“Gusti Yesus banjur nyelak njawili para sakabate sarta ngandika: “Padha ngadega, aja wedi.” (Mateus 17:7) Dados umat kagunganipun Gusti Allah punika saestu bingahaken. Pinarengan lan kasagedaken sowan dhumateng Gusti Allah punika mesthi ugi sansaya bingahaken. Kita mangretosi bilih manungsa dosa punika sejatosipun boten pantes lan boten saged sowan dhumateng Gusti. Pramila, manawi Gusti paring kanugrahan, ngeparengaken kita sowan lan celak kaliyan Panjenenganipun, punika kedah dipun tampi kanthi raos sokur. Ing prastwa transfigurasi, tetela bilih Gusti Yesus punika saestu Allah ingkang sejati. Panjenenganipun sanes namung guru tumrap para sakabatipun, ananging ugi Gusti Allah piyambak. Aben ajeng kaliyan kamulyanipun Gusti, para sakabat (Petrus, Yakobus lan Yohanes) sami rumaos ajrih lan sumungkem ing bumi (ayat 6). Ananging “Gusti Yesus banjur nyelak njawili para sakabate sarta ngandika: Padha ngadega, aja wedi.” (ayat 7). Waosan punika saestu nandhesaken bilih Gusti Yesus punika Allah ingkang Mahamulya, ingkang keparneg ngasoraken sariranipun lan nyelaki manungsa ingkang dosa. Panjenenganipun paring kasantosan dhateng sok sintena ingkang purun pitados lan nampi pakaryanipun. Wonten ing Sang Kristus, Gusti Allah nyelaki manungsa, nimbali manungsa supados nggadhahi sesambetan ingkang raket kaliyan Panjenenganipun. Minangka umat kagunganipun Gusti, kita tansah bingah lan muji sokur dhumateng Gusti. Kita dipun keparengaken sowan Gusti, ngarosaken panganthi lan pangrimating Gusti ing saben dintenipun. Kita sami katuntun dening sabdanipun Gusti ingkang dados dilah ing gesang kita. Sinaosa ing gesnag punika kathah pambengan dalah pepalang, ananging Gusti Yesus tansah nglipur lan ngiyataken kita. Nalika kita rumaos ajrih lan lungkrah ngadhepi kawontenaning gesang, Panjenenganipun tansah celak kaliyan kita lan ngendika, “Padha ngadega, aja wedi!”. |*EW
SIRA AJA MELIK!
“Sang Prabu Akhab ngandika marang Nabot: “Kebon anggurira iku caosna marang ingsun, arep sundadekake kebon sayuran, sabab dumunung ing sacedhake kadhatoningsun. Sira bakal sunparingi kebon anggur kang luwih becik tinimbang iku minangka gantine, utawa manawa sira luwih seneng, ingsun bakal maringi dhuwit marang sira, sapira pangajine.” (1 Para Raja 21:2) “Sira aja melik …” (Pangentasan 20:17) punika salah satunggaling angger-anggeripun Gusti ingkang kaparingaken dhateng umat lumantar nabi Musa. Melik punika tegese nduweni pepenginan kangge nguwasani punapa ingkang dados darbekipun tiyang sanes. Inggih mekaten ingkang dados krentegipun prabu Ahab dhateng kebonipun Nabot. Sinaosa prabu Ahab sampun nggadhahi bandha kathah, ugi kagungan siti ingkang wiyar, ananging piyambakipun kepengin nguwasani kebon anggur gadhahan Nabot, salah satunggaling rakyatipun. Nabot boten purun nyade sitinipun amargi punika warisan saking leluhuripun. Bab punika nelakaken bilih Nabot punika kalebet tiyang ingkang ngurmati para leluhuripun lan netepi pranatanipun Gusti kangge njagi siti peparingipun Gusti (ingkang sampun kaedum nalika jamanipun Yosua). Saestu boten prayogi kekajenganipun prabu Ahab, ngantos Izebel garwanipun ngrancang bab ingkang nistha dhateng Nabot. Nabot dipun pitenah, dipun pejahi lan sitinipun dipun rampas. Sipat melik punika pranyata nuwuhaken tumindak ingkang awon lan dhatengaken dosa. Mila punika umatipun Gusti tansah kaengetaken ampun ngantos melik dhateng barang darbekipun sesami. Kadospundi kita saged mbudidaya nebih saking sipat lan tumindak melik punika? Kanthi tansah nampi kawontenan ing gesang kita saha tansah caos sokur dhumateng Gusti. Punapa ingkang kaparingaken dening Gusti, kathah utawi sakedhik punika wujuding katresnanipun Gusti tumrap kita. Ing sisih sanes, kita ugi prelu ngurmati sesami, kalebet ngajeni punapa ingkang dados hakipun saha sadaya barang darbekipun. Kanthi mekaten kita saged tansah waspada lan tinebihaken saking sipat melik. |*ERY
MARGA SAKA PRACAYA
“Marga saka pracaya Nabi Musa nalika wus diwasa ora karsa sinebut putrane Sang Prabu Pringon, jalaran panjenengane milaur nandhang sangsara karo umate Gusti Allah, katimbang karo ngraosake kamuktening dosa sawatara mangsa” (Ibrani 11:24-25) Musa punika salah setunggaling pemimpin ingkang misuwur ing Israel. Musa wiyos ing Mesir, nalika kedadosan kathah lare-lare tiyang Ibrani ingkang dipun pejahi amargi dhawuhipun prabu Pringon. Awit pitulunganipun Gusti lumantar putrinipun prabu Pringon, Musa saged uwal saking kacilakan malah dipun rimati an dipun angkat dados putranipun sang putri. Musa gesang mulya ing kratoning prabu Pringon. Ananging saksampunipun dhiwasa, Musa rumaos prihatos dhateng nasibipun para tiyang Ibrani. Musa nggadhahi krenteg kangge mbelani bangsanipun ngantos nat emejahi tiyang Mesir. Jalaran tumindak punika, Musa mlajar saking prabu Pringon. Musa punika ing salajengipun tinimbalan dados abdinipun Gusti ingkang kadhawuhan supados ngirid tiyang-tiyang Ibrani medal saking negari Mesir. Musa nilaraken kamulyaning gesangipun. Sesarengan kaliyan umat kagunganipun Gusti, Musa ngadhepi rupi-rupi prekawis lan ngumbara ing ara-ara samun ngantos 40 taun dangunipun. Sadaya punika katindakaken “Marga saka pracaya…” (ayat 24). Awit kapitadosanipun dhumateng Gusti, Musa tansah mituhu lan netepi dhawuhipun Gusti. Para sadherek, punapa kita ugi purun pitados dhumateng Gusti lan netepi dhawuhipun Gusti kanthi setya? Sinaosa awrat lan kedah ngurbanaken punapa ingkang kita gadhahi, sumangga tansah tuhu setya dhumateng Gusti. Gusti Allah kagungan rancangan ingkang endah tumrah para kagunganipun. Gusti Allah boten badhe negakaken, Panjenenganipun sampun nyawisaken punapa ingkang langkung aji lan endah tumrap para abdinipun ingkang setya tansah. |*EW
NYENYUWUNA MARANG GUSTI
“Sira nyenyuwuna marang Ingsun, mesthi sira Sunparingi para bangsadadi pusakanira, lan pungkasaning bumi dadi darbekira.”(Jabur 2:8) Limrahipun, saben tiyang punika nggadahi pepinginan lan kebetahaning gesangipun. Kabetahaning manungsa punika kathah, pepenginanipunmanungsa langkung kathah malih. Ing salebeting ngudi kabetahan lanpepenginanipun punika saben tiyang nindakaken mawerni-werni cara.Punika wujuding pambudidayanipun manungsa ing gesangipun. Anangingsadaya pambudidayaning manungsa punika boten saged paring jaminanbab kasilipun.Lumantar waosan Jabur 2 punika kita kaengetaken bilih gesang punikawinengku ing panguwaosipun Gusti Allah. Inggih namung Panjenenganipuningkang saged namtokaken punapa ingkang kelampahan ing jagad punika.Pramila, punapa ingkang dados rancangan dalah pambudidayaning manungsaingkang cengkah kaliyan karsanipun Gusti, punika namung muspra kemawon.Kadosdene pangrantamipun bangsa-bangsa ingkang badhe nyilakani umatkagunganipun Gusti dalah abdinipun Gusti (ayat 1-2).Gusti Allah kagungan panguwaos kangge mitulungi para abdinipunsaking reridhu. Gusti Allah badhe mitulungi abdinipun ngadhepi para bangsaingkang sedya nyilakani umatipun Gusti. Gusti Allah nelakaken katresnanipun,kanthi ngendika, “Sira nyenyuwuna marang Ingsun, mesthi sira Sunparingipara bangsa dadi pusakanira, lan pungkasaning bumi dadi darbekira.”(Jabur2:8). Ateges, abdinipun Gusti boten pareng ngandelaken kekiyatanipunpiyambak, ananging kedah tansah nyenyuwun pitulunganipun Gusti.Wonten ing gesang punika, kita ugi kaatag supados tansah kumandellan sumendhe dhumateng Gusti. Mekaten ugi ing salebeting ngupadipunapa ingkang dados kabetahan saben dintenipun. Punapa dene nalikangadhepi ruwet rentenging gesang, ampun ngantos namung ngendelakenkekiyatan piyambak. Dhawuh “sira nyenyuwuna” nandhesaken bilihpambudidaya kita kedah tansah kinanthenan pandonga. Ateges, tansahpitados lan mitadosaken gesang namung dhumateng Gusti. |*ERY
NINGALI PEPADHANG
“Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip” (Yokanan 8:12) Mangga kita bayangaken, menawi boten wonten pepadhang ing jagad punika. Kawontenanipun namung peteng lan temtu boten wonten pagesangan, awit titah ingkang gesang punika betahaken pepadhang. Pramila Gusti Allah damel pepadhang ing wiwitaning pakaryanipun (Purwaning Dumadi Wontenipun padhang nyagedaken tiyang kangge mirsani lan obah. Gusti Yesus nelakaken bilih Panjenenganipun punika saestu pepadhanging jagad. Gusti Yesus ugi paring prasetya, sok sintena ingkang ndherek Panjenenganipun, boten badhe dipun kuwaosi dening pepeteng awit Gusti badhe maringi padhanging gesang. Gusti Yesus sampun nindakaken kathah pakaryan ing satengahing jagad punika: paring piwucal yekti, nyirep prahara, nyarasaken tiyang sakit, nundhung demit, paring tedhi dhateng tiyang kathah, nelakaken katresnan dhateng tiyang ingkang ringkih lan papa. Bab punika dadosaken kathah tiyang sami pitaken bab sinten ta panjenenganipun punika ngantos saged nindakaken bab-bab kados mekaten. Gusti Yesus sampun nelakaken jatidhirinipun. Emanipun kathah ingkang boten pitados, mliginipun para pangarsaning agami Yahudi, kadosta tiyang-tiyang saking golongan Farisi. Para Farisi punika nampik paseksenipun Gusti Yesus, tumrap tiyang-tiyang punika, paseksinipun Gusti Yesus punika boten sah lan tanpa dhasar. Sadaya punika kalampahan amargi para Farisi punika njeksani namung miturut ukuraning manungsa (ayat 15). Pancen, saben tiyang ingkang namung ngginakaken nalar budi lan nampi paseksinipun Gusti kanthi ukuraning manungsa, temtu angel anggenipun badhe pitados dhumateng Sang Kristus. Ananing kita sami ingkang sampun pitados lan nampi Gusti Yesus, Sang Padhang punika, sumangga tansah gesang ing salebeting pepadhangipun Gusti. Nyirik piala, mbudidaya nindakaken dhawuhipun Gusti kanthi pitulunganipun Gusti. Amin. |*EW
SABDA INGKANG NGEWAHI GESANG
“Pangandika Paduka punika dilah wonten ing ngajengipun suku kawula, sarta pepadhanging margi kawula” (Jabur 119:105) Sakperangan saking kita temtu nate kekesahan ing wanci dalu kanthi ngginakaken pesawat. Nalika pesawat badhe mendarat, ketinggal kerlap-kerlip cahya saking dharatan. Lampu-lampu punika sanget anggenipun mbiyantu bapak Pilot ngarahaken pesawatipun supados saged mendarat kanthi wilujeng. Boten gampil kita mbayangaken kadospundi pilot pesawat saged mangertos landhasan kangge mudhun ing bandaea manawi boten wonten lampu-lampu punika awit kawontenanipun peteng. Cahya lampu punika nggadahi fungsi kangge madhangi lan nedahaken landasan ingkang leres kangge mudhunipun pesawat. Juru Masmur ngendikakaken bilih sabda pangandikanipun Gusti punika kadosdene cahya ingkang madhangi margi ingkang badhe tinempuh. Kanhti mekaten Juru Masmur badhe mangertos pundhi margi ingkang kedah dipun lampahi, lan kadospundi kawontenaning margi punika satemah piyambakipun saged tansah waspada lan tinebihaken saking memala. Inggih mekaten ugi Sabdanipun Gusti dados dilah kangge para kagunganipun Gusti. Sinaosa jagad punika peteng karada dosa, ananging Sabdanipun Gusti madhangi lampahing para kagunganipun. Sabdanipun Gusti dados panuntun ing margi ingkang kedah dipun lampahi satemah umat kagunganipun Gusti saged dumugi ing tujuaning gesangipun, inggih punika pinanggih tentrem raharja tetunggilan kaliyan Sang Rama ing swarga. Wonten wekdalipun margi ingkang kita lampahi punika peteng. Kita boten mangertos margi ing ngajeng kita punika kadospundi kawontenipun. Ing ngriku kita saestu betahaken cahya ingkang madhangi. Sabdanipun Gusti punika badhe mbiyantu kita, paring pitedah punapa ingkang prayogi kita lampahi. Ing ngriku sabdanipun Gusti paring raos tentrem lan ayem. Sabdanipun Gusti punika kadosdene lampu-lampu alit ingkang mitulungi pilot ndarataken pesawat kanthi slamet. |*EW
SANES PHP
“Manah kawula kawula adhepaken supados nglampahi pranatan Paduka, ing salaminipun ngantos dumugi ing wekasan.” (Jabur 119:112) Ing gesang padintenan mbok manawi kita nate mireng istilah Pemberi Harapan Palsu (PHP). Istilah punika gegayutan kaliyan wontenipun saperangann tiyang ingkang asring nglomboni sesaminipun. Contonipun kasus penipuan lumantar Handphone, paring pawartos bilih kita punika pikanthuk undian utawi hadiah kadosdene arta utawi mobil. Kathah tiyang ingkang dados korbanipun, sami kapusan, kintun arta kangge biaya administrasi ananging hadiahipun boten wonten. Wonten ugi apus-apus ing bab kesehatan, sami tawa obat utawi cara-cara pengobatan ingkang saged nyarasaken rupi-rupi sesakit, jebule namung lomboan kemawon. Sinaosa mekaten, nggih kathah tiyang ingkang kapusan, sesakitipun boten mantun, artanipun telas. Kenging punapa kathah tiyang sami kapusan? Amargi sami kepengin pikanthuk asil ingkang ageng kanthi cara-cara ingkang gampil utawi instan. Kathah ingkang kepengin sugih ananging boten purun rekaos nyambut damel. Kathah ingkang kepengin sehat ananging boten telatos anggenipun berobat lan njagi kesehatanipun. Ing jamanipun Juru Masmur tamtunipun ugi kathah tiyang ingkang remen goroh lan paring janji-janji palsu.Tiyang-tiyang punika njanjekaken punapa ingkang sae lan endah, ananging boten wonten wujudipun. Bab punika beda sanget kaliyan prasetyanipun Gusti. Gusti Allah paring pranatan kangge nuntun lampahing gesangipun manungsa supados manggihaken kabegjan lan karahayon ingkang sejati. Mila saking punika, Juru Masmur ngeneraken manah lan gesangipun kangge netepi pepaken-pepakenipun Gusti. Gesang ing satengahing donya ingkang kebak apus-apus punika pancen awrat. Ananging manawi kita tansah mbangun-turut dhumateng Gusti lan nglampahi pranatanipun temtu badhe tinebihaken saking sadaya rubeda, lan saged pinanggih tentrem raharja. |*EW
PEPADHANGING JAGAD
“Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.” (Mateus 5:16) Gusti Yesus nelakaken bilih para sakabatipun punika minangka pepadhanging jagad. Saestunipun pepadhanging jagad punika inggih Gusti Yesus piyambak. Piyambakipun ngendika “Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni pepadhanging urip” (Yokanan 8:12). Kawontenan kita minangka pepadhaning jagad punika kados rembulan ingkang mantulaken padhanging srengenge, utawi kados dilah ingkang pikantuk geni saking Gusti Yesus, sang sumber pepadhang. Dilah punika sanadyan padhangipun alit, nanging saged migunani lan dipun betahaken sanget ing satengahing pepeteng. Punapa ta ginanipun pepadhang ing gesang kita punika? Wontenipun pepadhang punika ndadosaken tiyang saged mirsani kawontenan ing sakiwa tengenipun. Kanthi wontenipun pepadhang, tiyang saged nglampahi rupi-ripu kegiyatan, saged maos, saged nyambut damel, saged olah raga, lan sanes-sanesipun. Wontenipun pepadhang ndadosaken tiyang rumaos ayem awit saged mirsani margi ingkang kedah dipun lampahi kanthi cetha, boten kuwatos badhe kesandhung utawi nubruk tembok. Pepadhang ugi dipun betahaken dening kewan dalan tetuwuhan. Gusti Yesus nimbali dan netepaken para pandherekipun dados pepadhanging jagad. Bab punika ngemot timbalan supados para para kagunganipun Gusti, kalebet kita punika mujudaken gesang ingkang migunani ing satengahing jagad. Kita tinimbalan nyunaraken cahyanipun Sang Kristus, inggih punika kayekten, kaadilan dalan katresnan ing satengahing donya ingkang peteng amargi dosa. Punapa kula dalah panjenengan sampun mujudaken gesang minangka pepadhang ing satengahing jagad punika? |*EW
MUNAFIK
05“Paring wangsulane: Ceples temen pamecane Nabi Yesaya ing ngatase kowe, heh, wong lamis! Sabab wis katulisan: Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kalawan lambe, nanging atine ngedohi Ingsun.” (Markus 7:6) Mochtar Lubis salah satunggaling jurnalis lan novelis nalika pidato ngendika bilih kathah manungsa ing Indonesia punika asipat hipokrit utawi munafik. Pidato punika lajeng dipun dadosaken buku ing Taman Ismail Marzuki ing tahun 1977. Tetembungan ingkang dipun ucapaken benten kaliyan punapa ingkang dipun tindakaken. Benten ing thuthuk, benten ing manah. Punika kinten-kinten gegambaran tiyang ingkang munafik. Rombonganipun tiyang Farisi lan ahli Taurat manggihi Gusti Yesus kangge ngunjukaken pitakenan bab tumindaking para sakabatipun Gusti. Para sakabat dipun anggep boten netepi adat istiadatipun para leluhur. Adat punapa ingkang dipun terak? Miturut Markus, para sakabat sami nedha kanthi tangan ingkang boten dipun wisuh. Awit wonten keyakinan manawi tanganipun najis, mila sedaya ingkang dipun dumuk ugi dados najis. Menawi tiyang nedha daharan ingkang najis, mila piyambakipun ugi dados najis. Mila wigati sanget astanipun dipun wisuh rumiyin. Nanging miturut Gusti Yesus, bab ingkang damel najising tiyang punika, sanes punapa ingkang lumebet ing cangkem, ananging punapa ingkang medal saking cakeming manungsa. Miturut tiyang Farisi lan ahli Taurat, ingkang kaanggep wigati punika punapa ingkang ketingal secara lahiriah. Ananging miturut Gusti Yesus, tiyang-tiyang punika namung kados tiyang Yahudi ing zaman Yesaya, ingkang secara lahiriah kemawon anggen ngibadah lan ngabekti dhumatrng Gusti kanthi thuthuk kamangka manahipun tebih saking Gusti. Wonten ing ngarsanipun Gusti, kawontenaning manah kita punika ingkang nemtokaken, awit manah punika sumberipun gesang. Awit punika, sumonggo tumindak lambpangucap kedah dipun tindakaken kanthi gumolonging manah.|*EW
KAWICAKSANAN SAKING NGALUHUR
“Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis” (Yakobus 3:16) Rasul Yakobus nandhesaken bilih sipat meri lan mung mikir awake dhewe punika saged ndadosaken risaking gesang sesarengan. Meri punika sipat boten rila ningali kawontenanipun tiyang sanes, boten seneng ningali kasaenanipun tiyang sanes. Krentegipun kadospundi supados tiyang sanes punika ampun ngantos langkung sae tinimbang piyambakipun. Manawi pranyata piyambakipun boten saged ngungkuli tiyang sanes, saged kemawon lajeng menghalalkan segala cara murih dhawah utawi gagalipun tiyang sanes. Sipat meri punika gandheng ceneng kaliyan sipat mung mikir awake dhewe lan boten preduli dhateng sesami. Sejatosipun saben manungsa mesthinipun nggadhahi raos meri lan pepenginan kangge nengenaken kepentinganipun piyambak. Ananging minangka para kagunganipun Gusti, prayogi kita tansah ngendhaleni dhiri supados boten dipun kuwaosi dening raos meri lan namung mikiraken badan kita piyambak. Lumantar seratipun rasul Yakobus, Gusti Allah nimbali kita supados gesang kanthi wicaksana. Kawicaksanan punika boten saged kaparingaken dening donya, amargi donya punika winengku dening hawa nepsu. Kawicaksanan punika asalipun saking ngaluhur, inggih punika saking Gusti Allah, kadosdene sinerat ing Kitab Wulan Bebasan 9:10, “Kawitane kawicaksanan iku wedi asih marang Sang Yehuwah, lan kawruh bab Kang Mahasuci iku budi.” Tiyang ingkang wicaksana punika tiyang ingkang ajrih asih lan ngabekti dhumateng Gusti. Manawi gesang kita namung mikiraken kepentingan kita piyambak, tegesipun boten ajrih asih dhumateng Gusti, boten ngabekti dhumateng Gusti, ananging nggugu pikajenganipun piyambak. Para pitados punika gesang ing patunggilanipun Gusti, pramila kedah tansah mujudaken gesang ingkang sembada lan wicaksana. Rasul Yakobus ngendika, “… kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.” (Yak.3:17). Sumangga sami nglampahi gesang kanthi wicaksana.|*ERY
