20 April 2026Waosan : Pangentasan 16:13, 31 – Setunggal wekdal kula dipun gegujeng kaliyan semah kula, rikala kula ngucap menawi kula sajegipun gesang nembe sepindhah punika dereng dangu ngraosaken tetedhan ingkang naminipun ‘puyunghay’. Puyunghay punika satunggaling tetedhan ingkang kadamel saking bahan dasar tigan saha tepung. Sasampunipun dipun ublak kaliyan bumbunipun lajeng dipun goreng. Sasampunipun punika dipun entas lajeng dipun ecuri kaliyan saos ingkang sampun dipun samektakaken. Raosipun kados dene martabak, namung isen-isenipun benten sinaosa sami-sami bahanipun tigan lan tepung. Satunggal wekdal tiyang-tiyang Israel ingkang nembe wonten ing ara-ara samun kepengin sanget nedhi daging. Rikala taksih wonten ing Mesir, tetedhan daging punika saged dipun tedhi ing saben dintenipun. Gusti Allah midhangetaken panyuwunipun tiyang-tiyang Israel punika satemah dipun tedhakaken peksi puyuh ingkangsaged dipun mangsak dagingipun lan sami dipun tedhi. Tiyang Israel ugi nyuwun tetedhan sanesipun ingkang saged damel padharanipun wareg. Gusti ugi lajeng nedhakaken roti ingkang legem sanget ingkang dipun paringi nami roti manna. Tamtu kemawon roti manna punika langkung sedhep raosipun tinimbang puyunghay lan tetedhan sanesipun. (Pangentasan 16:13, 31) Punapa ingkang dipun penginaken dening tiyang Israel, Gusti Allah minangkani ujer punika mujudaken satunggaling kabetahan. Ananging punapa undhuh-undhuhanipun? Tiyang Israel mboten sadaya sami sumuyud dhateng Gusti. Titikanipun, mboten sadaya kepareng lumebet ngantos ing tanah Kanaan. Menawi satunggal wekdal kita mbetahaken samukawis, ujer punika satunggaling kabetahan kita, tamtu Gusti badhe minangkani. Namung kemawon, sasampunipun dipun pinangkani, kita kedah langkung sumuyud gesang kita dhumateng Gusti. (Pdt. Em. Suyito Basuki)
KAPANG DHATENG GRIYA PAMUJAN
19 April 2026Waosan : Jabur 84:3: Markus 1:21 – Ing sawetawis dhusun, boten sakedhik sadherek-sadherek tunggil pitados ingkang griyanipun tebih saking greja. Wonten ingkang tebihipun kalih ngantos gangsal kilometer, malah kepara wonten ingkang langkung. Sadherek-sadherek punika menawi sami bidhal ngabekti ing dinten Minggu, wonten ingkang mlampah, sinaosa tebih, awit boten wonten tumpakan. Wonten ingkang nitih sepedha onthel, wonten ugi ingkang nitih sepedha montor. Lampahipun nglangkungi bulak-bulak bawera, lan wana wiyar. Sadherek-sadherek punika sami kapang badhe ngabekti ing ngarsanipun Gusti Allah. Kados punapa ingkang dipunraosaken dening panganggit masmur mekaten: “Nyawa kawula rempu margi kangen dhateng plataranipun Pangeran Yehuwah, manah kaliyan raga kawula sami asumyak-sumyak tumuju dhumateng Gusti Allah ingkang gesang.” (Jabur 84:3). Menggahing bangsa Yahudi Padaleman Suci minangka pratandha karawuhanipun Gusti Allah. Pramila rikala tiyang-tiyang Yahudi ngabekti ing Padaleman Suci rumaos bilih Gusti Allah rawuh saestu mrepegi umatipun kanthi wetah. Bab punika ugi dipuntedahaken dening Gusti Yesus mekaten: “Kacarita lakune wis padha tekan ing kutha Kapernaum. Bareng dina Sabat, Gusti Yesus banjur tindak lumebet ing papan pangibadah lan memulang.” (Markus 1:21). Punapa ingkang dipun sarirani ndhadosaken bilih ngabekti ing griya pamujan boten bab rutinitas namung upacara agami, ananging minangka kabetahan saben tiyang pitados dhumateng Gusti Allah kanthi tumemen. Ing satengahing kathah pakaryan (kesibukan) boten saged dipun dadosaken pawadan bilih sampun boten wonten wekdal kangge ngabekti ing dalem pamujan. Minangka tiyang pitados, kita mbetahaken piwucal, mirengaken dhawuh pangandikanipun Gusti Allah lan memuji asmanipun. Kajawi saking menika panjenengan lan kula nggadhahi kalodhangan ngawontenakan pasrawungan kaliyan warga pasamuwan sanesipun ingkang saged ngraketaken pasedherekan ing antawisipun warganing pasamuwan. Minangka tiyang Kristen sampun samesthinipun kita nuladha kaliyan punapa ingkang sampun dipunsarirani dening Gusti Yesus, ingkang boten nyupekaken pangibadah ing dinten Sabat (dinten palereman). Sampun ngantos kita boten tumemen anggen kita ngibadah, sampun ngantos kita nyepelekaaken pangibadah, upaminipun asring telat dhateng greja, boten tumemen. Rikala ngibadah kita kedah nglampahi kanthi gumolonging manah. (Iskandar MZ)
TANPA SYARAT
18 April 2026Waosan : Efesus 2:8 – Salah satunggaling teolog ingkang nama C.S. Lewis ngendikakaken bilih salah satunggaling keunikan iman Kristen inggih menika piwulang babagan sih rahmatipun Allah. Sih-rahmat inggih menika peparingipun Gusti Allah dhateng manungsa kanthi ancas mbekta manungsa dhateng rancanganipun Gusti wiwitan mula. Piwulang agami umumipun nandhesaken bilih saben tiyang kedah nindakaken ingkang sae ing gesangipun supados mlebet swarga. Kosokwangsulipun namung kekristenan ingkang wantun nedahaken bilih Gusti Allah anggenipun nresnani manungsa menika tanpa syarat. Peparingipun Gusti anggenipun milujengaken manungsa dosa kebabar wonten ing Gusti Yesus ingkang seda ing kajeng salib (Luk. 23:33-49). Minangka tiyang pitados, kita kedah mangertosi biih peparingipun Gusti menika aji sanget lan mboten wonten tandhingipun kaliyan menapa kemawon. Peparingipun Gusti Allah menika otoritas lan hak prerogratifipun Gusti. Menika gratis, mboten mbayar. Kadosdene hadiah ingkang aji sanget, mila kita badhe tansah ngurmati hadiah menika, njagi kanthi gumolonging manah minangka perkawis ingkang istimewa. Menawi kita ngrumaosi bilih kita sampun nampi peparingipun Gusti kamangka kita taksih sakepenake damel dosa, menika ateges kita nolak tawaran peparingipun Gusti menika utawi ateges kita milih kangge ngadhepi paukuman langgeng. Sinaosa menika hak prerogratifipun Gusti ananging Gusti ugi maringi kamardikan dhateng kita kangge nampi utawi nolak. Pramila, kita ingkang sampun nampi peparingipun Gusti sampun sakmesthinipun sumadya kawangun lan katuntun dehing Gusti. Kita ingkang kawilujengaken mboten srana tumindak sae, ananging kawilujengaken kangge nindakaken kasaenan. Menika minangka panuwun sokur dhumateng Gusti, pangabekti kita dhumateng Gusti. Mila sumangga kita sangsaya mempeng anggen kita nindakaken kasaenan kagem ngluhuraken asmanipun Gusti lan minangka dados berkah kangge tiyang kathah. Gusti mitulungi, amin. (Pdt Suharto)
PANGURBANAN MRATANDHANI PAKURMATAN
17 April 2026Waosan : Mateus 26 : 6 – 13 – Kula gadhah rencang nyambut damel minangka abdi dalem Kraton. Gajinipun minangka abdi dalem kirang saking setunggal atus ewu rupiah. Elokipun, rencang abdi dalem kalawau nyambut damel kanthi gumregah lan tumemen. Anggenipun kesah ngantor saben dinten wiwit enjing ngantos sonten. Sakwayah-wayah nampi timbalan, sanadyan ta sampun uwal jam ngantor, rencang abdi dalem kalawau inggih mboten enggal gage-gage. Kula nate pitaken, mekaten : ”Blanjane sithik wae kok mbok rewangi ngrekasa nganti ngono ta Kang?” Rencang abdi dalem kalawau mangsuli, mekaten : ” Jenenge wae abdi, ya kudu ngajeni sing diladeni ta Lik. Jenenge abdi dalem kraton ya kudu kurmat karo Sinuhun. Wujude pakurmat ya kaya sing taklakoni iki.” Mateus 26 : 6 – 13 nyerat babagan wanita ingkang sanget anggenipun ngurmati Gusti Yesus. Wujud pakurmatipun kanthi caos lisah jebad ingkang awis sanget, dhateng Gusti Yesus. Wanita kalawau boten ngetang awising regi lisah jebad. Wanita kalawau ngetang kalenggahanipun Gusti Yesus ing gesangipun. Awit kalenggahanipun Gusti ingkang luhur tumrap wanita kalawau, matemah tuwuh pakurmat ingkang maujud ing pangurbanan. Para siswa ingkang mabeni wanita kalawau, awit kabiji ”ngeceh-ceh dhuwit”, yektosipun dereng dumugi pamawas dalah imanipun. Titikanipun punapa? Gusti Yesus nyarujuki lekasipun wanita kalawau. Wujudipun pakurmat inggih punika pangurbanan. Tiyang ingkang caos pakurmat dhateng Gusti tegesipun caos kurban dhateng Gusti. Boten wonten pakurmat menawi boten wonten pangurbanan. Tansaya ageng pakurmat, tansaya ageng ugi pangurbanan ingkang kacaosaken. Tiyang Kristen ingkang ngurmati Gusti inggih punika tiyang ingkang wantun caos kurban dhateng Gusti. Cak-cakan padintenan limbangan punika, kados ta : nalika caos pisungsung dhateng Gusti ing kegiatan-kegiatan pasamuwan, ampun angger kur. Sinau caos ingkang sae. Rohayu, Gusti Yesus mberkahi. (Pdt. Abednego Utomo Prasetyo)
KORBAN RASA DADYA MULYA
16 April 2026Waosan : 2 Para Raja 5:14 – Kacariyos ing dalemipun Senapati Naaman wonten abdi wadon saking tanah Israel minangka tawanan perang. Lare estri kalawau tumuli matur dumateg bendara putri, “Menawi bendara karsa manggihi nabi ingkang wonten ing Samaria, nabi punika tamtu damel birating gerahipun bendara.” Pramila Senapati Naaman ingkang gerah kusta tindak tumuju Samaria saperlu manggihi abdinipun Allah, inggih nabi Elisa, supados pikantuk kawaluyan. Ananging kuciwanipun, nabi Elisa mboten medal manggihi secara pribadhi, namung utusan abdinipun saha matur, “Panjenengan dalem kaaturan siram kaping pitu wonten ing benawi Yarden, temah sarira panjenengan dalem badhe dados resik.” Senapati Naaman kagungan ego ingkang inggil, rumaos dipun sepelekaken. Piyambake duka kanthi nemen. Cengkelak, kereta dipun puter walik saperlu enggal kondur dateng negari asalipun. Manahipun benter sanget, nepsunipun mboten saged kabendung, dhadhane umub. Wonten ing kawonten ingkang makaten kalawau, para punggawa sami matur, “Bendara, saupami nabi punika matur, supados Bendara nglampahi padamelan ingkang awrat, Bendara rak inggih badhe nindakaken, ta? Punapa malih sapunika, nabi namung matur: Kawula aturi siram, temtu lajeng dados resik.” Senapati Naaman lajeng mbucal gumunggungipun. Egonipun ingkang inggil dipun pangkas. Wonten rasa lembah manah thukul ing dhiri pribadhinipun. Kula mitadosi kanthi slulup ing benawi Yarden, Senapati Naaman kagungan panyuwun dateng Gusti Ingkang Mahakawasa, “Gusti mugi paring kasarasan dumateng kawula.” “Ing kono panjenengane (Senapati Naaman) tumuli mandhap lan slulup kaping pitu ana ing bengawan Yarden netepi ature abdining Allah (nabi Elisa) mau, wasana sarirane banjur pulih maneh kaya awake bocah cilik, sarta wus dadi resik.” Dadi resik, bahasa Indonesia ia menjadi tahir. Tahir tegesipun bersih, suci, murni. Kanthi slulup ing bengawan Yarden, Senapati Naaman pikantuk kasarasan badaniyah, dados tahir. Gusti Yesus ngandika, “Sing sapa pracaya marang Aku iku kaya wiraose kitab: Ilen-ilen banyu urip bakal padha mili saka ing batine.” (Yokanan 7:38) Sumangga sami nampi banyu urip. Pracaya marang Gusti Yesus Kristus. Puruna kairid ing tuking banyu kauripan dening Sang Cempe. Mangga sami ambyur lan slulup temah kita badhe dados tahir, bersih, suci, murni awit rahipun Sang Kristus. (GI. Em. Jasmin Tri)
PURUN MIRENGAKEN PANYARUWE
15 April 2026Waosan : Wulang Bebasan 25:12 – Mboten gampil samangke lare-lare anem mirengaken panyaruwe saking tiyang sepuhipun utawi gurunipun. Wonten cariyos satunggaling guru ingkang ndukani muridipun ingkang ngrokok ing kelas utawi pacaran ing kelas, mboten dipun anggep dening muridipun. Rikala guru nindakaken disiplin fisik sekedhik kemawon, upaminipun nylenthik utawi napuk pipinipun lare, mangke saged dados prekawis hukum. Tiyang sepuh lare saged ugi mboten badhe narimakaken lan lapuran dhateng polisi. Bab punika sampun nate kedadosan. Pramila punika lajeng malah ngebot-eboti guru anggenipun ndhidhik para muridipun. Ing waosan Wulang Bebasan 25:12 kaserat: “Pituturé wong wicaksana kuwi luwih aji, ketimbang karo ali-ali utawa hiasan emas murni.” Biasanipun tiyang ngeman-eman sanget tumrap barang-barang perhiasan kados dene ali-ali, kalung, gelang lan sanes-sanesipun ingkang kadamel saking emas. Anggenmipun ngangge mboten ing dinten-dinten biasa ananging ing dinten-dinten mirunggan, upaminipun ing pahargyan, pista lan sanes-sanesipun. Anggenipun nyimpen kemawon tamtu kanthi patrap primpen, mboten saben tiyang saged mangertos. Panyerat Wulang Bebasan mratelakaken bilih menawi monten satunggaling tiyang wicaksana, saged tiyang sepuh, guru, lan sanes-sanesipun nindakaken panyaruwe saha pangatag supados sami nindakna kabecikan, punika satunggaling berkah. Awit panyaruwe dalah pangatag punika ajinipun nglangkungi barang mas-masan kados ingkang kacariyosaken ing nginggil kalawau. Panyaruwe lan pangandikan punika sanadyan mboten pajeng menawi dipun sade kados dene emas punika, ananging pangandika-pangandika ingkang kapireng punika saged nuntun dhateng kawilujengan ing tembe saha gesang rahayu ing wekdal samangke. Pramila sumangga ngaturaken panuwun dhateng para tiyang ingkang kersa paring panyaruwe lan pangatag menawi satunggal wekdal kita nindakaken kalepatan. Lan sumangga panyaruwe lan pangatag punika kita gatosaken lan tindakaken murih karaharjan gesang kita. (Pdt. Em. Suyito Basuki)
GUSTI YESUS PARING PANGLUWARAN
14 April 2026Waosan : Yesaya 45:2; Lukas 4:19 – Bangsa Israel nggadhahi prekawis awrat, kados pundi sagedipun dados bangsa ingkang mardika lan kinurmat ing jagad punika, boten dados bangsa reh-rehan dening bangsa sanes. Boten dados bangsa bucalan ing Babel. Dene Pangeran Yehuwah kagungan rancangan badhe nguwalaken umat Israel saking pangawulan ing Babel, lumantar Raja Koresh saking Persia (Iran samenika). Persia badhe nggebag sarana perang dhumateng Babel lan umat Israel badhe uwal saking pambuwangan ing Babel. Awit pangawulan punika bab ingkang lelawanan kaliyan citranipun Pangeran piyambak. Pangandikanipun Pangeran Yehuwah mekaten: “Ingsun piyambak bakal lumampah ana ing ngarepira sarta bakal ngrata gunung-gunung bakal mbejadi lawang-lawang tembaga lan bakal nugeli slarak-slarak wesi.” (Yesaya 45:2). Ing tata lair, ketingal menawi ingkang saged ngasoraken Babel punika Koresh, kanthi kekiyatan militeripun. Ananging Sang Yehuwah kuwaos ngagem sinten kemawon ingkang dipun kersakaken kangge nindakaken rancanganipun. Panjenenganipun nresnani umatipun lan ugi sedaya umat manungsa saking panandhang minangka batur ing Babel. Katitik ing pangandika nginggil wau. Awit Sang Yehuwah ingkang lumampah ing ngajenganipun bangsa Israel, pramila sedaya rancangan kasembadan, umat Israel uwal saking pangawulan ing Babel. Boten wonten ingkang kuwawi nglawan Pangeran Yehuwah. Sang Yehuwah ing Gusti Yesus Kristus nguwalaken manungsa saking bebendhuning dosa, karana seda sinalib, lan wungu saking antawisipun tiyang pejah. Seda lan wungunipun Sang Kristus punika minangka pratandha bilih dosa lan pepejah ingkang nguwaosi manungsa sampun kakawonaken dening Gusti Yesus Kristus, lan manungsa kauwalaken saking dosa lan pejah. Tiyang-tiyang ingkang kauwalaken saking bebendhu menika tiyang-tiyang ingkang pitados lan ngugemi Panjenenganipun. Sang Kristus ingkang kuwaos nguwalaken manungsa saking pepejah langgeng, ugi kuwaos nguwalaken saking sedaya panandhangipun manungsa, arupi sesakit, pacoben, kekirangan, raos ajrih lan panandhang sanesipun. Pramila saben tiyang pitados sampun ngantos kuwatos ngambah ing margining gesang punika, awit Gusti Yesus ingkang badhe nganthi lampah gesang kita ing jagad punika. Panjenenganipun ingkang paring pangluwaran ing sedaya prekawising gesang manungsa. (Iskandar MZ)
KANG AOS KAGEM GUSTI
13 April 2026Waosan : Yokanan 12: 8 – Mbok menawi kita nate ngendhe-endhe nglampahi satunggaling ewah-ewahaning gesang. Contonipun kangge tiyang Kristen ngendhe-endhe kangge mratobat. Kita nggadhahi pamikiran: “sesuk esih ana wektu maneh.” Kamangka, kasunyatanipun mboten mesthi wonten kesempatan kangge nindakaken menika. Mboten wonten setunggal tiyang kemawon mangertos kapan pupusing gesangipun, ngantos kesempatan kangge mratobat menika mboten wonten malih. Enem dinten sakderengipun Paskah, Gusti Yesus tumuju dhateng Yerusalem nglangkungi kitha Betania panggenanipun Lazarus, Marta lan Maria. Pepanggihan kaliyan brayat menika, lajeng kembul bujono ing griyanipun Lazarus. Marta sibuk anggenipun leladi, cecawis dhaharan kagem Gusti Yesus lan tiyangtiyang ingkang ndherek ing kembul bujono. Maria lajeng mendhet lisah jebad nared tulen setengah kati, kagem njebadi sukunipun Gusti Yesus lajeng kaseka kaliyan rikmanipun (ayat 3). Yudas Iskariot rumaos kaganggu kaliyan tumindak menika, rumaos eman, langkung sae menawi lisah menika dipun sade kangge mbiyantu tiyang miskin, awit lisah jebadan murni menika reginipun awis. Ananging Gusti Yesus mbelani Maria. Menika dados pratandha bilih Gusti mirsani katresnanipun Maria dhateng Panjenenganipun punika saestu tulus. Maria ngginakaken kesempatan menika kangge ngaturaken panuwun, leladi kanthi ngaturaken barang darbekipun ingkang aji inggih menika lisah jebad lan rikmanipun. Sinau saking sikepipun Maria, sumangga kita ugi nggladhi dhiri supados boten remen ngendhe-endhe kangge nindakaken perkawis ingkang utami. Kita kedah wicaksana ngginakaken kalodhangan ingkang wonten kangge mratobat, ngewah-ewahi dhiri supados langkung sae, leladi dhateng Gusti lan nandukaken katresnan dhateng sesami kita. Awit dereng tamtu kalodhangan menika kaparingaken malih ing gesang kita. (Pdt. Suharto)
NGLABUHI
12 April 2026Waosan : Markus 10 : 45 – Saben-saben kesah nglangkungi lampu bangjo, kula mrangguli wonten tiyang ngamen. Anggenipun ngamen migunakaken margi warni-warni, kados ta : ngrasuk ageman badhut. Kula nate pitaken kalayan pengamen badhut, mekaten : ”Nganggo sandhangan ngono kuwi apa ora abot lan sumuk ta Mas?” Wangsulanipun badhut kala wau mekaten : ”Ya sumuk, ya abot, ya gatel! Intine ora penak, Mas. Nanging piye neh, golek gawean angel lan kudu ngopeni anak bojo. Anggonku macak badut ngene ya amarga nglabuhi kulawarga.” Markus 10 : 45 paring andharan bab anggenipun Gusti Yesus nglabuhi manungsa. Allah ingkang luhur, kepareng rawuh ing jagad. Nalika wonten ing jagad boten ngrasuk kaluhuran, ananging kepareng ngrasuk karingkihan. Saklebeting karingkihan kedah nyanggi panandhang kasangsaran ngantos kasedanan. Sadaya punika wau katindakaken awit tresnanipun dhateng manungsa. Sadaya punika wau katindakaken awit anggenipun nglabuhi manungsa amrih pikantuk kawilujengan. Gusti Yesus sampun nglabuhi manungsa. Labuh labetipun Gusti dhateng manungsa agengipun tanpa tandhing. Pitakenan tumrap para manungsa ingkang sampun nampi lelabuhanipun Gusti inggih punika : punapa sampun nglabuhi Gusti ing saben dintenipun? Nglabuhi Gusti kanthi mbudidaya sakatogipun netepi dhawuhipun Gusti ing pagesangan. Cak-cakan padintenan limbangan punika, kados ta : tetep nindakaken kegiatan paladosan sanadyan kedah ngadhepi udan panas. Rohayu, Gusti Yesus mberkahi. (Pdt. Abednego Utomo Prasetyo)
JANGKARING NYAWA
10 April 2026Waosan : Ibrani 6:19 – JANGKARING NYAWA Jangkar mujudaken piranti abot kadamel saking tosan utawi waja, ingkang kaiket kaliyan rante / tali wonten ing baita/kapal, ginanipun kangge nahan supados baita / kapal tetep manggen ing posisi berlabuh, mboten kentir katut angin lan ombaking segara. Tiyang pitados nggadhahi iman, paracaya dumateng Gusti Yesus Kristus Sang Juruwilujeng, bilih gesangipun sampun dipun wilujengaken dening Panjenengane. Iman ingkang makaten punika gesang ing salebeting pangarep-arep. Pangajeng-ajengipun tiyang pitados mboten sanes mbenjang ing zaman wekasan badhe pinanggya kaliyan Gustinipun lan gesang salaminya sesarengan wonten ing swarga, nggih daleme Sang Rama. Pangajeng-ajeng sajroning Sang Kristus punika mujudaken “jangkar” ingkang kekah lan aman kanggenipun jiwa lan nyawa kita, malah sampun “tertambat” ing swarga. Mila sanadyan ing salebeting pegesangan wonten prahara, jangkar punika njagi iman kita tetep kekah lan mboten katut keli kentir, awit Gusti Yesus Kristus sampun ngrumiyini kita lenggah ing papan Mahasuci, inggih ing swarga langgeng. Pangajeng-ajengipun tiyang pitados mboten namung satunggaling pepinginan, nanging mujudaken kayakinan ingkang kiyat dumateng janjinipun Gusti Allah ingkang mboten owah gingsir. Tembung “…ditibakake tekan saburining gubah.” Jangkaring kapal biasanipun dipun uncalaken ing dhasaring samodra. Nanging jangkaring nyawa kita dipun tibakake ing sawingkingipun gubah, papan ing pundi Gusti Yesus wonten, minangka Imam Agung ingkang njamin kawilujengan kita sadaya. Jangkar punika kukuh lan santosa, awit jangkar kita kaiket kaliyan Gusti Yesus Kristus. Punika mboten terpengaruh kaliyan situasi kondisi jagad. Mila jiwa nyawa kita aman, kukuh, santosa. Sanadyan baitaning panggesangan kita horeg, kita mboten badhe keli kentir katut ombyaking jagad. Santen banyune klapa, cekap semanten atur kula. Gusti mberkahi kita sadaya, amin. (GI. Em. Jasmin Tri)
