Sabtu, 04 Juli 2026 Bacaan : Mazmur 145 : 8 – 14 | Pujian : KJ. 184 ————————————————————————————————————————– “TUHAN itu baik kepada semua orang, dan penuh rahmat terhadap segala yang dijadikan-Nya.” (Ayat 9) TELADAN KEBAIKAN TUHAN Setiap orang tua selalu berharap anaknya dapat menjadi pribadi yang baik, patuh kepada mereka, pintar, berprestasi dan nantinya bisa menjadi “orang”. Bagi sebagian anak yang mampu memenuhi harapan orang tua mereka tersebut, ia akan mendapat pujian, dibangga-banggakan, dan dikasihi sedemikian rupa. Sementara bagi sebagian anak yang dianggap tidak dapat memenuhi harapan orang tua mereka, ia akan dianggap sebagai anak yang tidak baik, anak yang gagal, anak yang tidak bisa dibanggakan, bahkan yang paling buruk sampai dianggap sebagai anak durhaka. Pada akhirnya hal ini berdampak pada perlakuan sebagian orang tua kepada anak mereka dengan mengurangi rasa kasih sayang dan kebaikannya kepada anak mereka tersebut. Dalam bacaan Alkitab saat ini, Pemazmur ingin mengungkapkan dan menegaskan tentang kebaikan TUHAN yang tiada tanding pada seluruh ciptaan-Nya. Sifat TUHAN yang mengasihi dan menyayangi ciptaan-Nya itu nyata, kebaikan TUHAN itu dinyatakan bagi semua orang dan bagi semua yang dijadikannya. Luar biasa bukan? Tidak cukup berhenti di situ, TUHAN juga menopang mereka yang sedang “jatuh” dan menegakkan kepala mereka yang sedang tertunduk. Artinya Pemazmur menunjukkan bahwa kasih dan kebaikan TUHAN itu tidak terbatas. TUHAN tidak pernah mengurangi kasih dan kebaikan-Nya hanya karena ciptaan-Nya sedang dalam keadaan terpuruk dan gagal. Tidak alasan bagi TUHAN untuk tidak mengasihi dan menyatakan kebaikan-Nya bagi seluruh ciptaan-Nya. Itulah yang disaksikan oleh Pemazmur. Penegasan tentang kebaikan TUHAN oleh Pemazmur ini mengajak kita untuk berefleksi atas bagaimana laku hidup kita di hadapan TUHAN? Bagi kita yang adalah ciptaan TUHAN dan yang mengaku beriman kepada TUHAN, sudahkah kebaikan TUHAN itu kita salurkan kepada semua orang di sekitar kita? Atau sebenarnya selama ini kita masih memberikan batasan sesuai tolak ukur kita dalam berbuat baik? Mari kita belajar dari kesaksian Pemazmur, TUHAN itu baik dan mengasihi kita semua, tanpa memilih, tanpa batas, dan tidak pernah berkurang kasih dan kebaikan-Nya. Mari kita meluaskan hati kita untuk menebar kasih dan kebaikan kepada siapapun sesuai dengan teladan kasih dan kebaikan TUHAN kepada kita. Amin. [Hiz]. “Allah itu baik bagi semua orang!”
MANUT GUSTI
Jumat, 03 Juli 2026 Waosan : Zakaria 2 : 6 – 13 | Pamuji : KPJ. 400 ————————————————————————————————————————- “He sakehe tumitah! Padha menenga ana ing ngarsane Sang Yehuwah, dene wus karsa tedhak saka ing padalemane kang suci. ” (Ayat 13) MANUT GUSTI Saben tiyang sepuh tamtu nggadhah pangajeng-ajeng gesang para putranipun kedah langkung sae tinimbang piyambakipun. Pramila saben dintenipun, para tiyang sepuh tansah nggulawentah lan nyekapi kabetahan para putranipun. Rinten dalu tansah ndedonga kangge putranipun, makarya kangge nyekapi kabetahan, lan nyekolahaken para putra punika. Bilih para putra punika manut, nindakaken prentah, lan ngajeni tiyang sepuh, tamtu gesangipun para putra saged katata lan sukses. Punika ugi dados kado ingkang mbingahaken tumrap para tiyang sepuh. Gesangipun manungsa kapulihaken saking dosa lan nampi kawilujengan, punika bukti katresnanipun Gusti, kados dene tiyang sepuh ingkang nresnani putranipun. Wonten waosan kita punika, Gusti Allah ngutus Zakaria kangge paring semangat lan panglipur dhateng bangsa Yehuda ingkang sisah amargi dados “tiyang buwangan” ing tanah Babilonia, sasampunipun Padaleman Suci ambruk lan kecalan tanah prajanjian. Ing ngriki, Gusti Allah prajanji bilih Panjenenganipun badhe mulihaken bangsa Yehuda (Ay. 10). Bangsa Yehuda badhe dipun wangsulaken malih dhateng Yerusalem lan Padaleman Suci badhe kawangun malih. Lumantar Zakharia, Gusti Allah ngengetaken supados umat ingkang sampun dipun pulihaken mboten mbalela kados para leluhuripun. Bangsa Yehuda kedah dados umat ingkang setya lan wanuh dhumateng Gusti. Saking waosan punika kita mangertos bilih Gusti Allah mboten namung nresnani umat-Ipun nanging ugi tansah ngayomi umat-Ipun ing sadengah prekawis gesang. Yen wonten lirik pepujian “Ayem neng Gusti Yesus”, sumangga mboten namung dipun kidungaken kemawon. Kita saged sinau saking gesangipun bangsa Yehuda ingkang dipun pulihaken dening Gusti lan kaparingan gesang enggal. Gesang kita ugi sampun dipun entasaken saking dosa lan nampi pamulihan saking Gusti. Kita sami ngraosaken berkah lan pakaryanipun Gusti. Mangga kita manut lan setya nindakaken pangandikanipun Gusti, kados dene anak ingkang ngabekti dhateng tiyang sepuhipun. Sampun ngantos gesang kita namung ngandelaken kakiyatan kita piyambak nanging mangga kita tetep fokus, sumende, lan manut dhumateng Gusti Allah kemawon. Amin. [Ry]. “Uripku tentrem rahayu amarga tansah manut pangandikanipun Gusti Allah.”
BEBAS BUKAN BERARTI TAK BERATURAN
Kamis, 02 Juli 2026 Bacaan : Roma 7 : 1 – 6 | Pujian : KJ. 356 – “Sebab itu, saudara-saudaraku, kamu juga telah mati terhadap hukum Taurat melalui tubuh Kristus, supaya kamu menjadi milik orang lain, yaitu milik Dia, yang telah dibangkitkan dari antara orang mati, agar kita berbuah bagi Allah.” (Ayat 4) BEBAS BUKAN BERARTI TAK BERATURAN Ketika saya masih kecil, saya ingat bagaimana kedua orang tua saya dengan tegas menerapkan satu aturan dimana saya harus berada di rumah paling lambat pukul 17.00 WIB. Jika saya belum ada di rumah pada jam yang telah ditentukan tersebut maka saya akan mendapat hukuman. Kala itu saya menganggap kedua orang tua saya tidak sayang kepada saya, anaknya. Hal ini kemudian membuat saya sering melawan dan memberontak kepada mereka karena aturan yang mereka buat tidak membuat saya merasa bebas. Bagian firman Tuhan yang kita bacaan saat ini merupakan nasihat Rasul Paulus kepada Jemaat Roma. Rasul Paulus tahu bahwa sebagian besar umat Tuhan di Roma adalah orang Kristen Yahudi yang masih memegang teguh aturan-aturan dalam hukum Taurat. Seperti kita ketahui, aturan pada hukum Taurat dibuat agar kehidupan umat dapat berjalan dengan baik dan teratur, namun jika aturan itu berubah menjadi sebuah aturan yang menekan seseorang, maka apa fungsi dari aturan tersebut. Untuk itulah, Rasul Paulus menasihatkan agar Jemaat di Roma bersatu dengan Tuhan Allah di dalam diri Yesus Kristus yang telah bangkit dari antara orang mati. Harapannya, hidup mereka dapat menghasilkan buah dari kelekatan mereka dengan Sang Kristus. Mereka tidak lagi hidup di bawah bayang-bayang hukum Taurat, melainkan hidup di dalam Kristus. Sering kali kita tidak memahami maksud Tuhan dalam hidup kita. Hari ini, kita belajar dari kisah hidup saya bahwa aturan yang diberikan orang tua kepada anaknya adalah baik, karena menuntun si anak berjalan di jalan kebenaran. Demikian pula Allah memberikan perintah dan aturan kepada manusia agar manusia hidup dalam kebenaran. Mari kita hidup dalam aturan Allah yang menuntun hidup kita pada keselamatan. Hiduplah dalam kasih-Nya agar hidup kita bisa menghasilkan buah yang dapat dilihat dan dirasakan oleh orang lain. Tuhan Yesus menolong dan memampukan kita hidup dalam kasih dan kehendak-Nya. Amin. [nda]. “Hiduplah dalam Kristus pasti engkau akan berbuah.”
BRAYAT INGKANG MEMUJI GUSTI
Rabu, 01 Juli 2026 Waosan : Yeremia 18 : 1 – 11 | Pamuji : KPJ. 160 – “Becike sira padha mratobata kabeh, ninggala solah-tingkahira kang ala, sarta becikna lakunira lan panggawenira!” (Ayat 11c) Wonten salah satunggaling pepujian pop-rohani ingkang jejeripun “Bagaikan Bejana” ingkang mekaten lirikipun: Bagaikan bejana siap dibentukDemikian hidupku di tangan-MuDengan urapan kuasa Roh-MuKu dibaharui selalu Pepujian punika nedahaken dhateng kita bilih kita punika namung grabah saking lemah lempung ingkang dipun bentuk dening Gusti. Bentukipun gumantung kaliyan laku gesang kita piyambak-piyambak. Bilih tasik ala, nggih badhe dipun bubrah ngantos dados grabah ingkang sae miturut Gusti Sang Kundhi ingkang Agung. Waosan punika salah satunggaling bab ingkang dados pepenget kangge bangsa Israel. Bab 18 punika nedahaken nabi Yeremia nampi Sabda saking Gusti, bilih piyambakipun kedah dhateng griyanipun kundhi. Wonten ing griyanipun kundhi punika, nabi Yeremia ningali kados pundi sang kundhi damel grabah mawi pirantinipun. Lajeng, Gusti Allah medharaken Sabdan-Ipun bilih bangsa Israel punika sampun tumindak ala. Mila Panjenenganipun badhe mbedhol, mbubrah, lan mbengkas tumrap bangsa Israel (Ay. 7). Ananging, menawi bangsa Israel purun mratobat, Gusti Allah badhe paring pangapunten. Gusti Allah punika kuwaos bentuk para umat-Ipun kados grabah ingkang dipun bentuk dening sang kundhi. Umat-Ipun badhe dipun bentuk kanthi sae awit Panjenenganipun punika Sang Kundhi Agung. Gusti mboten namung bentuk kita dados grabah, ananging ugi bentuk brayat kita dados grabah ingkang sae. Menawi kita sabrayat sedya dipun bentuk ngantos sae, kita sabrayat kedah nglampahi gesang bebrayatan kanthi sae. Kita ngaturaken pisungsung ingkang sae, inggih punika lelampahan brayat ingkang sae miturut karsanipun Gusti. Mekaten ugi kita tansah memuji Gusti ing gesang bebrayatan kita, tansah eling-ingilingake, paring pitutur, lan tumindak sae. Sadaya punika nedahaken bilih kita saged dados “grabah” ingkang sae. Sampun wancinipun, brayat kita dados “grabah” ingkang sae wonten ngarsanipun Gusti Allah. Mangga kita wujudaken gesang bebrayatan ingkang mbangun turut dhumateng Gusti. Gusti paring kakiyatan dhateng kita sadaya. Amin. [HADS].“Memuji Gusti kaliyan brayat kawula kanthi sukarena.”
PURUN MRATOBAT
1 Para Raja 21:17-29; Jabur 119:161-168; 1 Yokanan 4:1-6 “Bareng Sang Prabu Akhab midhanget pangandika iku, banjur nyuwek-nyuwek pangagemane lan ngagem bagor sarta siyam. Malah anggone sare uga ngagem bagor, tuwin manawa lumampah alon-alonan” (1 Para Raja 21:27) PURUN MRATOBAT Sanadyan Prabu Akhab keblinthuk dening Izebel semahipun, nyrobot kebon angguripun Nabot, nanging pungkasanipun purun mratobat. Prabu Akhab ngakeni dosanipun ing ngarsanipun Gusti, kanthi pralambang nyuwek-nyuwek pangagemanipun lajeng ngagem busana bagor, tuwin siyam. Mratandhani gesangipun wonten kotoripun, ingkang mboten damel renanipun Gusti, mila lajeng ngasoraken gesangipun lan mratobat. Mratobat minangka tumindak sae ing gesanging manungsa. Manungsa ingkang swaunipun sesarengan kaliyan si dosa, gesang ing prekawis ala lajeng “balik kanan”, nilar si dosa lan tumindak-tumindak alanipun. Lajeng nyelak kaliyan Gusti, ngadhep dhumateng Gusti menapa dene setya dhateng pangandikanipun Gusti. Tiyang ingkang mratobat mboten cathuk lawung malih kaliyan si dosa, awit samangke sampun dados pendherekipun Gusti. Mboten dados abdinipun si iblis malih. Tumindak mratobat dados tumindakipun sedaya manungsa ing ngarsanipun Gusti. Mboten wonten benten-bentenipun, inggih tiyang sugih-mlarat, tiyang kutha-ndesa, para pejabat-masyarakat limrah, menapa dene warga dewasa lan putra. Rikala manungsa dhumawah tumindak dosa sageda enget ing dosanipun, lajeng enggal nilar dosa wau lan mratobat, gesang ing bebeneripun Gusti. Manungsa ampun ngantos gumunggung ing kasaenanipun, menapa dene rumaos sampun sae tanpa kalepetan dosa. Tiyang ingkang mekaten menika dados tiyang munafik ingkang gesang ing apus-apus. Bebasan bathang ingkang mambet, nanging dipun bungkus kain ingkang sae lan dipun semprot parfum. Mila, gandanipun “semerbak”, wangi, sanadyan aslinipun mboten mekaten. Tiyang ingkang ala lan tumindak dosa, sageda purun ngakeni dosanipun ing ngarsanipun Gusti. Purun mratobat, wangsul ing margi bebeneripun Gusti. Ampun ngantos dados tiyang munafik. Mratobat menika minangka tumindak kinurmatan ing ngarsanipun Gusti. Sageda katindakaken kanthi gumolonging manah. Amin |*KR
NGESTOKAKEN DHAWUHIPUN GUSTI
Senen, 29 Juni 2026 Minggu Limrah 1 Para Raja 21:1-16; Jabur 119:161-168; Tesalonika 4:9-12 “Kawula ngestokaken dhateng dhawuh pepenget Paduka, sanget anggen kawula remen.” (Jabur 119:167) NGESTOKAKEN DHAWUHIPUN GUSTI Kathah ingkang mralambangaken pangandikanipun Gusti minangka dilah ingkang madhangi lampahing tiyang pitados, minangka tetedhan kasukman ing ndamel tuwuking tata pitados. Sedayanipun menika leres lan sageda katampi kanthi suka bingah. Pralambang wau prayogi tumrap sedaya manungsa, supados manungsa tansah celak kaliyan pangandikanipun Gusti ing sauruting gesangipun. Ingkang langkung wigatos tumrap warganing pasamuwan inggih menika nindakaken pangandikanipun Gusti. Tiyang Kristen minangka tiyang pitados purun nindakaken dhawuhipun Gusti ing sauruting gesangipun. Kados ingkang dados kekidunganipun Prabu Dawud “Kawula ngestokaken dhawuh pepenget Paduka”. Ngemu teges kawula purun nindakaken menapa ingkang dados dhawuh-dhawuhipun Gusti. Kawula mboten nebih saking pangandikanipujn Gusti, kepara kawula celak, tansak celak lan tansah nindakaken pangandikanipun Gusti. Kejawi menika, mesthinipun nindakaken pangandikanipun Gusti kanthi suka bingah lan gumolonging manah. Ampun ngantos nindakaken dhawuhipun Gusti kanthi kapeksa lan awrating manah. Menawi taksih ngraosaken kapeksa saha awrating manah, ateges dereng saged ngraosaken “ecanipun” dhaharan pangandikanipun Gusti. Pangandikanipun Gusti “eca” ndamel panglipuran lan suka bingah, ndamel tentrem rahayu lan wilujeng, ndamel gesang nggadhahi pangajeng-ajeng ing tembe wingking, mboten semplah ing manah. Ing gesang tata lair manungsa saged remen dhaharan upaminipun sate ayam, garang asem, ayam tim, utawi namung bothok. Mekaten ugi gesang tata kasukman, sageda remen tumrap pangandikanipun Gusti. Rikala pangandikanipun Gusti nuding lepatipun manungsa sageda katampi bebasan sambel trasi ingkang pedhes nanging ngangeni. Pangandikanipun Gusti nimbali mratobat, sageda katampi minangka pralambang jamu pait ingkang ndamel kiyating tata kasukman. Mila, pangandikanipun Gusti dipun tampi kanthi suka bingah lan gumolonging manah. Amin |*KR
SAMPUN UWAL SAKING DOSA
Ahad, 28 Juni 2026 Minggu Limrah Yeremia 28:5-9; Jabur 89:1-4, 15-18; Rum 6:12-23; Mateus 10:40-42 “Nanging saiki bareng kowe wus padha kauwalake saka ing dosa lan bareng kowe wus padha dadi abdining Allah, kowe padha ngundhuh woh kang nuntun kowe marang kasucen sarta wekasane iku urip kang langgeng” (Rum 6:22) SAMPUN UWAL SAKING DOSA Tiyang pitados punika sampun uwal saking dosa. Gusti Allah, ing pakaryanipun Sang Kristus nguwalaken manungsa saking dosa-dosanipun. Sedaya menika saged kelampahan, awit manungsa pitados dhateng Gusti Yesus, tuwin Gusti Yesus mbirat sedaya lepat lan dosaning manungsa. Prekawis menika minangka sih nugrahanipun Gusti dhateng manungsa. Sampun kelampahan nyata ing gesanging manungsa. Ateges, sedaya tiyang Kristen sampun kabirat dosanipun dening Gusti Yesus. Nampi gesang wilujeng ing jagad, menapa dene nggadhahi pangajeng-ajeng gesang mulya ing kaswargan. Mila, sageda mongkog dados tiyang Kristen. Suka bingah tuwin bombong dados pendherekipun Sang Kristus. Kawontenan ingkang mekaten ampun ngantos dados margining gumunggung, dupeh sampun nampi uwal saking dosa. Gumunggung ingkang ndadosaken kesupen ing kahanan, lajeng kepleset tumindak ala lan ngala-ala tiyang sanes. Gumunggung ingkang ndadosaken dhumawah ing dosa lan gesang ing kadosan malih. Kawontenan ingkang mrihatosaken minangka tiyang Kristen. Kenging menapa tiyang Kristen dhumawah ing dosa malih, dados abdinipun si dosa malih? Ampun ngantos! Tiyang Kristen nggadhahi gesang ingkang bermutu utawi berkualitas. Gusti Yesus ingkang maringi gesang bermutu tuwin berkualitas wau. Tegesipun, Tiyang Kristen katimbalan dening Gusti supados gesang ing kasaenan, bebener lan kawilujengan awit kadunungan Rohing Bebener ing gesangipun. Tiyang Kristen sageda njagi kualitasing gesang ing pamanggih, wicantenan, ugi tumindak ing gesang saben dintenipun. Kualitas ingkang sae, mboten endhek-endhekan. Bebasan kebo ingkang sampun kaguyang dening pak Tani, mboten wonten blethokipun malih, sampun resik saking blethok. Mekaten ugi tiyang Kristen ingkang sampun kabirat dosanipun dening Gusti Yesus, uwal saking blethoking dosa. Ampun tumindak dosa malih, ampun balik ing blethoking dosa malih. Sageda gesang enggal ing bebeneripun Gusti. Amin. |*KR
PRAJANJENIPUN GUSTI LANGGENG
Setu, 27 Juni 2026 Minggu Limrah Yeremia 28:1-4; Jabur 89:1-4, 15-18; Lukas 17:1-4 “Paduka sampun ngandika: “Ingsun wus karya prajanjian kalawan pilihaningSun. Ingsun wus supaos marang Dawud abdiningSun.” (Jabur 89:4) PRAJANJENIPUN GUSTI LANGGENG Kadosdene kawontenanipun Gusti Allah punika langgeng, prajanjinipun Gusti dhumateng manungsa ugi langgeng. Prajanjen ingkang nedahaken panguwaosipun Gusti, ingkang mboten saged dipun jajagi dening manungsa. Contonipun, bab ingkang kapratelakaken dhateng abdi pilihanipun, inggih Prabu Dawud. Prajanjenipun Gusti Allah dhateng Prabu Dawud, inggih menika: dhamparing krarajanjipun ing salami-laminipun, sarta kaparingaken ngantos turun-tumurun (Jabur 89:5, 2Samuel 7:13). Karajan ingkang dados peparingipun Gusti mboten bab tata lair, karajan politis ingkang wonten ing jagad menika. Nanging karajan tata kasukman, inggih karajan langeng ing kaswargan. Gusti Allah paring pameca bab turunipun Prabu Dawud ingkang lenggah ing karajan tata kasukman, inggih Gusti Yesus. Panjenenganipun minangka Ratuning kawilujengan ingkang mbirat dosa-dosaning manungsa. Ratu ingkang langgeng, ingkang maringi kawilujengan tumrap sedaya titah ing jagad menika menapa dene ing swarga, kangge wekdal samangke ugi ing salaminipun. Prajanjenipun Gusti Allah langgeng kangge salaminipun tumrap sedaya manungsa lan sedaya titah. Prajanjenipun Gusti tumuju dhateng sedaya tiyang pitados. Rikala tyang pitados ndherek lan pitados dhateng Gusti Yesus, prajanjen langgeng peparingipun Gusti rumasuk ing gesangipun. Minangka tiyang pitados, sedaya tiyang Kristen nampeni kawilujengan lan katentreman ing jagad menika, ugi rikala seda nampi sih nugraha ing swarga. Ing tata kasukman, sedaya tiyang Kristen minangka trahipun prabu Dawud. Trah lumantar Gusti Yesus, ingkang dados turunipun Sang Prabu Dawud. Trah ingkang mbingahken, ingkang kedah dipun jagi salamining gesang. Ateges minangka timbalan: mangga tansah nggadhahi kapitadosan ingkang mboten nate telas dhumateng Guti Yesus minangka Juru Wilujenging jagad. Kapitadosan ingkang dados margining kawilujngan langgeng peparingipun Sang Kristus. Amin |*KR
KUDU KOKAPURA
Jemuwah, 26 Juni 2026 Minggu Limrah Yeremia 25:8-14; Jabur 89:1-4, 15-18; Lukas 17:1-4 “Saupama anggone kaluputan marang kowe ngantia kaping pitu sadina lan kaping pitu uga anggone marani kowe sarta pratela: Aku kaduwung, iya kudu kokapura.” (Lukas 17:4) KUDU KOKAPURA Gusti Yesus paring piwucal bab ngapunteni dhateng tiyang sanes. Ing Injil Mateus 18:21-22 sinerat ngapunteni dhateng sesami ngantos kaping pitung dasa ping pitu. Menawi petangan angka pinanggih kaping 490. Nanging, menapa ta intinipun ngapunteni dhateng tiyang sanes? Ngapunteni kalepatanipun tiyang sanes ngemu teges, sepisan, nindakaken pakaryan ingkang dados karsanipun Gusti Yesus, nuladha Gusti Yesus ingkang sampun ngapunteni kalepatan kita sami. Kaping kalih, mratelakaken kualitasing gesang. Tetiyang ingkang ngapunteni lepatipun tiyang sanes mratelakaken kualitasing gesang ingkang mumpuni. Dene tiyang ingkang dipun apunteni lepatipun dipun bikak kori kualitasing gesang ingkang sae, kepara dados tiyang mumpuni ugi. Kaping tiga, tetiyang ingkang tumindak apunten-ingapunten mratelakaken gesang nyata ing karukunan. Saderengipun saged kelampahan gesang ing sesatron, jothakan, nanging candhakipun kagantos ing karukunan, guyub-rukun, pasedherekan, ugi memitran ingkang rumaket. Gesang ingkang kadunungan Roh Suci, Roh Karukunan, ingkang ndadosaken manungsa gesang ing guyub-rukun lan pasedherekan. Tetiyang ingkang paring pangapunten dhateng tiyang sanes mbetahaken longgaring manah. Ing madyaning masyarakat wonten tetembungan “jembar segarane”, ingkang mratelakaken manahing manungsa ingkang jembar pindha samodra ingkang saestu wiyar. Tiyang ingkang purun ngapunteni dhateng sesami saestu nggadhahi manah ingkang wiyar pindha samodra. Dados tiyang ingkang sabar, tiyang ingkang kadunungan rohing kasabaran, inggih Roh Suci. Ngapunteni kaping 70 ping pitu mboten ateges ngapunteni kaping 490. Nanging tegesipunngapunteni tanpa winates, kanthi gumolonging manah, tanpa raos nggrundel ing manah. Mila, tiyang ingkang keduwung lan purun ngakeni lepatipun, katampia kanthi gumolonging manah. Dipun tampi malih minangka sedherek lan gesang guyub-rukun. Amin |*KR
DADOS TIYANG MARDIKA
Kemis, 25 Juni 2026 Minggu Limrah Yeremia 25:1-7; Jabur 89:1-4, 15-18; Galati 5:2-6 “Supaya kita mardika temenan, Sang Kristus wus mardikakake kita. Awit saka iku ngadega kang jejeg lan aja gelem maneh dikalungi pasangan pangawulan” (Galati 5:1) DADOS TIYANG MARDIKA Mardika ing babagan tata kasukman inggih menika manungsa mboten kawengku malih ing dosa, ing panguwaosing roh pepeteng. Awit, kita sami tiyang Kristen sampun nampi kamardikaning gesang, inggih menika panebusaning dosa dening Gusti Yesus, lan kita nampi kanthi gumlongging manah. Rasul Paulus ngengetaken, kita sami ingkang sampun nampi kamardikaning gesang tata kasukman, ampun ngantos kamomotan ing pangawulan. Tegesipun, kita sami ingkang sampun nampi kawilujengan ing pakaryanipun Gusti Yesus, ampun ngantos dados kawulaning pepeteng lan roh reged malih. Ugi, kita sami ampun ngantos kamomotan dening Angger-anggering Toret. Awit Angger-anggering Toret minangka tatanan etika ing gesang padintenan, mboten dados dhasar kawilujengan. Kawilujenganipun tiyang Kristen ing asma lan pakaryanipun Sang kristus. KIta sami saged nyuwanten sora: “Hore…, aku dadi wong mardika ing Sang Kristus”. Kawontenan ingkang mbingahaken tumrap kita sami. Nanging, dados tiyang mardika mboten ateges tumindak samardikanipun piyambak, tanpa wates pranatan. Mardika ing tata kasukman kepara dados pancadan anggen kita sami tumindak ing bebener. Gesang sampun nampi kawilujengan, manah padhang ing dayaning Sang Roh Suci, tuwin tansah nampi panganthinipun Gusti. Mila, kita sami katimbalan gesang ing bebeneripun Gusti, gesang miturut pranatan ing pasamuwan, ugi ing madyaning masyarakat. Tansah njagi kualitasing gesang, inggih kualitas sae, unggul lan peng-pengan dados tiyang Kristen. Sintena kemawon ngupadi kualitasing gesang ingkang sae, ingkang prayogi lan unggul, mboten ndhek-ndhekan utawi recehan. Tiyang Kristen dados tiyang mardika minangka tiyang berkualitas. Mila, mangga kapratelakaken kualitas ing gesang kanthi nyata saben dintenipun. Amin. |*KR
