Slasa, 13 Oktober 2026 Minggu Limrah Amos 9:5-15; Jabur 34; Filipi 3:13-4:1 ”INGKANG SAMPUN KALAMPAHAN SANES PAMBENGAN” ”nanging iki kang daklakoni: kalawan nglalekake apa kang wus ana ing buriku lan manglung marang apa kang ana ing ngarepku, aku mburu marang tujuan supaya oleh ganjaran, yaiku timbalan kaswargan kang saka ing Gusti Allah ing sajrone Sang Kristus Yesus” (Fil 3:14) ————————————————————————————————————————– Sinten ingkang saged ngambali malih wekdal ingkang sampun kalampahan? Boten wonten manungsa ingkang saged. Boten wonten titah ing jagad punika ingkang saged wangsul malih ing wekdal ingkang sampun kalampahan. Mila punika, wonten tetembungan ingkang mratelakaken supados nggemeni wekdal, utawi ngginakaken wekdal kanthi prayogi mumpung taksih kaparingan wewengan. Asring manungsa rumaos kuciwa amargi wonten prekawis ingkang kalampahan lan boten laras kaliyan pepenginanipun. Nalika ngalami ingkang kados makaten, kita gampil nglepataken dhiri pribadi, ugi saged nglepataken tiyang sanes. Kamangka, punika namung babagan raos getun amargi boten saged ngambali wekdal malih. Filipi 3:14 ngemutaken kita sedaya bilih saben tiyang temtu kagungan bab-bab ingkang dereng sampurna ing wekdal ingkang sampun kalampahan. Ananging Rasul Paulus memulang supados kita boten ndadosaken bab punika minangka pambengan ngestokaken timbalan gesang saking Gusti. Rasul Paulus pitados bilih Gusti Allah nimbali manungsa ndherek wonten ing pakaryan kawilujengan punika boten adhedhasar bab-bab ingkang sampun kalampahan, ananging babagan sinten ingkang samekta. Rasul Paulus piyambak ing wiwitan nggadahi peranganing gesang ingkang boten mranani ing Gusti. Pranyata, punika mboten mambengi Gusti Allah anggenipun kepareng nimbali Rasul Paulus dados sarana Injil Kratoning Allah sumrambah ing bumi. Saben tiyang temtu gadah bab-bab ingkang dereng rampung ing wekdal kepengker. Ananging sampun ngantos bab punika dados pambengan tumrap kita. Ingkang wigati inggih punika, sanes menapa ingkang sampun kelampahan ing wekdal kepengker, ananging punapa kita samekta ngowahi dhiri kangge wekdal ingkang badhe kelampahan. |*WAS
”KAWIGATOSAN DHATENG SESAMI”
Senen, 12 Oktober 2026 Minggu Limrah Pangentasan 19:7-20; Jabur 34; Yudas 1:17-25 ”KAWIGATOSAN DHATENG SESAMI” ”Welasana wong-wong kang isih mangu-mangu. Wong iku padha entasna srana karebut saka ing geni” (Yudas 1:22-23a) ————————————————————————————————————————– Jaman punika sangsaya majeng ananging manungsa karaosaken sangsaya boten preduli (cuek) dumateng sesaminipun. Kedahipun teknologi punika saged ngraketaken pasedherekan lan mbiyantu kangge sesambetan kaliyan ingkang mapan ing katebihan. Ing kasunyatanipun, media sosial boten dados sarana mangun pasrawungan malih, ananging dados sarana kangge pamer lan ngagul-agulaken kawontenanipun piyambak. Kawigatosan dhateng tiyang sanes kaanggep minangka “pelanggaran privasi”. Menawi kados makaten, kadospundi kita saged nelakaken katresnan kita dhateng sesami? Yudas 1:22-23a mbereg kita sadaya supados purun migatosaken sesami kita. Perkawis punika wigatos awit kawontenaning donya wekdal samangke ndadosaken tiyang gampil kapilut dening rohing kadonyan ingkang nebihaken saking Gusti Allah. Timbalan tiyang pitados inggih punika ngiyataken sesami ingkang taksih mangu-mangu lan ngemutaken ingkang nindakaken kalepatan. Ngemutaken ingkang nindakaken kalepatan ateges kita sampun ngemutaken tiyang punika supados nebih saking paukuman langgeng ing tembe wingking. Tiyang pitados tinimbalan supados andum katresnan srana migatosaken kawontenaning sesami. Menawi ita namung mendel kemawon kepara malah mboten perduli dhateng kawontenan sesami- ateges kita boten andum katresnan. Kita saged kemawon ngaturaken maneka warni pawadan supados boten prelu migatosaken sesami kita. Ananging punapa katresnan punika saged kalampahan tanpa kawigatosan? Taksih kathah tiyang ingkang lumampah ing marginipun kadurakan, lan kita ingkang kedah ngemutaken bab punika. Taksih kathah tiyang ingkang mangu-mangu lan mbetahaken katuntun dhateng margi ingkang sejati. Taksih kathah malih tiyang ingkang mbetahaken pitulungan, lan kita boten saged mitulungi tanpa paring kawigatosan dhateng sesami kita. | WAS
SITHIK KANG PINILIH
Ahad, 11 Oktober 2026 Minggu Limrah Yesaya 25:1-9 ; Jabur ; Filipi 4:1-9; Mateus 22:1-14 SITHIK KANG PINILIH “Sabab akeh kang tinimbalan, nanging mung sathithik kang pinilih” (Mateus 22:14) ————————————————————————————————————————– Dados pandhita punika tamtu pilihan gesang ingkang boten gampil. Sinaosa pandhita asring kawastanan minangka abdinipun Allah ingkang saking lesanipun mijil pangandikanipun Allah, ananging pranyata boten kathah ingkang nyamektakaken dhiri dados pandhita. Wonten ing sekolah Teologia kemawon, boten sedaya lulusanipun lajeng dados pandhita sinaosa ing pawiyatan punika sampun sinau sedaya babagan mranata gesang peladosan ing gereja. Panci leres bilih kathah ingkang nampi timbalan, ananging namung sakedhik ingkang saestu pinilih. Injil Mateus 22:1-14 nyariyosaken pasemon bab pahargyan manten satunggaling ratu. Ananging pranyata ingkang dipun ulemi boten wonten ingkang rawuh kanthi pawadanipun piyambak-piyambak. Lajeng sang nata dhawuh supados madosi tiyang-tiyang ing margi lan dipun aturi nderek ing pahargyan punika. Ingkang suwaunipun dipun ulemi malah boten saged ndherek mlebet suka bingah ing pahargyan punika. Kepara malah ingkang suwau boten nampi uleman ananging sumadya rawuh nyengkuyung ingkang ndherek suka bingah ing pahargyan punika. Ingkang nampi timbalan ananging suwala lan boten samekta boten badhe nampi kanugrahan kapiji minangka peladosipun Gusti. Bab punika boten namung tumrap peladosan minangka pandhita, ananging sedaya peladosan ing jagad punika. Saben tiyang Kristen katimbalan kangge ndherek lelados miturut kesagedanipun piyambak-piyambak. Ananging pranyata boten sedaya tiyang Kristen sumadya ngestokaken timbalan punika kanthi maneka warni pawadan. Boten preduli kapan lan wonten pundi kita tinimbalan, wusananipun ingkang ndherek ing kamulyanipun Sang Nata namung ingkang samekta. |*WAS
INTERGENERASIONAL
Setu, 10 Oktober 2026 Minggu Limrah Yesaya 24:17-23 ; Jabur 23; Markus 2:18-22 INTERGENERASIONAL ”Mangkono uga ora ana wong kang ngisekake anggur anyar ing impes lawas, amarga yen mangkono anggure bakal ngamohake impes mau, satemah anggure lan impese loro-lorone bakal tanpa guna” (Markus 2:22) ————————————————————————————————————————– Wonten ing gesang pasamuwan gereja, satunggal prekawis ingkang asring awrat katindakaken, inggih punika: pados pradata ingkang anyar. Nalika dumugi wancinipun wonten pradata ingkang lereh lan kedah pados gantosipun, langkung kathah ingkang suwala tinimbang sumadya. Kenging punapa kalampahan kados makaten? Awit wonten pamanggih ingkang kirang trep antawisipun ingkang sepuh lan ingkang enem. Ingkang sepuh ngandika “golek sing enom, ben regenerasi”, dene ingkang enem matur “ingkang sepuh mawon, ingkang langkung wasis anggenipun mranata peladosan”. Wusananipun, pradata ngadhepi kangelan kangge pados gantos Pinisepuh lan Diaken. Punapa ingkang sepuh lan ingkang enem punika boten saged leladi sesarengan? Temtu kemawon saged katindakaken tanpa ngicali perangan ingkang sipatipun wigatos tumrap generasi punika. Patrap punika kawastanan peladosan intergenerasional, inggih punika peladosan lintas generasi. Tuladha kemawon, ingkang enem ngginakaken tenaga lan teknologi kangge lelados, dene ingkang sepuh ngginakaken pengalaman lan kawicaksanan anggenipun lelados. Boten wonten ingkang langkung inggil utawi asor amargi sedaya jumbuh kaliyan kawontenanipun. Markus 2:22 negesaken bilih panci ingkang sepuh lan enem punika boten saged nunggil menawi kawontenanipun dipeksa kedah sami. Ananging ingkang enem lan sepuh saged nunggil ing peladosan intergenerasional kanthi migatosaken kawontenan lan kabetahan ingkang enem lan ingkang sepuh kanthi premati. Sinode GKJ sampun wiwit ngatag gereja-gereja supados nindakaken peladosan intergenerasional punika. Ingkang enem lan sepuh saged nunggil sesarengan ing peladosan ingkang gayeng! |*WAS
NGASORAKEN DHIRI
Jemuwah, 9 Oktober 2026 Minggu Limrah Yesaya 22:8b-14 ; Jabur 23; Yakobus 4:4-10 NGASORAKEN DHIRI “Asorna badanmu ana ing ngarsane Pangeran, sarta Panjenengane bakal ngluhurake kowe” (Yakobus 4:10) ————————————————————————————————————————– Kita tamtu sarujuk kaliyan pamanggih bilih gumunggung punika sipat ingkang boten prayogi. Nalika satunggaling tiyang gadhah sikep gumunggung, tiyang punika badhe dipun tebihi kaliyan rencangipun. Sikep gumunggung punika boten prayogi amargi gumunggung punika sengaja ngagul-agulaken dhirinipun lan ngasoraken tiyang sanes ingkang boten sami kaliyan piyambakipun. Satemah perkawis punika ndadosaken pasrawungan karaos boten sekeca. Emanipun, wonten kemawon manungsa ingkang taksih remen tumindak kados mekaten namung kangge mbujeng kemaremanipun piyambak. Serat Yakobus 4:10 kanthi cetha paring piwucal bab wigatosipun sikep lan tumindak ngasoraken dhiri. Kenging punapa tiyang ingkang ngasoraken dhiri punika badhe kaluhuraken dening Allah? Awit tiyang ingkang kanthi sadhar ngasoraken dhiri punika boten nggadahi pepenginan kangge ngasoraken tiyang sanes. Tiyang ingkang purun ngasoraken dhiri punika ugi boten gadah pepenginan kangge ngagul-agulaken dhirinipun. Kajawi punika, ngasoraken dhiri punika minangka wujud pakurmatan kita dumateng dhateng tiyang sanes. Kita sinau kangge ngajeni tiyang sanes wonten ing kawontenan ingkang asor punika. Saking lelampahan punika kita saged ngugemi bilih “menang tanpa ngasorake” panci saged kalampahan kanthi prayogi ing gesang kita. Ingkang menang punika sanes ingkang unggul piyambak lan saged ngawonaken tiyang sanes. Ananging ingkang menang punika tiyang ingkang saestu pinunjul ananging ngasoraken dhiri supados tiyang sanes boten rumaos asor lan lingsem. Kanthi mekaten badhe saged mitulungi tiyang sanes ingkang mbetahaken pitulungan. Mugi tinebihna sikep gumunggung punika saking gesang kita. |*WAS
PANGARSA KANG ORA CIDRA
Kemis, 8 Oktober 2026 Minggu Limrah Yesaya 22:1-8a ; Jabur 23; 1 Petrus 5:1-5, 12-14 PANGARSA KANG ORA CIDRA “Pepanthan mendane Gusti Allah kang ana ing kowe iku enggonen, aja marga kapeksa, nanging kalawan legawaning ati laras karo karsaning Allah, sarta aja marga saka kapengin oleh kauntungan, nanging kalawan rasa leladi” (1 Petrus 5:2) ————————————————————————————————————————– Wonten ing salebeting mangsa kampanye, asring sanget tiyang ingkang dados calon anggota legislatif utawi calon pemimpin punika nelakaken janji-janji ingkang manis, ingkang saged mendhet simpati saking masyarakat. Janji-janji punika kadosdene magnet ingkang njalari tiyang kathah lajeng milih tiyang punika minangka pangarsa. Ananging saksampunipun Pemilu lan nampi kalenggahan, kathah ingkang mblenjani janji. Mila kathah ingkang boten pitados kaliyan janjinipun para calon anggota legislatif punika, awit limrahipun manungsa gampil mblenjani janji. 1 Petrus 5 punika mujudaken piwucalipun Petrus bab kadospundi kedahipun madeg minangka pangarsaning umat. Tiyang-tiyang ingkang kapiji minangka pangarsa punika kedah mapanaken dhiri kadosdene pangen lan umat mendanipun, sanes kadosdene pangarsa lan kawula. Sauger pangarsa punika mapanaken dhiri minangka pangen, temtu ngeman lan kanthi prayogi ngrimat para menda kagunganipun. Makaten ugi ingkang dipun reh, boten badhe rumaos ajrih lan sumelang amargi mangertos menawi pangarsanipun boten sulaya lan cidra. Perangan punika dados pepenget tumraping kita ingkang madeg minangka para pelados ing gereja. Minangka tiyang-tiyang ingkang nampi ayahan mirunggan wonten ing pasamuwan, kalenggahan punika kedah kagem lelados dhateng Gusti Allah srana ngrimati menda kagunganipun. Gereja sampun ngantos namung menggalih babagan pisungsung ingkang kathah, gedung greja ingkang endah, ananging kesupen ngrimat gesang karohanen para kagunganipun Gusti Allah. Sumangga sami lelados kanthi tulusing manah, sanes amargi pados pakurmatan punapa malih pados keuntungan saking peladosan ingkang kita tindakaken. |*WAS
KATRESNAN INGKANG NYANTOSAKAKEN
Rebo, 7 Oktober 2026 Minggu Limrah Musthikaning Kidung 8:5-14 ; Jabur 144; Yokanan 11:45-57 KATRESNAN INGKANG NYANTOSAKAKEN ”Kawula mugi Paduka prenahaken wonten ing panggalih paduka,kados cap wonten ing asta Paduka, amargi katresnan punika santosa kadosdene pejah, asmara punika mempengipun kadya jagading pejah…” (Musthikaning Kidung 8: 6a) ————————————————————————————————————————– Limrahipun tiyang punika rumaos remen nalika dipun tresnani. Awit katresnan punika kajawi ndadosaken bingah, ugi ndadosaken gesang kita wonten grengsengipun. Katresnan punika nuwuhaken semangat lan paring daya kakiyatan ingkang ageng tumraping manungsa. Awit saking punika tiyang Kristen kedah ngudi murih katresnan saged ngrasuk wonten ing gesangipun lan dados perkawis ingkang utami. Waosan Musthikaning Kidung 8:6a punika asring kita panggihi ing pahargyan-pahargyan manten, awit panci nyariyosaken babagan katresnan ingkang kiyat lan santosa kadosdene pepejah. Kenging punapa ngginakaken pasemon katresnan punika kadosdene pepejah? Awit boten wonten ingkang saged nglawan dayaning pejah. Mila begja tiyang ingkang kagungan katresnan wonten ing gesangipun, awit tiyang punika mesthi kagungan kasantosan lan daya gesang. Amargi katresnan punika nggadahi daya ingkang ageng, kita ugi kedah waspada kaliyan jinising katresnan ingkang saged damel cilaka. Katresnan ingkang kados makaten punika katresnan dhateng dhiri pribadi (egois). Tiyang ingkang egois punika boten maelu dumateng kawontenaning asanes, ingkang baken punapa ingkang dados kapentinganipun saged kasembadan. Kamangka, minangka tiyang Kristen kita boten kepareng tumindak kados makaten. Kita kedah nandukaken katresnan ingkang sumadya kangge ngurbananken diri murih kasaenaning sesami. Katresnan ingkang damel tatu, punika sanes katresnan. Katresnan ingkang namung nengenaken kapentinganipun pribadi, punika sanes katresnan. Katresnan ingkang sejati punika nyantosakaken lan ngiyataken gesangipun manungsa. |*WAS
SUMADYA DADOS UTUSAN
Slasa, 6 Oktober 2026 Minggu Limrah Yesaya 27:1-6 ; Jabur 144; 2 Korinta 5:17-21 SUMADYA DADOS UTUSAN ”Mulane aku iki iya padha dadi utusane Sang Kristus kaya-kaya Gusti Allah paring pitutur marang kowe kabeh lumantar aku; atas Asmane Sang Kristus panjalukku marang kowe: padha gelema karukunake karo Gusti Allah.” (2 Korinta 5:20) ————————————————————————————————————————– Ingkang naminipun utusan punika ateges tiyang ingkang pinitados nindakaken satunggaling prekawis. Tiyang ingkang milih utusan punika temtu sampun menggalih kanthi saestu, tuladha kemawon babagan kasagedan nindakaken ayahan, kasagahan anggenipun makarya ngantos rampung, punapa saestu sumadya nampi dhawuh lan nindakaken kanthi gumolonging manah. Waosan serat 2 Korinta 5 ayat 20 ingkang kita ngraos-raosaken dinten punika mulangaken babagan kadospundi kita mapanaken dhiri minangka utusanipun Gusti. Rasul Paulus sampun paring tuladha bab anggenipun nindakaken ayahan minangka utusan nglantaraken Injil Kratoning Allah. Piyambakipun sumadya dados lantaran malah kados-kados Gusti Allah piyambak ingkang paring pitutur dhumateng tiyang kathah. Pamberegipun, supados tiyang-tiyang ingkang nampi pawartos bab Asmanipun Sang Kristus purun karukunaken malih kaliyan Gusti Allah. Kenging punapa kedah karukunaken? Supados kita saged ndherek ing pakaryan kawilujengan ingkang saking Gusti. Kanthi makaten, gesang kita saged kapulihaken malih. Emanipun, taksih kathah tiyang Kristen ingkang suwala nalika kautus dados lantaran pakaryanipun Allah. Maneka warni pawadanipun, mboten gadah wekdal, mboten saged, dereng samekta, lsp, punika ingkang njalari kita asring boten mirengaken swantenipun Allah ingkang ngutus kita supados saged dados lantaran murih tiyang sanes saged nampi pawartos Injil Kratoning Allah temahan gesangipun saged karukunaken malih kaliyan Gusti Allah. Sumangga kita punika boten namung ngaku lan rumaos minangka tiyang Kristen kemawon, ananging ugi tansah sumadya dados utusan anggenipun nglantaraken pawartos Injil Kratoning Allah. |*WAS
PINILIH
Senen, 5 Oktober 2026 Minggu Limrah Yehezkiel 19:10-14 ; Jabur 144; 1 Petrus 2:4-10 PINILIH “Balik kowe iku bangsa kang pinilih, kaimaman kaprabon, bangsa kang suci, umat kagungane Gusti Allah pribadi,supaya kowe padha martakake kautamane Panjenengane …” (1 Petrus 2: 9a) Punapa ingkang wonten ing panggalih panjenengan nalika mireng tembung “pinilih”? Tiyang ingkang sampun pinilih punika padhatanipun unggul. Tiyang ingkang sampun pinilih kangge nindakaken satunggaling tanggel jawab punika kawawas saged ngayahi punapa ingkang dados kuwajibanipun. Semanten ugi, tiyang ingkang sampun pinilih punika mesthi dipun gadang-gadang saged nindakaken ayahanipun kanthi sae. Wondene menawi kasunyatanipun boten saged nindakaken tanggel jawabipun kanthi sae, punapa ingkang badhe kalampahan? Temtu kathah tiyang rumaos cuwa lan sami nglepataken keladukipun boten pitados malih kaliyan tiyang punika. Waosan 1 Petrus 2: 4-10 ngemutaken kita bilih saben tiyang pitados punika mujudaken umat pilihan. Kita pinilih supados kita saged martosaken kawontenan brayat Kratoning Allah ingkang suci lan kagunganipun Gusti Allah pribadi. Saben tiyang pitados katimbalan supados madeg minangka tiyang-tiyang ingkang pinilih, ingkang wanuh saestu kaliyan Injil Kratoning Allah, lan saged martosaken bab punika dhateng jagad. Kita ingkang pinilih punika boten amargi kakiyatan kita, ananging amargi punika tanggel jawab kita minangka para pendherekipun Gusti ingkang setya tuhu. Kadospundi menawi kita lajeng nglirwakaken tanggel jawab punika? Temtu kathah tiyang ingkang boten siyos ngraosaken endahipun dados warganing Kratoning Allah. Kathah tiyang boten sami pitados bilih kita saestu tiyang ingkang mituhu dhateng Gusti. Mila, minangka umat pilihan, sumangga kita ngetingalaken dhiri minangka para pendherekipun Gusti. Sampun ngantos malah nglirwakaken tanggel jawab kita ing satengahing jagad. | WAS
KAPITUNAN ING GESANG LAMI
Ahad, 4 Oktober 2026 Minggu Limrah (HPKD-HPII) Yesaya 5:1-7; Jabur 80:7-15; Filipi 3:4b-14; Mateus 21:33-46 KAPITUNAN ING GESANG LAMI “Nanging apa kang biyen dadi kabegjan tumraping aku, saiki dakanggep kapitunan marga saka Sang Kristus”(Filipi 3:7) ————————————————————————————————————————– Nalika taksih enem, limrahipun tiyang kepengin moncer. Menawi saged, gadhah kanca ingkang kathah. Kita ugi kepengin saged ketingal “wah” utawi langkungunggul saking sanesipun, kanthi ngetutaken trend utawi kebiasaan ingkang nembe viral/rame ing satengahing pasrawungan. Wonten tetembungan Fear of Missing Out (raos ajrih/kuwatos manawi boten ndherek trend utawi ingkang nembe viral). Tumraping sawatawis nem-neman, ndherek trend ingkang viral punika satunggaling bukti bilih piyambakipun sampun kasil, ketingal langkung unggul tinimbang sanesipun. Bab punika nuwuhaken bingah lan mongkog ing salebeting manahipun. Ananging punapa ginanipun sedaya punika? Rasul Paulus ing Filipi 3 ngrembag babagan perangan-perangan kadonyan ingkang satata pranatan Yahudi mapanaken piyambakipun wonten ing kawontenan ingkang agung/luhur: bab pranatan, bab tradisi lan kabudayan, malah dumugi ing bab sregep nganiyaya para pendherekipun Gusti Yesus lan tanpa cacad anggenipun nindakaken angger-angger Toret. Ananging sedaya punika karaos muspra nalika sampun tepang kaliyan Gusti Yesus. Ingkang rumiyin saestu dipun gungaken, wekdal samangke dados prekawis ingkang nglaha. Rasul Paulus ngraosaken bilih gesang ingkang aji punika gesang ing salebeting pamratobat. Piyambakipun ngowahi gesangipun lan nilar punapa ingkang kawawas aji ing gesang laminipun. Kita sedaya kaemutaken, bilih gesang lami ingkang namung nguja pepenginan hawa nepsu punika sejatosipun nglaha. Punapa ta ginanipun rina wengi namung pados marem lan bombonging manah? Sedaya ingkang karaos aji dados nglaha nalika kita sampun wanuh kaliyan margining kawilujengan ingkang saking Gusti. Mila, punapa kita sagah nilaraken gesang lami lan sami ngarah dhateng gesang sejati? |*WAS
