Membangun hidup di atas batu karang Matius 7:24-29 ————————————————————————————————————————– Melalui Matius 7:24-29, Tuhan Yesus memberikan ilustrasi sederhana namun sangat mendalam tentang dua jenis pembangun rumah. Rumah pertama dibangun di atas batu karang yang kokoh, sedangkan rumah kedua dibangun di atas pasir. Kehidupan di dunia ini mirip seperti proses membangun rumah tersebut; setiap keputusan, kebiasaan, dan nilai hidup yang kita pilih sedang menyusun fondasi masa depan kita. Perbedaan utama dari kedua pembangun ini bukan terletak pada pengetahuan mereka, melainkan pada tindakan mereka. Orang yang bijaksana adalah orang yang tidak hanya mendengar perkataan Yesus, tetapi juga melakukannya dalam kehidupan sehari-hari. Sebaliknya, mendengar Firman tanpa melakukannya sama seperti mendirikan hidup di atas pasir yang labil—terlihat mudah dan cepat di awal, namun sangat rapuh saat diuji. Badai kehidupan—seperti masalah finansial, penyakit, konflik keluarga, atau penderitaan—pasti akan melanda siapa saja tanpa terkecuali. Ketika hujan deras, banjir, dan angin keras melanda, hidup yang dibangun di atas pasir akan langsung rubuh dan mengalami kehancuran yang besar. Namun, hidup yang berakar dan taat pada ajaran Yesus akan tetap berdiri teguh karena ditopang oleh fondasi batu karang yang tak tergoyahkan.Ketaatan kepada Firman Tuhan adalah kunci agar hidup kita tidak mudah diombang-ambingkan oleh keadaan. Ketika kita menjadikan ajaran-Nya sebagai pegangan dalam bertindak, kita sedang menaruh kepercayaan penuh pada otoritas Yesus yang berkuasa. Mari kita tidak hanya menjadi pendengar Firman yang pasif, tetapi juga menjadi pelakunya, sehingga hidup kita memiliki ketenangan dan kekuatan sejati di tengah badai apa pun. Priskila
Mengasihi Tuhan dengan segenap hati
Rabu, 2 September Mengasihi Tuhan dengan segenap hati Ulangan 6:4-9 ————————————————————————————————————————– Firman Tuhan dalam Ul. 6:4-9 mengingatkan kita pada satu kebenaran penting: TUHAN adalah satu-satunya Allah yang layak menerima seluruh pengabdian kita. Perintah ini dibuka dengan ajakan untuk “mendengar”—bukan sekadar mendengarkan suara, melainkan menyerap kebenaran itu ke dalam hati. Karena Allah adalah Pencipta dan Penyelamat yang setia, Dialah yang seharusnya menjadi alasan utama di balik setiap langkah kehidupan kita. Mengasihi Tuhan “dengan segenap hati, jiwa, dan kekuatan” berarti memberikan seluruh diri kita tanpa menyisakan ruang untuk hal lain menjadi yang utama. Mengasihi Tuhan tidak cukup hanya di bibir atau saat beribadah saja, tetapi harus nyata dalam tindakan sehari-hari. Kasih yang sejati memengaruhi cara kita berpikir, cara kita memperlakukan orang lain, serta bagaimana kita mengambil keputusan dalam pekerjaan dan keluarga. Namun, kasih yang mendalam ini perlu terus dijaga agar tidak pudar oleh kesibukan dunia. Firman Tuhan menasihatkan agar perintah-Nya melekat di dalam hati dan diajarkan berulang-ulang kepada generasi penerus. Kita dipanggil untuk membicarakan kebaikan Tuhan dalam kehidupan sehari-hari—baik saat santai di rumah, dalam perjalanan, maupun sebelum tidur dan saat bangun di pagi hari. Menjadikan Firman Tuhan sebagai hiasan hidup dan pengingat di setiap sudut rumah tangga kita akan menjaga kita tetap fokus pada-Nya. Ketika kita menempatkan kasih kepada Tuhan sebagai prioritas tertinggi, hidup kita bukan hanya dipenuhi dengan rasa aman dan sukacita, tetapi juga menjadi teladan yang memberkati orang-orang di sekitar kita. Priskila
Berbahagia hidup menurut Firman Tuhan
Selasa, 1 September “Berbahagia hidup menurut Firman Tuhan” Mazmur 119:1-8 ————————————————————————————————————————– Banyak orang menghabiskan waktu dan tenaga mengejar kebahagiaan di tempat yang salah. Mazmur 119:1-8 membukakan rahasia kebahagiaan sejati yang tidak bergantung pada keadaan: kebahagiaan nyata ditemukan saat kita hidup sesuai perintah Tuhan dan menjaga jalan hidup tetap bersih. Ini bukanlah perasaan senang yang sementara, melainkan ketenangan sukacita yang mendalam dari hubungan yang benar dengan Pencipta kita. Hidup menurut Firman Tuhan menuntut penyerahan seluruh hati, bukan sekadar formalitas agama. Pemazmur menegaskan bahwa orang yang berbahagia adalah mereka yang mencari Tuhan dengan segenap hati dan menjauhi dosa. Saat kita menjadikan Firman sebagai penuntun langkah, kita sedang melindungi diri dari keputusan-keputusan bodoh yang dapat merusak masa depan dan hubungan kita dengan sesama. Sebaliknya, mengabaikan ajaran Tuhan hanya membawa kekecewaan, rasa malu, dan kehampaan. Jalan Tuhan tidak dirancang untuk membatasi kebebasan kita, melainkan untuk melindungi dan menuntun kita menuju hidup yang berlimpah sukacita. Namun, sadar akan keterbatasan diri untuk selalu setia, kita membutuhkan kerendahan hati untuk terus mengandalkan pertolongan dan penyertaan Tuhan setiap hari. Ketika kita belajar menata hidup sesuai ajaran Tuhan, hati kita akan dipenuhi dengan rasa syukur yang tulus. Mari berkomitmen untuk tidak hanya membaca atau mendengar Firman-Nya, tetapi juga melakukannya dalam tindakan nyata sehari-hari. Di dalam ketaatan yang berakar dari kasih itulah, kita akan menemukan rasa aman, arah hidup yang jelas, dan kebahagiaan sejati. (Priskila)
REAL FRIENDS OR JUST FOLLOWERS?
Senin Kliwon, 31Agustus 2026 REAL FRIENDS OR JUST FOLLOWERS? Wulang Bebasan 17:17 ————————————————————————————————————————– Real friends punika tegesipun mitra kang sejati utawi sakhabat kang sejati. Just follower punika tegesipun tiyang ingkang anut-anut. Kekalih tembung punika asring dipun ginakaken dening generasi anem samange ingkang kasebat Gen-Z. Kitab Wulang Bebasan 17:17 mratelakaken,” Mitra, selawasé ngétokaké katresnané, lan ing mangsa karibedan ngétokaké pasedulurané.” Saking waosan punika, satunggaling piwucal ingkang saged dipun sinaoni inggih punika bilih ingkang dipun wastani mitra utawi sakabat punika kedah ngetingalaken katresnan ing mangsa punapa kemawon, langkung-langkung ing mangsa karibedan. Lan ing mangsa karibedan punika malah-malah kedah sangsaya ngetingalaken katresnanipun kados dene sadherek tunggal kulawarga. Ananging punapa kados makaten kasunyatanipun? Tetembungan ‘ada uang abang disayang, tidak ada uang abang ditendang’, punika sayektosipun mboten nggambaraken kulawarga utawi tiyang ingkang pacaran kemawon, ananging saged nggambaraken kawontenan hubungan kemayarakatan ing samangke. Jamanipun nembe jaya, artanipun mberah utawi kathah, kathah rencang, sadherek ingkang nyaket. Pamrihipun supados sami kalepetan ing kamulyan. Ananging rikalanipun usahanipun jatuh utawi ambruk, sampun mboten gadhah punapa-punapa, tiyang-tiyang ingkang suwau raket lajeng sami ngedohi. Ing alkitab sampun wonten conto inggih menika menggah gesangipun Ayub. Rikala Ayub gesang mulya, dipun subya-subya. Ananging rikala Ayub nandhang sangsara, tiyang-tiyang sami ngedohi, malah semahipun piyambak inggih lajeng nyupatani. (Ayub 2:9) Ananging menawi gesang kita punika supados saged dados conto patuladhan dhateng tiyang-tiyang ing sakiwa tengen kita, gesang kita mboten namung dados tiyang ingkang namung onat-anut tiyangsanes kemawon utawi mawi tetembungan jaman samangke dados ‘follower’ kemawon. Ananging kedahipun saged dados ‘real friend’ inggih punika mitra sejati tumrap rencang kita mirungganipun sadharek ing patunggilan. Inggih punika ingkang saestu-estu ngetingalaken raos simpati lan empati rikalanipun sadherek kita punika nandhang kasisahan. Sampun malam ngedohi rikalanipun sadherek punika ngraosaken kahanan ingkang awrat, awit inggih makaten punika sayektosipun dados rencang utawi mitra ingkang sejati. Gusti Yesus sampun paring tuladha kanthi ngurbanaken dhiri, sinalib seda nebus dosa kalepatanipun para mitra, sakabat, malah dhateng tiyang ingkang memengsahi Panjenenganipun! (Suyito Basuki).
NGRIMATI PEPANTHANIPUN GUSTI
Minggu Wage, 30 Agustus 2026 NGRIMATI PEPANTHANIPUN GUSTI Yokanan 21:15 ————————————————————————————————————————– Satunggal wekdal, tetanggi ingkang taksih sadherek kaliyan semah, ngintun irisan woh waluh. Ngandikanipun dhateng semah kula,”Iki waluh saka kebon, tak bagi-bagi, njenengan tak aturi sithik, ben wrata. Kana-kana ya tak aturi,” makaten tembungipun. Kula mangertos ingkang dipun maksudaken waluh kebon punika. Dados ing sisih griya kula wonten kebon ingkang dipun jaraken sawetawis wekdal ingkang mboten dipun tanduri punapa-punapa. Kebonan ingkang taksih kagunganipun salah satunggaling sadherek saking semah punika badhe dipun tumbas tiyang ananging mboten siyos awit ingkang badhe tumbas punika tilar donya. Kebonan dados jembrung. Ananging wonten thukulan taneman waluh ingkang dados taneman ingkang ageng saha ngrembaka. Waluh punika mboten kanyana-nyana ngedalaken uwoh ingkang lajeng saged dipun undhuh saha dipun bage-bage lan dipun kintun dhateng para sadherek lan tangga tepalih, sinaosa namung sakedhik-sakedhik. Samangke kebonan punika dipun resiki mbok menawi nggadhahi pangangkah, mangke menawi sampun ungsumipun jawah badhe dipun tanemi waluh utawi taneman punapa malih makaten. Kula ing batos nggadhahi manah ingkang kados makaten,”Lha ya, kebonan jembrung wae isih bisa ngasilake woh nadyan winates, apa maneh yen wis diresiki, ditanduri lan diopeni, mendah kebonan iku bakal akeh ngasilake.” Gusti Yesus nate miterang bab katresnanipun Petrus lan dhawuh supados Petrus ngengon cempe-cempe ingkang dados pepanthanipun Gusti. Pangandikanipun Gusti makaten,”Simon, anaké Yohanes, apa katresnanmu marang Aku ngungkuli katresnanmu marang wong-wong iki?” Wangsulané Pétrus: “Inggih Gusti, Gusti pirsa kawula tresna dhateng Panjenengan.” Pangandikané Gusti Yésus: “Cempé-cempé-Ku padha engonen!” (Yokanan 21:15) Tembung ‘engonen’ punika menawi ing saweneh terjemahan alkitab basa Inggris katelah mawi tembung ‘feed’ ingkang tegesipun ‘wenehana pangan’. Alkitab terjemahan Bahasa Indonesia Sehari-hari mratelakaken ‘peliharalah’. Ing basa Yunani nedahaken tembung ‘bosko’ ingkang mawi teges paring tetedhan ingkang nggambaraken tugasipun guru Kristen mbiwarakaken karaharjan karohanen warganing pasamuwan ing sadaya samukawis. Elok sanget! Pitakenanipun, punapa para guru Kristen samangke lan ugi tamtunipun para pangoning pasamuwan pepanthanipun Gusti estu-estu nindakaken pakaryan punika kanthi kawicaksananipun Gusti utawi kosokwangsulipun anggenipun nindakaken pakaryan punika namung angger utawi ‘asal-asalan’ kemawon, namung ngleksanani tugas-tugas kegerejaan kemawon? Mendah pasamuwan pepanthanipun Gusti badhe ngasilaken woh ingkang mbiyet tur mbingahaken menawi kapindhakna kebonan ingkang dipun tanemi waluh upaminipun lan dipun rimat kanthi prayogi. (Suyito Basuki).
TIMBALAN PANGUTUSAN
Sabtu Pon, 29 Agustus 2026 TIMBALAN PANGUTUSAN Mateus 28:19-20; 10:16-33 ————————————————————————————————————————– Saderengipun Gusti Yesus mikrad dhateng swarga, Panjenenganipun paring pitungkas dhumateng para siswa, kapurih nggelaraken Injil ing saindening jagad. Pangandikanipun mekaten: “Mulane padha lungaa, sakabehing bangsa padha dadekna siswaKu, lan padha baptisen ing asmane Sang Rama, Sang Putra dan Sang Roh Suci, apadene padha wulangen bab apa kang wis Dakdhawuhake marang kowe kabeh. Lah, Aku tansah nunggal karo kowe nganti tumeka ing wekasaning jaman.” (Mateus 28:19-20). Dupi nampi dhawuh timbalan pangutusan mekaten, para siswa tumunten sawega ing gati ngayahi jejibahan nggelaraken Injil wiwit saking Yerusalem, Asia Alit, jasirah Arab, Eropa lan Afrika ler. Pangutusan punika awrat, awit para murid ngajengaken prekawis ingkang mbebayani lan nggegirisi, arupi kasangsaran lan panganiaya. Boten namung kasangsaran bab awratipun kawontenan alam lan kewan galak, ananging bebaya panganiaya saking tiyang-tiyang jahat lan panguwaos ingkang boten remen asmanipuni Gusti Yesus ngumandang. Kawontenan jagad ingkang nampik asmanipun Sang Mesias punika sampun dipunngendikaaken dening Gusti Yesus, bilih kita kautus “kadosdene wedhus gembel ingkang kautus ing madyaning asu ajag.” (Saged kawaos ing Mateus 10:16). Tegesipun bilih nggelaraken Injil, badhe ngadhepi bebaya ingkang awrat lan sumadya dados kurban ing pundi para murid kautus. Para murid ngajengaken kawontenan jagad ingkang wengis, mangka para murid punika kedah martosaken Injil kanthi ngrasuk kasabaran, katresnan, kasaenan lan andhap asor. Mekaten ugi kapurih nggadhahi lampah wicaksana lan kayektosan. Ingkang tansah ngetingalaken kapribaden Sang Kristus ingkang kebak ing sih-katresnan ing kawontenan punapa kewawon. Minangka siswanipun Gusti Yesus, panjenengan lan kula nampi timbalan pangutusan punika ugi, kita tampi kanthi legawaning manah lan suka bingah, senaosa ing kalamangsanipun ngajengaken prekawis ingkang boten ngremenaken. Panjenengan lan kula nggelaraken Injil sarana gesang kita lumantar pangucap, lan tumindak, pikiran lan pakaryan sae ingkang tansah ngatingalaken katresnanipun Sang Kristus dhumateng jagad, kanthi lampah jujur, setya lan tanggel jawab. Ing lampah gesang kita saged damel tiyang sanes remen lan nuju prana.(Iskandar MZ).
NGGATOSAKEN PIWUCALING GUSTI
Jumat Kliwon, 28 Agustus 2026 NGGATOSAKEN PIWUCALING GUSTI Lukas 10: 38-42 ————————————————————————————————————————– Rikala kula khotbah, kula pitaken kaliyan salah satunggaling jemaat ngenani satunggal bab. Jemaat ingkang taksih kuliah ing jurusan ilmu gizi punika sajakipun kirang migatosaken pitakenan kula. Piyambakipun mboten saged mangsuli punapa ingkang kula tangletaken. Sarampungipun pangibadah lajeng kula tanglet dhateng piyambakipun. “Kaya kurang konsentrasi ya mau rikala ngrungokake babaring Sabdane Gusti?” Piyambakipun lajeng wangsulan,”Nggih pak, kula nembe mikiraken ayam kula.” Lho ngibadah kok mikirake ayam? Lire kepriye? Piyambakipun criyos bilih ing laboratorium fakultas piyambakipun tinanggenah ngopeni ayam kangge ‘kelinci percobaan’. Wiwit ayam punika wujud kuthuk ngantos samangke piyambakipun ingkang ngopeni kanthi paring pakan lan omben-omben ingkang dipun kathahi gendhisipun. Ayam ingkang inumanipun kathah kandhungan gendhis punika lajeng dhokoh anggenipun nedhi lan enggal ageng. Namung emanipun saderengipun piyambakipun bidhal dhateng greja, rikala paring pakan, ayam kala wau kejiret kaliyan ‘name tag’ ingkang dipun talekaken ing sikil ayam, awit lemunipun ayam kalebet pupunipun. Lare mahasiswa punika wau mikir ngantos dumugi samanten satemah mboten konsentrasi anggenipun ndherek ngibadah saha migatosaken Sabdanipun Gusti. Rikala Gusti Yesus rawuh ing griyanipun Marta lan Maria, Gusti Yesus paring piwucal dhateng Maria lan Marta lan para murid. Ingkang kedadosan, Maria kanthi njinggleng midhangetaken punapa ingkang dados piwucalipun Gusti, (39) ananging Marta kosokwangsulipun, ribet kemawon anggenipun leladi ing bab tetedhan lan sanes-sanesipun dhateng ingkang sami rawuh, pramila tansah riwa-riwi mboten migatosaken Sabdanipun Gusti. Gusti ngendika dhateng Marta,” Gusti Yésus ngandika: “Marta, Marta! Kowé kuwi répot mikiraké barang sepirang-pirang. Mangka sing prelu kuwi mung siji! Déné Maryam iki wis milih prekara sing becik dhéwé, sing ora bakal kapundhut saka dhèwèké!” (41-42) Rikala kita mirengaken piwucal saking Gusti ingkang dipun babar dening para abdinipun, kados pundi anggen kita nampi? Punapa kados Maria ingkang kanthi saestu mirengaken lan nyingkur samukawis ingkang saged damel gangguan anggenipun sinau Sabdanipun Gusti? Utawi kados dene Marta ingkang sibuk piyambak satemah mboten prioritas anggenipun mirengaken Sabdanipun Gusti? (Suyito Basuki).
PITULUNGAN SAKING NGALUHUR
Kamis Legi, 27 Agustus 2026 PITULUNGAN SAKING NGALUHUR Yokanan 1:1-18 ————————————————————————————————————————– Kadangkawis kula mrangguli wonten kutu-kutu antaga, kewan iber-iber sabangsa tawon ingkang kajebak ing kaca jendhela. Kewan wau mbudidaya sakiyatipun mabur supados saged uwal saking sengkeran kaca. Nanging pambudidayanipun cabar tanpa dadi, awit kewan alit punika boten mengertos bilih wonten kaca ingkang nyengker, satemah kanthi usaha punapa kemawon boten badhe kasembadan uwal saking sengkeran kaca. Sangsaya rosa ngedalaken tenaga tetep boten saged uwal, menawi boten dipuntulungi. Padhatan kula lajeng mendet satunggaling wilah kangge nggiring kewan wau medal saking sengkeran kaca. Radi angel awit kewan wau boten purun nuruti obahing wilah, ingkang nggiring dhateng alam bebas. Kula nate ngangge tangan wantah malah dipun-entup. Kewan wau boten mangetos, bilih woten tangan manungsa ingkang badhe mbiyantu nguwalaken saking bebaya punika. Tumedhakipun Sang Sabda ingkang manjalma dados manungsa ing jagad punika saperlu paring pitulungan dhumateng manungsa supados uwal saking bebendhuning dosa. Awit manungsa boten badhe kuwawi mitulungi dhiri pribadinipun piyambak tanpa wonten pitulungan saking ngaluhur. Ewasemanten jagad nampik rawuhipun, mangka Panjenenganipun badhe mardikakaken manungsa saking pepejah langgeng. Pangandikanipun Kitab Suci mekaten: “Rawuhe murugi kagungane, nanging para kagungane iku ora gelem nampani.” (Yokanan 1:11). Sadaya punika awit saking katresnanipun Gusti Allah, dene ingkang ngugemi Panjenenganipun badhe kapitulungan rahayu. Tiyang-tiyang ingkang sampun nampi, sumuyud lan manjing pitados dhumateng Panjenenganipun kapitulungan rahayu. Sampun nilar babar pisan lan uwal saking gesang ing pangawulan dosa, tumunten lumebet ing gesang sih-rahmat. Gesang minangka tiyang-tiyang mardika ingkang boten kaereh ing hawa nepsu lan dosa. Sampun dados tiyang-tiyang ingkang gesangipun kaereh dening Sang Roh Suci, lan ngrasuk gesang enggal. Tumunten lumebet ing gesang kasucen ingkang mbabar ing salebeting pambangun turut, setya ing kayekten. Dene gesang padintenan nedahaken sumuyudipun lan sumadya madha rupi kaliyan Sang Kristus, miwah nresnani dhumateng sesami manungsa. Awit saking gesang ingkang mekaten, kaajab jagad badhe manggihaken tentrem rahayu, wiwit saking pribadi-pribadi, gesanging kulawarga, dalah gesang pabrayan agung (masyarakat).(Iskandar MZ)
NAMUNG ULER LAN CACING KEMAWON
Rabu Kliwon, 26 Agustus 2026 NAMUNG ULER LAN CACING KEMAWON Yesaya 41:14 ————————————————————————————————————————– Nate nggatosaken kewan alit ingkang kita sebat ‘uler’ lan ‘cacing’? Punika kewan alit ingkang gampil kemawon anggen kita pejahi. Menawi dipun pidak kewan kalih punika badhe mecedhel pejah. Namung nggih ampun deksiya dhateng kewan ingkang ringkih kados makaten, awit Gusti Allah nitahaken kewan ingkang jinis makaten tamtu nggadhahi maksud lan tujuan tartamtu. Menawi wonten uler mlebet griya kadhang kula cepeng utawi kula singkiraken, kula bucal dhateng petamanan griya. Awit kula mangertos bilih uler ingkang sinaosa nggilani tumrap semah kula, uler punika sasampunipun nglampahi proses metamorfosa badhe dados kupu ingkang nengsemaken ingkang sami nyawang. Kewan cacing ingkang alit lan ringkih punika ugi nggadhahi mupangat inggih punika saged nggemburaken siti ing pasabinan. Gusti Allah nyebat tiyang Israel punika pinangka ‘uler’ lan ‘cacing’, punapa werdinipun? Sayektosipun Gusti Allah badhe mratelakaken bilih tiyang Israel, Yehuda lan ugi kita tiyang pitados ing samangke punika mboten wonten bentenipun kaliyan kewan kekalih punika ing babagan karingkihan lan kasekengan. Tiyang Israel lan Yehuda ing jamanipun Nabi Yesaya punika ngedab-edabi anggenipun sami gumunggung lan kumalungkung. Ngantos sami nyupekaken dhateng Gusti Allah lan manembah dhateng patung-patung kados dene bangsa-bangsa manca ing sakiwa tengenipun. Pramila Gusti Allah lajeng duka lan masrahaken bangsa punika dhateng pangawulanipun tiyang-tiyang Kasdim utawi Asyur dangunipun udakawis 75 taun. Rikala katawan punika, bangsa Israel lan Yehuda mboten nggadhahi daya kakiyatan punapa-punapa, mboten wonten bentenipun kaliyan ‘uler’ lan ‘cacing’ punika. Gusti Allah tresna dhateng tiyang Israel lan Yehuda, ugi dhateng kita samangke tiyang pracaya. Gusti karsa paring pangentasan saha pangluwaran. Pramila Gusti dhawuh,”Senajan kowé kuwi cilik lan apes, Israèl, nanging aja wedi; Aku bakal mitulungi kowé. Aku iki Allahé Israèl Kang Mahasuci. Aku sing bakal ngluwari kowé.” Alkitab terjemahan basa Jawi Padintenan paring terjemahan ‘cilik’ lan ‘apes’ kangge nggambaraken tiyang Israel lan Yehuda lan tamtunipun inggih kita para tiyang pracaya samangke! Rikala kita kapitulungan dening Gusti saking paukuman dosa kita, mendah bingah manah kita. Awit mboten benten kados dene kewan ‘uler’ lan ‘cacing’ ingkang ringkih lan sekeng gesang kita. Ananging sih-katresnanipun Gusti punika sampun nyata ing pangurbananipun Sang Kristus ingkang ngrembat dosa kita ing kajeng salib ing ardi Golgota. Pramila sumangga sampun ngantos gesang katindakaken kanthi mblasar, gumunggung lan kumenthus, awit tanpa pitulunganipun Gusti, kita punika, ringkih, sekeng lan mboten nggadhahi daya kakiyatan punapa-punapa. (Suyito Basuki).
TANSAH NINDAKAKEN PERJUANGAN IMAN
Selasa Wage, 25 Agustus 2026 TANSAH NINDAKAKEN PERJUANGAN IMAN Pangandharing Toret 34:1 – 9; Galatia 5 : 1 ————————————————————————————————————————– Ari 17 Agustus 1945 dinten kamardikan bangsa Indonesia. Kamardikan punika kelampahanipun boten awit pawewehipun bangsa liyan. Kamardikan punika kelampahanipun minangka wohing perjuangan para leluhur. Perjuangan ingkang ngetohaken prabeya awis nyrambahi, bandha donya, wekdal, pikiran tenaga lan ugi nyawa. 17 Agustus 1945 bangsa Indonesia mardika. Bakda kamardikakaken, punapa ingkang badhe kelampahan tumrap bangsa Indonesia? Ingkang badhe kelampahan gumantung kalayan punapa ingkang katindakaken dening bangsa Indonesia pribadi. Bangsa Indonesia badhe nemahi kasangsaran menawi bakda mardika nindakaken samukawis perkawis ingkang boten cetha lan sapikajengipun piyambak. Bangsa Indonesia badhe nemahi kamulyan menawi bakda mardika tetep nindakaken perjuangan mbudidaya saged kelampahanipun ancasing kamardikan. Pangandharing Toret 34 : 1 – 9 nyariosaken paripurnanipun paladosaning Sang Musa. Saksampunipun berjuang ngluwari bangsa Israel saking negari Mesir, kalajengaken ngirid lampahipun bangsa Israel ing ara-ara kawan dasa warsa. Tanggung jawabipun Sang Musa kabiji rampung dening Sang Yehuwah Allah. Saklajengipun, Gusti nimbali Sang Yosua kangge leladi ngirid lampahipun bangsa Israel, lumebet ing tanah prajanjen. Boten namung ngirid lumebetipun, ananging ugi mranata pagesanganipun bangsa Israel saklebeting tanah prajanjen. Kalih jejibahan punika sami sami awratipun. Pindhanipun perjuangan Musa punika mardikakaken bangsa Israel; perjuanganipun Yosua punika ngisi kamardikan ingkang sampun dipun gadhahi. Musa perjuanganipun awrat, mekaten ugi Yosua tanggel jawabipun awrat. Ingkang utami, bangsa Israel kedah berjuang sakdangunipun kapimpin dening Musa, kalajengaken kapimpin dening Sang Yosua, lan saklajengipun. Gusti Yesus sampun paring kamardikan saking dosa tumrap para timbalanipun. Saksampunipun nampi kamardikan, para timbalanipun gesang minangka tiyang mardika; para timbalanipun Gusti boten lajeng enak kapienak urip sakarep e dhewe. Rasul Paulus paring pangatag supados para timbalanipun ngadeg jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan dosa. Tegesipun: sepisan, Gusti sampun paring kawilujengan ingkang awis ajinipun, wujudipun pangurbananipun Sang Kristus. Kalih, tiyang Kristen kedah berjuang nggondheli imanipun saha berjuang amrih gesangipun trep kalayan timbalanipun Gusti. Perjuangan ngisi kamardikaning iman punika boten wonten rampungipun. Wujudipun perjuangan ngisi kamardikaning iman inggih punika mangun kadiwasaning iman. Cak-cakan padintenan limbangan punika, kados ta : aja dikendhoni le ngabekti. Disengkud! Rohayu, Gusti Yesus mberkahi. (Abednego Utomo Prasetyo).
