Bacaan : Matius 25 : 14 – 30 “Karena itu, aku takut dan pergi menyembunyikan talenta Tuan itu di dalam tanah: Ini, terimalah kepunyaan Tuan!“ Matius 25:25 (PBTB2) Suatu ketika dua orang pencari rumput memulai mencari rumput ditempat yang berdekatan. Pencari rumput pertama memulai menyabit rumput yang ada di depannya, sekitar 1/2 jam kemudian pencari rumput itu berdiri, ternyata sudah sekitar 10 meter pencari rumput ini berada di depan dari dia memulai mencari rumput. Kemudian dimasukkanlah rumput itu ke tempat yang dia bawa. Pencari rumput ini mencari temannya, yaitu pencari rumput kedua, ternyata pencari rumput ke dua ini belum mendapatkan rumput sebanyak pencari pertama. Ketika ditanya ternyata pencari rumput ke dua ini tidak fokus mencari yang di depannya tetapi matanya memandang hamparan tempat dia mencari rumput dan pindah-pindah. Hingga akhirnya waktunya habis dia gunakan untuk melihat hijaunya rumput yang terlihat lebih segar dari yang di depannya. Pada akhirnya malah tidak mendapatkan rumput secara maksimal. Matius 25:14-30 mengisahkan seorang majikan pergi ke luar negeri dan mempercayakan harta kekayaannya kepada tiga orang hambanya. Ia memberikan kepada hamba masing-masing hamba pertama lima talenta, kepada hamba ke-2 dua talenta, dan kepada hamba ke-3 satu talenta. Hamba pertama menggunakan lima talenta untuk berdagang dan menghasilkan lima talenta lagi. Hamba ke-2 menggunakan dua talenta untuk berdagang dan menghasilkan dua talenta lagi. Hamba ke-3 hanya mengubur talenta yang ia miliki. Usut punya usut ternyata alasan dari hamba ke tiga ini adalah tidak terima! karena dia hanya mendapatkan satu talenta. Lalu majikan marah, sebab majikan menganggap hamba ini tidak bertanggungjawab terhadap apa yang telah diberikan dan yang telah disepakati. Bacaan ini mengajak kita untuk kita fokus dengan apa yang ada di depan kita dan yang telah dipercayakan ke kita. Sebab apabila kita melihat orang lain, justru kita tidak ada gairah untuk menjalani hidup dan pada akhirnya tidak ada apapun yang kita hasilkan. Semoga kita bisa fokus terhadap ada yang dipercayakan ke kita. AMIN. ——————————————
K U L I N A (Renungan Mingguan)
Waosan : Pangandharing Toret 6: 4-9 | Pamuji : KPJ 379 “Padha wulangna marang anak-anakmu, karembuga manawa lagi padha lungguhan ana ing omahmu, manawa mbeneri lumaku ana ing dalan, manawa lagi turon lan manawa tangi;” (Ayat 7) Jaman samangke mboten sekedhik tiyang ingkang mastani bilih anak-anak lan nem-neman ‘ora pati Jawa’, mboten mangertos unggah-ungguh, lan bilih kagayutaken kaliyan gereja, lare-lare punika dipun pirsani kirang semangat anggenipun ngabekti ugi nglampahi kegiatan-kegiatan ing greja. Lajeng kita pados ‘kambing hitam’, kang dipun dadosaken jalaran kawontenan kados mekaten. Nanging kita supe ngilo githoke dhewe. Pancen langkung sekeca nglepataken ngasanes nanging nalika kita namung madosi alasan/ jalaranipun, mesti mboten wonten owah-owahan. Menawi Bahasa Jawa Timuran dipun wastani: pancet! Kamangka ing salebeting pergumulan sae ing brayat, greja, ugi masyarakat maliginipun kang gegayutan kaliyan anak-anak, sanes tanggeljawabipun tiyang setunggal kemawon. Kita kedah introspeksi lan ngrumaosi bilih peladosan tumrap anak-anak punika dados timbalan kita sedaya. Nggih tiyang sepuh, nggih guru, nggih katekit, ugi sedaya warganing pasamuwan. Srana waosan ing dinten punika, Gusti Allah ngatag kita sami supados saged mucal anak-anak, kawiwitan saking dhiri kita piyambak-piyambak. Punapa ingkang kita tedahaken saha kados pundi kita ngupadi supados anak-anak saged mangertos. Contonipun, nalika wonten ingkang ngendikan “bocah sak ini gak ngerti tata krama, ga isa basa krama!” Lha kados pundi anggen kita apirembag, punapa kita paring patuladhan ugi ndadosaken anak-anak kita kulina langkung-langkung tresna kaliyan Basa Jawi? Mekaten ugi menawi dinten minggu kita mirsani lare-lare malah remen ningali TV utawi dolan tinimbang ngabekti dateng greja, mangga kita mboten namung nglepataken lare-lare kala wau nanging nggatosaken kados pundi patuladhan kang kita tedahaken. Mboten namung anggen kita tindak greja, nanging kados pundi kawontenan – tandang, tanduk, lan tembung kita nalika badhe tindak, saweng ing greja, ugi nalika mantuk saking greja. Punika paseksi nyata ing sangajengipun anak-anak. Mangga kita sesarengan mbangun lingkungan ingkang ndandosaken anak-anak kulina sae – pangucap lan tumindak kang nyondhongi karsanipun Gusti. Srana tansah paring patulandhan lumantar sedaya kawontenan kita. Matemah kanthi suka bingah putra wayah kita saget ngidung “Lah Aku Bocah Rahayu”. AMIN. ———————
