Rebo, 24 Juni 2026 Minggu Limrah Yeremia 38:1-13; Jabur 6:1-11; Mateus 10:5-23 “Wong-wong iku banjur padha nyekel Nabi Yeremia lan dicemplungake ing sumur kagungane Pangeran Malkia kang ana ing plataran pajagan; anggone nyemplungake Nabi Yeremia mawa dhadhung. Sumure iku asat, mung ana endhute, dadine Nabi Yeremia nuli ambles ana ing endhutan kono” (Yeremia 38:6) PITULUNGANIPUN GUSTI TANSAH MAWUJUD Saestu mrihatosaken. Nabi Yeremia ingkang meca bab kawontenanipun Bangsa Yehuda malah dipun cepeng, lajeng dipuncemplungaken ing sumur asat ingkang kebak lendutipun. Kanthi pangajab ngukum lan ngupadi sedanipun sang Nabi. Awit pamecanipun mboten jumbuh kaliyan pamanggihipun ara pangagenging bangsa. Pamecanipun Nabi Yeremia cetha, sageda umat medal saking kutha supados luwar saking pageblug dumugining pejah. Awit kutha Yerusalem badhe dipunrayah lan dipunkuwaosi dening Bangsa Babel, krana dosa-dosanipun. Nanging para pangagenging bangsa salah tampi. Salajengipun munjuk dhateng Sang Prabu Zedhekia, sageda sang Nabi dipunukum pejah kemawon. Mila, lajeng kedadosan kados ing nginggil wau. Menapa Nabi Yeremia saestu dumugining pejah? Mboten. Gusti Allah ingkang dipunsuyudi mboten negakaken sang Nabi. Gusti ingkang maringi pameca lumantar Nabi Yeremia tumindak lan ngagem Ebed-Melekh ngentasaken Nabi Yeremia saking sumur. Sang Nabi tetep wilujeng, bagas waras, pinanggih waluya sedayanipun. Wonten mukjizat peparingipun Gusti Allah ing gesangipun Nabi Yeremia. Gusti Allah paring pitulungan dhateng sintena kemawon ingkang setya tuhu dhumateng panjenenganipun. Gusti Allah maringi ayahan, Gusti ugi maringi berkah kasarasan, tentrem rahayu, saha daya ngrampungi ayahan. Pitulunganipun Gusti saestu nyata ing gesanging manungsa. Mila para peladosipun Gusti ampun ajrih kaliyan kahanan ingkang mrihatosaken. Astanipun Gusti saestu panjang anggenipun ngrengkuh manungsa ing kawilujengan. Panjenenganiun mboten negakaken tetiyang ingkang setya tuhu dhumateng panjenenganipun ing karupekan. Kepara ngamping-ampingi lan mberkahi tiyang ingkang gesangipun leres, supados ajeg gesang ing bebeneripun Gusti. Pitulunganipun Gusti taksih lan tansah mawujud ing gesanging manungsa. Amin. |*KR
DISETYA TUHU NGANTI TUMEKA ING PATI
Slasa, 23 Juni 2026 Minggu Limrah Yeremia 26:1-12; Jabur 6:1-11; Wahyu 2:8-11 “Sira aja wedi ing sadhengaha kasangsaran kang kudu sira sangga!Lah sanyatane iblis bakal nglebokake wong sawatara panunggalanira marang ing pakunjaran supaya sira kadadara sarta sira bakal kataman ing kasusahan sapuluh dina lawase. Sira disetya tuhu nganti tumeka ing pati , temah bakal Sunganjar makuthaning kauripan.” (Wahyu 2:10) DISETYA TUHU NGANTI TUMEKA ING PATI Lumantar wahyu utawi tetingalan tata kasukman, Gusti Allah nimbali umat kasetyanipun supados setya tuhu dumugi ing pungkasaning gesangipun. Sanadyan wonten kasangsaran, ribeding gesang, kasisahan matumpa-tumpa, nanging setya tuhu dhumateng gusti ampun ngantos mandheg. Ampun mogok ing satengahing margi. Sageda ajeg setya, terus kemawon setya dumugi ing pungkasaning gesang utawi seda. Mila, kawastanan seda ing kasetyan, seda ing astanipun Gusti Allah kanthi tentrem rahayu. Wonten pepujen mawi basa Indonesia mekaten: Setia, setialah / setia sampai mati / seperti Tuhan Yesus / setia sampai mati. Apakah jawabanmu / untuk kasih setia-Nya / setia, setialah / setia sampai mati. Pepujen ingkang mratelakaken timbalan sageda warganing pasamuwan setya tuhu dhumateng Gusti dumugi ing tilar donyanipun. Gusti Yesus sampun paring tuladha bab kasetyan. Panjenenganipun setya milujengaken manungsa dumugi ing seda-Nipun. Mila tiyang Kristen nuladha dhateng Gusti Yesus bab kasetyan menika. Wonten pinten-pinten conto ingkang mratelakaken tiyang Kristen nilar kapitadosanipun, awit kamomotan karibedaning jagad. Prekawis menika limrah ing gesanging jagad, nanging mboten limrah ing gesang tata kasukman ing ngarsanipun Gusti. Tiyang ingkang nilar kapitadosanipun dhateng Gusti Yesus, ateges pitadosipun mandeg utawi mogok ing satengahing margi. Eman-eman. Kawilujengan peparingipun Gusti Yesus lebar, mboten wonten malih. Rikala tilar donya, piyambakipun seda tanpa kawilujengan. Kawotenan ingkang mrihatosaken. Ganjaran makuthaning ngagesang badhe katampi dening tiyang ingkang setya tuhu dumugi ing pati. Wonten ganjaran kaswargan peparingipun Gusti. Kita sami tansah sumringah, sumangga disetya tuhu dumugi ing pungkasaning gesang kita pribadi. Amin. |*KR
TIYANG MURSID TAKSIH WONTEN
Senen, 22 Juni 2026 Minggu Limrah1 Mikha 7:1-7; Jabur 6:1-11; Wahyu 2:1-7 “Wong mursid wus sirna saka ing nagara, lan ing antarane para manungsa wus ora ana kang jujur, kabeh padha ngincer getih, siji lan sijine padha genten ngarah nyekel srana kalajiret” (Mikha 7:2) TIYANG MURSID TAKSIH WONTEN Nabi Mikha mratelakaken kahanan bangsa Israel ingkang kebak tumindak ala lan tebih saking kaadilan. Awit kathahipun tiyang ala lan ambeksiya, bebasan tiyang jujur mboten wonten malih. Ingkang wonten namung tiyang-tyang ala, tiyang ingkang ngupadi pepejah. Bab menika nedahaken kawontenanipun masyarakat Israel ingkang risak, ing gesang tata kasukman ugi tata gesang sosial masyarakatipun. Kawontenan ingkang mrihatosaken ing ngarsanipun Gusti, lan mesthi Gusti mbten rena ing bab menika. Kawontenaning bangsa lan masyarakat ingkang majeng katitik saking gesang guyub-rukunipun, sakul-sinangkul ing bot-repot, gesang ing bebener lan tansah ngupadi setya tuhu dhumateng Gusti. Gesang kagem kamulyanipun Gusti, mila umat utawi masyarakatipun ugi gesang ing bebener lan kajujuran. Tumindak ingkang kakersakaken dening Gusti, mila gesangipun binerkahan dening Gusti piyambak. Menapa samangke taksih wonten tiyang ingkang jujur lan gesang ing bebener? Taksih wonten. Sanadyan, mbok bilih gunggungipun mboten kathah. Sak mboten-mbotenipun kita sami ngupadi gesang ing bebener lan dados tiyang jujur ing ngarsanipun Gusti. Salajengipun, kita sami ngupadi sabrayat gesang ing kajujuran, lan dados brayat Kristen ingkang katuladha ing gesang kasaenan lan kajujuranipun. Mesthinipun, lajeng ajak-ajak dhateng tetanggi lan tiyang-tiyang sanesipun sageda gesang ing bebeneripun Gusti. Saestunipun, gesang minangka tiyang jujur mbingahaken manah. Manah sumeleh ing astanipun Gusti, gesang suka bingah tanpa kamomotan raos sumelang konangan tumindak ala. Awit mboten wonten tumindak ala ing gesangipun. Kepara kadunungan Roh Suci ingkang nyagedaken kita sami gesang ing kasucenipun Gusti salamining gesang. Kita sami mratelakaken, bilih taksih wonten tiyang mursid ing jagad menika. Amin. |*KR
AMPUN AJRIH GESANG
Ahad, 21 Juni 2026 Minggu Limrah Yeremia 20:7-13; Jabur 69:7-10, 16-18; Rum 6:1b-11; Mateus 10:24-39 “Mulane aja padha wedi, amarga ajimu iku ngluwihi manuk nglathik pirang-pirang.” (Mateus 10:31) AMPUN AJRIH GESANG Gusti Yesus nimbali dhateng para sakabat tuwin para pendherekipun jaman samangke supados mboten ajrih ngadhepi gesang. Kanthi conto peksi glathik ingkang kathah ing pundi-pundi panggenan, mboten nanem lan mboten panen, nanging saged gesang. Gusti Allah ingkang maringi gesang tuwin Gusti piyambak ingkang ngrimati gesangipun. Gusti Yesus paring pangandika bab pitados ingkang salugu, inggih punika manungsa masrahaken gesangipun dhumateng Gusti kanthi gumolonging manah. Pitados kanthi masrahaken gesangipun ing astanipun Gusti, mila mitadosi bilih Gusti Allah ngrimati, mberkahi, tuwin maringi ingkang dados kabetahanipun manungsa. Kenging menapa manungsa ngraosaken ajrih? Manungsa ajrih gegayutan kaliyan kabetahaning gesangipun boten saged kacekapan. Bab raga ingkang ringkih dereng patosa pulih rosa; ekonominipun brayat dereng mapan, ajrih kadospundi nyekapi kabetahaning tetedhan, sekolah, ugi kesehatan; putra ingkang sampun dewasa nanging dereng bebrayatan, lsp. Manungsa ngraosaken ajrih awit dayaning gesang ingkang cumpen, mboten saged ngayahi lan njangkepi sedayanipun. Gesanging manungsa minangka peparingipun dening Gusti Allah, mila Gusti Allah mesthi karsa ngrimati tuwin mberkahi manungsa titahipun. Gusti Allah mboten badhe nglirwakaken ingkang dados yasanipun ing jagad. Gusti Allah mberkahi manungsa, dene manungsa suka bingah nampi berkahipun Gusti. Mila, manungsa nindakaken ingkang dados jatahipun manungsa piyambak. Manungsa makarya kanthi tumemen, tumindak ing margi padhang, gesang sangkul-sinangkul ing bot-repot dhateng sesami, masrahaken ngesangipun ing astanipun Gusti. Mila raos ajrihing manungsa saged sumingkir utawi ketutup dening raos pitadosipun dhateng Gusti. Raos ajrih minangka raos kamanungsan tumraping manungsa. Nanging menawi tiyang pitdos mapanaken raos ajrihipun ing papan ngajeng, menika lepat. Ingkang leres, raos pitados mapan wonten ngajeng, lan saestu kawastanan tiyang Kristen, tiyang pitados dhateng Gusti. |*KR
NGRANCANG ALA? AMPUN!
Setu, 20 Juni 2026 Minggu Limrah Yeremia 20:1-6; Jabur 69:7-10, 16-18; Lukas 11:53-12:3 “Apadene padha ngudi mancing-mancing, supaya krungu pangandika kang mijil saka ing lesane, kang kena kanggo dhadhakan nangkep Panjenengane.” (Lukas 11:54) NGRANCANG ALA? AMPUN! Para Ahli Toret tuwin para tiyang Farisi ngrancang ala dhateng Gusti Yesus. Piyambakipun ngupadi ngrangket Gusti Yesus, kanthi cara madosi lepating pangandikanipun Gusti Yesus. Menawi sampun pinanggih “celah” pangandika ingkang saged dipunlepataken, tiyang-tiyang wau badhe masrahaken Gusti Yesus dhateng pangadilan. Candhakipun, sageda Gusti Yesus dipunukum dumugining sedanipun. Para Ahli Toret minangka pakar gegayutan kaliyan Toretipun Nabi Musa, dene tiyang Farisi minangka sesepuh ingkang ngugemi Toret lan paugeraning adat istiadat. Sedherek-sedherek menika mboten remen kaliyan Gusti Yesus, ingkang kawawas Gusti Yesus nerak paugeraning Allah. Tumindakpun prelu dipunukum pejah. Dene sayektosipun, Gusti Yesus ngupadi pranatan ingkang ndadosaken manungsa nampi kawilujengan lan suka bingahing manah, mboten kamomotan dening pranatan ingkang mblenggu gesangipun. Sayektosipun, ngrancang ala kawiwitan saking telenging manah. Raos drengki lan benci dhateng tiyang sanes. Prekawis ingkang mboten sehat ing pasrawungan, ugi mboten leres miturut pangandikanipun Gusti. Manungsa ingkang ngrancang ala ateges sampun kadunungan roh ala, roh reged. Manungsa ingkang ngrancang ala dados blegeripun iblis ingkang ketingal ing jagad. Gusti Allah mboten ngersakaken bab menika. Ingkang dipunkersakaken dening Gusti Allah inggih menika manungsa ngrancang ing bebener. Rancangan guyub-rukun, apunten-ingapunten, sesarengan suka bingah ing bebener, ngupadi gesang ing kawilujenganipun Gusti. Rancangan ingkang kadunungan Roh Suci, Roh Resik, ingkang sumberipun saking Gusti Allah kaswargan. Ingkang ndadosaken manungsa memuji asmanipun Gusti. Rancangan ingkang leres, binerkahan dening Gusti, lan saged mawujud nyata ing gesang. Ngrancang ala? Ampun! Ngrancang ing bebener? Inggih, mangga! Tiyang pitados samesthinipun ngrancang ingkang prayogi. |*KR
NGGELARAKEN SABDANING GESANG
Jemuwah, 19 Juni 2026 Minggu Limrah Yeremia 18:18-23; Jabur 69:7-10, 16-18; Lelakone Para Rasul 5:17-26 “Padha menyanga ing Padaleman Suci, ngadega lan nggelarna sakabehe pangandikaning urip iku marang wong akeh.” (Lelakone Para Rasul 5:20) NGGELARAKEN SABDANING GESANG Para sakabatipun Gusti Yesus katimbalan supados nggelaraken Injiling kawilujengan dhateng sedaya umat ing bumi. Nggelaraken utawi nyariyosaken bab kawilujengan saking Gusti Allah ingkang sampun kababar. Sedaya manungsa dados jujugan kawilujenganipun Gusti, mila sageda sedaya manungsa gesang ing kawilujengan Gusti, lumantar pakaryanipun Sang Kristus. Para sakabat sampun nampi mukjizat saking Gusti, inggih menika kaluwaran saking pakunjaran, tanpa dipunmangertosi dening tiyang sanes. Mila candhakipun dipuntimbali supados nggiyaraken sabdanipun Gusti, sabdaning gesang dhateng tiyang kathah. Para sakabat purun nindakaken, awit pancen saking wiwitan suka ing peladosanipun kagem kamulyanipun Gusti tuwin kawilujenganipun tiyang kathah. Saestunipun, nggelaraken sabdaning gesang inggih pangandikanipun Gusti dhateng tiyang kathah minangka tugasipun pasamuwan. Pasamuwan nggadhahi tugas kalih, i.m martosaken Injilipun Gusti Allah (marturia) tuwin pangrimating kapitadosanipun sedaya warganing pasamuwan (penggembalaan utawi pastoralia). Dumugi sapriki, tugas nggelaraken sabdaning gesang tetep dados tugasing pasamuwan sacara lembaga menapa dene pribadi sedaya warganing pasamuwan. Kita nggadhahi wajib martosaken Injilipun Gusti dhateng sesami. Martosaken bab Gusti Allah ingkang tansah nresnani sedaya manungsa; Gusti Allah maringi kawilujengan lumantar pakaryanipun Gusti kita, Yesus Kristus; manungsa dados jujuganing kawilujenganipun Gusti, mila samia pitados dhateng panjenengan-Ipun; manungsa gesang awit sih nugrahanipun Gusti, mila tansaha atur panuwun ing salampahing gesang. Nggelaraken injilipun Gusti minangka sabdaning gesang tata potados tanpa winates ing wekdal. Salamining gesang, rikala kita taksih ambegan, kita sami katimbalan nindakaken wajib menika. Menika minangka respon tumrap sih nugrahanipun Gusti, ingkang sampun mawujud nyata ing gesang kita sami. Sageda nindakaken kanthi suka bingah. |KR
GUSTI, AMPUN NYINGIDAKEN WEDANA PADUKA
Kemis, 18 Juni 2026 Minggu Limrah Yeremia 18:12-17; Jabur 69:7-10, 16-18; Ibrani 2:5-9 “Sampun ngantos nyingidaken wedana Paduka saking abdi Paduka, amargi kawula karupekan; mugi enggal karsaa paring wangsulan dhumateng kawula!” (Jabur 69:18) GUSTI, AMPUN NYINGIDAKEN WEDANA PADUKA Gusti Allah nyingidaken wedananipun tumrap manungsa, ngemu teges Gusti boten karsa mirsani, boten karsa nggatosaken manungsa. Kawontenan mekaten saged kelampahan, awit manungsa boten nggatosaken pangandikanipun Gusti, menapa dene boten purun nindakaken dhawuh-dhawuhipun kanthi gumolonging manah. Ing wusananipun, manungsa ngraosaken karupekan, kawontenan ingkang mboten prayogi ing gesangipun. Sampun leres lan jumbuh kaliyan karsanipun Gusti, kados ingkang sinerat ing Jabur 69:18. Rikala manungsa ing kahanan karupekan, manungsa nyenyuwun dhumateng Gusti, sageda Gusti boten nyingidaken wedananipun. Sewalikipun, sageda Gusti mirsani, nggatosaken dhumateng manungsa ingkang gesang ing karupekan. Kanthi pitados lan pangajab, Gusti paring pitulungan, nyingkiraken karubedan ing gesanging manungsa. Lan candhakipun, manungsa saged luwar saking karubedan lan ngraosaken lodhang ing manahipun. Boten mbeseseg malih. Tumraping manungsa, karupekan minangka satunggaling prekawis limrah ing gesangipun. Awit manungsa dados titah ingkang dereng sampurna gesang ing jagad menika. Taksih saged ketaman sesakit, ekonomi ingkang cumpen, brayat nandhang cecongkrahan, menapa dene rejeki karaosaken seret. Tumraping tiyang pitados, kahanan ingkang mekaten ampun ngantos dados dhadhakan nebih kaliyan Gusti. Nanging sewalikipun, sageda dados pamecut saya celak kaliyan Gusti, gesang nindakaken dhawuh-dhawuhipun gusti, tuwin setya tuhu dherek Gusti. Gusti Allah punika saestu Gusti ingkang Maha Asih tumraping manungsa saha sedaya titah. Rikala ing karibedan lan manungsa sowan ing ngarsanipun Gusti, prekawis menika dados lampah ingkang leres. Dados solusi utawi margining pangluwaran. Mila, rikala ketaman ing karibedan, prayogi sageda saya kenceng ing pandonga, ugi saya celak srawunganipun kaliyan Gusti Allah kaswargan, inggih ing asmanipun Gusti Yesus. |*KR
WONG MURSID MINANGKA PEPADHANG
Rebo, 17 Juni 2026 Minggu Limrah Wulang Bebasan 4:10-27; Jabur 105:1-11, 37-45; Lukas 6:12-19 “Nanging dalane wong mursid iku kaya pepadhang ing wayah esuk, kang mundhak-mundhak padhange ngati tumeka ing wayah tengange” (Wulang Bebasan 4:18) WONG MURSID MINANGKA PEPADHANG “Pepadhang” punika ngemu suraos ingkang mawerni-werni. Kados dene Roh Suci, Rohing Pepadhang, ingkang madhangi, paring panglipur lan ayem-tentrem ing gesanging manungsa. Ulate padhang ateges manahipun suka bingah, ketingal ing pasuryan ingkang mbingahaken lan tumindak leres. Tiyang mursid inggih tiyang ingkang setya tuhu ndherek Gusti kapralambangaken minangka pepadhang ing wayah enjing. Ngemu teges, gesangipun tiyang mursid ing prekawis sae, ing bebener, ingkang ndadosaken kabingahanipun tiyang sanes. Mila, tiyang mursid kathah sedherekipun, dipunantos-antos dhatengipun, ingkang saged ngguyubi lan ndamel kabingahanipun tiyang kathah. Manungsa saged dados tiyang mursid awit adrengipun manah pribadi, kajurungan dening Rohing Allah, Rohing pepadhang. Gusti Allah maringi pepadhang ing manahipun tiyang pitados, ingkang ndayani tiyang mursid kuwagang gesang ing pepadhang. Purun gesang ing karukunan kaliyan tyang sanes, saged apunten-ingapunten kaliyan tiyang ingkang nandhang lepat, ugi tansah memuji asmanipun Gusti kanthi gumolonging manah. Pepadhangipun tiyang mursid ampun ngantos mbleret, saya suda urubipun. Saya malih ampun ngantos pejah. Menawi urubipun pejah, ateges gesangipun tiyang mursid mboten migunani dhateng tiyang sanes. Gesangipun taksih ambegan, taksih ngersakaken dhahar lan ngunjuk, nanging mboten migunani ing bebener dhateng tiyang sanes. Muspra kemawon, gesangipun ngamplah. Gusti Allah ngersakaken, manungsa sageda milih dados tiyang mursid. Godhanipun dados tiyang pancen mawarni-warni. Nanging, Sang Roh Suci, Rohing pepadhang tansah madhangi manahipun manungsa, supados manungsa tansah dados tiyang mursid. Ugi, manungsa purun dados tiyang mursid. Ateges, purun dados astanipun Gusti madhangi tiyang kathah ing sakiwa-tengenipun. Ndamel tentrem rahayu, panglipuran, saha guyub-rukun kaliyan tiyang sanes. Tiyang mursid dipunremeni dening tiyang kathah. Pawartos ingkang mbingahaken. |*KR
PAKARYANE GUSTI PADHA SUWURNA
Selasa, 16 Juni 2026 Minggu Limrah 1 Samuel 3:1-9; Jabur 105:1-11, 37-45; 2 Tesalonika 2:13-3:5 “Padha saosa puji sokur marang Pangeran Yehuwah, padha nyebuta asmane, pakaryane padha suwurna ana ing antarane para bangsa!” (Jabur 105:1) PAKARYANE GUSTI PADHA SUWURNA Pakaryanipun Gusti Allah dhateng manungsa saestu kathah lan mawarni-warni. Gusti maringi kawilujengan, bagas-warasing raga, katentreman ing manah, guyub-rukun ing brayat, menapa dene rejeki ingkang katampi saben dinten lan saged nyekapi kabetahaning brayat. Kidung ingkang sinerat ing Jabur 105 mirungganipun ayat 1 nimbali dhateng para pitados, supados nyuwuraken pakaryanipun Gusti Allah. Timbalan menika ngemu teges, bilih (1) pakaryanipun Gusti Allah dhateng manungsa tuwin titah sajagad saestu nyata, wonten wujudipun; (2) manungsa ingkang kaparingan pikiran, raos, ugi kawicaksanan dening Gusti Allah, sageda mratelakaken pakaryanipun Gusti ing gesang saben dintenipun. Pakaryanipun Gusti sageda saestu dados pakaryanipun Gusti. Ampun ngantos manungsa ngaku-aku pakaryanipun Gusti Allah dados pakaryanipun manungsa pribadi. Manungsa dados sarana, dipun agem dening Gusti satemah pakaryanipun Gusti mawujud ing jagad, tuwin saged karaosaken dening manungsa. Mila, manungsa sampun samesthinipun atur panuwun sokur, ngluhuraken asmanipun Gusti, tuwin sedaya pakaryanipun Gusti dipun suwuraken. Ampun ngantos kuwalik, manungsa nyuwuraken pribadinipun, ngengungaken pakaryanipun piyambak. Kadospundi anggenipun manungsa nyuwuraken pakaryanipun Gusti Allah? Manungsa nyuwuraken pakaryanipun Gusti Allah lumantar kapitadosanipun ingkang bakoh, tumuju namung dhumateneg Gusti Allah kaswargan, ing asmanipun Gusti Yesus. Tansah ngibadah ing saben dinten Minggu tuwin dinten-dinten pangibadah sanesipun kanthi tumemen. Tansah ndedonga kanthi gumolonging manah, atur panuwun sokur awit berkah-berkahipun, ugi nyenyuwun ingkang dados kabetahanipun. Gesang ing lampah ingkang pener ing panguwaosipun Sang Roh Suci. Memuji asmanipun, Gusti ingkang Maha Asih dhateng sedaya titah ing jagad. Setemah asmanipun Gusti Allah ingkang Maha kuwaos saha Maha Asih saya dipun raosaken tuwin dipunpitadosi dening sedherek kathah. |*KR
TANSAH KENDEL, NGLESTANTUNAKEN PANGANDEL
Senen, 15 Juni 2026 Minggu Limrah Yusak 1:1–11; Jabur 105:1–11, 37–45; 2 Tesalonika 3:1–5 “Ingsun rak wus dhawuh marang sira: disantosa lan diteguh? Aja giris lan semplah, amarga Pangeran Yehuwah, Allahira nunggil karo sira ing saparanparanira.” (Yusak 1:9) TANSAH KENDEL, NGLESTANTUNAKEN PANGANDEL Kacariyosaken bilih saksampunipun Sang Musa seda, senapati Yosua angsal tugas ageng piniji nglajengaken pakaryanipun Musa, kedah lumampah mimpin umat pilihan lumebet ing tanah Kanaan. Gusti Allah paring pangandika, “Sira disantosa lan diteguh atinira, amarga sira kang bakal nuntun bangsa iki supaya bisa ndarbeni nagara kang Sunjanjekake kalawan supaos marang para leluhure, menawa bakal kaparingake marang dheweke kabeh.” (Yusak 1:6) Gusti Paring Dhawuh lan paring kakiyatan dhumateng Yosua (Yosua 1:1–11). Ingkang baken, Yosua kedah sumarah mring Gusti Allah saha kadunungan kakendelan. Gusti Allah paring pepenget, “Mung bae sira disantosa lan diteguh, tumindaka kalawan ngati-ati condhong karo angger-angger kang wus diprentahake abdiningSun Musa marang sira, aja nyleweng ngiwa utawa nengen saka iku, supaya sira oleh kabegjan menyanga ngendi bae paranira.” Mekaten ugi kita. Kita minangka pelados, pemimpin, utawi peranganing pasamuwan, kedah gadhah kakendelan ingkang asalipun tuwuh saking iman, tumuju mring sih pitulungipun Gusti; boten saking kaprigelan, kasagedan kita piyambak. Supados saged tumindak mekaten kedah enget lan pitados dhumateng Gusti Allah. Juru Masmur ugi ngengetaken, sampun ngantos supe dhateng kasaenan lan sih palimirmanipun Gusti. Panjenenganipun ingkang sampun nuntun saha setya ngreksa gesaning para kagunganipun. Awit saking punika, sumangga tansah enget dhateng katresnaning Gusti Allah. Rikala ngadhepi kasangsaraning gesang, mbok menawi awit saking kesrakat, awit saking kasusahan ekonomi, awit saking krisis iman, mangga tansah enget bilih Gusti Allah boten nate negakaken kita.Pramila kita kedah tetep yakin estu bilih Gusti Allah punika setya, sanajan kawontenan boten cetha (2 Tesalonika 3:1–5). Saestu, Gusti iku setya tuhu, Panjeneganipun badhe nyantosakaken manah kita. Amin |*LES
