30 April 2026Waosan : MISUNGSUNG ING KAHANAN WINATES 2 Korinta 8:2 – PANGAJENG-AJENG ING SANG KRISTUS Kaserat Ing Prajanjian Lami, satunggaling randha ingkang manggen ing kitha Sarfat. Randha punika gesang kacingkrangan. Ing kahanan pailan, piyambakipun namung gadhah glepung gandum sagenggem lan lisah wonten ing botol alit. Nabi Elia awit dhawuhipun Gusti Allah, kapurih ndugeni randha Sarfat punika. Ingkang dados pangeram-eram, randha punika awit imanipun dhumateng Gusti Allah, saged dados lantaran berkah tumrap Nabi Elia. Kasebat nilih randha Sarfat punika atur pangrimat dhateng Nabi Elia ngantos mangsa pailan punika rampung. Sinaosa kahanan ingkang winates, ananging mboten dados pambeng tumrap randha punika mbiyantu kasekengan tiyang sanes. (1 Raja 17:10-16) Kawontenan pasamuwan ing Korinta nandhang kasekengan. Bab punika kalampahan saged ugi tiyang-tiyang Kristen ingkang nembe sakedhik cacahipun dipun singkiri dening tiyang-tiyang ingkang dereng pitados. Pramila wonten pambeng ing babagan usaha, ekonomi lan sanes-sanesipun. Ananging sinaosa makaten, kasebat: “… Senajan miskin, nanging sarèhné rumangsa olèh kabegjan sing gedhé, pasamuwan-pasamuwan mau enggoné dedana ora sethithik.” (Terjemahan alkitab basa Jawi padintenan). Ing alkitab basa Inggris wonten ingkang paring terjemahan: “…but their joy was so great that they were extremely generous in their giving, even though they are very poor.” (Terjemahan alkitab basa Inggris Masa Kini). Cobi dipun gatosaken: they were extremely generous in their giving! Tiyang-tiyang punika anggenipun atur dana pisungsung kanthi patrap ekstrim! Saged ugi ing kahanan samangke, dampak perang Amerika-Israel lumawan Iran, ndadosaken gesang kita kados-kados sekeng lan kathah kirangipun. Ananging punika mboten saged dados pambeng anggen kita caos pisungsung dhumateng Gusti. Randha Sarfat, pasamuwan Korinta sampun dados tuladha supados kita mboten kapambeng dening kakirangan lan kasekengan kita. (Pdt. Em. Suyito Basuki)
PANGAJENG-AJENG ING SANG KRISTUS
29 April 2026Waosan : Filipi 3:1-16 – Saben tiyang nggadhahi pangajeng-ajeng ing gesangipun, kanthi pangangkah ing mangsa tembenipun badhe ngalami kawontenan gesang ingkang langkung sae tinimbang ing mangsa samangke utawi mangsa ingkang sampun kawuri. Pramila kita prelu langkung prayogi nggagas mangsa ingkang badhe kalampahan tinimbang mikir utawi nggetuni mangsa kapengker. Sinaosa ing mangsa kapengker kita saged nggayuh punapa ingkang kita kajengaken. Saupami kita nate ngalami mangsa kencana rukmi, ananging kita nebih saking ngarsanipun Pangeran lan boten gadhah pangajeng-ajeng. Mekaten ugi saupami nate ngalami kawontenan ingkang boten ngremenaken, kita boten prelu nggetuni kagagalan kita ing mangsa kawuri, ingkang saged ngrendhet-ngrendheti lampah gesang kita salajengipun. Rasul Paulus ingkang sewau asma Saulus, nggadhahi kalenggahan ingkang kajen keringan ing masyarakat Yahudi, minangka tiyang Farisi saking suku Benyamin, tiyang Ibrani tulen, lan nate nguya-nguya pasamuwan. Malah kepara ngaken bilih piyambakipun ngugemi Toret tanpa cacad. Sasampunipun piyambakipun kacandhak dening Gusti Yesus Kristus, rikala ing satunggaling lumampah dhateng Damsyik, piyambakipun sumarah dhumateng Sang Kristus. Sedaya gesang lan lelampahan gesangipun ing sewau dipuntilar babar pisan lan kaanggep kadosdene uwuh ingkang kedah dipunbucal. Pangakenipun mekaten: “Nanging iki kang daklakoni: kalawan nglalekake apa kang wus ana ing buriku lan manglung marang apa kang ana ing ngarepku, aku mburu marang tujuan supaya oleh ganjaran, yaiku timbalan kaswargan kang saka ing Gusti Allah ing sajrone Sang Kristus Yesus.” (Filipi 3:14). Kawontenan ingkang dipun alami dening Rasul Paulus ngemutaken dhumateng panjenengan lan kula, bilih wonten mangsa ingkang boten ngremenaken, ananging ugi wonten mangsa ingkang ngemenaken. Ing prekawis ingkang kados mekaten wonten bab ingkang prelu dipunenget, inggih punika bilih Gusti Allah ing Sang Kristus sampun ngribah ener gesang kita tumuju dhateng gesang tentrem rahayu. Sewau kita gesang kangge dhiri pribadi mawon, dene samenika gesang sesarengan kaliyan Sang Kristus ingkang saged ndayani kasaenan dhumateng tiyang kathah. Gesang kita samenika kaasta kagem kamulyanipun Gusti Allah ing Sang Kristus. (Iskandar MZ)
WEKEL NYAMBUT DAMEL
28 April 2026Waosan : Wulang Bebasan 26:13-16 – Saben tiyang kepengin gesangipun kacekapan. Saben tiyang sepuh inggih makaten pandonganipun dhateng Gusti tumrap lare-larenipun. Sasanesipun kula lan semah ndongakaken menggah kawilujenganipun lare ing babagan karohanen, ing saben dintenipun paling mboten kaping kalih enjang lan dalu, inggih ndongakaken kados dene pandonganipun Rama Yabes: gesangipun mugi sami luber, dipun jembaraken pengaruhipun ingkang sae, kinanthi dening Gusti, saha sami dipun tebihaken saking bilai lan sakit penyakit. (cobi dipun priksani 1 Babad 4:10) Mboten namung nggadhahi panyuwunan ing pandonga kemawon supados gesangipun manungsa kacekapan. Ananging Kitab Suci paring dhawuh supados saben tiyang punika sami wekel utawi sregep ing panyambut damel. Sampun ngantos kados dene tiyang kesed ingkang dipun cariyosaken ing Wulang Bebasan punika: tansah ajrih anggenipun badhe tumindak, klumbrak-klumbruk dhateng dipan paturon, wegahan. Namung kemawon menawi wicantenan asring umuk kados-kados ngawonaken tiyang ingkang wicaksana. Bab sadaya ingkang katindakaken dening tiyang kesed punika mboten sae. Panci menawi taksih dados lare, gesangipun ndhompleng tiyang sepuhipun, bab gesang kesed punika patosa kraos. Ananging ing tembe, rikala tiyang sepuhipun kekalih sampun katimbalan wangsul dhateng pangayunanipun Gusti, lare ingkang kesed punika badhe ngraosaken kapitunan ingkang ageng. Pramila nalikanipun tiyang sepuh taksih meger-meger, lare-lare anem kedah nilaraken watak kesed punika, kagantosa watak ingkang wekel, sregep sinau, nyambut damel, sae punika ing griya utawi wonten ing papan panyambut damelipun. Kanthi makaten gesangipun badhe kacekapan, malah kapara kaluberan. Jumbuh kaliyan pandonganipun tiyang sepuh ingkang tansah nyenyuwun gesang binerkahan tumrah dhateng para larenipun. (Pdt. Em. Suyito Basuki)
NGGINAKAKEN WEKDAL KANTHI WICAKSANA
27 April 2026Waosan : Efesus 5:15-16 – Wonten unen-unen ing pasrawungan mekaten: “Urip iki kaya mung mampir ngombe.” Tegesipun kirang langkung; gesang punika namung sekedhap, menawi katimbang kaliyan kawontenan jagad gumelar ingkang mamilyar-milyar warsa. Unen-unen punika ngemu pitutur bilih, wekdal ingkang sakedhap punika perlu kita gunaaken sasae-saenipun ing gesang. Kita prelu ngginaaken wekdal kanthi wicaksana lan murakabi, kangge nyamektaaken dhiri ing mangsa tembenipun. Punapa malih sampun ngantos kita kajebak ing lampah piawon. Pangandikanipun Kitab Suci mekaten: “Marga saka iku, padha diawas marang lakumu, aja kaya wong kang bodho, nanging dikaya wong kang pinter, lan gunakna wektu kang ana, awit jaman iki ala.” (Efesus 5:15-16). Panjenengan lan kula sampun kaparingan wekdal ingkang sami, kawan likur jam saben dintenipun. Namung saben tiyang benten-benten cara anggenipun ngginakaken wekdal punika. Kejawi wekdal kangge makarya, ngayahi jejibahan, wonten ingkang ngginakaken wekdal senggang kangge nggegulang ngelmu, maos, nekuni kekareman (hobby), lan sanesipun. Pangandika punika pemut tumrap kita, bilih kita sageda ngginakaken wekdal kanthi wicaksana. Ngginakaken wekdal sasae-saenipun kangge nglampahi jejibahan lan nggagas kawontenan ingkang badhe kalampahan tumrap gesang kita. Wekdal saged kita ginakaken kangge olah kasarasan, ngrimat kabagyan lan kesuksesan ing mangsa ingkang badhe kalampahan. Ngginakaken wekdal ingkang wicaksana kados kasebat mekaten: 1. Boten ngendhe-endhe pakaryan; upaminipun, ngendhe-endhe pakaryan ngantos benjang enjang, mangka pakaryan wau saged dipunayahi ing dinten punika. 2. Ngginaaken skala prioritas; pakaryan pundi ingkang prelu dipun ayahi langkung rumiyin. 3. Damel rancangan pakaryan kanthi jinadwal. Kejawi saking punika wonten wekdal mirunggan ingkang dipun kersaaken dening Gusti Allah ing paladosan, cundhuk kaliyan kawontenan lan talenta kita piyambak-piyambak. Sabab pawartos kabingahan inggih punika Injil, kakersakaken dening Panjenenganipun supados saged wrata ing sajagad rat, kersanipun sedaya tiyang saged mangertos pawartos punika. Kanthi mekaten tumunten kathah tiyang ingkang mangertos lan ngugemi temahan manjing pitados dhumateng Gusti Yesus Kristus, lan kapitulungan rahayu. Punika ingkang dados karsanipun Gusti Allah rawuh ing jagad. (Iskandar MZ)
DINA KANG BINERKAHAN
26 April 2026Waosan : Jabur 118: 14 – 24 – Wonten tiyang ingkang remen dhateng angka-angka mirunggan. Mekaten ugi wonten tiyang ingkang remen tanggal, wulan utawi dinten-dinten ingkang kaanggep mirunggan. Nalika ngawontenaken satunggaling acara, langkung remen milih tanggal, wulan utawi dinten tartamtu, awit rumaos langkung nyaman, rumaos langkung untung menawi nindakaken perkawis ing wekdalwekdal tartamtu menika. Jabur 118 menika dipun waosaken kanthi sesautan ing pahargyan riyaya Yahudi kadosta riyaya Tanceping Tarub. Kanthi irama ingkang sigrak, pepujian menika mratelakaken kadospundi juru masmur nampeni pitulunganipun Gusti. Gusti mitulungi tiyang pitados samangsa tinampik dening donya menika (ay. 22). Kita ugi kaengetaken bilih wonten kalanipun Gusti nggulawenthah kita kanthi keras, boten supados kita cilaka, ananging supados kita wilujeng (ay. 18). Sinaosa menika pepujian ingkang dipun ungelaken ing dinten riyaya, sampun sakmestihinipun Jabur menika kita gesangi ing saben dintenipun. Gusti ingkang ngripta saben dintenipun, mila kita memuji lan sukarena. Kadosdene juru masmur, nalika kita dipun tampik dening tiyang-tiyang amargi kapitadosan kita, nalika kita dipun mengsahi, utawi dipun serang awit kita nindakaken kaleresan, kita kedah sora muwun: menika dinten peparingipun Gusti, mila kula memuji kanthi sukarena. Mekaten ugi menawi kita nglampahi pergumulan, menika supados kita saged sinau lan nglampahi proses. Dinten menika kita ngenget-enget bilih Gusti sampun wungu saking antawisipun tiyang pejah (Luk. 24:5). Paskah ateges menang. Gusti sampun ngawonaken pati lan maringi gesang anyar dhateng kita. Menika kedah kita ugemi ing saben dintenipun lan kita tampi kanthi sukarena bilih Gusti maringaken kawilujengan, karahayon lan pangajeng-ajeng dhateng kita sedaya, utaminipun nalika kita nemahi kasangsaraning gesang. Saben dinten punika dintenipun Gusti, dinten kemenangan. Amin (Pdt. Suharto)
BERJUANG
25 April 2026Waosan : 1 Yokanan 3 : 3 – Kula gadhah rencang kuliah saking Papua. Anggenipun kuliah wonten ing Jawi kanthi beasiswa Pemerintah Daerah. Boten namung punika, saksampunipun lulus, badhe kaparingan padamelan wonten ing salah satunggal instansi pemerintah. Emanipun, rencang kalawau anggenipun kuliah boten temen. Rencang kalawau ngginakaken beasiswa boten kangge kabetahan kuliah, ananging kaginakaken kangge kegiatan-kegiatan ingkang boten positif. Wosipun, rencang punika boten saged ngrampungaken kuliahipun. Awit boten saged ngrampungaken kuliah, matemah boten saged nyambut damel ing instansi pemerintah ingkang yektosipun sampun kacawisaken. Tiyang ingkang manjing pitados dhateng Gusti Yesus, yektosipun sampun kawilujengaken. Gesangipun ing donya, yektosipun minangka wekdal kangge mapag kamulyan sejati ingkang kacawisaken dening Gusti. Gesang ing donya kedah dipun isi kalayan patrap saha tumindak pagesangan ingkang selaras kalayanan kahananipun Gusti. Tiyang pitados boten pareng gesang sakepenake dhewe, awit rumaos sampun kawilujengaken. Tiyang pitados kedah gesang ing saklebeting pangurbanan lan perjuangan. Menawi tiyang ngaken pitados, ananging boten berjuang mangun pagesangan suci kadya Gusti, kapitadosanipun perlu langkung katiti. Gesang kadya Gusti kelampahanipun boten gampil. Mujudaken gesang kadya Gusti mbetahaken perjuangan lan pangurbanan. Perjuangan lan pangurbanan mujudaken gesang kadya Gusti, kedah tansah wonten ing sakdangunipun tiyang pitados taksih wonten ing jagad. Cak-cakan padintenan limbangan dinten punika, kados ta : setunggal, nyathet satunggal watak awon ingkang kita gadhahi. Kalih, ndedonga nyuwun kakuwatan saking Gusti, amrih saged berjuang lan sembada nilar watak awon kalawau. Rohayu, Gusti Yesus mberkahi. (Pdt. Abednego Utomo Presetyo)
SAMPUN NGANTOS MBOTEN PITADOS DHATENG PAKARYANIPUN GUSTI
24 April 2026Waosan : Pangentasan 17:1-7 – Umat Israel nembe tumuju dhateng Tanah Kanaan. Satunggal wekdal sami kraos ngorong. Ing pasamunan mboten gampil pados sumbering toya. Pramila kanthi makaten sami sulaya ing rembag saha Nabi Musa dipun lepataken, awit sampun mbekta tiyang Isarel medal saking Mesir tumuju dhateng Tanah Kanaan, laladan ingkang dipun prasetyakaken Gusti lumantar Rama Abraham. Tiyang-tiyang ingkang sami pasulayan punika ndakwa Nabi Musa nggadhahi trekah ingkang mboten sae, inggih punika kepengin mejahi tiyang Israel dalah para larenipun saha kewan-kewan gadhahanipun tiyang Israel punika. (ay. 3) Ningali kawontenan ingkang kados makaten, Nabi Musa mboten purun sulaya kaliyan para tiyang Israel. Nabi Musa mangertos bilih pasulayan punika mboten badhe ngasilaken punapa-punapa. Punapa malih pasulayan kaliyan sadherek-sadherekipun piyambak. Nabi Musa trimah sowan dhateng Gusti Allah inggih punika Pangeran Yehuwah ingkang sampun ngutus dhateng piyambakipun. Musa lajeng matur dhateng Allah, unjukipun, “Menapa ingkang kedah kula lampahi kanggé bangsa menika? Kawula temtu badhé dipun benturi séla. (ay. 4) Kahananipun kritis sanget, Nabi Musa badhe dipun benturi sela kaliyan umat Israel. Nabi Musa mboten mlajar saking kawontenan, piyambakipun mboten nampik timbalan ingkang sampun Gusti paringaken, ananging sowan dhateng Pangeran Yehuwah ingkang nggadhahi panguwaos ingkang sakalangkung ageng. Ingkang dipun tindakaken Nabi Musa punika karenan ing ngarsanipun Gusti. Satemah Gusti dhawuh, supados Nabi Musa nyabetaken tekenipun dhateng sela ing gunung parang ingkang lajeng kasebat Masa lan Meriba. (ay. 5-6) Nabi Musa nindakaken kados ingkang dipun dhawuhaken dening Gusti Allah, satemah wonten toya ingkang saged damel tamba ngorongipun tiyang-tiyang Israel. Pramila, menawi satunggal wekdal gesang kita katempuh ing prakawis punapa kemawon, sampun ngantos ingkang kita utamekaken tindak padudon lan pasulayan, ananging sumangga sami sowan dhateng Gusti ing pandonga, nyuwun kawicaksanan saha margining pangluwaran. Tamtu Gusti mboten badhe negakaken kita sadaya, umat kagunganipun. (Pdt. Em. Suyito Basuki)
KASANGSARAN MARGINING KABAGYAN
23 April 2026Waosan : Yakobus 1:2; Lukas 23:34 – Saben tiyang tamtu nate ngalami kasangsaran ing gesangipun arupi sesakit, kakirangan, pangalaman ingkang boten ngremenaken, lan sapiturutipun. Rikala panjenengan lan kula nembe ngalami prekawis ingkang mengaten, asring tuwuh raos panalangsa, sesambat lan ngresula. Kawontenan ingkang secara kajiwan saged njalari momotan gesang punika sangsaya awrat. Pramila Rasul Yakobus paring pitedah mekaten: “He para sadulurku, anggepen sawijining kamulyan, manawa kowe padha kataman ing panyoba warna-warna.” (Yakobus 1:2). Yakobus satunggaling murid lan sadherekipun Gusti Yesus, ingkang mangertos kanthi saestu kawontenanipun Gusti Yesus, awit asring gesang sesarengan wiwit lare-lare ngantos yuswa diwasa. Kados pundi kasangsaran ingkang dipunalami dening Sang Mesias ingkang dipunsengiti dening jagad. Awit saking pengalaman iman sesarengan punika, Yakobus mratelakaken imanipun ingkang linangkung. Piyambakipun boten namung mratekaken, ananging asring ngalami bilih kasangsaran ingkang dipunalami punika satunggaling kabagyan. Pratelan iman punika lelawanan kaliyan kasunyataning gesang. Ing tata lair ngalami kasangsaran, dene ing batos ngraosaken kabagyan. Bab ingkang mekaten saged kalampahan kawetu saking tiyang ingkang sampun ngalami tumuwuhipun lan kadiwasan iman saking pangalaman rohani ing lampah gesangipun. Tiyang Kristen ingkang sampun ngraosaken pengalaman ing proses iman, gesang sesarengan kaliyan Gusti Yesus, badhe kuwawi nglairaken pratelan ingkang mekaten. Patuladhan saking Gusti Yesus rikala ngalami kasangsaran, ngantos seda sinalib. Panjenenganipun kagungan raos kamulyan ingkang ngedab-edabi. Katitik pangandikanipun ing kajeng salib “Gusti Yesus tumuli munjuk: ‘Dhuh Rama, tiyang-tiyang punika mugi Paduka apunten, amargi sami boten mangertos punapa ingkang dipun tindakaken’.” (Lukas 23:34) Panjenenganipun kuwawi ngandika mekaten awit ing swasana panggalihipun kebak ing tentrem rahayu. Pramila boten mokal menawi tiyang pitados rikala ngalami kasangsaran, mangka kuwawi ngucap panuwun ing ngarsanipun Gusti Allah. Boten sambat-sambat ngaruara. Pamila rikala nembe ngajengaken prekawis awrat, kasisahan lan pacoban sanesipun, boten dipunadhepi kanthi asesambat lan mlajar saking kasunyatan gesang, nanging dipunadhepi linambaran iman. Kanthi mekaten iman kita badhe tumuwuh lan manggihaken kabagyan, sesarengan gesang kaliyan Gusti Yesus Kristus. (Iskandar MZ)
PANGAUBANIPUN GUSTI
22 April 2026Waosan : Jabur 36: 1 – 12 – Ing jagad menika menapa wonten panggenan ingkang aman kangge kita? Tamtu kemawon wonten. Nanging kanthi setunggal syaratipun inggih menika mboten wonten tiyang duraka ing panggenan menika. Perkawisipun, tiyang duraka menika wonten ing pundi-pundi panggenan kados jamur ing mangsa rendheng. Ing saben panggenan wonten kemawon tiyang duraka ingkang gesangipun remen nindakane kadurakan lan mboten perduli dhateng Allah. Tiyang duraka mboten ajrih dhateng Gusti, temahan ngrantam-ngrantam kadurakan utawi piala wonten ing patilemanipun (Jabur 36:5). Menika nedahaken bilih pagesanganipun tiyang duraka namung dipun kuwaosi kadurakan. Ing negari berkembang kadosdene Indonesia, kadurakan sangsaya dumados. Menawi kita nggambaraken kita gesang ing panggenan ingkang kebak kadurakan, mboten wonten panggenan ingkang aman kangge kita lan anak-anak kita. Kadosdene ingkang dipun serat ing Jabur 36:1-5 ngengingi kadurakan. Ewasemanten, kita pantes ngucap sokur awit ing ayat 6-11 panyerat Jabur nyuwantenaken sih-kamirahanipun Gusti dhateng umatipun. Tegesipun, sinaosa kita kakupeng dening kadurakan lan piala, ananging Gusti badhe mbekta kita wonten ing aubing swiwinipun temahan kita aman (ay. 8). Kadhangkala kita rumaos kuwatos tumrap menapa ingkang badhe kelampahan ing kita menapa dene anak-anak kita ing mangsa ngajeng, 10taun ingkang badhe dhateng. Menawi kadurakan lan piala ing jaman samangke sampun kados mekaten nguwatosaken, kadospundi ing 10 taun malih? Jabur 36 menika maringi kekiyatan, panglipuran, lan pangajengajeng tumrap kita bilih sih-kamirahanipun Gusti badhe dipun tedahaken dhateng para umatipun. Sumangga kita pitados bilih Gusti ingkang dados Pangayoman tumrap kita lan anak-anak kita. Jaman ngalami ewah-ewahan ananging sih-kamirahanipun Gusti tansah kalajengaken dhateng tiyang tiyang ingkang wanuh lan nresnani Panjenengane. Amin (Pdt. Suharto)
SOWAN GUSTI KANTHI PAKURMAT
21 April 2026Waosan : Pangentasan 3 : 5 – Satunggal wekdal kula nampi rombongan tamu Korea. Rombongan tamu Korea kalawau nindakaken maneka rupi kegiatan, ing antawisipun ibadah KKR. Nalika pangibadah dumugi perangan babaring Sabda, penerjemah tanglet kalayan kula, mekaten : ”Bapak Pendeta, punapa dipun keparengaken Pengkotbah ngagem sepatu?” Kula kaget! Lajeng mangsuli : ”Oh, mangga Bu. Boten punapa-punapa.” Saksampunipun kotbah rampung, kula migatosaken rombongan tamu Korea kalawau. Panci saben saben rombongan tamu Korea punika minggah altar greja, sepatunipun dipun uwali. Pangentasan 3 nyariosaken timbalanipun Gusti dhateng Sang Musa. Gusti Allah kepareng nelakaken kamulyanipun dhateng Sang Musa kanthi maujud ing urubing geni. Musa mbudidaya nyaket dhateng kamulyanipun Gusti ingkang kapratelakaken. Nalika Sang Musa mbudidaya nyaketi, Gusti Allah dhawuh supados Musa nyopot trumpahipun. Sang Musa dipun pangandikani, bilih siti ing sakiwa tengenipun urubing geni wujud kamulyanipun Allah punika suci. Gusti Allah punika suci. Sok sintena ingkang badhe sowan marek ing ngarsanipun kedah kinanthen pakurmat. Nalika tiyang pitados sowan ing ngarsanipun Gusti, kedah nglenggana bilih ingkang dipun sowani punika luhur. Awit ingkang dipun sowani punika luhur, pramila anggenipun sowan kedah kanthi pakurmat ingkang momot. Sowan Gusti boten pareng sakpikajengipun piyambak. Cak-cakan padintenan limbangan punika, kados ta : badhe kesah ngibadah kedah ndonga langkung rumiyin. Saklebeting pangibadah kedah kanthi patrap ingkang trep linandhesan pakurmat. Rohayu, Gusti Yesus mberkahi. (Pdt. Abednego Utomo Prasetyo)
