Sabtu, 07 Maret 2026 Waosan : Jabur 95 : 1 – 11 | Pamuji : KPJ. 159 – “Ing dinten iki kowe bok ya padha ngrungokake swarane! Sira aja mangkotake atinira.” (Ayat 7b-8a) NGABEKTI MRING GUSTI Ing mangsa Pra-Paskah punika, lampahing gesang kita minangka umat kagunganipun Gusti saged dipun sebat mlampah ing gesang suci. Artosipun lampah gesang ingkang kita tempuh, inggih punika tumuju dhateng pangapunten lan gesang enggal. Kita ugi dipun ajak sami niti priksa kahanan gesang kita, nggatosaken gesang kita, “Punapa gesang kita sampun trep kaliyan karsaning Gusti punapa dereng?” Kados pelayar ingkang mriksa lan ningali kompasipun nalika badhe mlampah tebih, kita kedah nglurusaken arah manah lan gesang kita tumuju dhumateng Gusti ing sadengah kahanan gesang kita. Kaserat wonten ing Kitab Jabur 95:7b-8a, “…ing dinten punika, menawi panjenengan sami mireng swantenipun, sampun ngantos wangkot manah panjenengan.” Ayat punika dados pitutur agung saking Gusti ingkang Maha Kuwaos. Gusti punika Sang Pangon ingkang nuntun umat-Ipun lumampah ing margi kawilujengan. Lan kita punika umat kagungan-Ipun Gusti ingkang dipun tresnani. Panjenenganipun tansah maringi pitedah sarta pangayoman dhateng kita. Ing mangsa Pra-Paskah punika, kita sami dipun engetaken dhateng pangurbananipun Gusti Yesus ing kajeng salib. Gusti Yesus sampun nebus dosa-dosa kita lan nuntun kita dhateng gesang langgeng ing swarga. Pangurbananipun dados pratandha katresnanipun Gusti ingkang tanpa winates, lan dados dhasar sadaya pangapuntening dosa lan kawilujengan ingkang kita tampi. Mila, kados pelayar ingkang ginakaken kompas salebeting pelayananipun, kita ugi ginakaken iman dhumateng Gusti supados lampah gesang kita boten kesasar. Mekatena kita ugi kedah ngabekti, mirengaken swantenipun Gusti kanthi setya. Swantenipun Gusti Yesus punika ingkang dados panuntun gesang kita supados mboten kesasar. Sampun ngantos kita wangkot ing manah tumrap dhawuhipun Gusti. Sumangga kita tansah nyelak dhumateng Gusti, setya ndedonga kanthi tulus, ngakeni dosa-dosa kita, lan wangsul dhumateng PanjenenganiPun. Mangsa Pra-Paskah punika wekdal kangge kita ngenggalaken manah supados gesang kita tansah miturut karsanipun Gusti ingkang Maha Suci. Amin. [Prist] “Ngabekti mring Gusti, tentreming ati.”
TUHAN TAHU
Jumat, 06 Maret 2026 Bacaan : Keluaran 16 : 9 – 21 | Pujian : KJ. 471 – “Aku telah mendengar sungut-sungut orang Israel. Katakanlah kepada mereka: Pada waktu senja kamu akan makan daging dan pada waktu pagi kamu akan kenyang makan roti, sehingga kamu akan mengetahui bahwa Akulah TUHAN Allahmu.” (Ayat 12) TUHAN TAHU “Saat kau perlu, Tuhan tahu, Saat kau minta, Tuhan dengar, Saat percaya, Tuhan bekerja Saat menangis, Tuhan tahu, Saat berdoa, Tuhan dengar, Saat bersyukur, Tuhan berkati.” Demikian penggalan lagu yang berjudul “Tuhan Tahu” yang dipopulerkan oleh Melitha Sidabutar, Clarisa Dewi, Alvin Christian dan Ps. Lukas Kusuma. Lagu ini mengingatkan kita bahwa kasih dan pemeliharaan Tuhan hadir dalam setiap musim hidup kita, bahkan dalam berbagai suasana hidup kita. Mari kita merenungkan kembali kisah perjalanan bangsa Israel. Setelah keluar dari Mesir, mereka menempuh perjalanan panjang, melewati padang gurun yang tandus, sementara perbekalan mereka semakin menipis. Tidak sedikit di antara mereka mengalami krisis iman dan meragukan kasih pemeliharaan Tuhan. Namun di tengah krisis iman yang hebat itu, Tuhan tidak tinggal diam. Tuhan tahu, Tuhan dengar, dan Tuhan bekerja. Tuhan memberikan Manna dan Burung Puyuh sebagai makanan mereka di tengah perjalanan berat yang mereka tempuh. Manna dan Burung Puyuh ini bukan hanya tanda pemeliharaan jasmani bagi bangsa Israel, tetapi juga wujud pemeliharaan rohani bagi mereka. Pengalaman berjalan di padang gurun barangkali juga sedang kita alami saat ini. Saat kita sedang bergumul dengan berbagai tekanan hidup kita masing-masing, dalam kesepian, dalam pergumulan kesehatan, bahkan kegelisahan akan masa depan. Langkah perjalanan itu terasa semakin berat dan bahkan harus terhenti. Akhirnya kita bertanya “Apakah Tuhan masih peduli?” Di tengah pergumulan itu, mari kita percaya bahwa Tuhan tahu, Tuhan dengar, dan Ia tetap bekerja, bahkan saat kita tidak melihat-Nya. Apalagi kita tahu Tuhan Allah telah memberikan Sang Kristus sebagai “Roti Hidup” yang tidak pernah berkesudahan mengasihi kita. Roti hidup itulah yang membangkitkan harapan kita untuk melanjutkan kembali langkah kita yang sempat terhenti itu. Selamat melanjutkan perjalanan di tengah padang gurun hidup masing-masing dan selamat menikmati Roti Hidup yang Tuhan sediakan. Amin. [RAL]. “Akulah roti hidup, barangsiapa datang kepada-Ku, ia tidak akan lapar lagi, dan barang siapa percaya kepada-Ku, ia tidak akan haus lagi.” – Yoh 6:35.
RESIK-RESIK OMAH ROHANI
Kamis, 05 Maret 2026 Waosan : Kolose 1 : 15 – 23 | Pamuji : KPJ. 84 – “Marga saka iku kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh, lan aja nganti nyleweng saka ing pangarep-areping Injil kang wus padha kokrungu, …” (Ayat 23) RESIK-RESIK OMAH ROHANI Wonten satunggaling griya alit ing pinggir desa, jendhela ingkang rumiyin bening lan saged kangge ningali cahya srengenge, sapunika kabur amargi rereged lan debu. Wonten bocah alit naminipun Dido ingkang saben enjang nengga srengenge mlebet. Biasanipun cahya srengenge punika endah nalika mlebet saking jendhela. Nanging sapunika mboten katingal jelas amargi kathah debunipun. Lajeng Dido nyuwun tulung dhateng simbahipun. Simbahipun lajeng ngendikan, “Kowe pengin weruh padhange srengenge? Resikna dhisik jendhelane.” Lajeng Dido nyiram jendhela punika kalih toya lan dipun lap kalih kain. Sasampunipun bening, cahya srengenge saged mlebet lan griya punika dados sumunar lan anget. Ing waosan Kolose punika, Rasul Paulus ngetingalaken kamulyanipun Sang Kristus minangka gegambaraning Gusti Allah ingkang mboten katingal. Ing ayat nats kita kasebataken, “Marga saka iku kowe kudu padha mantep ing pracaya, tetep santosa ora keguh, lan aja nganti nyleweng saka ing pangarep-areping Injil kang wus padha kokrungu, …”. Ayat punika nedahaken supados kita mangertosi agung lan wicaksananipun Gusti Allah. Kita kedah gesang enggal ing Gusti. Kita kedah nglajengaken gesang ing pangandel, dados tiyang ingkang ngugemi kabecikan, sarta sumadya mulihaken “Padalemanipun Gusti”. “Padalemanipun Gusti” ingkang dipun maksud punika sanes papan pangibadah, nanging gesang kita piyambak ingkang dados greja. Kita ingkang kaparingan Roh Suci, mila salebeting gesang, kita kedah nebihi tumindak dosa. Mratobat punika dados dhasar pamulihan gesang kita. Dosa ingkang ndadosaken kita tebih kaliyan Gusti kedah dipun singkiraken. Pamulihan “Padalemanipun Gusti” kedah kita lampahi kanthi setya, tresna, lan pangandel. Kita undang Gusti Yesus rawuh wonten ing satengahing gesang kita. Nalika kita mratobat lan mbangun malih ‘Padalemaning Gusti’, tegesipun kita nindakaken peran dados duta katentreman lan katresnan, lumantar sih-rahmatipun Sang Kristus. Sumangga kita mratobat lan mbangun malih ‘Padalemanipun Gusti’ ing salebeting gesang kita. Mboten namung papan pangibadah, nanging sadaya lelampahan gesang kita dados seksi bilih Sang Kristus punika Juruwilujeng kita ingkang sejati. Amin. [GSC]. “Yen kowe mulih marang Gusti, omah rohanimu bakal dipulihake.”
HATI YANG BARU
Rabu, 04 Maret 2026 Bacaan : Yehezkiel 36 : 22 – 32 | Pujian : KJ. 158 ——————————————————————————————————————– “Aku akan memberikan kepadamu hati yang baru dan roh yang baru dalam batinmu. Aku akan menyingkirkan dari tubuhmu hati yang membatu dan memberikan kepadamu hati yang lembut.” (Ayat 26) HATI YANG BARU Bagaimanakah perasaan saudara ketika mendapatkan motor baru dari orang tua? Tentu sebagai anak, kita akan merasa senang dan gembira, karena orang tua kita membelikan motor baru untuk menunjang aktivitas keseharian kita, baik untuk ke sekolah, gereja, atau ke tempat yang lain. Yang menarik, orang tua akan berpesan, “Tolong motornya dijaga dan dirawat dengan baik. Pergunakan motor ini dengan bijak sebagai sarana penunjang aktivitasmu yang positif.” Hal ini wajar karena setiap orang tua akan memberikan yang terbaik demi anak yang ia kasihi. Bacaan perikop kita pada hari ini menekankan janji keselamatan dan pemulihan dari Tuhan Allah kepada bangsa Israel. Melalui nabi Yehezkiel, Tuhan Allah memberikan pengharapan kepada umat-Nya, bahwasanya mereka akan selamat dan dipulihkan. Itu bukanlah karena usaha mereka sendiri, tetapi itu adalah anugerah Allah. Sekalipun Israel dihukum oleh Tuhan Allah, namun Tuhan Allah tetapi mengasihi mereka. Karena itu disebutkan dalam nats kita, Allah memberikan hati yang baru dan roh yang baru dalam kehidupan mereka (Ay. 26). Allah tidak hanya memulihkan secara jasmani saja tetapi juga memulihkan rohani mereka. Tuhan Allah menghendaki agar Bangsa Israel hidup dalam ketaatan dan kesetiaan pada kehendak Allah, sebab Allah tidak pernah lalai akan janji-Nya. Dan Israel akan selalu menjadi umat-Nya. Kisah pembaruan dan pemulihan Israel di atas menjadi gambaran tentang cinta kasih Allah yang luar biasa dalam kehidupan umat-Nya. Inilah yang kita rasakan sebagai umat Allah, kita hidup karena ada pengampunan, pemulihan, dan pembaruan dari Allah. Tuhan Allah memberikan kita hati yang baru, yaitu hati yang senantiasa terarah pada-Nya, hati yang taat dan setia pada-Nya. Masa Pra Paskah saat ini mengajak kita untuk merasakan bahwa Tuhan selalu dekat dengan kita. Ia memanggil kita untuk bertobat, kembali kepada-Nya. Mari kita mengingat janji Tuhan ini, hendaknya kita hidup dengan hati yang baru. Hati yang kita jaga agar tidak tercemar dari perbuatan dosa. Sebab hanya dengan hati yang barulah kita layak disebut sebagai umat-Nya, anak-anak Allah yang hidup seturut kehendak-Nya. Amin. [AR]. “Hati yang baru menuntun langkah hidup kita menuju pada kebenaran dan hidup.”
NAMUNG KARANA GUSTI
NAMUNG KARANA GUSTI Selasa, 03 Maret 2026 Waosan : Rum 4 : 6 – 13 | Pamuji : KPJ. 59 ——————————————————————————————————————– “Rahayu wong kang kaluputane ora kaetang dening Gusti Allah.” (Ayat 8) Kathah manungsa ingkang sombong wonten ing donya. Manungsa asring tumindak awon wonten ing donya. Lajeng manungsa nggadah pemanggih bilih sadaya prekawis ingkang awon ingkang sampun dipun lampahi saged dipun tutupi kanthi nindakaken prekawis ingkang becik. Kados-kados manungsa saged nebus dosanipun piyambak. Kathah manungsa supe bilih kawilujengan punika awit saking sih rahmatipun Gusti Allah sanes saking sadaya kabecikanipun manungsa. Kados dene piwucalipun rasul Paulus dhateng pasamuwan ing Rum. Rasul Paulus ngengetaken bab kawilujengan lan sih pangapuntening dosa ingkang dipun tampi dening manungsa, punika sanes krana tumindak becikipun manungsa. Sadaya punika kelampahan krana sih rahmatipun Gusti Allah ingkang nresnani manungsa lumantar seda lan wungunipun Sang Kristus ing kajeng salib. Sadaya titah saged nampi pangapunten dosa bilih Gusti ngersakaken, sanes krana pambudidayanipun manungsa piyambak. Rasul Paulus paring piwucal ingkang mekaten supados para tiyang Kristen Yahudi mboten rumaos langkung inggil tinimbang sanesipun, ugi supados nggadhah sikep andap asor. Langkung-langkung para tiyang Kristen Yahudi punika saged sadar bilih sadaya pangluwaran dosa punika namung karana Gusti Allah lumantar Gusti Yesus Kristus. Sampun ngantos kita kados tiyang Yahudi enggal ing wanci samangke, awit kita nggadhah pamanggih sikep awon lan dosa saged dipun tutupi kanthi tumindak ingkang becik. Lumantar pepengetipun Rasul Paulus, kedahipun kita mangertos bilih pangapunten dosa punika namung saking Gusti Allah lumantar Sang Kristus. Tumindak becik ingkang kita tindakaken punika dados wujuding saos sokur kita dhumateng Gusti, awit kita sampun dipun tebus saking sakathahing dosa kita. Sampun ngantos klintu, kita tumindak becik punika sanes kangge nutupi tumindak awon kita, nanging tumindak becik punika wujuding saos sokur kita ing ngarsanipun Gusti ingkang ngapunten dosa-dosa kita. Amin. [roge]. ”Tumindak becik sarana saos sokur.”
40 HARI MASA PRA PASKAH : PERJALANAN DI PADANG GURUN
Senin, 02 Maret 2026 Bacaan : Bilangan 21 : 4 – 9 | Pujian : KJ. 183 ——————————————————————————————————————– “Lalu mereka berkata-kata melawan Allah dan Musa, ‘Mengapa kamu memimpin kami keluar dari Mesir, supaya kami mati di padang gurun ini? Sebab, di sini tidak ada roti dan tidak ada air. Kami muak dengan makanan hambar ini.” (Ayat 5) Momen Pra Paskah khususnya ketika menjalani 40 hari berpantang rasanya seperti berjalan di padang gurun. Selama 40 hari kita diajak untuk berpantang, menahan diri dari hal-hal yang menyenangkan dan perlahan menjauh dari kenyamanan. Rasanya berat, melelahkan, bahkan kadang membuat kita bertanya untuk apa semua ini? Bilangan 21:4–9 menceritakan umat Israel yang bersungut-sungut saat berjalan di padang gurun. Mereka muak dengan makanan yang Tuhan berikan, bahkan mereka menganggap remeh makanan roti Manna, jenuh dengan perjalanan panjang, dan kehilangan arah (Ay. 5). Di tengah keluhan itu, datanglah ular-ular berbisa yang mematikan (Ay. 6). Namun ketika mereka menyesali sikap mereka dan kembali kepada Tuhan, Tuhan menyuruh Musa membuat ular tembaga dan menggantungkannya tinggi, siapa pun yang memandang ke atas akan sembuh (Ay. 8). Kisah ini tidak hanya tentang kemarahan Tuhan, melainkan tentang hati Tuhan yang ingin umat-Nya belajar melihat lebih dalam. Ular tembaga itu bukan sekadar alat penyembuhan, melainkan simbol pengalihan pandangan: dari keluhan ke kepercayaan, dari luka ke pengharapan. Dalam terang Kristus, kita melihat bahwa ular tembaga itu melambangkan salib, tempat di mana Yesus tergantung untuk menyembuhkan luka terdalam manusia. Masa Pra Paskah seperti perjalanan bangsa Israel, dimana Tuhan menarik kita keluar dari kebiasaan yang meninabobokan, lalu menempatkan kita dalam ketidaknyamanan yang menyucikan. Berpantang bukan hukuman, tetapi undangan untuk membersihkan diri dari hal-hal yang membelenggu, yaitu ego, kesenangan sesaat, dan dosa. Namun sering kali kita tidak menyadari hal ini, kita sering mengeluh, bersungut-sungut, ingin kembali ke “Mesir”, tempat nyaman tetapi memperbudak. Padahal Tuhan sedang membentuk kita menjadi baru. Ia tidak membiarkan kita mati di tengah perjalanan. Ia menanti kita menengadah dan memandang-Nya. Maukah kita berhenti bersungut-sungut dan mulai memandang kepada Kristus? Saat ini mungkin terasa berat, namun justru dalam ketidaknyamanan itulah Tuhan sedang membersihkan kita untuk hidup baru, yang tidak lagi bergantung pada dunia, tetapi memandang hanya pada salib-Nya. Amin. [MEA]. “Justru di padang gurun kehidupanlah, kita paling merasakan kehadiran Tuhan dan pemulihan-Nya.”
GESANG ENGGAL
Minggu, 01 Maret 2026 Waosan : Yokanan 3 : 1 – 17 | Pamuji : KPJ. 158 ——————————————————————————————————————– “Gusti Yesus mangsuli, pangandikane: “Satemen-temene pituturKu ing kowe: Wong manawa ora kalairake maneh mesthi ora bisa weruh Kratoning Allah.” (Ayat 3) Kita asring manggihaken ewah-ewahaning gesang, kados bab kawontenan badan lan gesang kita. Singen taksih enem lan rosa, samangke rikmanipun sampun pethak lan ringkih ing badan. Singen rekaos ngupadi sandang lan tedha, samangke kawontenanipun sampun mapan. Singen menawi badhe ngertakaken kabar kedah ngintun layang lewat pos, nanging samangke teknologi sampun canggih kantun videocall kemawon. Mangsa inggih ugi ewah, wonten mangsa rendheng lan ugi mangsa katiga. Sadaya badhe nglampahi ewah-ewahaning gesang, kantun ewah-ewahan punika tumuju dhateng kawontenan gesang ingkang langkung sae punapa langkung awon, kawontenan gesang ingkang langkung celak kaliyan Gusti punapa langkung tebih saking Gusti. Waosan kita nyariosaken tiyang Farisi ingkang dalu-dalu seba dhateng Gusti Yesus, naminipun Nikodemus. Kita asring manggihi katah para tiyang Farisi ingkang sengit kaliyan Gusti Yesus, nanging Nikodemus purun sowan dhateng Gusti Yesus. Piyambakipun pitados bilih punapa ingkang dipun wucal Gusti Yesus lan mujizat ingkang dipun tindhakaken dening Gusti Yesus punika saking Gusti Allah. Nanging piyambakipun taksih penasaran sinten ta sejatosipun Gusti Yesus punika. Nikodemus minangka imam Yahudi tamtu kagungan pamanggih ingkang sae bab kitab para nabi, nanging piyambakipun rumaos kewetan mangertosi piwulangipun Gusti Yesus bab lair kapindho. Ing ngriki Nikodemus kaajak pitados bilih Gusti Yesus punika Putraning Allah, Sang Masih ingkang rawuhipun sampun dangu dipun antu-antu dening para tiyang Yahudi. Sang Masih ingkang paring pitulungan tentrem rahayu kangge jagad lan ingkang saged bekta para umat kagunganipun Gusti nampi kawilujengan gesang langgeng (Ay. 16-17). Lair kapindho punika sanes lair sacara kajasmanen, nanging lair malih sacara karohanen. Lair kapindho inggih punika gesang kita ngetingalaken ewah-ewahan ingkang langkung sae ing salabeting manah lan pangertosan. Kita kedah nilar gesang lami, tumuju dhateng gesang enggal, gesang ingkang tansah dipun kanthi dening Roh Suci. Ewah-ewahaning donya punika mboten saged kita selaki, nanging gesang enggal miturut karsanipun Gusti, punika ingkang kedah kita lampahi. Amin. [M@ul]. “Gesang enggal saged nyata nalika kita nyuwun Roh Suci makarya.”
JUJUR PUNIKA AJUR?
“Padha ngrungokna Ingsun, he sira kang padha sumurup marang ing kabeneran, he bangsa kang nyimpen piwulangSun ana ing sajroning atinira! Aja padha wedi manawa padha kawewada dening manungsa lan aja padha kaget manawa kaala-ala.” (Yesaya 51:7) “Jujur iku ajur”. Tembung punika asring ndadosaken tiyang nglokro, ajrih lan kuwatos manawi badhe jujur. Mila kathah ingkang lajeng tumindak boten jujur. Pancen, ing gesang padintenan asring kelampah, tiyang ingkang jujur lampahipun kadosipun kok malah rekaos gesangipun. Wonten ugi tiyang jujur ingkang lajeng dipun sengit ngantos dipun singkiraken dening tiyang sanes. Kedadosan-kedadosan ingkang kados mekaten sangsaya damel semplah lan ndadosaken pesimis. Ananging punapa leres tiyang jujur punika mesthi badhe ajur? Pangandikanipun Gusti lumantar Nabi Yesaya, nandhesaken bilih Gusti Allah ngersakaken umatipun tansah tuhu setya lumampah lan nindakaken kabeneran. Pancen, kangge nindakaken bab punika kathah pepalangipun. Ananging Gusti Allah ngiyataken umatipun supados ampun ngantos ajrih dhateng manungsa. Sinaosa dipun pitenah lan dipun sengit dening tiyang sanes, umatipun Gusti ampun ngantos giris. Sejatosipun, daya kekiyataning manungsa punika boten langgeng, kosokwangsulipun panguwaosipun Gusti Allah punika langgeng salami-laminipun. Inggih namung Gusti Allah ingkang kagungan panguwaos mengku gesang lan pejah, namung Gusti Allah ingkang saged milujengaken. Payo sami mbudidaya tumindak jujur lan lumampah ing marginipun Gusti, tansah tatag mbelani kabeneran lan kaadilan. Punika gesang ingkang aji wonten ing ngarsanipun Gusti. Kita katimbalan ngabekti lan ngaosi Gusti Allah nglangkungi raos urmat lan ajrih kita dhateng manungsa. |*EW
PANGAPUNTEN
“Marga kabeh wong wis padha gawe dosa sarta koncatan ing kamulyaning Allah, lan padha kabenerake kanthi lelahanan awit saka sih-rahmate lumantar panebuse Sang Kristus Yesus” (Rum 3:23-24) “Saha Paduka mugi ngapunten kalepatan kawula, kadosdene kawula inggih ngapunten tetiyang ingkang kalepatan dhateng kawula.” Punika salah satunggaling perangan saking Donga Rama Kawula. Tuwuh pitakenanipun, ing gesang kita padintenan ingkang nyata, punapa kita saestu purun ngapunten tiyang ingkang lepat dhateng kita? Swawi kita raos-raosaken malih, kita galih malih kanthi temen. Minangka umat tebusanipun Gusti, prayogi kita tansah caos sokur dhumateng Gusti Yesus awit Panjenenganipun sampun paring pangapuntening dosa. Sedaya punika sampun kita tampi karana sih-rahmatipun Gusti Yesus. Rasul Paulus nandhesaken bilih para pitados punika sampun nampi sih rahmatipun Gusti kanthi lelahanan. Palimirmanipun Gusti ingkang agung punika prayogi tansah mbereg kita kangge mbikak korining manah lan purun ngapunteni sesami. Tamtu prekawis punika boten gampil katindakaken, awit kita taksih nggadhahi sipat egois. Kadangkala rumaos bilih kita ingkang bener piyambak lan tiyang sanes ingkang lepat. Kita nuntut tiyang sanes nyuwun pangapunten langkung rumiyin, lajeng kita badhe ngapunten tiyang punika. Kita asring kesupen bilih kita ugi nate damel lepat dhateng sesame lan gesang kita boten sampurna wonten ing ngarsanipun Gusti. Dinten punika kita kaengetaken malih bab pangapuntening dosa, swawi kita mboten namung nyuwun dhumateng Gusti Yesus supados sedaya dosa lan kalepatan kita dipun apunteni. Ananging, sumangga kita tansah ngapunten tetiyang ingkang lepat dhateng kita kanthi tulusing manah, kanthi ikhlas lan legawa. Sarana tumindak mekaten saestu kita saged ngraosaken tentrem rahayu ingkang wetah saking Gusti. |*EW
DADOS TULADHA
“Amarga aku kelingan marang pracayamu kang tulus eklas, yaiku pracaya kang biyen wus dumunung ana ing embahmu Lois lan ibumu Eunike apadene kang manut keyakinanku uga dumunung ana ing kowe.” (2 Timoteus 1 :5) Timoteus punika salah satunggaling muridipun rasul Paulus ingkang kaanggep minangka putranipun secara rohani. Sinaosa tiyang sepuhipun Timoteus, inggih punika bapakipun punika sanes tiyang pitados, ananging ingkang ibu lan ingkang eyangipun punika pendherekipun Gusti Yesus. Kapitadosan lan kasetyanipun ibu Eunike lan eyang Lois punika dados bab ingkang wigati tumrap gesangipun Timoteus. Saklajengipun, Timoteus ppunika saged tuwuh ing kapitadosanipun dhumateng Gusti Yesus. Punapa malih saksampunipun pepanggihan lan sinau saking rasul Paulus. Timoteus punika dados abdinipun Gusti ingkang sembada. Cariyos bab gesangipun Timoteus, ibu Eunike lan eyang Lois punika nandhesaken wigatosing patuladhanipun tiyang sepuh tumrap putra wayahipun. Kitab Suci nelakaken bilih Gusti Allah punika paring dhawuh supados tiyang sepuh nggulawentah anak-anakipun miturut angger-anggeripun Gusti, “Tembung-tembung kang diprentahake marang kowe ing dina iki, iku padha gatekna, lan padha wulangna bola-bali marang anak-anakmu …” (Pangandharing Toret 6:6-7). Ing salebeting memulang lan nggulawentah anak putu punika, mesthinipun boten namung kanthi pitembungan, ananging ugi kanthi tumindak ingkang nyata. Kapitadosan lan sikep gesangipun tiyang sepuh prayogi dados tuladha tumrap putra wayahipun. Emanipun, taksih kathah tiyang sepuh ingkang nglirwakaken dhawuhipun Gusti. Taksih kathah tiyang sepuh ingkang namung ngendelaken tiyang sanes (guru/sekolah, pandhita/greja) kangge nggulawenthah anakipun. Pancen sekolah lan greja ugi dados sarana kangge ndhidhik lan nggulawentah lare, ananging tanggel jawab ingkang utami punika kadhawuhaken dhateng para tiyang sepuh. Sumangga budidaya dados tuladha ingkang nyata kangge anak putu kita ing bab kapitadosan lan kasetyan dhumateng Gusti kita. Amin. |*ERY
