“Mangkono uga Ramamu kang ana ing swarga ora ngarsakake ilange bocah iki siji bae” (Mateus 18:14) Minangka umat kagunganipun Gusti Allah, kita punika asring mbalela, asring mlajar, boten purun dipun atur karana rumaos sampun saged milih margi piyambak. Kanthi mekaten, kita malah dados kesasar lan dhawah wonten ing pacoben. Sanadyan sampun dhawah, kita ugi asring taksih rumaos saged uwal saking masalah kanthi kekiyatan kita piyambak. Kasunyatanipun kekiyatan kita punika dangu-dangu sangsaya suda, lan wusananipun telas. Kados pundi kita badhe nulungi diri kita piyambak manawi pranyata kita boten gadhah daya lan panguwaos? Puji konjuk Gusti, dene Panjenenganipun punika Allah ingkang Mahatresna. Gusti Allah boten ngersakaken para kagunganipun ical lan kesasar. Kadosdene pangen ingkang tansah mbudidaya njagi menda-mendanipun, inggih kados mekaten anggenipun Gustii Allah tansah njagi umat kagunganipun. Nalika wonten ingkang kesasar ing lampahipun, Sang Pangen punika kepareng madosi mendanipun. Ingkang dhawah ing jurang, dipun tulungi sinaosa kedah ngetohaken nyawanipun. Minangka para mendanipun Gusti, punapa kita tansah ngraos-raosaken katresnanipun Gusti punika? Saben kita punika kaanggep aji wonten ing ngarsanipun Gusti. Mila punika kita kaatag tansah gatos-ginatosaken ing gesang punika. Manawi wonten sadherek ingkang mblasar, ingkang nebih saking marginipun Gusti. Punika dados kewajiban kita kangge mbudidaya nulungi sadherek punika supados boten ngantos kesasar lan ical. Pancen, bab punika boten gampil katindakaken. Ananging pitadosa, kita punika boten makarya piyambakan, Sang Roh Suci badhe nganthi lan mitulungi kita nindakaken timbalan punika. |*ERY
KUDU BISA NELUKAKE
“Yen sira gawe becik apa ulatira ora bakal padhang? Nanging manawa sira ora gawe becik, si dosa wus ndhedhep ana ing ngarep lawang sarta banget anggone nggodha sira, nanging sira kudu bisa nelukake” (Purwaning Dumadi 4:7) Limrahipun, nalika tiyang nembe ngraosaken bab ingkang sekeca ing manahipun, kadosdene raos sedhih, kuciwa, nesu, pasuryanipun badhe ketingal murung, boten sumringah. Punika ugi ingkang kedadosan nalika Kain rumaos kuciwa lan nesu nalika piyambakipun ningali bilih Gusti Allah langkung karenan dhateng kurbanipun Abel. Bab punika ndadosaken manahipun panas lan rainipun peteng. Mbok manawi piyambakipun rumaos Gusti Allah boten adil, langkung nresnani Abel rayinipun. Ananging punapa leres Gusti Allah boten nggatosaken Kain? Saestu boten leres. Gusti Allah ugi tresna lan nggatosaken Kain, buktinipun Gusti Allah ndangu Kain: “Yagene atinira panas lan yagene ulatira peteng?”. Gusti Allah saklajengipun paring pepenget dhateng Kain, “Yen sira gawe becik apa ulatira ora bakal padhang? Nanging manawa sira ora gawe becik, si dosa wus ndhedhep ana ing ngarep lawang sarta banget anggone nggodha sira, nanging sira kudu bisa nelukake”. Punika wujuding katresanipun Gusti dhateng Kain. Emanipun Kain boten nampi ngestokaken pangandikanipun Gusti. Piyambakipun boten mbudidaya nelukake panggodahning dosa, malah manut pangrehing dosa. Punika ingkang ndadosaken piyambakipun boten saged nindakaken kasaenan, malah lajeng mejahi rayinipun. Pangandikanipun Gusti Allah dhateng Kain ing Purwaning Dumadi 4:7 punika paring pitedah dhateng kita. Nalika manah kita rumaos peteng, ampun ngantos paring kesempatan dhateng dosa kangge nguwaosi kita. Kita kedah nelukake panggodhaning dosa. Caranipun kadospundi? Inggih kanthi mbudidaya nindakaken kasaenan. Kanthi nindakaken kasaenan, tegesipun kita punika ngestokaken dhawuhipun Gusti lan mbangun turut dhumateng Gusti. Sikep mbangun turut dhumateng Gusti punika tegesipun boten manut dhateng Iblis, kanthi mekaten kita sami nelukake utawi ngawonaken pangrehing dosa. Tansah estokna pangandikanipun Gusti! Amin. |*ERY
DADOS SAMI KALIYAN MANUNGSA
“Kang iku sarehne anak-anak iku saka getih lan daging, mulane panjenengane iya banjur dadi padha karo anak-anak mau lan oleh panduman ing kaanane, supaya marga saka sedane Panejenengane nyirnakake Iblis kang nguwasani pati” (Ibrani 2:14) Sinten ta Gusti Yesus punika? Kathah tiyang sami nganggep bilih Gusti Yesus punika salah satunggaling nabi. Ateges nganggep Gusti Yesus punika manungsa limrah kemawon ingkang dipun timbali dening Allah kangge martosaken kasaenan. Pangertosan punika beda sanget kaliyan kapitadosanipun tiyang Kristen. Adhedhasar paseksinipun Kitabb Suci, tiyang Kristen sami pitados bilih Gusti Yesus punika Gusti Allah piyambak ingkang kepareng manjalma dados manungsa. Bab punika katindakaken minangka sarana Panjenenganipun milujengaken manungsa ing dipun kuwaosi dening pamengkuning dosa lan pati. Kenging punapa Gusti Allah boten ngginakaken cara sanesipun kangge milujengaken manungsa? Amargi Panjenenganipun punika Allah ingkang setya lan boten ingkar janji. Gusti Allah sampun netepaken bilih pituwasing dosa punika pati. Pramila Panjenenganipun kedah ngawonaken pati kanthi rawuh ing dosa awujud manungsa, nandhang sangsara, seda sinalib lan wungu malih. Wungunipun Gusti Yesus punika dados pratandha Panjenenganipun sampun ngawonaken pati. Mila sintena kemawon ingkang pitados lan nampi pakaryanipun Gusti Yesus punika ugi badhe kawungokaken kangge nampi gesang langgeng. Tegesipun, para gesangipun para pitados punika boten kawengku ing pati ananging gesang ing salebeting sih rahmatipun Gusti. Para sadherek, prayogi kita rumaos bingah lan tansah caos sokur dhumateng Gusti Yesus, dene panjenengan lan kula kepareng nampi sih rahmat kawilujenganipun. Mila, sampun ngantos keguh ngadhepi piwucal-piwucal ingkang badhe nggered kita nebih saking sih rahmatipun Gusti. Gusti Yesus punika saestu Gusti Allah tuking kawilujengan lan karaharjan ing bumi dalah ing swarga. Amin. |*ERY
SAMPUN NGANTOS KOMPROMI
“Ing kono Gusti Yesus banjur ngandika marang Iblis: Wis, lungaa, setan! Sabab ana tulisan mangkene: Pangeran Allahira kang kudu sira sembah lan Panjenengane Piyambak kang kudu sira abekteni” (Mateus 4:10) Kita sami mangertos bilih Iblis punika tansah mbudidaya bab ingkang cengkah kaliyan karsanipun Gusti Allah. Iblis punika tansah nggodha manungsa kangge nerak angger-anggeripun Gusti. Gusti Yesus sampun paring tuladha dhateng para kagunganipun supados tansah waspada sampun ngantos kenging godha dening Iblis. Gusti Yesus nundhung Ilbis ingkang nggodha Panjenenganipun, “Wis, lungaa, setan!”. Gusti Yesus boten badhe kompromi kaliyan Iblis. Manawi kita niteni gesanging manungsa, pranyata taksih kathah ingkang remen kekancan kaliyan Iblis. Iblis punika saged kita prangguli kanthi wujud ingkang mawerni-werni, kadosdene Judi Online, Miras, Narkoba, pergaulan bebas, korupsi, nindhes sesami, KDRT, budi kethaha, lan sapiturutipun. Sadaya punika ndhatengaken kasisahan lan ndadosaken kasangsaraning manungsa, sinaosa mekaten tansah dipun lampahi dening manungsa. Minangka pendherekipun Gusti Yesus, kita tinimbalan mujudaken gesang ingkang tansah waspada, sampun ngantos kagodha dening Iblis. Wonten pitembungan, “Kejahatan terjadi bukan hanya karena ada niat pelakunya tetapi karena ada kesempatan”. Mila punika sampun ngantos aweh kesempatan dhateng Iblis (ingkang awujud punapa kemawon) kangge nggodha kita. Caranipun inggih punika tansah njagi sesambetan ingkang raket kaliyan Gusti. Sumangga tansah nyuwun pitulunganipun Gusti supados kita saged ngadhepi panggodhaning Iblis. Sikep boten kompromi kaliyan Iblis punika wigati kita udi. Kadosdene Gusti Yesus ingkang kanthi tegas nundhung Iblis, “Wus, lungaa, setan!” |*ERY
MAKNANING PASA
“Lah apa pasa kang kaya mangkene iki kang Sunkarsakake, tuwin nganakake dina kanggo ngesorake badan, manawa sira ndhingkluk kaya glagah lan njereng bagor sarta awu sira anggo lemek turu? Apa iku kang sira arani pasa, nganakake dina kang dadi keparenge Pangeran Yehuwah?” (Yesaya 58:5 ) Limrahipun tiyang nganggep bilih pasa utawi siyam punika ngengingi bab boten ngombe lan boten nedhi. Manawi sampun nglampahi ingkang mekaten rumaos sampun saestu pasa. Inggih punika ingkang dipun lampahi dening umatipun Gusti ing jaman Nabi Yesaya. Umatipun Gusti punika tansah nglampahi punapa ingkang dados kawajiban agaminipun kalebet pasa. Emanipun, pasa punika boten dipunsarengi tumindak ingkang prayogi. Pramila, lumantar Nabi Yesaya, Gusti Allah melehaken umatipun, “Ing nalikane sira pasa nyatane sira isih tetep ngurus urusanira, tuwin sira padha ngerasi sakehing buruhira. Sanyatane anggonira padha pasa iku kalawan padu lan regejegan sarta kalawan ngantemi tanpa reringa …” (Yesaya 58:3-4). Pasa ingkang dipun kersakaken dening Gusti inggih punika saestu ngasoraken dhiri wonten ing ngarsanipun Gusti. Tiyang ingkang ngasoraken dhirinipun punika boten badhe gumunggung lan nengenaken kepentinganipun pribadi. Pasa ingkang sejati punika nyingkur badanipun piyambak lajeng sumadya ngladosi karsanipun Gusti. Gusti Allah ngersakaken supados umatipun tansah andum katresnan lan ngudi karaharjaning gesang kanthi nguculi blengguning gambek siya, ngudhari tali-talining pasangan, ngluwari tiyang ingkang kinaniaya, andum tetedhan dhateng ingkang keluwen, lan sapiturutipun (ayat 6-7). Ing jaman samangke, kathah tiyang Kristen ingkang nglampahi siyam ing mangsa pra-paskah. Bab punika sampun ngantos kelampahan minangka formalitas utawi namung ikut-ikutan kemawon. Pasa ingkang dipun lampahi kadadosna sarana nelakaken pamratobat lan kangge nggladhi dhiri supados tansah sumuyud nindakaken karsanipun Gusti. |*ERY
NINIWE PINARINGAN PANGAKSAMI
“Apa iya Ingsun ora kudu ngeman marang Niniwe, kutha kang gedhe iku, kang pendhudhuke luwih saka satus rongpuluh ewu, kang durung weruh bedane tangan tengen karo tangan kiwa, sarta kang kewane luwih dening akeh iku?” (Yunus 4:11) Wonten ing Kitab Yunus, dipun cariyosaken satunggaling kitha ingkang naminipun Niniwe (sapunika kalebet wilayah Irak). Tiyang ing Niniwe punika sami nglampahi gesang ingkang boten prayogi. Bab awonipun tiyang Niniwe punika sampun kawentar ngantos nabi Yunus ingkang manggen wonten ing Gat-Hefer (2 Para Raja 14:25) ing tlatah Galilea mawon mangertosi kawontenanipun punika. Nabi Yunus dipun utus dening Gusti kangge melehaken tiyang Niniwe bab dosa-dosanipun. Ing sakawit nabi Yunus punika boten purun netepi timbalanipun Gusti, piyambakipun kesah tumuju dhateng ing Tarsis. Ananging piyambakipun boten saged enda saking panguwaosipun Gusti. Purun boten purun, kedah netepi dhawuhipun Gusti. Pramila saklajengipun nabi Yunus punika mangkat dhateng Niniwe lan martosaken paukumanipun Gusti. Nalika mireng bab paukumanipun Gusti, tiyang Niniwe sami nelangsani dosa lan mratobat. Bab punika dados renaning penggalihipun Gusti satemah Panjenenganipun boten estu ndawahaken paukuman tumrap Niniwe (Yunus 3:10). Nabi Yunus pranyata boten lila legawa manawi tiyang Niniwe punika nampi pangaksami, mila piyambakipun kesuh, jengkel lan protes dhumateng Gusti. Ananging Gusti Allah kanthi sabar nelakaken bilih Panjenenganipun punika saestu tresna dhateng sadaya titahipun, kalebet tiyang Niniwe ingkang sampun mratobat. Para sadherek, punapa kita ugi rumaos boten lila legawa manawi ningali tiyang ingkang kita anggep awon nampi kagurahanipun Gusti? Sikep punika boten jumbuh kaliyan karsanipun Gusti. Saestu, Gusti Allah punika kebak ing katresnan, Panjenenganipun ngersakaken sadaya tiyang nampi sih rahmat kawilujengan. Mila, sumangga masrahaken gesang dados pirantosipun Gusti ing salebeting mbabaraken kawilujengan sejati. |*ERY
DADI KAGUNGANE GUSTI
“Kowe uga padha klebu ing antarane wong-wong mau, kowe kang wus padha katimbalan dadi kagungane Sang Kristus” (Rum 1:6) Rasul Paulus nandhesaken bilih para pitados ing kitha Rum ingkang asalipun saking bangsa-bangsa sanes Yahudi, punika sampun kadadosaken kagunganipun Sang Kristus. Punika dados pratandha bilih kawilujengan ingkang saking Gusti Allah punika kebabar sangsaya wiyar, boten namung kangge bangsa Yahudi kemawon. Dados kagunganipun Sang Kristus punika ngemu suraos: sepisan, para pitados nampi nugraha saking Gusti awit kaangkat dados kagunganipun Gusti. Minangka kagunganipun Gusti, para pitados badhe tansah dipun rimati dening Gusti, gesangipun boten badhe kapiran. Kaping kalih, dados kagunganipun Gusti punika minangka timbalan supados tansah gesang mbangun turut dhumateng Gusti. Minangka kagunganipun Gusti, para pitados kedah madhep mantep, ngabekti namung dhumateng Gusti Allah wonten ing Sang Kristus Yesus. Dados kagunganipun Gusti punika tegesipun sawetahing gesang kita punika inggih kagunganipun Gusti. Mila kedah tansah lumadi dhumateng Gusti, kados pangandikanipun rasul Paulus, “… kowe wus padha mati tumraping dosa, nanging kowe padha urip lumados marang Gusti Allah ana ing Sang Kristus Yesus” (Rum 6:11). Emanipun, bab timbalan gesang lumadi dhumateng Gusti punika asring dipun lirwakaken dening pada kagunganipun Gusti. Punika kita ugi kalebet tiyang ingkang asring nglirwakaken timbalanipun Gusti punika? Dinten punika kita sami kaengetaken supados tansah caos sokur awit kamirahanipun Gusti ingkang ngangkat kita dados para kagunganipun. Raos sokur punika kita pratelakaken kanthi nglampahi gesang ingkang anyar, gesang ingkang lumados dhumateng Gusti. Sawetahing gesang kita: nyawa, badan, nalar budi, wekdal, bandha, keluarga, kalenggahan sadaya punika kedah kaginakaken kangge ngladosi karsanipun Gusti. Inggih kanthi mekaten, kita paring paseksi dhateng sesami bilih kita punika kagunganipun Gusti Yesus. Amin. |*ERY
NGLAMPAHI GESANG
“Atimu suweken, aja sandhanganmu, sarta mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu, dene Panjenengane iku asipat asih lan welasan, gedhe sabare lan luber kamirahane, Panjenengane piduwung ing bab paukuman kang karancang.” (Yoel 2:13 ) Wonten ing Kitab Suci (mliginipun ing Prajanjian Lawas), nyuwek sandhangan punika dados salah satunggaling cara nelakaken raos piduwung, prihatos lan nelangsani dosa. Contonipun ingkang katindakaken dening Ayub, Dawud, Ester, Ezra lan sanesipun. Mekaten ugi ingkang kedadosan ing jamanipun Nabi Yoel. Nyuwek sandhangan punika sampun dados padhatan ingkang asring dipun lampahi dening umat kagunganipun Gusti. Ananging, tumindak punika pranyata boten dipun kantheni pamratobat ingkang saestu. Para pemimpining umat tansah tumindak cidra lan umatipun Gusti nglampahi gesang ingkang boten prayogi. Mila saking punika, Nabi Yoel dipun utus dening Gusti kangge ngengetaken para kagunganipun Gusti supados sami mratobat kanthi saestu. Pamratobat ingkang saestu punika medal saking manah ingkang rempu, ingkang ngrumaosi dosanipun wonten ing ngarsanipun Gusti. Pramila Nabi Yoel ngendika, “Atimu suweken, aja sandhanganmu, padha mratobata marang Pangeran Yehuwah Allahmu …” (ayat 13). Pamratobat punika sesambetan kaliyan sikeping manah ingkang kawedal wonten ing sike plan tumindaking gesang. Gusti Allah ingkang mirsani sikep ing manah ingkang saestu mratobat punika badhe mbabaraken sih piwelas lan kamirahanipun. Para sadherek, ing jaman samangke, kita ugi asring dhumawah ing sikep lamis, mratobat namung wonten ing lambe lan kanthi pitembungan kemawon. Kamangka bab punika sami kemawon kaliyan namung nyuwek sandhangan tanpa manah ingkang saestu mratobat. Mila, sumangga sami nyuwek manah kita, nelangsani dosa kanthi saestu. Saklajengipun, mbudidaya nglampahi gesang ingkang prayogi. |*ERY
AMPUN SEMPLAH!
“Kawula tumindak ing damel kalayan sagiyat-giyatipun kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang sarwa dumadi, awit tiyang Israel sami nilar prajanjian Paduka saha mejahi para nabi Paduka kalayan pedhang, nanging kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang wau inggih kepengin njabut nyawa kawula.” (1 Para Raja 19:14) Semplah punika tegese putus asa, kecalan pangajeng-ajeng, rumaos bilih pambudidaya kita badhe muspra tanpa guna. Inggih semplah punika ingkang nembe karaosaken dening nabi Elia saksampunipun mireng ancamanipun ratu Izebel (1 Para Raja 19:2). Nabi Elia rumaos ajrih sanget ngantos mlajar dhateng ara-ara samun. Ing ngriku, piyambakipun nyuwun supados Gusti mulung nyawanipun. Ing kawontenan ingkang awrat, kathah tiyang nganggep bilih pejah punika saged dados margining pangluwaran saking prekawis ing gesangipun. Mila, ngantos kedadosan tiyang ingkang nglalu (bunuh diri). Krenteg pengen pejah kewamon punika nelakaken kawontenaning manah ingkang semplah, rumaos boten gadhah daya lan boten saged mbudidaya punapa-punapa malih. Nabi Elia punika sampun nyambut damel kanthi saestu. Piyambakipun netepi timbalan minangka nabinipun Gusti aben ajeng kaliyan prabu Ahab dalah bangsa ingkang nyingkur Gusti. Nabi Elia sampun mbudidaya nindakaken punapa ingkang saged katindakaken. Ananging kasilipun kados-kados muspra kemawon. Pandamelipun ingkang ngedab-edabi inggih punika ngawonaken 450 nabi Baal ketingal boten wonten ginanipun. Prabu Ahab minangka pemimpining bangsa Israel punika boten mratobat. Garwanipun Ahab ingkang nami Izebel sapunika badhe mejahi piyambakipun. Punika ingkang dadosaken semplahing manahipun nabi Elia. Ananging, Gusti Allah ingkang Mahakuwaos boten negakaken abdinipun rumaos semplah. Gusti Allah kepareng ngiyataken abdinipun lan paring pitedah punapa ingkang kedah dipun lampahi. Gusti Allah paring dhawuh supados Elia wangsul dhateng marginipun, “Sira mangkata, metua ing dalanira…” (1 Para Raja 19:15). Nabi Elia kadhawuhan supados nglajengaken gesangipun lan tansah netepi timbalanipun Gusti. |*ERY
KADOSDENE KANCA
“Pangeran Yehuwah anggone imbal pangandika karo Nabi Musa iku aben-ajeng kaya wong guneman karo kancane” (Pangentasan 33:11a) Punapa panjenengan kagungan kanca? Limrahipun saben tiyang punika nggadhah kanca, sae punika kanca sekolah, kanca dolan, kanca ing greja, kanca ing kantor, ngantos kanca ing dunia maya. Sesambetan kaliyan kanca punika mesthinipun sesambetan ingkang ngremenaken. Langkung raket anggenipun kekancan, langkung sae sesambetanipun. Kita saged sesrawungan kanthi bebas, saged guyonan, saged ngedalaken raos (curhat), saged silih mbiyantu lan sanesipun. Waosan dinten punika, mliginipun saking Kitab Pangentasan, punika nelakaken endahing sesambetan ing antawisipun Gusti Allah kaliyan abdinipun inggih punika Nabi Musa. Dipun terangaken, saben-saben Nabi Musa sowan wonten ing Tarub Pasewakan, Gusti Allah kepareng rawuh lan imbal pangandika kaliyan abdinipun punika kanthi aben-ajeng kadosdene ngendikan kaliyan kancanipun (ayat 11). Manungsa punika sejatosipun boten saged aben-ajeng kaliyan Gusti Allah ingkang Mahasuci amargi tiyang dosa boten kiyat, boten tahan ngadhepi kamulyanipun Gusti. Pangandharing Toret 34:10 paring katrangan, “Ing sabanjure wus ora ana nabi maneh kang jumeneng ing antarane Israel kang madhani Nabi Musa, kang ditepangi dening Pangeran Yehuwah aben ajeng”. Sejatosipun, kita punika ugi boten pantes sowan wonten ing ngarsanipun Gusti. Ananging, Gusti Yesus kepareng ngangkat kita dados mitra-mitranipun. Pakaryan salib nyirnakaken singgetan ing antawisipun manungsa dosa kaliyan Gusti Allah. Bab punika kagambaraken nalika Gusti Yesus masrahaken nyawanipun wonten ing kajeng salib, gubahipun Padaleman Suci punika suwek dados kalih (Markus 15:37-38). Ateges pangurbananipun Sang Kristus mbikak margi ingkang njalari kita kepareng sowan wonten ing ngarsanipun Gusti. Mila punika sumangga tansah ngabekti kanthi manah ingkang tulus, mirengaken lan nindakaken dhawuhipun Gusti kanthi setya. |*ERY
