“Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut-buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni padhanging urip” (Yokanan 8:12) Mangga kita bayangaken, menawi boten wonten pepadhang ing jagad punika. Kawontenanipun namung peteng lan temtu boten wonten pagesangan, awit titah ingkang gesang punika betahaken pepadhang. Pramila Gusti Allah damel pepadhang ing wiwitaning pakaryanipun (Purwaning Dumadi Wontenipun padhang nyagedaken tiyang kangge mirsani lan obah. Gusti Yesus nelakaken bilih Panjenenganipun punika saestu pepadhanging jagad. Gusti Yesus ugi paring prasetya, sok sintena ingkang ndherek Panjenenganipun, boten badhe dipun kuwaosi dening pepeteng awit Gusti badhe maringi padhanging gesang. Gusti Yesus sampun nindakaken kathah pakaryan ing satengahing jagad punika: paring piwucal yekti, nyirep prahara, nyarasaken tiyang sakit, nundhung demit, paring tedhi dhateng tiyang kathah, nelakaken katresnan dhateng tiyang ingkang ringkih lan papa. Bab punika dadosaken kathah tiyang sami pitaken bab sinten ta panjenenganipun punika ngantos saged nindakaken bab-bab kados mekaten. Gusti Yesus sampun nelakaken jatidhirinipun. Emanipun kathah ingkang boten pitados, mliginipun para pangarsaning agami Yahudi, kadosta tiyang-tiyang saking golongan Farisi. Para Farisi punika nampik paseksenipun Gusti Yesus, tumrap tiyang-tiyang punika, paseksinipun Gusti Yesus punika boten sah lan tanpa dhasar. Sadaya punika kalampahan amargi para Farisi punika njeksani namung miturut ukuraning manungsa (ayat 15). Pancen, saben tiyang ingkang namung ngginakaken nalar budi lan nampi paseksinipun Gusti kanthi ukuraning manungsa, temtu angel anggenipun badhe pitados dhumateng Sang Kristus. Ananing kita sami ingkang sampun pitados lan nampi Gusti Yesus, Sang Padhang punika, sumangga tansah gesang ing salebeting pepadhangipun Gusti. Nyirik piala, mbudidaya nindakaken dhawuhipun Gusti kanthi pitulunganipun Gusti. Amin. |*EW
SABDA INGKANG NGEWAHI GESANG
“Pangandika Paduka punika dilah wonten ing ngajengipun suku kawula, sarta pepadhanging margi kawula” (Jabur 119:105) Sakperangan saking kita temtu nate kekesahan ing wanci dalu kanthi ngginakaken pesawat. Nalika pesawat badhe mendarat, ketinggal kerlap-kerlip cahya saking dharatan. Lampu-lampu punika sanget anggenipun mbiyantu bapak Pilot ngarahaken pesawatipun supados saged mendarat kanthi wilujeng. Boten gampil kita mbayangaken kadospundi pilot pesawat saged mangertos landhasan kangge mudhun ing bandaea manawi boten wonten lampu-lampu punika awit kawontenanipun peteng. Cahya lampu punika nggadahi fungsi kangge madhangi lan nedahaken landasan ingkang leres kangge mudhunipun pesawat. Juru Masmur ngendikakaken bilih sabda pangandikanipun Gusti punika kadosdene cahya ingkang madhangi margi ingkang badhe tinempuh. Kanhti mekaten Juru Masmur badhe mangertos pundhi margi ingkang kedah dipun lampahi, lan kadospundi kawontenaning margi punika satemah piyambakipun saged tansah waspada lan tinebihaken saking memala. Inggih mekaten ugi Sabdanipun Gusti dados dilah kangge para kagunganipun Gusti. Sinaosa jagad punika peteng karada dosa, ananging Sabdanipun Gusti madhangi lampahing para kagunganipun. Sabdanipun Gusti dados panuntun ing margi ingkang kedah dipun lampahi satemah umat kagunganipun Gusti saged dumugi ing tujuaning gesangipun, inggih punika pinanggih tentrem raharja tetunggilan kaliyan Sang Rama ing swarga. Wonten wekdalipun margi ingkang kita lampahi punika peteng. Kita boten mangertos margi ing ngajeng kita punika kadospundi kawontenipun. Ing ngriku kita saestu betahaken cahya ingkang madhangi. Sabdanipun Gusti punika badhe mbiyantu kita, paring pitedah punapa ingkang prayogi kita lampahi. Ing ngriku sabdanipun Gusti paring raos tentrem lan ayem. Sabdanipun Gusti punika kadosdene lampu-lampu alit ingkang mitulungi pilot ndarataken pesawat kanthi slamet. |*EW
SANES PHP
“Manah kawula kawula adhepaken supados nglampahi pranatan Paduka, ing salaminipun ngantos dumugi ing wekasan.” (Jabur 119:112) Ing gesang padintenan mbok manawi kita nate mireng istilah Pemberi Harapan Palsu (PHP). Istilah punika gegayutan kaliyan wontenipun saperangann tiyang ingkang asring nglomboni sesaminipun. Contonipun kasus penipuan lumantar Handphone, paring pawartos bilih kita punika pikanthuk undian utawi hadiah kadosdene arta utawi mobil. Kathah tiyang ingkang dados korbanipun, sami kapusan, kintun arta kangge biaya administrasi ananging hadiahipun boten wonten. Wonten ugi apus-apus ing bab kesehatan, sami tawa obat utawi cara-cara pengobatan ingkang saged nyarasaken rupi-rupi sesakit, jebule namung lomboan kemawon. Sinaosa mekaten, nggih kathah tiyang ingkang kapusan, sesakitipun boten mantun, artanipun telas. Kenging punapa kathah tiyang sami kapusan? Amargi sami kepengin pikanthuk asil ingkang ageng kanthi cara-cara ingkang gampil utawi instan. Kathah ingkang kepengin sugih ananging boten purun rekaos nyambut damel. Kathah ingkang kepengin sehat ananging boten telatos anggenipun berobat lan njagi kesehatanipun. Ing jamanipun Juru Masmur tamtunipun ugi kathah tiyang ingkang remen goroh lan paring janji-janji palsu.Tiyang-tiyang punika njanjekaken punapa ingkang sae lan endah, ananging boten wonten wujudipun. Bab punika beda sanget kaliyan prasetyanipun Gusti. Gusti Allah paring pranatan kangge nuntun lampahing gesangipun manungsa supados manggihaken kabegjan lan karahayon ingkang sejati. Mila saking punika, Juru Masmur ngeneraken manah lan gesangipun kangge netepi pepaken-pepakenipun Gusti. Gesang ing satengahing donya ingkang kebak apus-apus punika pancen awrat. Ananging manawi kita tansah mbangun-turut dhumateng Gusti lan nglampahi pranatanipun temtu badhe tinebihaken saking sadaya rubeda, lan saged pinanggih tentrem raharja. |*EW
PEPADHANGING JAGAD
“Samono uga padhangmu iya sorotna marang wong, supaya iku padha sumurup marang tindak-tandukmu kang becik, temah padha ngluhurake Ramamu kang ana ing swarga.” (Mateus 5:16) Gusti Yesus nelakaken bilih para sakabatipun punika minangka pepadhanging jagad. Saestunipun pepadhanging jagad punika inggih Gusti Yesus piyambak. Piyambakipun ngendika “Aku iki pepadhanging jagad; sing sapa ngetut buri Aku, ora bakal lumaku ana ing pepeteng, nanging bakal nduweni pepadhanging urip” (Yokanan 8:12). Kawontenan kita minangka pepadhaning jagad punika kados rembulan ingkang mantulaken padhanging srengenge, utawi kados dilah ingkang pikantuk geni saking Gusti Yesus, sang sumber pepadhang. Dilah punika sanadyan padhangipun alit, nanging saged migunani lan dipun betahaken sanget ing satengahing pepeteng. Punapa ta ginanipun pepadhang ing gesang kita punika? Wontenipun pepadhang punika ndadosaken tiyang saged mirsani kawontenan ing sakiwa tengenipun. Kanthi wontenipun pepadhang, tiyang saged nglampahi rupi-ripu kegiyatan, saged maos, saged nyambut damel, saged olah raga, lan sanes-sanesipun. Wontenipun pepadhang ndadosaken tiyang rumaos ayem awit saged mirsani margi ingkang kedah dipun lampahi kanthi cetha, boten kuwatos badhe kesandhung utawi nubruk tembok. Pepadhang ugi dipun betahaken dening kewan dalan tetuwuhan. Gusti Yesus nimbali dan netepaken para pandherekipun dados pepadhanging jagad. Bab punika ngemot timbalan supados para para kagunganipun Gusti, kalebet kita punika mujudaken gesang ingkang migunani ing satengahing jagad. Kita tinimbalan nyunaraken cahyanipun Sang Kristus, inggih punika kayekten, kaadilan dalan katresnan ing satengahing donya ingkang peteng amargi dosa. Punapa kula dalah panjenengan sampun mujudaken gesang minangka pepadhang ing satengahing jagad punika? |*EW
MUNAFIK
05“Paring wangsulane: Ceples temen pamecane Nabi Yesaya ing ngatase kowe, heh, wong lamis! Sabab wis katulisan: Bangsa iki anggone ngluhurake Ingsun kalawan lambe, nanging atine ngedohi Ingsun.” (Markus 7:6) Mochtar Lubis salah satunggaling jurnalis lan novelis nalika pidato ngendika bilih kathah manungsa ing Indonesia punika asipat hipokrit utawi munafik. Pidato punika lajeng dipun dadosaken buku ing Taman Ismail Marzuki ing tahun 1977. Tetembungan ingkang dipun ucapaken benten kaliyan punapa ingkang dipun tindakaken. Benten ing thuthuk, benten ing manah. Punika kinten-kinten gegambaran tiyang ingkang munafik. Rombonganipun tiyang Farisi lan ahli Taurat manggihi Gusti Yesus kangge ngunjukaken pitakenan bab tumindaking para sakabatipun Gusti. Para sakabat dipun anggep boten netepi adat istiadatipun para leluhur. Adat punapa ingkang dipun terak? Miturut Markus, para sakabat sami nedha kanthi tangan ingkang boten dipun wisuh. Awit wonten keyakinan manawi tanganipun najis, mila sedaya ingkang dipun dumuk ugi dados najis. Menawi tiyang nedha daharan ingkang najis, mila piyambakipun ugi dados najis. Mila wigati sanget astanipun dipun wisuh rumiyin. Nanging miturut Gusti Yesus, bab ingkang damel najising tiyang punika, sanes punapa ingkang lumebet ing cangkem, ananging punapa ingkang medal saking cakeming manungsa. Miturut tiyang Farisi lan ahli Taurat, ingkang kaanggep wigati punika punapa ingkang ketingal secara lahiriah. Ananging miturut Gusti Yesus, tiyang-tiyang punika namung kados tiyang Yahudi ing zaman Yesaya, ingkang secara lahiriah kemawon anggen ngibadah lan ngabekti dhumatrng Gusti kanthi thuthuk kamangka manahipun tebih saking Gusti. Wonten ing ngarsanipun Gusti, kawontenaning manah kita punika ingkang nemtokaken, awit manah punika sumberipun gesang. Awit punika, sumonggo tumindak lambpangucap kedah dipun tindakaken kanthi gumolonging manah.|*EW
KAWICAKSANAN SAKING NGALUHUR
“Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis” (Yakobus 3:16) Rasul Yakobus nandhesaken bilih sipat meri lan mung mikir awake dhewe punika saged ndadosaken risaking gesang sesarengan. Meri punika sipat boten rila ningali kawontenanipun tiyang sanes, boten seneng ningali kasaenanipun tiyang sanes. Krentegipun kadospundi supados tiyang sanes punika ampun ngantos langkung sae tinimbang piyambakipun. Manawi pranyata piyambakipun boten saged ngungkuli tiyang sanes, saged kemawon lajeng menghalalkan segala cara murih dhawah utawi gagalipun tiyang sanes. Sipat meri punika gandheng ceneng kaliyan sipat mung mikir awake dhewe lan boten preduli dhateng sesami. Sejatosipun saben manungsa mesthinipun nggadhahi raos meri lan pepenginan kangge nengenaken kepentinganipun piyambak. Ananging minangka para kagunganipun Gusti, prayogi kita tansah ngendhaleni dhiri supados boten dipun kuwaosi dening raos meri lan namung mikiraken badan kita piyambak. Lumantar seratipun rasul Yakobus, Gusti Allah nimbali kita supados gesang kanthi wicaksana. Kawicaksanan punika boten saged kaparingaken dening donya, amargi donya punika winengku dening hawa nepsu. Kawicaksanan punika asalipun saking ngaluhur, inggih punika saking Gusti Allah, kadosdene sinerat ing Kitab Wulan Bebasan 9:10, “Kawitane kawicaksanan iku wedi asih marang Sang Yehuwah, lan kawruh bab Kang Mahasuci iku budi.” Tiyang ingkang wicaksana punika tiyang ingkang ajrih asih lan ngabekti dhumateng Gusti. Manawi gesang kita namung mikiraken kepentingan kita piyambak, tegesipun boten ajrih asih dhumateng Gusti, boten ngabekti dhumateng Gusti, ananging nggugu pikajenganipun piyambak. Para pitados punika gesang ing patunggilanipun Gusti, pramila kedah tansah mujudaken gesang ingkang sembada lan wicaksana. Rasul Yakobus ngendika, “… kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis.” (Yak.3:17). Sumangga sami nglampahi gesang kanthi wicaksana.|*ERY
AJA NGANTI LALI!
“Nanging diprayitna lan dingati-ati, supaya kowe aja nganti lalimarang lelakon kang wus padha koksipati kalawan mripatmu dhewe, lan aja nganti ilang saka ing atimu sajegmu urip; malah iku kabeh padha critakna marang anak-putumu” (Pangandharing Toret 4:9) Lali utawi supe punika dados salah satunggaling bab ingkang asring dipun alami dening manungsa. Lali punika sebabipun kathah. Lali amargi nembe kathah padamelan, lali amargi kirang ngestokaken, lali amargi pancen daya enget ingkang winates, lali amargi dumadakan wonten kedadosan ingkang boten dipun nyana, lan amargi sebab sanesipun. Lali punika asring kaanggep minangka bab ingkang limrah. Lali ngengingi bab-bab ingkang sepele punika akibatipun boten patosa awrat. Contonipun, lare ingkang kelalen boten mbekta pinsil nalika mangkat sekolah. Punika taksih kalebet entheng amargi saged ngampil pinsil kancanipun utawi tumbas pinsil wonten ing Koperasi Sekolah. Ananging manawi ngantos lali dhateng bab-bab ingkang wigati, akibatipun saged fatal lan saged ndhatengaken masalah ingkang awrat. Contonipun, manawi ibu kesupen boten mateni kompor nalika tidak dhateng peken. Punika kalebet awrat resikonipun, saged ngantos kobongan griya. Nabi Musa ngengetaken umatipun Gusti, ingkang sampun nampi piwucal lan anggeri-anggeripun Gusti. Umat ingkang sampun ngalami lan nekseni pakaryanipun Gusti Allah ing satengahing gesangipun. Nabi Musa ngengetaken supados umat ampun ngantos kesupen dhateng pakaryan ingkang sampun katindakaken dening Gusti punika. Bab punika wigati sanget amargi, kanthi tansah enget dhateng punapa ingkang sampun katindakaken dening Gusti, umat kabereg tansah kumandel lan sumendhe dhumateng Gusti. Kanthi ngestokaken angger-anggeripun Gusti, umat kabereg tansah lumampah ing margi ingkang leres umbuh kaliyan karsanipun Gusti. Kosokwangsulipun manawi ngatos kesupen dhateng prekawis ingkang wigati punika, umat saged mblasar, gesang manut pepenginanipun piyambak lan sangsaya nebih saking Gusti. Kanthi mekaten, gesangipun umat boten badhe manggih raharja. Kadospundi tumrap kita? Piwelingipun nabi Musa punika ugi prayogi kita estokaken. Ampun ngantos kesupen dhateng katresnan saha pakrayanipun Gusti ing sauruting gesang kita. Amin. |*ERY
PEPANGGIHAN INGKANG ENDH
“Lan woh akeh iku mau kabeh padha mbudidaya bisanendemek panjenengane, awit banjur ana daya kang metu saka ing Panjenengane, temah kabeh padha diwarasake” (Lukas 6:19) Miturut Filsuf Prancis Blaise Pascal, wonten papan kosong ing manahipun manungsa. Kekosongan punika namung saged dipun isi kaliyan Gusti Allah. Papan ingkang kosong punika saged wonten isinipun nalika Gusti wonten ing manah kita. Saking waosan Lukas 6:17-26, kita saged mrangguli kathah tiyang ingkang sowan kangge pepanggihan kaliyan Gusti Yesus. Tiyang-tiyang punika sowan kanthi mbekta mawarni-warni momotan. Wonten ingkang sami, ananging wonten ugi ingkang benten. Awit saking kathahipun tiyang, Lukas boten nyatet setunggal mbaka setunggal momotan tiyang-tiyang punika. Ananging Lukas kepingin ngendikakaken bab ingkang wigati, inggih punika bilih tiyang ingkang sowan ing ngarsanipun Gusti Yesus punika ngalami pepanggihan ingkang endah, ingkang nengsemaken. Boten namung awit rupi-rupi prekawis punika saged karampungaken, ananging awit wonten ingkang istimewa, inggih punika boten wonten setunggal tiyang ingkang dipun tampik dening Gusti Yesus. Sok sintena ingkang saestu nggadhahi krenteg kangge sowan Gusti, dipun tampi dening Gusti. Sejatosipun boten wonten tiyang ingkang pantes wonten ing ngarsanipun Gusti. Ananging, awit katresnanipun, Gusti Yesus ngeparengaken manungsa dosa “ndemek” Panjenenganipun. Gusti Yesus punika Gusti Allah ingkang tansah mbikak manahipun kangge sadaya tiyang. Pepanggihan kaliyan Gusti Yesus punika saestu istimewa awit Piyambakipun boten namung saged paring pangluwaran saking prekawis ing gesang, ananging ugi kepareng ngiseni papan kosong ingkang wonten ing manah lan gesang kita. Sumangga tansah mligikaken wekdal kangge pepanggihan secara pribadi kaliyan Gusti ing salebeting pandonga lan pamaosing Kitab Suci. |*EW
PASRAHNA MARANG PANGERAN
“Uripmu pasrahna marang Pangeran Yehuwah sarta kumandelamarang Panjenangane, Panjenengane kang bakal tumindak.” (Jabur 37:5) Tembung eben haezer ngemu suraos “Sang Yehuwah wus mitulungi kita tekan ing kene”. Tembung punika saged nelakaken kapitadosan kita, bilih Gusti Allah tansah nyarengi lan boten nate nilar kita. Pakaryanipun Gusti Allah ugi dipun raosaken dening prabu Dawud ingkang sinerat ing kekidunganipun. Kadhangkala, tiyang duraka ketinggal langkung sae lan sukses katimbang tiyang ingkang leres. Nanging, prabu Dawud ngendika: “Aja nepsu marga saka wong kang nglakoni piala, aja meri marang wong kang culika; amarga iku enggal bakal padha layu kaya suket, utawa alum kaya tetuwuhan kang ijo” (Jabur 37:1). Tegesipun, sinaosa tiyang duraka ketingal sukses ing gesangipun ananging kawontenanipun namung sakwetawis wekdal kemawon. Kosokwangsulipun, tiyang ingkang tansah mbudidaya gesang kanthi tuhu setya dhumateng Gusti, sinaosa asring nandhang kasangsaran ananging badhe tansah lestantun gesangipun. Lumantar rupi-rupi prekawis ing gesang sejatosipun Gusti Allah nggulawentah para kagunganipun. Tiyang ingkang setya tuhu badhe sangsaya kiyat lan sembada. Prabu Dawud mbereg kita sami supados tansah masrahaken gesang kita sawetahipun dhumateng Gusti Allah. Gusti Allah badhe tansah makarya kangge mbabaraken kabeneran kadosdene pepadhang. Timbalan kita inggih nglampahi punapa ingkang saged dipun lampahi, dene bab-bab ingkang nglangkungi watesing kekiyatan lan kasagedan kita, Gusti Allah ingkang badhe tumidak. Ingkang prelu inggih punika tansah nganti-anti pitulunganipun Gusti lan tansah setya netepi punapa ingkang dados karsanipun Gusti ing gesang kita. Kita boten prelu nepsu, boten prelu stress, boten prelu meri ningali kawontenaning tiyang-tiyang ingkang culika lan tansah tumindak awon. Tansah ngenera dhumateng Gusti kanthi gumolonging ati. |*ERY
KASETYAN
“Nanging aturue Rut: Kula sampun panjenengan peksa nilar panjenengan lajeng mantuk, boten nderek panjenengan, awit dhatenga pundi kemawon purug panjenengan, kula inggih badhe ndherekaken, sarta wontena ing pundi kemawon anggen panjenengan nyare, kula inggih badhe ndherek sipeng. Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula.” (Rut 1:16) Saksampunipun mbabaraken putra ragil, semahipun pak Arif dhumadakan lumpuh total. Saben dinten pak Arif ingkang ngresiki reregedipun, ngedusi, lan ndulang. Sakderengipun tindak nyambut damel, semahipun dilenggahaken ing ngajeng TV supados boten kesepian. Pak arif punika mesti ngajak semahipun ngobrol sanadyan piyambakipun mangertos semahipun namung saged mirengaken. Ananging bab punika sampun cekap ndamel pak Arif bingah. 25 taun pak Arif nedahaken kasetyanipun sinambi ngrimat lare-larenipun. Boten nate piyambakipun sambat sinaosa sakedhik kemawon. Kasetyan punika gampil dipun ucapaken, ananging boten gampil dipun buktekaken. Kita saged kemawon tumindak setya nalika kawontenanipun mbingahaken, nanging kados pundi nalika kawontenan owah dados boten sae? Punapa kita tansah saged setya? Punapa kita saged setya dhateng semah kita? punapa kita ugi tetep setya dhumateng Gusti? Kita saged mbuktekaken kasetyan kita punika nalika kawontenan boten ngremenaken. Naomi sampun sepuh lan kecalan sedayanipun. Punika ingkang damel Naomi ndawuhi Rut, putra mantunipun supados nilar piyambakipun. Nangging Rut boten purun nilaraken ibu marasepuhipun punika. Rut tetep setya kange ngrencangi, badhe ndherek lan ngrimati marasepuhipun. Sikepitun Rut punika nelakaken bilih piyambakipun saestu priyantun ingkang setya lan tulus, tanpa pamrih. Kadospundi kaliyan kita? punapa kita ugi saged setya kaliyan prajanji kita ing gesang bebrayatan, ing gesang masamuwan dalah ing satengahing masyarakat? Sumangga sami mbuktekaken. |*EW
