7 April 2026Waosan : Lukas 8:1-3 TOTALITAS Ndherek Gusti punika boten namung satunggaling identitas ananging ugi wontenipun totalitas, wontenipun komitmen. Nalika Gusti Yesus tindak njajah kutha-kutha lan desa-desa martosaken Injil Kratoning Allah, Gusti Yesus ugi kadherekaken dening wong wadon sawatawis kados dene Maryam Magdalena, Yohana somahe Kuza, Susana lan sanesipun. Ing Lukas 8:1-3 punika kita ningali cariyos para pawestri punika sami nderekaken Gusti kanthi totalitas. Dhasar totalitas peladosan ingkang dipun tedahaken dening para pawestri inggih punika sih-rahmatipun Gusti. Kita mangertos bilih para pawestri punika tiyang ingkang sampun nampi sih-rahmatipun Gusti, nampi kawilujengan ingkang saking Gusti karana sampun dipun pitulungi dening Gusti saking maneka warni persoalan kados dene dipun luwari saking pangwasaning dhemit sesakit lan sanesipun. Para wong wadon punika rumaos binerkahan, rumaos nampi kanugrahan, nampi sihipun Gusti Pramila para wong wadon punika tansah ndherekaken, tansah ngladosi Gusti. Para pawestri anggenipun ndherekaken Gusti lan ngladosi Gusti punika inggih kanthi totalitas. Para pawestri punika masrahaken barang darbekipun saperlu dipun ginakaken kagem ngladosi Gusti lan para pandherekipun. Para pawestri punika boten ngeman barang darbekipun kagem ngladosi Gusti lan pandherekipun. Punika temtunipun minangka raos sokur awit gesangipun sampun nampeni karaharjan ingkang saking Gusti. Pramila anggenipun ngladosi Gusti punika boten setengah-setengah ananging kanthi totalitas: wekdal, tenaga, bandha lan sanesipun. Kula lan panjenengan sadaya minangka para kagunganipun Gusti ingkang sampun nampi sih-rahmatipun Gusti, sampun nampi sih kamirahanipun Allah, nampi kawilujegan langgeng, sumangga kita tansah ndherek Gusti lan ngladosi Gusti kanthi totalitas, aja setengah-setengah lan aja mangu-mangu, aja semaya lan aja suwala. (Pdt. Eko Susanto)
DEDE GODHONG NANGING WALULANG
6 April 2026Waosan : Purwaning Dumadi 3:7 Sarwa endah sarwa edi lan sarwa peni kawontenan ing taman Pirdus. Adam lan Kawa samya ngraosaken endahing gesang ing ngarsanipun Gusti Allah. Nanging wonten satunggal makhluk ingkang drengki, mboten sanes inggih Iblis. Mila kanthi kapinteranipun lajeng mblithuk dumateng Ibu Kawa supados nedha wong pangawruh becik lan ala. Lajeng clathu :”nanging Gusti Allah mirsa, samangsa sampeyan nedha wohipun wit punika, sampeyan badhe kaparingan awasing paningal, temah dados sami kaliyan Gusti Allah, saged nyumerepi ingkang sae lan ingkang awon.” (Purwaning Dumadi 3:5). Cekaking carita ibu Kawa mundhut woh pangawruh becik lan ala, lajeng dipun dhahar sesarengan kaliyan ingkang garwa, bapa Adam. Kanthi makaten Adam Kawa nerak wewaler ingkang dipun paringaken dening Gusti Allah. Wewaler punika namuung satunggal, ewadene Adam Kawa gagal, kapara nerak. Punika ingkang kawastanan wiwitaning dosa nggih dosa wiwitan. Manungsa sami lingsem, isin. Mboten wanton malih aben ajeng kaliyan Gusti Allah, kados adat saben wingi uni. Kangge nutupi lingsemipun, manungsa lajeng nggandheng-nggandheng godhong anjir kangge awer-awer nutupi awake. Nanging usahanipun manungsa kalawau mboten kasil aliyas gagal. Sesambetan antawisipun Gusti lan manungsa dados pedhot. Usaha miwah pambudidayaning manungsa mboten saged nyambung sesambetan ingkang sampun risak kalawau. Adam gagal. Gusti Allah lajeng mundhut karsa kangge nutupi wirang nggih nutupi dosane manungsa. “Sang Yehuwah Allah banjur ngaryakake sandhangan walulang marang manungsa lan kang wadon, sarta dianggokake. (Purwaning Dumadi 3:21) Wonten walulang ateges wonten kewan ingkang kapragat. Wonten wutahing rah. Tanpa wutahing rah mboten badhe wonten pangapuntening dosa. “Awit Cempe-Paskah kita uga wis disembeleh, yaiku Sang Kristus.” (1 Kor.5:7) Manungsa mboten saged ngupadi kawilujengan kanthi pambudidayanipun piyambak. Namung Gusti Allah ingkang saged nutupi dosa miwah paring kawilujengan lumantar korbanipun Gusti Yesus Kristus, nggih Sang Cempe Paskah. Gusti mberkahi. (GI. Em. Jasmin Tri)
PANGURBANAN INGKANG NGASILAKEN KAWILUJENGAN
5 April 2026Waosan : Yokanan 12 : 23 – 24 Manungsa boten purun gesangipun rekaos. Manungsa yasa piranti amrih anggenipun nglampahi pagesangan sekeca. Salah satunggal tuladha bilih manungsa boten purun rekaos, saha mbudidaya amrih gesangipun sekeca, kados ta : wontenipun alat transportasi. Manungsa yasa piranti transportasi awit anggenipun boten kepengin ngrekaos nalika kedah pindah, saking papan satunggal dhateng papan sanesipun. Sanadyan ta manungsa boten purun rekaos, ananging yektosipun manungsa boten saged uwal saking gesang rekaos. Purun boten purun manungsa kedah wantun rekaos amrih gesangipun boten rekaos. Limbangan wekdal punika ngrembag pasemonipun Gusti Yesus babagan wiji gandum. Amrih wiji gandum punika saged tuwuh, dados wit, lan ngasilaken woh ingkang kathah, wiji gandum kedah katanem. Wiji gandum ingkang katanem punika wiji ingkang garing (tegesipun wiji ingkang sampun mati). Amrih wiji punika gesang kanthi titikan tuwuh, wiji kalawau kedah katanem. Pasemon bab wiji gandum ingkang katanem punika, gegambaran babagan Gusti Yesus ingkang kedah seda amrih ndhatengaken kawilujenganing para manungsa. Gusti Yesus nindakaken pakaryan kawilujengan kanthi pangurbanan. Kawiwitan anggenipun rawuh ing jagad; nindakaken pagesangan kanthi winates sami kalayan manungsa-manungsa sanesipun; kawusanan kanthi kasangsara dumugi sedanipun ing kajeng salib. Ananging pangurbanan punika ngasilaken kawilujengan. Gesang kedah wantun kurban. Ampun alergi gesang prihatin. Gesang prihatin minangka wujud pangurbanan minangka margining berkah dumugi. Boten wonten pangurbanan boten wonten berkah. Cak-cakan padintenan limbangan dinten punika, kados ta : ampun nggrundel nalika ngadhepi keprihatinan. Rohayu, Gusti Yesus mberkahi. (Pdt. Abednego Utomo Prasetyo)
TETAP SETYA TUHU NGLADOSI GUSTI
4 April 2026Waosan : 1 Timotius 1:12 Tumrap saperangan tiyang lelados ing ngarsanipun Gusti, yuswa ingkang sampun sepuh punika sanes perkawis ingkang gampil, awit , lelados ing ngarsanipun Gusti mbetahaken kesanggeman ngadhepi kathah pepalang kepara malah dipun tolak, dipun usir. Pepalang ingkang paling awrat inggih punika saking salebeting diri pribadi. Antawisipun raos aras-arasen, bosen lan nglokro nalika kita nindakaken ayahan peladosan. Sinau saking Rasul Paulus kados ingkang kacariosaken ing 1 Timotius 1:12, kita saged tetep ngladosi Gusti kanthi sae menawi diri pribadi kita : Ingkang sepisan : Tansah ngaturaken sokur. Tansah ngaturaken sokur tumrap sedaya sih katresnanipun saha sihrahmatipun saha kekiyatan ingkang kaparingaken dening Gusti. “Aku saos sokur marang Panjenengane , kang nyantosakake aku yaiku Gusti Kristus Yesus Guati kita amarga Panjenengane kersa nganggep aku tumemen sarta banjur kaparingan bubuhan leladi iki” (ay. 12). Ingkang kaping Kalih : Nggadhahi tanggel jawab. Nalika kita pinitados kangge lelados Gusti, mila kita kedah nindakaken kanthi kebak ing tanggel jawab. Sampun ngantos ngladosi Gusti namung sak sekecanipun piyambak, sembrono utawi mboten kanthi tulusing manah. Peladosan kagem Gusti kedah katindakaken kanthi saestu-estu, sampun ngantos owel, kedah dipun lampahi kanthi sawetahing jiwa lan raga lan sak sae-saenipun….. amarga Panjenengane kersa nganggep aku tumemen sarta banjur kaparingan bubuhan leladi iki” (ay. 12). Sumangga kita nganyaraken pikiran kita ingkang boten leres bab tegesing ngladosi Gusti, bilih ngladosi Gusti punika kedah kawiwitan kanthi raos sokur saha nindakaken kanthi kebak ing tanggel jawab. Saben peladosan ingkang katindakaken kanthi kebak ing tanggeljawab mila badhe dados berkah tumrapipun tiyang kathah. Mumpung taksih pinaringan wekdal, mangga kita lelados kanthi sak sae-saenipun Kenging punapa kita kedah ngladosi Gusti? Cara ingkang kados pundi ingkang kedah kita lampahi nalika kita ngladosi Gusti? Tekad kita kangge ngladosi Gusti badhe kita lestantunaken ngantos Gusti ngendika “Cukup”. (Nunia Widowinarti)
PENGETAN PASKAH
3 April 2026 Pangentasan 12:26 – 28 – Dene manawa anak-anakmu padha takon marang kowe: Punapa tegesipun pangibadah punika?, tumuli padha wangsulana: Iku kurban Paskah sumaos marang Pangeran Yehuwah, kang nglangkungi omah-omahe wong Israel ana ing tanah Mesir, nalikane wong Mesir katibanan wewelak, nanging omah-omah kita diayomi.” Wong akeh banjur padha tumelung lan sumungkem sujud. Wong Israel banjur padha lunga sarta nglakoni sadhawuhe Pangeran Yehuwah marang Nabi Musa lan Rama Harun. Kaya mangkono wong-wong mau anggone padha ngestokake. PENGETAN PASKAH Wujud berkahipun Gusti ingkang nyata ing gesang kita ingkang kedah dipun sokuri inggih menika ambal warsa. Adatipun pangucap sokur ing dinten ambal warsa dipun tandhani kanthi pista utawi dhahar sesarengan. Pangandikanipun Gusti ing dinten menika nerangaken bab riyaya Paskah, pangluwaranipun bangsa Israel saking wewelak kaping sedasa: Anak mbarep pejah. Pengetan Paskah menika pengetan ingkang kalebet bab anyar tumrap bangsa Israel, ananging dhawuhipun Gusti supados pengetan menika dados piwulang lan pengetan ingkang kedah dipun lestantunaken. Tujuanipun supados bangsa Israel tansah enget dhateng pangwaos lan pakaryanipun Gusti Allah dhateng bangsa menika. Pengetan Paskah minangka pangeling-eling tumrap pakaryanipun Gusti Allah ngluwari bangsa Israel saking negari pangawulan, Mesir. Pengetan Paskah minangka pangeling-eling bab pangwaosipun Gusti Allah ingkang ngluwari bangsa Israel saking wewelak setunggal ngantos sedasa. Sedaya keturunan Israel kedah mangertos bab menika, pramila pengetan Paskah kedah dipun lestantunaken turun-temurun. Pangibadah inggih menika caranipun tiyang-tiyang pitados nelakaken tuwin ngraosaken sesambetanipun kaliyan Gusti Allah adhedhasar pakaryanipun ingkang milujengaken, ingkang sampun dipun alami. Pangibadah menika panuwun sokur awit Sang Kristus sampun seda sinalib, nguwalaken kita saking paukuman pati, sinaosa secara lahiriah sedanipun awit raos gethingipun para imam dalah tiyang ingkang nampik Panjenenganipun. Pangibadah ingkang sejati inggih menika pangibadah ingkang tumemen nresnani lan ngurmati Gusti Allah, ngluhuraken asmanipun ingkang mawujud ing pagesangan kita saben dintenipun. Gusti mberkahi pangibadah kita sedaya ingkang kadhasaran panuwun sokur awit panggulawenthah lan berkahipun Gusti. (Pdt. Suharto)
AJA MÈRIPESATING WEKDALAJA MÈRI
2 April 2026 Jabur 90:10 – Laminipun gesang kawula sadaya punika pitung dasa taun,dene manawi kawula sami kiyat, wolung dasa taun, saha ingkang dipun gung-gungaken punika anggenipun nandhang rekaos lan sangsara,amargi lampahipun rikat sanget saha kawula sami kabur sirna. AJA MÈRIPESATING WEKDALAJA MÈRI Setunggal wekdal, semah kula ngudaraos,”Wektu kok rumangsaku saiki cepetmen ya mas. Durung suwe dina Senin, iki wis arep dina Senin meneh.” Sayektosipun wekdal ing samangke lan ugi ing saderengipun, punika sami kemawon. Namung raos batos punika ingkang mbentenaken. Jaman taksih alit ing wulan Pasa kados ngaten punika raosipun dangu sanget anggenipun nengga dinten Bada. Awit jaman suwau, menawi dinten Bada utawi riyaya Idul Fitri, lare-lare dipun tumbasaken rasukan utawi sepatu ingkang enggal kaliyan tiyang sepuhipun. Sasanesipun punika ugi ing dinten Bada lare-lare dipun mangsakaken opor ayam, kupat, sambel goreng kenthang lan rupi-rupi nyamikan dipun samektakaken. Lajeng menawi pinanggih sadherek ingkang loma, lajeng ugi dipun paringi arta kangge tumbas buku lan sanes-sanesipun. Awit wekdal ingkang dipun rantos kados makaten, malah kados-kados dados dangu. Namung kosokwangsulipun, menawi mboten dipun rantos, malah dipun selaki, ketingalipun wekdal punika rikat lampahipun. Tiyang nyambut damel, ingkang biasanipun dinten Minggu prei, menawi dereng tutug anggenipun istirahat ing dinten Minggu, ngraosaken dinten Minggu kok cepet sanget. Ujug-ujug sampun Senin malih. Menawi nyinau saking waosan Jabur 90:10 punika, sasanesipun menggah yuswanipun manungsa ingkang kasebat 70 taun lan menawi kiyat 80 taun, wekdal ingkang dipun lampahi rinaos rikat sanget. Punika kadidene tiyang ngimpi utawi kapindhakna suket ingkang ing wanci enjang ketingal seger nanging mboten gantalan dangu, ing wanci sonten lajeng badhe alum lan garing. (ay. 5-6) Ing alkitab basa Inggris kangge nerangaken bab punika dipun ginakaken tembung soon ingkang tegesipun enggal-enggal. Mbok menawi kita ugi ngraosaken bab punika. Ujug-ujug mboten ora mung trimah Senin malih, ananging ngudaraos, “Kok wis umur semene ya, mangka kaya durung suwe dadi bocah cilik?” Sumangga awit ngraosaken wekdal gesang ingkang ketingal pesat kados makaten pramila sampun wancinipun kita nindakaken gesang ingkang namung ngener kangge mbangun miturut namung dhumateng Sabdanipun Gusti. Gusti mberkahi, amin. (Pdt. Em. Suyito Basuki)
AJA MÈRI
1 April 2026 Waosan : Mateus 15:24 – Gusti Yesus banjur mangsuli, pangandikane: “Aku mung kautus marani wedhus-wedhus Banisrael kang padha ilang bae.” AJA MÈRI Ing sawetawis bangsa lan suku bangsa wonten anggepan bilih lare mbajeng punika nggadhahi kalenggahan ingkang langkung utami, tinimbang adhik-adhikipun. Katitik menawi wonten suksesi raja ing satunggaling krajan ingkang dipunpilih rumiyin putra pambayun ingkang nggadhahi hak mirunggan (privilege), minangka raja putra nalendra (putra mahkota). Mekaten ugi ing masyarakat, lare pambajeng asring maliki kulawarga utawi tiyang sepuhipun, ing sadhengah kalodhangan. Ing pasemon punika, lare pambajeng nginten menawi bapakipun boten adil. Rikala adhikipun ingkang mlajar saking griya lan dipunanggep lare ical, awit sampun nyuwun warisan bageanipun, mangka bapakipun tasih gesang. Tumunten wangsul dhateng griya malih ing kawontenan mlarat. Dening bapakipun dipuntampi lan dipunrengkuh kanthi sukarena, sarana bujana andrawina. Putra pambajeng boten remen; meri, srei lan panasten, awit adhikipun ingkang sampun ngebreh arta. Lare pambajeng ingkang mituhu sadangunipun gesang sesarengan kaliyan bapakipun, sampun nggadhahi samudayanipun ing griyanipun. Nanging rumaos boten nggadhahi hak mirunggan, rumaos boten gadhah punapa-punapa, namung rumaos minangka batur. Mangka sejatosipun piyambakipun sampun nggadhahi hak istimewa minangka lare pambajeng. Piyambakipun rumaos mlarat, awit raos pangraosipun tasih kadunungan sipat meri, drengki lan kecalan katresnan dhumateng adhikipun. Sampun rumaos kecalan berkah-berkah ingkang sejatosipun sampun dados regemanipun ing griya bapakipun. Ing kala mangsanipun minangka tiyang Kristen, kadhang kawis kita nggadhahi raos mekaten; kadosdene lare pambajeng. Gesang boten wonten suka rena lan boten gadhah raos panuwun dhumateng Gusti Allah. Mangka sejatosipun kita punika kaangkat dados putra-putranipun Gusti Allah, kaparingan hak mirunggan, ingkang boten dipun gadhahi dening tiyang sanesipun ing donya punika. Panjenengan lan kula sampun katebus dening Gusti Yesus, tumunten nglampahi pangabekten, ngladosi lan ngaturaken pisungsung kados netepi kuwajiban linambaran raos ajrih asih. Menawi kita rumaos tasih minangka tiyang dosa lan gesang ing pepeteng, lan badhe nampi paukuman, menika rumiyin. Samenika kita sampun kaparingan pangapunten lan kaparingan kanugrahan kawilujengan, pramila sampun samesthinipun nyingkur pikajeng piyambak tumunten ngrasuk gesang minangka putranipun Gusti Allah. (Iskandar MZ)
KAWICAKSANAN SAKING GUSTI
Selasa, 31 Maret 2026 Waosan : 1 Korinta 1 : 18 – 31 | Pamuji : KPJ. 279 – “Nanging kang kaanggep bodho mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake para wong wicaksana, apadene kang kaanggep ringkih mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake kang rosa, …” (Ayat 27) KAWICAKSANAN SAKING GUSTI Salebeting gesang panjenengan punapa tah ingkang utami? Mbok bilih wonten ingkang badhe mangsuli: ingkang utami ing gesang punika sugih, awit tiyang ingkang sugih punika saged nyekapi sadaya kabetahan gesangipun. Piyambakipun bingah karana sadaya pepenginanipun saged katurutan. Wonten ingkang mangsuli: ingkang utami ing gesang punika drajat lan pangkat, awit tiyang ingkang kagungan drajat lan pangkat punika nggadhah panguwaos lan dipun urmati dening tiyang sanes. Wonten ugi ingkang mangsuli: ingkang utami ing gesang punika wilujeng. Tiyang sugiha kados punapa, nggadhahana drajat lan pangkat ingkang inggil nanging bilih gesangipun mboten wilujeng tamtu ugi badhe sisah. Rasul Paulus ngatak pasamuwan Korinta bab wigatinipun martosaken Injil. Kanggenipun tiyang Yahudi bab martosaken Sang Kristus ingkang sinalib punika dados sandhungan, lan kanggenipun tiyang Yunani punika dipun anggep kabodhoan (Ay. 23). Nyatanipun kangge para tiyang pitados, bab martosaken Sang Kristus punika dados kakiyatan saha kawicaksanan saking Gusti Allah (Ay. 24). Pramila Rasul Paulus ngiyataken para pitados ing kutha Korinta supados tatag ngadepi maneka warni pacoben nalika martosaken Sang Kristus. Kados ing ayat nats kita, Rasul Paulus nyebataken, “Nanging kang kaanggep bodho mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake para wong wicaksana, apadene kang kaanggep ringkih mungguhing jagad, kapilih dening Gusti Allah kanggo mirangake kang rosa, …”(Ay. 27). Nats punika dados kakiyatan para tiyang pitados anggenipun setya martosaken Sang Kristus, mboten ngangge kakiyatan sacara kamanungsan nanging ngagem kawicaksanan saking Gusti. Ing pekan suci punika, kita minangka umat-Ipun Gusti sami dipun timbali kangge martosaken Sang Kristus salebeting gesang kita. Gusti Yesus sampun karsa nandhang sangsara kangge kita manungsa. Panjenenganipun sampun ngorbanaken Sariranipun supados kita sami wilujeng. Pramila sampun ngantos kita nilar Gusti Yesus, nanging mangga kita sansaya setya lan langkung rumaket dhumateng Gusti. Kita wantun martosaken Gusti Yesus. Mangga kita nyuwun kakiyatan lan kawicaksanan saking Gusti, awit srana kawicaksanan saking Gusti kemawon kita saged martosaken Gusti Yesus lan nampi kawilujengan. Amin. [AR]. “Gusti Allah Sang Sumber Kawicaksanan, mugi nunggil lan nulungi kita.”
TAK BUTUH SOROTAN
Senin, 30 Maret 2026 Bacaan : Yesaya 42 : 1 – 9 | Pujian : KJ. 446 – “Buluh yang patah terkulai tidak akan diputuskannya, sumbu yang pudar nyalanya tidak akan dipadamkannya, dengan setia Ia akan menyatakan hukum.” (Ayat 3) TAK BUTUH SOROTAN Sabtu malam selepas Ibadah Sabtu Sunyi, gereja mulai lengang. Jemaat pulang membawa perenungan dan lilin-lilin mulai padam perlahan. Tapi di tengah keheningan itu, beberapa orang tetap tinggal, mereka seksi dekorasi. Mereka bekerja dalam diam dan cinta dari dekorasi yang dituangkan. Kain ungu diturunkan, diganti putih; bunga segar ditata dengan cermat; meja perjamuan dibersihkan dan dihias ulang. Tidak ada kamera, tidak ada tepuk tangan, hanya kesetiaan yang tenang. Mereka tidak melayani demi sorotan, tapi karena tanggung jawab yang lahir dari cinta. Mereka tahu, esok pagi gereja akan menjadi tempat di mana kematian dikalahkan dan hidup baru dimulai. Dalam kerja yang tampaknya “remeh”, mereka ikut menyiapkan simbol ruang bagi kebangkitan Kristus. Yesaya 42:1-9 menggambarkan sosok Hamba TUHAN yang membawa keadilan bukan dengan kekerasan atau sorak-sorai, melainkan dengan kelembutan dan kesetiaan! Ia tidak mematahkan buluh yang terkulai dan tidak memadamkan sumbu yang pudar, sebuah ungkapan simbolis tentang kepedulian terhadap yang rapuh dan hampir padam! Hamba ini bekerja dalam diam, namun penuh keteguhan. Ia tidak mencari gemerlap perhatian tetapi tetap setia menunaikan panggilan hingga tuntas. Gambaran ini menegaskan bahwa keadilan Allah hadir bukan hanya dalam tindakan besar, namun juga dalam kesetiaan kecil yang tak terlihat. Keadilan yang dibawa Hamba TUHAN adalah keadilan yang memberi ruang untuk pemulihan, bukan penghukuman, keadilan yang menjunjung kehidupan, bukan menghancurkannya. Di tengah kesibukan pelayanan yang sering tampak di panggung, ada mereka yang setia, yang bekerja dalam diam, seperti seksi dekorasi. Mereka tidak menata gereja atau membentangkan kain putih untuk mendapat perhatian, tetapi karena tanggung jawab dan cinta yang sederhana. Dalam setiap detail yang mereka siapkan, mereka membantu menciptakan ruang yang layak untuk perayaan kebangkitan Kristus. Apa yang mereka kerjakan mungkin luput dari sorotan, tetapi justru di sanalah “Kristus” hadir: lewat tangan yang merapikan, mata yang memperhatikan, dan hati yang memberi tanpa pamrih. Jika kebangkitan disiapkan oleh cinta yang bekerja dalam diam, pertanyaannya: peran sunyi apa yang kita lakukan dalam menyambut hidup baru itu?Amin.[vena]. “Not all of us can do great things. But we can do small things with great love.” (Mother Teresa)
NAMPI RAWUHIPUN GUSTI KANTHI MANAH INGKANG TULUS
Minggu, 29 Maret 2026 Waosan : Mateus 21 : 1 – 11 | Pamuji : KPJ. 278 – “Lan wong akeh kang padha lumaku ana ing ngarsane Gusti Yesus lan kang lumaku ana ing sawingkinge padha nguwuh-uwuh pangucape: “Hosana konjuk ing Putranipun Prabu Dawud, binerkahana ingkang rawuh awit saking Asmaning Pangeran. Hosana wonten ing ngaluhur.” (Ayat 9) NAMPI RAWUHIPUN GUSTI KANTHI MANAH INGKANG TULUS Wonten satunggaling dinten, Lani siswa SD dipun paringi tugas ngalungaken sekar kagem Bapak Bupati ingkang badhe rawuh ing sekolahan. Sanadyan piyambakipun taksih alit, piyambakipun purun sinau cara anggenipun ngalungaken sekar kanthi teman, wiwit saking latihan mesem, nyapa, lan ngalungaken sekar kagem Bapak Bupati. Nalika dinten rawuhipun Bapak Bupati punika dugi, Lani kanthi yakin nindakaken tugasipun, ngalungaken sekar dhumateng Bapak Bupati. Lani tansah mesem sumunar amargi mangertos bilih piyambakipun nyambut tamu ingkang wigati. Wacaan Injil dinten punika nyariosaken kedadosan nalika Gusti Yesus lumebet ing kutha Yerusalem. Tiyang kathah sami nyambut rawuhipun Gusti Yesus mlebet kutha Yerusalem kanthi sorak-sorai, nggelar rasukanipun ing margi, ngibas-ngibasaken godhong palma, lan sorak, “Hosana tumrap Putranipun Dawud!” Para tiyang punika nyambut Gusti Yesus minangka Sang Raja, sanadyan Panjenenganipun rawuh kanthi andhap asor, nunggang kuldi. Prastawa punika maringi piwulang dhateng kita sadaya: kadang manungsa remen nyambut Gusti, nanging mboten sadaya ngraosaken lan mangertos sinten sejatosipun Gusti Yesus punika. Mboten dangu sasampunipun nyambut rawuhing Gusti Yesus, swanten sorak, “Hosana” gumantos dados “Pasang ing kayu salib!” Punika dados pangenget supados kita mboten namung nyambut Gusti Yesus ing kahanan sae kemawon. Wonten mangsa Pra Paskah punika, kita dipun ajak nyambut Gusti Yesus kanthi satuhu. Mboten namung lumantar tembung, nanging ugi lumantar gesang kita. Gesang ingkang kalampahan kanthi katulusan, andhap asor, purun paring pangapura, lan gesang miturut karsanipun Gusti, punika wujud ingkang nyata anggen kita nyambut Gusti. Kanthi mekaten, kita saged nyambut Gusti Yesus, mboten namung minangka tokoh agung, nanging minangka Juru Wilujeng ingkang nuntun gesang kita. Amin. [YNW]. “Nyambut Gusti punika boten cukup kanthi godhong palem, nanging kanthi gesang ingkang tulus lan sumadhya tumrap Panjenenganipun.”
