian orang tua kepada anak mereka dengan mengurangi rasa kasih sayang dan kebaikannya kepada anak mereka tersebut. Dalam bacaan Alkitab saat ini, Pemazmur ingin mengungkapkan dan menegaskan tentang kebaikan TUHAN yang tiada tanding pada seluruh ciptaan-Nya. Sifat TUHAN yang mengasihi dan menyayangi ciptaan-Nya itu nyata, kebaikan TUHAN itu dinyatakan bagi semua orang dan bagi semua yang dijadikannya. Luar biasa bukan? Tidak cukup berhenti di situ, TUHAN juga menopang mereka yang sedang “jatuh” dan menegakkan kepala mereka yang sedang tertunduk. Artinya Pemazmur menunjukkan bahwa kasih dan kebaikan TUHAN itu tidak terbatas. TUHAN tidak pernah mengurangi kasih dan kebaikan-Nya hanya karena ciptaan-Nya sedang dalam keadaan terpuruk dan gagal. Tidak alasan bagi TUHAN untuk tidak mengasihi dan menyatakan kebaikan-Nya bagi seluruh ciptaan-Nya. Itulah yang disaksikan oleh Pemazmur. Penegasan tentang kebaikan TUHAN oleh Pemazmur ini mengajak kita untuk berefleksi atas bagaimana laku hidup kita di hadapan TUHAN? Bagi kita yang adalah ciptaan TUHAN dan yang mengaku beriman kepada TUHAN, sudahkah kebaikan TUHAN itu kita salurkan kepada semua orang di sekitar kita? Atau sebenarnya selama ini kita masih memberikan batasan sesuai tolak ukur kita dalam berbuat baik? Mari kita belajar dari kesaksian Pemazmur, TUHAN itu baik dan mengasihi kita semua, tanpa memilih, tanpa batas, dan tidak pernah berkurang kasih dan kebaikan-Nya. Mari kita meluaskan hati kita untuk menebar kasih dan kebaikan kepada siapapun sesuai dengan teladan kasih dan kebaikan TUHAN kepada kita. Amin. [Hiz]. “Allah itu baik bagi semua orang!”
MANUT GUSTI
Jumat, 03 Juli 2026 Waosan : Zakaria 2 : 6 – 13 | Pamuji : KPJ. 400 ————————————————————————————————————————- “He sakehe tumitah! Padha menenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah, dene wus karsa tedhak saka ing padalemane kang suci. ” (Ayat 13) MANUT GUSTI Saben tiyang sepuh tamtu nggadhah pangajeng-ajeng gesang para putranipun kedah langkung sae tinimbang piyambakipun. Pramila saben dintenipun, para tiyang sepuh tansah nggulawentah lan nyekapi kabetahan para putranipun. Rinten dalu tansah ndedonga kangge putranipun, makarya kangge nyekapi kabetahan, lan nyekolahaken para putra punika. Bilih para putra punika manut, nindakaken prentah, lan ngajeni tiyang sepuh, tamtu gesangipun para putra saged katata lan sukses. Punika ugi dados kado ingkang mbingahaken tumrap para tiyang sepuh. Gesangipun manungsa kapulihaken saking dosa lan nampi kawilujengan, punika bukti katresnanipun Gusti, kados dene tiyang sepuh ingkang nresnani putranipun. Wonten waosan kita punika, Gusti Allah ngutus Zakaria kangge paring semangat lan panglipur dhateng bangsa Yehuda ingkang sisah amargi dados “tiyang buwangan” ing tanah Babilonia, sasampunipun Padaleman Suci ambruk lan kecalan tanah prajanjian. Ing ngriki, Gusti Allah prajanji bilih Panjenenganipun badhe mulihaken bangsa Yehuda (Ay. 10). Bangsa Yehuda badhe dipun wangsulaken malih dhateng Yerusalem lan Padaleman Suci badhe kawangun malih. Lumantar Zakharia, Gusti Allah ngengetaken supados umat ingkang sampun dipun pulihaken mboten mbalela kados para leluhuripun. Bangsa Yehuda kedah dados umat ingkang setya lan wanuh dhumateng Gusti. Saking waosan punika kita mangertos bilih Gusti Allah mboten namung nresnani umat-Ipun nanging ugi tansah ngayomi umat-Ipun ing sadengah prekawis gesang. Yen wonten lirik pepujian “Ayem neng Gusti Yesus”, sumangga mboten namung dipun kidungaken kemawon. Kita saged sinau saking gesangipun bangsa Yehuda ingkang dipun pulihaken dening Gusti lan kaparingan gesang enggal. Gesang kita ugi sampun dipun entasaken saking dosa lan nampi pamulihan saking Gusti. Kita sami ngraosaken berkah lan pakaryanipun Gusti. Mangga kita manut lan setya nindakaken pangandikanipun Gusti, kados dene anak ingkang ngabekti dhateng tiyang sepuhipun. Sampun ngantos gesang kita namung ngandelaken kakiyatan kita piyambak nanging mangga kita tetep fokus, sumende, lan manut dhumateng Gusti Allah kemawon. Amin. [Ry]. “Uripku tentrem rahayu amarga tansah manut pangandikanipun Gusti Allah.”
BEBAS BUKAN BERARTI TAK BERATURAN
Kamis, 02 Juli 2026 Bacaan : Roma 7 : 1 – 6 | Pujian : KJ. 356 – “Sebab itu, saudara-saudaraku, kamu juga telah mati terhadap hukum Taurat melalui tubuh Kristus, supaya kamu menjadi milik orang lain, yaitu milik Dia, yang telah dibangkitkan dari antara orang mati, agar kita berbuah bagi Allah.” (Ayat 4) BEBAS BUKAN BERARTI TAK BERATURAN Ketika saya masih kecil, saya ingat bagaimana kedua orang tua saya dengan tegas menerapkan satu aturan dimana saya harus berada di rumah paling lambat pukul 17.00 WIB. Jika saya belum ada di rumah pada jam yang telah ditentukan tersebut maka saya akan mendapat hukuman. Kala itu saya menganggap kedua orang tua saya tidak sayang kepada saya, anaknya. Hal ini kemudian membuat saya sering melawan dan memberontak kepada mereka karena aturan yang mereka buat tidak membuat saya merasa bebas. Bagian firman Tuhan yang kita bacaan saat ini merupakan nasihat Rasul Paulus kepada Jemaat Roma. Rasul Paulus tahu bahwa sebagian besar umat Tuhan di Roma adalah orang Kristen Yahudi yang masih memegang teguh aturan-aturan dalam hukum Taurat. Seperti kita ketahui, aturan pada hukum Taurat dibuat agar kehidupan umat dapat berjalan dengan baik dan teratur, namun jika aturan itu berubah menjadi sebuah aturan yang menekan seseorang, maka apa fungsi dari aturan tersebut. Untuk itulah, Rasul Paulus menasihatkan agar Jemaat di Roma bersatu dengan Tuhan Allah di dalam diri Yesus Kristus yang telah bangkit dari antara orang mati. Harapannya, hidup mereka dapat menghasilkan buah dari kelekatan mereka dengan Sang Kristus. Mereka tidak lagi hidup di bawah bayang-bayang hukum Taurat, melainkan hidup di dalam Kristus. Sering kali kita tidak memahami maksud Tuhan dalam hidup kita. Hari ini, kita belajar dari kisah hidup saya bahwa aturan yang diberikan orang tua kepada anaknya adalah baik, karena menuntun si anak berjalan di jalan kebenaran. Demikian pula Allah memberikan perintah dan aturan kepada manusia agar manusia hidup dalam kebenaran. Mari kita hidup dalam aturan Allah yang menuntun hidup kita pada keselamatan. Hiduplah dalam kasih-Nya agar hidup kita bisa menghasilkan buah yang dapat dilihat dan dirasakan oleh orang lain. Tuhan Yesus menolong dan memampukan kita hidup dalam kasih dan kehendak-Nya. Amin. [nda]. “Hiduplah dalam Kristus pasti engkau akan berbuah.”
BRAYAT INGKANG MEMUJI GUSTI
Rabu, 01 Juli 2026 Waosan : Yeremia 18 : 1 – 11 | Pamuji : KPJ. 160 – “Becike sira padha mratobata kabeh, ninggala solah-tingkahira kang ala, sarta becikna lakunira lan panggawenira!” (Ayat 11c) Wonten salah satunggaling pepujian pop-rohani ingkang jejeripun “Bagaikan Bejana” ingkang mekaten lirikipun: Bagaikan bejana siap dibentukDemikian hidupku di tangan-MuDengan urapan kuasa Roh-MuKu dibaharui selalu Pepujian punika nedahaken dhateng kita bilih kita punika namung grabah saking lemah lempung ingkang dipun bentuk dening Gusti. Bentukipun gumantung kaliyan laku gesang kita piyambak-piyambak. Bilih tasik ala, nggih badhe dipun bubrah ngantos dados grabah ingkang sae miturut Gusti Sang Kundhi ingkang Agung. Waosan punika salah satunggaling bab ingkang dados pepenget kangge bangsa Israel. Bab 18 punika nedahaken nabi Yeremia nampi Sabda saking Gusti, bilih piyambakipun kedah dhateng griyanipun kundhi. Wonten ing griyanipun kundhi punika, nabi Yeremia ningali kados pundi sang kundhi damel grabah mawi pirantinipun. Lajeng, Gusti Allah medharaken Sabdan-Ipun bilih bangsa Israel punika sampun tumindak ala. Mila Panjenenganipun badhe mbedhol, mbubrah, lan mbengkas tumrap bangsa Israel (Ay. 7). Ananging, menawi bangsa Israel purun mratobat, Gusti Allah badhe paring pangapunten. Gusti Allah punika kuwaos bentuk para umat-Ipun kados grabah ingkang dipun bentuk dening sang kundhi. Umat-Ipun badhe dipun bentuk kanthi sae awit Panjenenganipun punika Sang Kundhi Agung. Gusti mboten namung bentuk kita dados grabah, ananging ugi bentuk brayat kita dados grabah ingkang sae. Menawi kita sabrayat sedya dipun bentuk ngantos sae, kita sabrayat kedah nglampahi gesang bebrayatan kanthi sae. Kita ngaturaken pisungsung ingkang sae, inggih punika lelampahan brayat ingkang sae miturut karsanipun Gusti. Mekaten ugi kita tansah memuji Gusti ing gesang bebrayatan kita, tansah eling-ingilingake, paring pitutur, lan tumindak sae. Sadaya punika nedahaken bilih kita saged dados “grabah” ingkang sae. Sampun wancinipun, brayat kita dados “grabah” ingkang sae wonten ngarsanipun Gusti Allah. Mangga kita wujudaken gesang bebrayatan ingkang mbangun turut dhumateng Gusti. Gusti paring kakiyatan dhateng kita sadaya. Amin. [HADS].“Memuji Gusti kaliyan brayat kawula kanthi sukarena.”
PURUN MRATOBAT
1 Para Raja 21:17-29; Jabur 119:161-168; 1 Yokanan 4:1-6 “Bareng Sang Prabu Akhab midhanget pangandika iku, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan ngagem bagor sarta siyam. Malah anggone sare uga ngagem bagor, tuwin manawa lumampah alon-alonan” (1 Para Raja 21:27) PURUN MRATOBAT Sanadyan Prabu Akhab keblinthuk dening Izebel semahipun, nyrobot kebon angguripun Nabot, nanging pungkasanipun purun mratobat. Prabu Akhab ngakeni dosanipun ing ngarsanipun Gusti, kanthi pralambang nyuwek-nyuwek pangagemanipun lajeng ngagem busana bagor, tuwin siyam. Mratandhani gesangipun wonten kotoripun, ingkang mboten damel renanipun Gusti, mila lajeng ngasoraken gesangipun lan mratobat. Mratobat minangka tumindak sae ing gesanging manungsa. Manungsa ingkang swaunipun sesarengan kaliyan si dosa, gesang ing prekawis ala lajeng “balik kanan”, nilar si dosa lan tumindak-tumindak alanipun. Lajeng nyelak kaliyan Gusti, ngadhep dhumateng Gusti menapa dene setya dhateng pangandikanipun Gusti. Tiyang ingkang mratobat mboten cathuk lawung malih kaliyan si dosa, awit samangke sampun dados pendherekipun Gusti. Mboten dados abdinipun si iblis malih. Tumindak mratobat dados tumindakipun sedaya manungsa ing ngarsanipun Gusti. Mboten wonten benten-bentenipun, inggih tiyang sugih-mlarat, tiyang kutha-ndesa, para pejabat-masyarakat limrah, menapa dene warga dewasa lan putra. Rikala manungsa dhumawah tumindak dosa sageda enget ing dosanipun, lajeng enggal nilar dosa wau lan mratobat, gesang ing bebeneripun Gusti. Manungsa ampun ngantos gumunggung ing kasaenanipun, menapa dene rumaos sampun sae tanpa kalepetan dosa. Tiyang ingkang mekaten menika dados tiyang munafik ingkang gesang ing apus-apus. Bebasan bathang ingkang mambet, nanging dipun bungkus kain ingkang sae lan dipun semprot parfum. Mila, gandanipun “semerbak”, wangi, sanadyan aslinipun mboten mekaten. Tiyang ingkang ala lan tumindak dosa, sageda purun ngakeni dosanipun ing ngarsanipun Gusti. Purun mratobat, wangsul ing margi bebeneripun Gusti. Ampun ngantos dados tiyang munafik. Mratobat menika minangka tumindak kinurmatan ing ngarsanipun Gusti. Sageda katindakaken kanthi gumolonging manah. Amin |*KR
